Anda di halaman 1dari 7

PUTRI SALJU LAN PITU KURCACI

Sakwijine wektu rikala jaman semono, ana raja lan ratu mrintah negara arendel kang
makmur santosa. Ratu…..asmane kang duweni pekerti kang elok sarta welas asih lan
kawulone kerajaan pada nyenengi ratu. Siji-sijine rasa nelangsa ning urip e sang ratu, yaiku
deweke ora duweni anak.
Sakwijine mangsa adem, sang ratu lagi lungguh lan ngrajut klambi ning cedhak
jendela. Ujug-ujug ana manuk salju sing ayu menclok ning jendela ngageti ratu lan nylimur
perhatian e sang ratu banjur ora sadar dheweke nglarani drijine, saktetes getih tiba ning
dhuwur salju. Ratu kaget amarga saktetes darah iku maleh dadi rupa bayi lan banjur do’a
marang Dewa.
Ratu…. : Oh Dewa salju dalem ngarep gadah putri ingkang kulitipun putih kados
salju, bibir abang kados getih, lan rambut ireng kados ireng e kayu ebon.
Sapungkasane, ratu akhire meteng nanging sang ratu malah nandhang gerah. Wes akeh
dokter lan tabib sing usaha kanggo ngobati nanging ora ana sing bisa.
Raja.... : Oh sayangku aja kuatir, sampean bakalan mari taksuwun aja pedhot
pangarep, percaya karo Dewa. Angan e awake dewe pengen duweni bayi
bakalan kaleksanan.
Ratu…. : Iya sayangku, aku ngarep-arep sing paling apik. Dewa salju sampun paring
restu marang awake dewe, kabeh bakalan apik-apik wae
Musim semi teka, kembang- kembang pada mekar ana ngendi-ngendi, srengenge
sumunar kaya-kaya pada siap nyambut kelahirane calon putri ning dina kuwi. Sang ratu
wes nglahirake putri kang ayu kanthi kulit seputih salju, bibir abang kaya darah, lan rambut
ireng kaya kayu ebon.
Raja…. : Ratu, Sliramu wus diparingi hadiah sing palin larang, matura aku apa sing
kokpengeni bakal tak turuti.
Ratu…. : Matur nuwun sayang, nanging saiki aku mikir umurku wes gak dowo.
Ratu…. : Sliramu ayu, kulitmu seputih salju anakku, bakal tak jenengi putri salju.
Janji karo aku paduka, panjenengan bakal njaga putriku lan janji
panjenengan bakal nikah maneh. Lan ora bakal sedih senajan tanpo aku.
Raja…. : Aku bakal njaga saklawase apa wae sing bakal`kedadean.
Ratu…. : Aja nangis rajaku, nyuwun pamit nggih sayang.
Raja…. : Aja ninggal aku dhewe sayangku
Kanggo pirangane tahun raja ngrasa nelangsa amarga kematian sang ratu sing
dumadhakan. Raja dhewe sing ngrawat putri salju, nanging kerepe raja repot ngurusi urusan
kerajaan. Raja sadar putri butuh ibu kanggo dhidik putrine, banjur raja mutusake arep rabi
maneh.
Sang ratu anyar nduweni rupa kang ayu banget, ananging saka kuwi dheweke egois lan
angkuh.Dheweke nduweni ilmu jahat kanggo ngendalikake raja, dheweeke uga nduweni
kaca benggala ajaib sing bisa ngramal lan bisa nyampekake kabar apa wae sing dipengeni
ratu.

Ratu Sihir : Kaca benggala… kaca benggala… sapa sing paling ayu saka sakabehe ??
Kaca benggala: Oh.. Ratuku Ya Mung sliramu sing paling ayu saka sakabehe
Ratu Sihir : HAHAHA…. Kowe pinter banget, aku sing paling ayu saka sakabehe.

Saklingsire wektu PUtri salju dadi luweh ayu lan luweh apik saka sakdurunge.
Dheweke dadi gadis paling ayu sak kerajaan. Ibu tirine wiwit krasa iri bab rupane kang ayu.

Ratu Sihir : Kaca benggala… kaca benggala… sapa sing paling ayu ning donya ??
Kaca benggala: Oh ratuku ya mung sliramu sing paling apik lan ayu, kuwi kasunyatan.
Ananging Putri Salju luwih ayu saka sliramu.
Ratu sihir : wanine kowe ngomong kaya ngono, kowe ora ana gunane !!
Kaca benggala: Nyuwun pangapura, kula mung ngomong kasunyatane ndoro.

Sang ratu rumangsa mangkel lan nesu banget, banjur dheweke nyeluk pemburu
bayaran.

Ratu sihir : Gawanen Putri Salju ning alas banjur patenana lan jupuken jantunge
kanggo bukti
Pemburu : Nggih ndoro

Sang ratu mrintahake Putri Salju supaya ning alas di kancani pemburu lan nggawakake
kembang-kembang ajaib sing bisa ndhadhekake ratu luwih ayu. Sesuai perintah, pemburu
nggawa Putri ing.

Pemburu : Oh putri sing ayu, ibu tirimu mrintahke aku supaya mbunuh sliramu,
nanging aku ora bisa mbunuh wong kang ayu lan apik atine kaya sliramu.
Lungaa, sak adohe lan aja bali ning kerajaan maneh
Putri Salju : Oh matur nuwun njenengan apik banget, nanging njenengan bakal oleh
masalah yen ora mbunuh aku
Pemburu : Iku perkara gampang, bisa tak urus. Sing penting saiki sliramu lunga sing
adoh
Putri Salju mlayu sak bisane banjur pemburu golek kidang kanggo njupuk jantunge lan
digowo menyang ratu.

Ratu Sihir : HAHAHA… Saiki aku wong sing paling ayu saka sakabehane.

Putri Salju Dhewekan ing sakjerone alas kang peteng lan dheweke ora ngerti kudu
nyapo lan kudu menyang ngendi. Wit-witan katon bisik-bisik, Putri Salju banjur mlayu
ngliwati watu lan eri-eri landhep. Banjur nalika srengenge arep anjlok, pirangane manuk
cilik nyedhaki Putri banjur wiwit ngangkat slendange.
Dheweke ngrasa yen manuk-manuk bakal nuduhake sesuatu. Putri ngetutake manuk-
manuk kuwi nganti nemu omah cilik sing aneh banjur mlebu ning njero kanggo ngiyup
bareng manuk-manuk. Ning njero omah sekabehane katon cilik, ananging rapi. Ana meja
cilik sing rapi, taplak meja putih, lan pitu piring cilik karo panganan ning ndhuwure.
Cedhak tembok ana 7 kasur cilik jejer-jejer lan ditutupi kemul. Putri Salju krasa luwe
banjur mangan sebagian sayur lan roti ing saben piring cilik lan ngombe ing saben cangjir
cilik. Dheweke kesel banget banjur keturon ing Kasur.`
Wancine wengi, 7 kurcaci muleh saka gunung. Manuk-manuk ngupaya nggugah Putri
Salju nanging dheweke ora bisa digugah. Pungkasane para kurcaci teka pada weruh ana
wong sing wes mlebu omahe.

Kurcaci Abang : Sapa sing wes lungguh ing kursiku ?


Kurcaci Ijo : Sapa sing wes lungguh saka piringku ?
Kurcaci Ungu : Sapa sing wes mangan rotiku ?
Kurcaci Biru : Sapa sing wes mangan sayurku ?
Kurcaci Kuning: Sapa sing wes nganggo sendookku ?
Kurcaci Putih : Sapa sing wes ngombe saka cangkirku ?

Ora sengaja, kurcaci weruh ana wadon ayu keturon ana kasure, akhire kurcacki pada
mara lan nyedhaki kasure.

Kurcaci ireng : Ana sing turu ning kasur, ayo diparani!


Kurcaci Abang : Ohh… wadon iki ayu temenan
Kurcaci Ungu : Ssssttt!! Wes ben e dheweke turu, aja rame-rame
Kurcaci Ijjo : HUAAHH…. Mending awakedewe melu turu, aku ngantuk
Akhire, para kurcaci pada keturon ana ing sak-ubenge Putri Salju. Dina wes isuk, Putri
Salju Tangi lan kaget nalika weruh 7 kurcaci.

Putri Salju : AAAAAA!!!!


Kurcaci Ungu : Aja wedi… Aja wedi, Awakedwewe 7 kurcaci sing duwe omah iki.
Kurcaci Biru : Sapa sliramu cah ayu ??
Putri Salju : A-Aku Putri Salju
Kurcaci Ireng : Piye carane sliramu nemu omah iki ??

Putri Salju nyeritakake apa wae kang dialami dheweke marang kurcaci, kurcaci pada
ngomong lan takon siji-siji marang Putri Salju.

Kurcaci Ijo : Sliramu oleh tinggal bareng ning kene lan iso oleh apa sing kokpengeni yen
gelem ngopeni omah iki
Kurcaci Abang: karo masak
Kurcaci Ireng : Umbah-umbah, njahit, ngrajut
Kurcaci Kuning: Lan gawe kabeh iso rapi tur resik
Putri Salju : Aku gelem kanthi ikhlas tulus atiku

Mulai saiki Putri Salju urip bahagia karo kurcaci. Saben isuk para kurcaci golek emas
ana gunung lan wancine awan pada bali menyang omah. Putri Salju wes myepakake
panganan lan omah wes dadi rapi tur resik. Sakdawane dina putri salju dhewean ing njobo
karo manuk-manuk sing kerep ngancani dheweke

Ratu Sihir : Kaca benggala… Kaca benggala… sapa sing paling ayu saka sakabehe
Kaca Benggala: Oh ratuku ya mung sliramu sing paling apik lan ayu, kuwi kasunyatan.
Ananging Putri Salju ning sebrang gunung karo 7 kurcaci isih kaping sewu
luwih-luwih ayu saka sliramu.
Ratu Sihir : APA??? Putri Salju kok isih urip? Pemburu kae wes ngapusi aku. Mengko
bakal tak wenehi ganjaran marang dheweke, nanging aku kudu mateni Putri
Salju kae dhisik. Tapi, piye carane ??? Ngomongo piye?

Dheweke sadar kacane wes dadi pelampiasan emosine. Sang Ratu terus mikir piye
carane ben dheweke iso nyingkirne Putri Salju. Pungkasane dheweke nemu ruangan
rahasia, sing ora ana wong kang oleh mlebu. Ana kono dheweke nggowo apel sing wes
diracun. Apel kuwi digawe kanthi rapi senajan beracun, apel kuwi katon apik lan seger saka
njaba. Banjur kanggo sihir dheweke nyamar dadi mbah-mbah sing dodolan apel.
Banjur dheweke lunga menyang omahe kurcaci banjur ndodhok lawang. Putri Salju
nginguk saka jendela.
Putri Salju : Njenengan sinten? Wonten perlu napa nggih ?
Ratu Sihir : Bukakno lawange cah ayu! Aku mlarat banget, aku pengen menehi apel
kanggo di ijoli karo roti
Putri salju : Ngapunten, kula mboten pareng ngajak tiang mlebet. Para kurcaci nglarang
aku
Ratu Sihir : Ya wes orapopo. Iki, jajalen apel sing seger lan enak di anggo ijol karo roti

Putri Salju ora iso nolak apel sing katon seger lan abang, Dheweke banjur gawa roti
kanggo diwenehake mbah-mbah kuwi. Dheweke langsung njajal apel kuwi mau, ujug-ujug
tiba lan ora sadar. Sang ratu maleh bentuk asline.

Ratu Sihir : Seputih salju, seabang getih, seireng kayu ebon. Para kurcaci ora bakal bisa
nguripake kowe maneh.

Dheweke cepet-cepet bali menyang istana, banjur ngadek ngarep kaca benggalane sing
wes rusak.

Ratu Sihir : Kaca benggal… Kaca benggala… sapa sing paling ayu sakabehane
Kaca Benggala: Oh ratuku… ya mung siramu sing paling ayu saka sakabehane

Wanci para kurcaci mulih, dheweke pada kaget weruh Putri Salju ora sadar lan ora
ambekan, ddheweke mati. Para kurcaci njajal ngangkat lan nggugah, nanging Putri ora bisa
tangi, para kurcaci sedhih banget. Putri Salju wes mati.
Para Kurcaci nglemahake Putri ing dhuwur jerami kaca banjur pada lungguh ing jejere
lan nangis nganti 3 dina suwene. Kurcaci arep cepet-cepet ngubur dheweke, nanging isih
katon seger kaya urip lan isih duwe pipi abang sing ayu.

Kurcaci Ijo : Awake dewe ora bisa ngubur dheweke ing lemah ireng. Dheweke kudu
tetep putih kaya dene sakmestine dheweke

Kurcaci pada gawe peti mati saka kaca supaya tetep biso katon saka ngendi-ngendi.
Kurcaci nglemahake Putri ing njero peti kaca banjur nulis ngganggo mangsi emas sing
tulisane “Ning kene turu PUTRI SALJU”. Sak banjure kuwi, manuk-manuk pada moro lan
melu sedhih.
Bebarengan wektu kuwi, sakwijine pangeran mlebu kawasan hutan lan weeruh
segerombolan kurcaci ngubengi peti kaca. Sang Pangeran penasaran amarga manuk-manuk
ing cedhake pada kesengsem. Akhire, Pangeran nyedhak lan maca apa sing ketulis,
dheweke mikir yen Putri Salju kuwi Putri sing kerep mlebu mimpine.

Pangeran… : Olehana aku nggawa peti mati kuwi, apa ae bakal tak lakoni supaya bisa
entok Putri kang ayu iki.
Kurcaci Ungu : Awake dewe ora bakal ngedol dheweke nganggo emas ana ing sakabehane
donya iki.
Pangeran… : Tak suwun wenehno marang aku, aku ora bisa urip tanpa weruh dheweke
Kurcaci Biru : Apa kowe edan? Apa sing bakal kok-lakoni marang mayit iki?
Pangeran… : Bakal tak wenehi pakurmatanku marang dheweke lan bangun tugu cedhak
istana kanggo nglerenake jiwane

Para kurcaci rumangsa mesakne marang pangeran lan nompo tawarane. Akhire sang
pangeran mrintah rewange kanggo nggowo peti mati kuwi. Salah siji rewang mau
kesandung lan ngetokake apel sakcuil saka lisane Putri.
Sang pangeran banjur mlayu lan nyekel peti kuwi. Dheweke ndeleh Putri ning ngisor
wit. Putri isih katon ayu kaya-kaya dheweke isih urip. Sang pangean ngambung bathuke.
Pungkasane, Putri Salju bisa melek lan tangi.

Putri Salju : Aduh aku ana ngendi ?


Pangeran : Sliramu karo aku, Pangeran

Pangeran nyeritakake apa bae kang wes kedadean marang Putri Salju.

Putri Salju : Oh yaampun… Sliramu mutusake nggowo aku senajan aku wes mati ?
Nanging kena apa ?
Pangeran : Sliramu kuwi Putri sing mle ning mimpiku, aku tresna sliramu luwih saka
apa wae ning dunya. Ayo melu aku ning istanaku, rabi karo aku lan dadi
ratuku.
Putri Salju : Aku gelem pangeran pepujanku, nanging aku kepingin ketemu ayahku
dhisik. Aku pingin panjenengane paring restu marang awake dhewe.
Kurcaci Ungu : Nanging aku krungu yen Raja ilang lan wes suwe ora bali menyang
kerajaan
Putri Salju : Iki mesti ulahe ibu tiriku. Aku nyuwun tulung kanggo nemukake Ayahku
Pangeran : Yo wes, Ayo ning istana banjur nggoleki raja
Pangeran mutusake nggoleki Raja sing ilang. Pangeran ngalahake kerajaan lan Ratu
Sihir. Ana istana, dheweke nemukake ruangan rahasia ratu, banjur nemukake raja ing
sanjerone penjara rahasia. Bebarengan saka kuwi, raja mutusake ngancam lan ngusir ratu
sihir saka istana banjur ora tau ngetok maneh.
Sang Raja woro-woro, Resepsine Putri Salju ing pataran kerajaan. Putri Salju Rabi
Karo pangeran pepujane kanthi meriah lan megah banjur urip bahagia Saklawase.

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai