Anda di halaman 1dari 4

Naskah Drama Bahasa Jawa

Nama Anggota Kelompok:


1. Anggita Yuan M.
2. Gellent Surya R.
3. Nova Sasmyta
4. Rahemi Fatmawati
5. Salma Amalia S.
6. Saskia Dwi A.

“Sinau Bareng Kanca”

Ingkang kulo hormati Bu Purwandani Widya, selaku pengampu pelajaran basa Jawi
Ingkang kulo tresnani rencang-rencang sedoyo,
Ing sonten meniko kulo lan rencang-rencang kulo badhe nampilaken drama modern ingkang
judulipun Sinau Bareng Konco, sakderenge tepangaken kulo, Gellent Surya minangka
Pranata Cara.
Menika wau tetepangan saking kita, sak candakipun Monggo kita tingali Drama Sinau
Bareng Konco....

Ing sawijining dina, ana pemuda sing wis dadi kanca akrab wiwit cilik, yaiku Reya lan Lia.
Lorone podo seneng sinau lan dadi juara kelas makili sekolah lomba ing nyandi- nyandi.
Untung e pintere bocah loro iku ora marai dheweke sombong, dadi podo disenengi marang
kanca- kanca sakkelas e. Akeh sing njaluk warah materi ning kelas sakdurunge ulangan ben
ora podo melu remidi kabeh. Murid liane uga senang karo loro murid iku. Nang ngarep
bangkune Lia lan reya Ono siswi kembar sng jeneng e Sena lan Selly. Sena lan Selly uga
seneng lan akrab karo murid pinter iku mau.
Dina Iki jam pelajaran B inggris kosong, murid- murid mung diparingi tugas Karo gurune.
Yha ora kaget yen okeh murid sing metu kelas jajan menyang kantin.

(Bel pergantian jam muni, Sena jagongan karo kembaran ne Selly)


Sena: “Aku kok ora mudheng blas yha karo materi Bahasa Inggris iki mau. Awakmu paham
materine El?”
Selly: “Podo ae aku ya ra paham, penjelasan e rodok ribet, nanging tugas e uangel.”
Irene: “Lha podo wae cah, aku kat wingi wis moco lan sinau tapi isih bingung karo konsep
sing di maksud,”
(Irene sing lagi teko saka kantin melu nimbrung)
Sena: “Terus penak e piye ya, Ren? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo
materi iki?”
Irene: “Bimbel saiki larang pol, Na. Ora due duit aku lek saiki kudu melu bimbel.”
Lia: “Ana apa iki? Bahas pilpres opo pie, kok serius emen sajakane obrolane?”
Selly: “Iki lho Li. Pada bingung karo materi bahasa inggris, sampek saiki ora iso mudheng
karo iku iku wae.”
Reya: “Lha terus, opo arep e podo melu bimbel iki?”
(Lia lan Reya sing awit mau ming ngrungokake sedhela obrolan Sena, Selly lan Irene akhire
melu jejagongan)

Irene: “Larang banget Rey. Ora iso lek arep bimbel saiki.”
Reya: “Opo nggene ae, aku kan sering sinau bareng mbi Lia, lek do arep join ayo ae,”
Lia: “Nah, nggono yha kenek ben iso sinau lan paham mbi materi bahasa inggris bareng-
bareng.”

(Nalika pada asik jejagongan, murid pada grudukan mlebu kelas, Guru pelajaran
saklajengipun wes ketara saka kadohan)
Sena: “Weh tenane iki? Ora nganggu awamu mengko?”
Reya: “Nyapo lho keganggu, yha malah apik sinau bareng, nggo diomongne maneh ya, kae
lho guru ne wis nyedak.”

Bel istirahat ke 2 muni, para murid buyar saka kelas, sholat jama'ah. Selly lan Sena madep
menyang bangku buri, Irene uga melu gabung, Ngelanjutkake diskusi babagan sinau bareng.
Sena: "Akhir e gurune metu saka kelas, ayo awak e menyang bangku mburi neruske diskusi
mau"
Selly: “He cah, sesuk opo kapan ale sinau bareng?”
Sena: “Ayo ae, Sesuk podo longgar po ra?”
Reya: “Nek aku no ora sibuk sih,”
Lia: “Aku yha iso ae,”
Irene: “Hmmm, pie nek dino liyane? Aku ora iso enek ekstra,”
Sena: “Weh Pie iki menak e? manut aku,”
Reya: “Aku yha manut ae iki,”
Irene: “Piye nek dino Sabtu ae pas prei sisan?”
Lia: “Lek Sabtu aku sing ora iso enek kegiatan,”
Akhir e bocah bocah iku mau pada bingung mikir wektu kanggo sinau bareng, amarga salah
sijine bocah mesti enek kesibukan e dewe dewe.

Selly: “Yha wis, timbang debat pada bingung arep e kapan mending bar mulih sekolah iki
ngko opo piye?”
Reya: "Nggono ya oleh,"
Sena: "Yha uwes muleh sekolah ik ngko ae ora popo, mending saiki awak e dewe izin
menyang wong tuane dewe dewe,"

Sawise kui bocah limo iku mau ngabari wong tuone dewe dewe kanggo menehi ngerti yen
muleh sekolah arep sinau bareng ing sekolahane.

Irene: "Aku uwes WA ibuku jarene ora popo, tapi ojo muleh kewengen,"
Selly: "Aku karo sena ya uwes oleh izin saka ibuku,"
Lia: "Aku karo Reya ya uwes oleh izin saka uwong tuo,"
Sena: "Berarti fiks ya iki mau, mengko langsung wae pas bel muleh wes urip lan kelas wes
sepi,"
Bareng- bareng: “Okee Gasss."

Sak wis e jam istirahat ke 2 rampung, pelajaran selanjut e wiwit. Waktu ra kerasa yen uwes
ana ing jam akhir pelajaran, bel muleh ora sui muni, bocah bocah liane wes pada mlaku metu
saka kelas lan muleh saka sekolahan kecuali bocah lima iku mau, yaiku Lia, Reya, Irene,
Sena, Selly. Bocah iku mau iseh ana ing kelas, kungguh bareng ing lantai cedak papan tulis.
Reya: "Wes ayo gek dimulai wae ben ora kewengen, arep mbahas materi sing ndi iki mau?"
Sena mbukak buku ndudohkake materi sing ora di pahami mau, akhir bocah limo kui mau
wiwit sinau lan diskusi, disambi karo guyonan ben ga terlalu bosen mbahas i pelajaran wae.
(percakapan pembahasan random)

Suasana sekolah sing sepi, ndadekake rame saka suara bocah limo iku mau, kabeh ketara
rukun lan damai sinau bareng, sing ora ngerti dadi ngerti lan sing ngerti bisa menehi ilmu
sing didueni. Kekancanan sing saling nguntungke kanggo saben bocah iku mau. Ora kroso
langit wes mulai peteng, bocah kui mau wiwit ringkes ringkes lan saling pamitan muleh
menyang omahe dewe dewe. Sinau bareng iki sukses lan guyub ake kekancanan bisa ngasi
sak lawas e.
Menika wau penampilan Drama saking kita kanti judul Sinau Bareng Konco, Mugi- mugi
saget berkenan wonten penggalih panjenengan sedoyo, ugi nyuwun pangapunten ingkang sak
ageng- agengipun bilih wonten klenta klentu ne atur kawulo, akhir kata

Wassalamu'alaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai