Anda di halaman 1dari 2

Batara Guru (Manikmaya, Dewa Siwa) merupakan Dewa yang merajai kahyangan.

Dia yang
mengatur wahyu kepada para wayang, hadiah, dan ilmu-ilmu. Batara Guru mempunyai sakti
(istri) Dewi Uma, dan mempunyai beberapa anak.
Berikut adalah urutan anak-anak Batara Guru, dimulai dari yang paling sulung (menurut
tradisi wayang Jawa):
1. Batara Sambu
2. Batara Brahma
3. Batara Indra
4. Batara Bayu
5. Batara Wisnu
6. Batara Ganesha
7. Batara Kala
8. Hanoman
Betara Guru diciptakan dari cahaya yang gemerlapan oleh
Hyang Tunggal. Diciptakannya bersamaan dengan cahaya yang
berwarna kehitam-hitaman yang merupakan asal jadinya Ismaya
(Semar). Oleh Hyang Tunggal kemudian diputuskan kalau
Manikmaya yang berkuasa di Suryalaya, sedangkan Ismaya
turun ke bumi untuk mengasuh para Pandawa. Adapun saat
Batara Guru diciptakan, ia merasa paling sempurna dan tiada
cacatnya. Oleh Hyang Tunggal diketahuinya perasaan
Manikmaya itu, lalu Hyang Tunggal bersabda kalau Manikmaya
akan memiliki cacad berupa lemah di kaki, belang di leher,
bercaling, dan berlengan empat.
Batara Guru amat menyesal mendengar perkataan Hyang
Tunggal itu, dan sabdanya itu betul-betul terjadi. Suatu ketika
Manikmaya merasa sangat dahaga, dan ia menemukan telaga.
Saat meminum air telaga itu, yang ternyata airnya beracun,
lantas dimuntahkannya kembali, maka ia mendapat cacad belang
di leher. Saat lahirnya Nabi Isa, Manikmaya juga datang untuk
menyaksikan. Diperhatikannya kalau manusia ketika lahir
amatlah lemah kakinya. Seketika, kakinya terkena tulah, dan
menjadi lemahlah kaki kiri Manikmaya.
Saat ia bertengkar dengan istrinya Dewi Uma, dikutuknya Manikmaya oleh Dewi Uma, agar
ia bercaling seperti raksasa, maka bercalinglah Manikmaya. Sewaktu Manikmaya melihat
manusia yang sedang sembahyang yang bajunya menutupi tubuhnya, maka tertawalah
Manikmaya karena dikiranya orang itu berlengan empat. Maka seketika berlengan empatlah
Manikmaya.
Hal ini adalah salah satu upaya dehinduisasi wayang dari budaya jawa yang dilakukan
walisongo dalam upayanya menggunakan wayang sebagai sarana penyebaran islam di jawa.
Contoh lain adalah penyebutan drona menjadi durna (nista), adanya kisah Yudistira harus
menyebut kalimat syahadat sebelum masuk surga dan lain-lain. Betara Guru merupakan satusatunya wayang kulit yang digambarkan dalam posisi menghadap ke depan, ke arah manusia.
Hal ini apat dilihat dari posisi kakinya. Hanya saja karena berbentuk wayang, maka ia
menghadap ke samping. Wahana (hewan kendaraan) Batara Guru adalah sang lembu Nandini.
Dalam Versi Jawa Asa-asul Tangan Empat dari Bathara Guru adalah saat bertemu dengan
Bathara Narada, berikut ceritanya :

Sang Hyang Narada utawa Bathara Narada iku putrane Sang Hyang Caturkanwaka lan Dewi
Laksmi. Karana iku Narada uga sinebut Hyang Kanwakaputra utawa Sang Hyang
Kanekaputra.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing jagad
pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke duwe sedulur
telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang Caturwarna.
Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi Wiyodi iku,
Narada peputra Dewi Kanekawati kang sabanjure kapasrahake marang Resi Seta putrane
Prabu Matswapati, raja ing nagara Wirata. Saliyane Dewi Kanekawati, Narada uga peputra
Bathara Malangdewa.
Bathara Narada iku disuyudi dening sapa wae kang srawung kalawan dheweke. Iku amarga
Narada iku watake grapyak semanak. Narada uga kondhang alim, pinter ing maneka warna
ilmu, jujur, atine resik, pikirane lantip, seneng gegojegan, prigel olah kaprajuritan ananging
uga temen-temen mandhita saengga antuk jejuluk resi. Saliyane iku praupane Narada uga
bagus.
Ing sawijining wektu nalika Narada mbangun tapa ing sandhuwure banyu samodra, tangane
nggegem sawijining cupu aran Linggamanik. Nalika iku Narada mertapa kanthi pangajab
antuk kasekten lan kawibawan kang luwih.
Patrape Narada iku kaweruhan dening Sang Hyang Manikmaya kang sabanjure tumeka ing
papan mertapane Narada. Sawise sapatemon, kalorone banjur andon wasis maneka ilmu,
ananging Sanghyang Manikmaya ora bisa ngasorake. Kalorone banjur prang tandhing adu
kekuwatan lan kasekten.
Wusanane Sanghyang Kanekaputra bisa diasorake dening Manikmaya kanthi sarana aji
Kemayam saengga Kanekaputra malih rupa dadi cendhek awake lan ala praupane Wiwit
kedadeyan iku Sang Hyang Kanekaputra antuk sesebutan Narada. Sabanjure sinengkakake
minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya.
Kabeh Dewa lan Dewaputra suyud lan manut marang Narada karana kalantipan lan
kapinterane. Malah Sang Hyang Manikmaya dhewe tansah antuk pituduh lan pamrayoga saka
Narada. Tanpa Narada ing Suralaya, Ngarcapada bakal tansah kisruh.
Kacihna akeh prekara kanggo ngatur Tribuwana lan racake uga angel ngudhari maneka
prekara iku, Bathara Narada tansah seneng atine ngadhepi maneka prekara iku lan tansah
kasil antuk dalan kanggo ngrampungi. Narada tansah bisa ngrampungi maneka prekara kanthi
pratitis.
Dening Batara Guru, Narada asring sinebut kakang. Mula bukane nalika andon wasis
maneka rupa ngelmu, Bathara Guru tansah kalah saengga nuwuhake rasa nesu marang
Narada lan banjur nyepatani Narada.
Ananging karana Narada duwe ngelmu kang luwih dhuwur, dheweke banjur sinengkakake
minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya lan dianggep luwih tuwa. Wiwit iku Sang
Hyang Manikmaya utawa Bathara Guru tansah nyeluk Narada kanthi sesebutan Kakang
Narada.
Ing crita liyane, nalika Bathara Narada sapatemon kalawan Bathara Guru, Narada diece
dening Bathara Guru kanthi ukara yen Bathara Narada iku tangane papat. Nalika mertapa ing
sandhuwure banyu samodra iku, Narada nganggo klambi ananging tangane sing loro ora
dilebokake ing lengene klambi, saengga katon kaya-laya tangane papat. Saka pangecene
Bathara Guru marang Narada iku malah Bathara Guru dhewe kang kena sepata, saengga
tangane dadi papat.

Anda mungkin juga menyukai