Anda di halaman 1dari 14

GANCARAN

SERAT
WULANGREH
PUPUH SINOM
PADA 7-9
KASUSUN DENING :

1. ALIFFIO FADHIL M. N. (4)

2. FANNAN BACHTIAR (14)

3. FARAH AL MUIZ SYAHAR (15)

4. NAUFAL WAFI H. (23)

5. RISKA ALFIANI (28)

6. TIARA AYU M (32)


PADA 7

Ambawani tanah jawa,


Kang padha jumeneng aji,
Saktiya dibya sumbaga,
Tan luan trubung senapati,
Pan iku pantes ugi,
Tinelad labetipun,
Ing sakuwasanira,
Enake lan jaman mungkin,
Sayektine tan bisa ngepleki kuna,
TEGESE PADA 7

Nguasani tanah jawa


Kang dados raja/panguasa
Satriya kang unggul
Nora liya katurunan senopati
Babagan iku pantes ugi
Kagem tuladha budi pekerti
Sabisane trepake ing jaman
Sanajan mboten saged
Sami kaliyan jaman menika
GANCARAN PADA 7

Raja ingkang nguasani tanah Jawi. Ingkang unggul kaliyan keturunan senapati.
Pantes diagem tuladha budi pekertinipun. Sak sagedipun ditrepaken ing jaman
ngarep. Sanajan mboten sami kaliyan jaman sak menika.
AMANAT

Lamun ngertos critanipun raja ingkang gadahi sifat becik, kedhah kita tiru. Sifat
becik punika penting kagem ngaurip saben dina. Sanajan mboten saged persis
kaliyan jaman sak menika.
PADA 8

Lawung kalamun tinimbang,


Ngaurip tanpa prihatin,
Nanging ta ing jaman mangkya,
Pra mudha kang den karemi,
Manulad nebad nabi,
Nayakengrat gusti rasul,
Anggung digawe umbag,
Saben seba mampir masjid,
Ngajab – ajab tibaning mukjijat drajat
TEGESE PADA 8

Mending tinimbang tiyang


Ingkang gesang tanpa prihatin
Ananging ing mangsa ngarep
Ingkang dirimeni tiyang enom
Niru – niru nabi
Lan rasul utusan Allah
Namung diagem nyombongake dhiri
Saben budhal makarya mampir masjid
Ngarep – arep mukjizat supados angsal drajat (munggah pangkat)
GANCARAN PADA 8

Langkung mending tinimbang tiyang ingkang gesang tanpa prihatin. Ananging ing
mangsa ngarep, kathah tiyang enom ingkang niru – niru nabi lan rasul utusan Allah.
Niku wau naming diagem nyombongaken dhiri. Saben budhal makarya mampir ing
masjid. Kagem ngerep – arep mukjijat supados munggah pangkat.
AMANAT

Dados manungsa kedah gadahi prihatin. Lan menawi nglakokaken ibadah kaliyan
kabecikan sanese kita kedah ikhlas Lillahita’ala. Boten ngarep punapa – napa
sakliyanipun ridho Allah.
PADA 9

Anggung anggubel sarengat,


Saringane tan den wruhi,
Dalil dalaning ijemak,
Kiyase nora mikani,
Ketungkul mungkul sami,
Bengkrakan mring masjid agung,
Kalamun maca kutbah,
Lelagone dandanggendis,
Swara arum ngumandhang cengkok palaran,
TEGESE PADA 9

Mung paham syariat ananging hakekate ora


Ilmu kanggo mahamine ora mumpuni
Pada lali awake
Tingkahe diluwih – luwihake nalika ana ing masjid gedhe
Yen maca khotbah
Nggo irama kang ngglayutake ati
Suarane merdu lan lantang
GANCARAN PADA 9

Jaman saiki, katah tiyang ingkang paham syareat sarasan. Ilmu kagem mahamipun
mboten mumpuni. Pada supe awake piyambak. Tingkahipun diluwih – luwihake
naliko wonten ing masjid ageng. Yen maos kotbah iramaniun alus, merdu, kaliyan
lantang.
AMANAT

Dados tiyang kedah gadahi elmu ingkang mumpuni kaliyan ngibadah marang gusti
Allah ampun dipamer – pameraken.
U N
U W
R S
T U
M A

Anda mungkin juga menyukai