Anda di halaman 1dari 3

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku
ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka
ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut
daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang
mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut
pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis
kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke
meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan
tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe
ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe
rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak
lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep
nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut
empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane
mranani
kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang
klenthir
nalika
dialembana
dening
liyan
(Undil
2012)
Cerita
Cerita Lucu Basa Jawa: Lomba Nyanyi Bayi Altap vs Pitik Kementhus

Lain:

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu


Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur
menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke
weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke
tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi. Ananging sakdurunge tombak dioncalake,
Gajahe tangi, marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (Majda
Yulianingrum)

Si Pemburu diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang.


Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge
Gajah. Si Pemburu mati kejegur njurang, nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge
kena
tombake
Pemburu.
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep
negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan
mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan
terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge
Gajah. Nanging dheweke ora kuwat nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.
Saiki Prendis bingung arep milih sing endi. Sungu Menjangan apik banget yen dadi
pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho.
Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras
ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan
bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir
Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko
mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
duniashinichi.blogspot.com
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani
Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali.
Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske.
Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila
ngeculke
salah
siji.
Majda
Yulianingrum
Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi
turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara
macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan. Citacitane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku
klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).
Tulisan lain:

Arya Penangsang - Kisah Tohpati Sang Panglima Jipang Panolan melawan Perampok
Kademangan Pudak Muncul
Cerita Lucu Pithik Nggutil Ngindik Gedang Goreng
Cerita Lucu Jaran Putih Pak Kadus
Diposting oleh undil di 11/07/2012 01:31:00 AM
Email ThisBlogThis!Share to TwitterShare to FacebookShare to Pinterest

Anda mungkin juga menyukai