Anda di halaman 1dari 9

GEGURITAN

Pucung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencoanmu wesi miring
Sing disaba, si pucung mung turut kutha
Donya Sansaya Sumuk
Gegodhongan wit-witan langka
Lembeyane kewan-kewan punah
Ora bisa disawang bocah bocah
Bumi saiki wis owah
Amarga polahe manungsa srakah
Lek mung ngrusak wae... ah lanyah!
Pucung
Bapak pucung among sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka, si pucung dadi dahana

Alas Gundhul
Alas gundhul, alas gundhul
Saiki alase wis gundhul
Manungsa, manungsa
Saiki padha ilinga
Pucung
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si pucung lembeyan grana

Ibu
Ibu..
Rina wengi aku mung kelingan sliramu
Rina wengi aku keprungu swaramu
Ananging mung pangarep-arepku wae
Sak nyatane sliramu wis ora ana ing sandhingku maneh
Geguritan
yaiku puisi Jawa gagrag
anyar sing ora kaiket
guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu,
nanging isih ngugemi
anane rasa kaendahan.
Endahing geguritan
dumunung ing:
1.Pilihan tetembungan sing
mentes, trep, lan mantesi.
2.Nggunakake wirama
utama lagune.
3.Busanane basa kang
maneka werna.
Bab-bab sing kudu
digatekake nalika maca
geguritan:
1.Mengerteni isine lan karepe
geguritan, banjur dirasakake.
2.Kudu nggatekake pocapan lan
wirama.
3.Bisa mragakake kanthi mimik
lan ekspresi sing trep.
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku  
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane 
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika!
Pitakonan!
1. Apa sesulih (nama lain) saka tembung ‘ibu
pertiwi’?
2. Kepriye sing dirasakake ‘ibu pertiwi’
nalika pahlawan mutahake ludirane?
3. Apa wae sing dikurbanake dening para
pahlawan?
4. Apa sing diajab dening para pahlawan?
5. Critakne kanthi ringkes isine geguritan
iku?

Anda mungkin juga menyukai