Anda di halaman 1dari 1

Aku lahir nang Suroboyo, lahir procot ibuku wes nggawe boso jowo.

Konco-konco yo nggawe boso jowo kabeh. Masio boso Suroboyoan iku gak patek jowo temen, tapi iki yo boso rek. Tapi pancen aneh, lek nulis kok yo otomatis moro-moro nggawe boso Indonesia. Padahal lho lek ngomong biasa yo nggawe boso jowo. Boso jowo akeh maceme, ono ngoko karo kromo. Ngoko ae ono tingkatan-tingkatane. Ono ngoko alus, ngoko madya, ngoko andap. Kromo yo ono tingkatane. Ono kromo alus, kromo madya, lan liyan-liyane. Sak jane ono blogger sing konsisten nggawe boso jowo nang artikele. Tapi yo ngono sing ngerti lak mung sitik tah. WordPress versi jowo yo wis ono.

Wong Suroboyo Mumpung saiki iki ulang tahun kuto Suroboyo, yo nulis blog kudu nggawe boso Suroboyoan cak. Sing gak ngerti yo wis, pokoke lak nulis tah. Timbangane ngaku-ngaku wong jowo tapi gak tahu nulis jowo. Masio biyen pelajaran boso jawi entuk enem terus, gak popo. Sing penting pede ae. Bah, cuampur aduk gak karuan karo boso Indonesia ambek bosone wong londo sikat ae. Suroboyo ngono loh. Suro iku wani, Boyo itu utang hehehe.. Lha lek utang ae wani, lapo nulis gak wani. Hayoo, ate ngomong opo maneh iki. Lek gak biasa nulis jowo yo ngene iki. Durung mari wis mumet.. hehehe Oh iyo, terakhir njaluk sepuro karo sampeyan-sampeyan sing ra mudeng boso jowo. Lek gak ngerti iso-iso dikiro boso planet.. hahaha.. Masio nggawe google translate paling yo bingung mbah google-le. Lha ancur ngene bahasa-ne. Iso-iso hang komputere.. hehehe.. Ayo, konco-konco blogger, kapan-kapan ketemu maneh. Aku koyoke akeh rencana iki gawe nggedhekno blogger Surabaya. Wis masio sampeyan nang Sidoarjo yo anggep ae wong Suroboyo wong kerjone, sekolahe yo nang Suroboyo kok. Tak enteni kabare cak Arief, cak Agus lan cak Udin (iki wong Sidoarjo kabeh sak jane.. hehehe)

Anda mungkin juga menyukai