Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN BLITAR

DINAS PENDIDIKAN
UPT SD NEGERI/SWASTA….
PENILAIAN AKHIR SEMESTER SD
TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024

Kelas : Nama :
Tema : Nomor Peserta :
Hari dan Tanggal : Sekolah :
Waktu : Nilai :

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c, utawa d kang ana sangarepe wangsulan kang bener!

Legenda Batu Menangis

Legenda Batu Menangis nyritakake ana mbok rondho sing ora nduwe kang urip karo anake
sing ayu banget. Kekarone manggon ana ing tengah alas Kalimantan Barat. Anake sing ayu mau kesed
banget ora gelem mbantu ibune, dheweke uga manja opo karepe kudu dituruti tanpa peduli karo
kahanane ibune sing ora nduwe.
Sawijining dina mbok rondho karo anake blanja menyang pasar, saben wong nyawang banjur
takok menyang anake mbok rondho, sapa sing mlaku ana sandhinge, anake mbok rondho njawab yen
kuwi pembantune. Keprungu wangsulane anake mbok rondho langsung mangkel banget lan wis ora
tahan maneh karo tumindake anake, mbok rondho langsung ngutuk anake lekasane sirahe dadi watu
anake nangis njaluk ngapura ananging wis kasep bocah sing ayu banget mau sak awak dikutuk dadi
watu kang diarani “Batu Menangis”.

1. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ….


a. Legenda Danau Toba c. Legenda Roro Jonggrang
b. Legenda Batu Menangis d. Legenda Tlaga Sarangan

2. Dadi bocah kudu bekti marang wong tuwa, ora pareng ….


a. durhaka c. manut
b. hormat d. taat

Sak bubare rekreasi menyang Makam Bung Karno, Safitri kudu nggawe laporan kegiatan. Bab-bab
kang kudu digatekake nalika nulis laporan yaiku laporan kudu obyektif, jangkep, pas wektune, lan narik
kawigaten sing maca.

3. Safitri sak bubare rekreasi kudu nggawe laporan ….


a. keuangan c. kegiatan
b. pengeluaran d. jadwal
4. Nulis laporan kegiatan kudu obyektif, ing ngisor iki tegese obyektif, kejaba ….
a. direka-reka c. ora digawe-gawe
b. Apa anane d. pada karo nyatane

5. Pengalaman ing ngisor iki kang nyenengake, kejaba ….


a. Ulang tahune adhiku dirayakake ana lestoran gedhe.
b. Sarimin pipine tengen abuh jalaran dientup tawon.
c. Aku seneng banget diajak bapak dolan menyang musium.
d. Bocah-bocah dolanan gobak sodor ana lapangan.

Aku seneng banget urip ana ing negara Indonesia, negara kang subur makmur uga rukun ayem
tentrem. Indonesia kang misuwur ing manca negara luhur budayane, Bhineka Tunggal Ika semboyane
kang tegese masio maneka warna agama uga budayane anaging Indonesia tetep manunggal guyup
rukun. Indonesia kang nduweni rong mangsa yaiku ketiga lan rendheng ndadekake curah hujane akeh
ananging uga oleh panase srengenge sakdawane tahun. Mula saka kuwi Indonesia subur banget
kanggo nenandur tetuwuhan apa wae, kayata bahan pangan kang pokok, sayuran, lan woh-wohan.

6. Semboyan bangsa Indonesia yaiku ….


a. subur makmur c. guyup lan rukun
b. ayem tentrem. d. Bhineka Tunggal Ika

7. Tetanduran iku cacahe akeh banget, apa maneh ana ing tlatahe Indonesia. Indonesia kalebu negara kang
subur banget. Tanduran apa bae yen ditandur ing Indonesia mesti urip. Kang ora klebu jinise woh-wohan
yaiku ….
a. jeruk c. bayem
b. manggis d. pelem

8. Negara Indonesia negara kang subur makmur, gemah ripah loh jinawi, pendhudhuke guyup rukun
nduweni rong mangsa yaiku rendheng lan ….
a. gugur c. ketiga
b. semi d. adem

Sekolahku
Panggonku ngangsu kaweruh
Dididik dening guru
Amrih dadi bocah kang mituhu

Sekolahku
Gedungmu ora megah
Tekelmu duduk keramik
Nanging kenanganmu tansah takeling-eling

9. Coba wacanen geguritan ing ndhuwur. Perangan kang kudu digatekake nalikane maca geguritan,
antarane kudu nggatekake cendhek dhuwure suwara kang diarani ….
a. Irama c. ekspresi
b. Jeda d. intonasi
10. Pesen utawa tuladha becik kang bisa dijupuk saka isine geguritan diarani ….
a. Paraga c. latar
b. Amanat d. tema

II. Isenana titik-titik ukara ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk lan bener!

Aku Duwe Pitik Cilik


Aku duwe pitik cilik, wulune brintik
Cucuk kuning, jengger abang tarung mesti menang
Sapa wani karo aku musuh pitikku

1. Gatra/baris tembang dolanan ing ndhuwur ana ….

2. Kang klebu cirine pitik ana tembang dolanan ing ndhuwur yaiku cucuke ….

3. Aku nduwe pitik cilik cacahe sewelas, mergo aku kelalen mau bengi ora tak lebokne kandhang dipangan
kucing telu, saiki pitikku cilik kari ….

Candi Borobudur
Candi Borobudur ngrupakne salah siji panggonan sing akeh ditekani wisatawan dhomestik
uga wisatawan manca negara. Kejaba dadi salah sijine pitu keajaiban ndonya, Candi Borobudur uga
nduweni akeh crita sejarah. Liburan wingi Ratih seneng banget jalaran diajak budhene rekreasi menyang
Candi Borobudur kang manggon ana ing kabupaten Magelang Jawa Tengah. Ana kana akeh banget turis
saka ngendi-ngendi negara, Ratih diajak budhene foto karo wong Paris.

4. Kang dimaksud wisatawan dhomestik yaiku wisatawan saka ….

5. Candi Borobudur manggon ana ing kabupaten ….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


Guru
Cahyaning ati
Polahmu digugu lan ditiru
Pahlawan ilang tanpa pamrih
Jasamu sak dawaning jaman
Mula….
Bektia marang guru
Kang dadi oboring pendhidhikan
Kang mandhegani pembangunan moral.
1. Sapa kang digugu lan ditiru ana geguritan ing ndhuwur?

2. Aranana perangan apa wae kang kudu digatekake supaya olehe maca geguritan bisa pener!

3. Saben uwong nduweni pengalaman dhewe-dhewe, ana pengalaman kang nyenengake uga ana
pengalaman kang nrenyuhake.
Gawea ukara siji wae pengalaman sing nyenegake!s
4. Wacanen crito ing ngisor iki kanthi patitis.
Mangsa ketiga yaiku mangsa terang ora ana udan. Tetuwuhan kang bisa urip ing mangsa ketiga
yaiku tetuwuhan sing ora kudu mbutuhake banyu kang akeh, tetuwuhan iki diarani uga palawija, palawija
yaiku tetuwuhan selingan sakliyani pari, kayata jagung, kacang, telo, dhele, lan sapanunggalane,yen
mangsa rendheng yaiku mangsa kang akeh udan. Tetuwuhan ing mangsa rendheng yaiku tetuwuhan sing
mbutuhake akeh banyu kayata pari, kangkung, bayem, sawi, lan sapanunggalane.

Apa kang diarani palawija?

5. Gawea ukara saka gambar ing ndhuwur!

Anda mungkin juga menyukai