Anda di halaman 1dari 4

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu

Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur
menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke
weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke
tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi. Ananging sakdurunge tombak
dioncalake, Gajahe tangi, marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo
tlalene. (Majda Yulianingrum)
Si Pemburu diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang.
Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge
Gajah. Si Pemburu mati kejegur njurang, nanging Si Gajah uga mati amarga
jantunge kena tombake Pemburu.
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep
negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun.
Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar
kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan
lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat nggawa loro-lorone. Kudu milih
salah siji.
Saiki Prendis bingung arep milih sing endi. Sungu Menjangan apik banget yen dadi
pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho.
Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa
ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan
jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau
ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan
meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo
Pasar Bantul.
duniashinichi.blogspot.com
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani
Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa
bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske.
Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila
ngeculke salah siji. Majda Yulianingrum
Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis
tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget
krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu
menjangan. Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar
Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu

(Undil-2012).

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu
Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu
karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe
cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadangkadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening
pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan
mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe
tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada
seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya
ngomong sing aing-aing.

Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis
nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip
ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com
"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil
"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya
ngene, ora rapi kaya pithik liyane"
"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!"
jawabe Kancil
"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing anehaneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem
srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha
seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem
ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa
ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kancakancaku?"
"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu
ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing
penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate
kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan
tumindak sing keliru" nasehate Kancil
"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang
kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas
lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan
ditinggal karo kanca-kancaku"
"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal
wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing
cocok karo kowe" ujare Kancil
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae.
Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen
kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.
Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale
pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwesuwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke
omongane pithik liyane (undil -2014).

Anda mungkin juga menyukai