Anda di halaman 1dari 8

LAPURAN

WAWANREMBUG

Kasusun Dening
Kelompok 3
1. Achmad Fairuz Zaidan Akbar
2. Afdhal Eka Wijiantoro
3. Ali Ahmadi
4. Alifatul Gustav Kaulani
5. Gede Raditya Karunia Saputra
6. Ilham Pratama Syah Putra

SMP NEGERI 9 MADIUN


2023
ATUR SAPALA

Puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung
saengga laporan wawanrembug punika saged kasusun kanthi sae. Laporan karya
tulis kanthi irah-irahan " Lapuran Wawanrembug " punika minangka salah
satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi
tugas semester 1 mata pelajaran basa Jawa. Wondene maksud lan tujuwan saking
penyusunan laporan hasil wawancara punika kangge ngrampungaken ayahan basa
Jawa. Yasa kerja sami ingkang nggih antar kelompok, mangertosi lan nguwaosi
kegiatan wawancara saha angsal informasi saking hasil wawancara. Laporan punika
dipunsusun adhedhasar wawancara ingkang kita lampahaken kalih setunggaling
tiyang narasumber ingkang naminipun Bapak Bima Fadri Risquloh. Lebeting
kesempatan punika kita sanjangaken raos matur nuwun ingkang
saageng-agengipun kalih sadayaning pihak ingkang sampun ngrencangi lebeting
ndamel laporan kasil wawancara punika. Setunggal pangajeng-ajeng ingkang kita
kajengi mugi-mugi kasil laporan punika angsal gadhah gina kangge pamaos lan kita
ugi ngajeng-ajeng kritik lan saran saking pamaos inggil sedaya kekirangan lebet
hasil laporan punika.
DHAPTAR ISI

1. Judul......................................................................................................................1

2. Atur sapala.............................................................................................................2

3. Dhaptar isi..............................................................................................................3

4. Pambuka................................................................................................................4

5. Isi............................................................................................................................5

6. Panutup Lampiran..................................................................................................6

7. Lampiran................................................................................................................7
Bab I

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Anggota kelompok 3

1. Achmad Fairuz Zaidan Akbar


2. Afdhal Eka Wijiantoro
3. Ali Ahmadi
4. Alifatul Gustav Kaulani
5. Gede Raditya Karunia Saputra
6. Ilham Pratama Syah Putra

Wawancara yaiku kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek
informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene
narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing
ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. Tujuane wawancara yaiku golek warta,
informasi, katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Teks
wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane
pewawancara karo narasumber.

Sajroning nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku:

1. Nemtokake tujuan wawancara.

2. Nemtokake topik utawa tema sing arep ditakokake.

3. Nyiapake dhaftar pitakonan minangka pedhoman nalika nindakake

wawancara lelandhesan 5W+1H.

4. Nganakake pasetujon karo narasumber kanggo nemtokake papan

panggonan lan wektu wawancara.

5. Nindakake wawancara lelandhesan dhaftar pitakonan kang wis

disiapake supaya nalika nindakake wawancara bisa runtut lan gene

p,

supaya pitakonan ora ana sing kliwatan. lan wawancara bisa tumata

lan munjer.

6. Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon.

7. Nggunakake unggah-ungguh sing apik kanggo ngajeni marang

narasumber.
Bab II

Bocah-bocah : Sugeng siyang pak

Pak Bima : Nggih Sugeng siyang

Bocah-bocah : Papareng nyuwun wekdalipun sekedap pak?

Pak Bima : Nggih

Bocah-bocah : Kenalaken kita saking kelompok 1

Bocah-bocah : Sinten asmanipun panjenengan?

Pak Bima : Bima Fadri Risquloh

Bocah-bocah : Wiwit kalapa, panjenengan nyambut damel ing mriki?

Pak Bima : Pun tahun 2017

Bocah-bocah : Pinten yuswa panjenengan?

Pak Bima : 68 Tahun

Bocah-bocah : Alamate panjenengan dateng pundi?

Pak Bima : Jl. Laos No. 18 Kelurahan Ngegong Kecamatan Mangunharjo

Bocah-bocah : Lumrahipun kejawi nyambut damel ing mriki, menapa wonten


pendamelan sanes?

Pak Bima : Ten mriki mawon, Damele ten mriki mawon

Bocah-bocah : Punapa mawon pirantos/alat ingkang dipunginakaken kangge


ngresiki sekolah ?

Pak Bima : Wonten sapu, pel, arit, pacul, gunting tanaman, gunting rumput,
macem-macem

Bocah-bocah : Datheng pundi lumrahipun panggenan gugur gunung ditindakaken

Pak Bima : Mriki mawon

Bocah-bocah : Kados pundi bilih gugur gunung mboten natos dipunlampakaken

Pak Bima : Nek kulo tiambak kan mboten saget, dadi kudu wonten kerja bakti

Bocah-Bocah : Kengeng punapa bab kasebat saget kedados

Pak Bima : Wonten sing nganggur males, dadi mboten kerjo sedoyo mboten
maksimal
Bocah-bocah : Wanci ngresiki sekolah, wonten mboten bab ingkang damel
panjenengan duka

Pak Bima : Kadang sampun di resik i di regeti meneh, lantai pun di pel di regeti
meneh, tapi mboten nopo nopo jeneng ee pekerjaan kudu dilaksanaken, itu lah kerja
petugas kebersihan

Bocah-bocah : Maturnuwun amargi panjenengan sampun luangaken maringi


wekdalipun kangge kelompok kula, Pangapunten inggil sedaya kekirangan lan
kelepatanipun
Bab lll
Penutup

Dudutan (kesimpulan)

kesimpulanipun inggih punika nglampahaken ayahan punika, kita saged ngraosaken


kados pundi dados pewawancara, ayahanipun kados pundi, lan saged ngempalaken
kerja sami antar anggota kelompok. Lan saged ngraosaken kados pundi cara basan
ingkang leres

Saran:

saran kula inggih punika, guru ndamel gugur gunung rutin ing sekolah, supados
sekolah rebih resik lan memberikan sanksi kangge lare ingkang mboten purun
numuti gugur gunung kasebut

Lampiran

Anda mungkin juga menyukai