Anda di halaman 1dari 2

Isuk-isuk ing jero kelas

:Hei, kowe wis nggarap PR Basa Jawa kanggo sesuk?

:Uwis, tapi durung bar. Koe uwis bar?

:Aku yo durung kabeh.

:Aku wis bar lho. Ayo sing durung bar, digarap bareng-bareng bubar
sekolah! Ning omahku ya? Piye?

A, B

:Iyo, setuju.

:Wah, rembugan opo ki kok seru banget?

:Iki lho, konco-konco arep nggarap tugas Bahasa Jawa ning


omahku.

:Kapan?

:Mengko bubar sekolah.

:Aku melu ya, aku yo durung bar.

:Yo, mengko bubar sekolah podho moro ning omahku ya. Nanging
bali ning omahe dhewe-dhewe dhisik kanggo ijin. Mengko jam 3 wae
ya, bar shalat ashar.

A, B, D

:Yo.

Ing omahe C
A, B, D

:Assalammualaikum

Ibu

:Waalaikumsalam (kaliyan buka lawang). Sinten nggih?

:Niki rencang-rencange C, Bu.

Ibu

:O, rene-rene mlebu dhisik. C lagek wae bubar shalat ashar. Niki
asmane sopo wae?

:Kulo A, Buk.

:Kulo B, Buk.

:Kulo D, Buk. Niki badhe ngerjakaken tugas Bahasa Jawa, Buk.

Ibu

:Oh, lha iki kanca sekelas kabeh?

A, B, D

:Nggih, Bu.

Bapak

:Wah, enek tamu tho?

Ibu

:Nggih, Pak. Niki kanca-kancane C.

Bapak

:Iki griyane pundi wae?

:Kulo Sekarpace, Pak.

:Kulo Kentingan, Pak.

:Kulo Sekarpace, sami kaliyan A.

Bapak

:Lha sampun nedhi kabeh durung ki?

A, B, D

:Sampun, Pak.

Bapak

:Bu, C ditimbali dhisik!

(Ibu nimbali C. C metu saka kamar)


C

:Wah, wis podho teko. Ayo langsung ning ruang sinau.

A, B, D

:Pareng, Pak, Bu.

Bapak, Ibu :Yo, kono sinau sing tenanan.


A, B, C, D :Nggih.

Paraga
A

= Cilla

Bapak

Ibu

Anda mungkin juga menyukai