Anda di halaman 1dari 18

Sekaten

Pangertosan Sekaten

Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain


utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal
warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5
sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan
Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan
Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang
masyarakat mlebet agami Islam. Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten
dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi
kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan
meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing alun-alun
lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni sisih lor
saking masjid Agung, sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing
Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke
sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. Ing
dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.

A. Pangertosan Sekaten ing Surakarta


Sekaten asalipun saking basa Arab inggih punika syahadatain inggih
punika ukara syahadat ingkang arupi sawenehe ukara ingkang kedah
dipunwaos dening priyantun kangge mlebet Islam, ingkang ngemu teges:
Mboten wonten sesembahan kajawi namung Allah soho Nabi Muhammad
punika utusanipun Allah. Sekaten sanesipun saking asal ukara syahadatain
ugi asat ukara:
1. Sahutain: nyigeg utawi nyingkiri perkawis kalih inggih punika sifat lacur
tuwin nalisir

2. Sakhatain: ngicalaken perkawis kalih inggih punika watak kewan tuwin


sifat setan, amargi watak kasebat sumber kebubrahan;

3. Sakhotain: nanemaken perkawis kalih inggih punika yektos nguri-uri


budi suci utawi budi luhur ingkang tumungkud dedheple dhateng Allah;

4. Sekati: setimbang, priyantun gesang kedah saged milah-milahaken


utawi mbiji kawontenan ingkang sae punapa dene ingkang awon;

5. Sekat: wates, tiyang gesang kedah meper diri kangge nanggulangi


kersanipun mboten tumindak dusta sarta mangertos wates-wates kesaean
saha awon.(K.R.T Haji Handipaningrat : 3)
B. Carios Rakyat ingkang Andadosaken Dipunwontenaken Pengetan Tradisi
Sekaten
Pengetan tradisi sekaten punika salah satunggaling tradisi ingkang
sahingga sak mangke taksih dipunlestantunaken saha dipunuri-uri dening
Kraton Kasunanan Surakarta ingkang mapan ingkelurahan Baluarti
kecamatan Pasar Kliwon. Pengetan tradisi punika inggih warisan nilai
kabudayan ingkang dipuntindakaken kanthi turun temurun dening para
sesepuh priyantun-priyantun. Ing Kawitanipun pengetan kasebat
dipuntindakaken saben warsa dening raja-raja ing tanah hindu, awujud
slametan utawi sesaji kangge arwah para leluhur ingkang katindakaken
wonten kalih wekdal. Tahap kapisan dipun wastani Aswarmeda, inggih punika
tahap ingkang sesaji dipunlaksanaaken selami setunggal minggu utawa 6
dinten , ingkang dipun tindakaken kanthi donga-donga tuwin nyanyian ujian
dipun sarengi kanthi tetabuhan ingkang ngemu artos mujo arwah para
leluhur, kangge nyuwun berkat saha pangayoman. Lajeng tahap kaping kalih
kasebat Asmaradana, ingkang dipuntindakaken ing dinten kaping pitu tuwin
pinangka panutup tahap kapisan. Ing sak lebetipun tahap ingkang kaping
kalih punika dipuntindakaken pangobongan dupa ageng, ingkang
dipunsarengi kanthi ngenegaken cipto utawi semedi. Kanthi mlebetipun
agami tuwin pengaruh Hindu wonten Jawa, mangka pegetan Aswameda
tuwin Asmaradana mangka mlebet ugi ing dalem panggesangan budaya
Jawa. Tuwin ing jaman Hindu Jawa, raja-raja Jawa ugi nglestantunaken
pengetan ingkang dipun warisi kasebat. Pengetan sekaten lumampah selami
setunggal minggu. Sesampunipun pengetan sekaten lumampah setunggal
minggu, mangka pas ing surya 12 Rabiulawal, inggih punika dinten
wiyosipun Nabi Muhammad dipunpengeti garebeg inggih punika pengetan
slametan kanthi dipundalaken gunungan saking kraton. Gunungan
dipundamel pinten-pinten dinten sakderengipun pengetan garebeg Mulud
dening abdi dalem khusus ingkang dipun dhawuhi dening sinuhun.
Gunungan kasebat dipundalaken saking kraton tumuju Mesjid Agung. Saking
ngriki punika raja ngedalaken sakpasang gunungan ing wekdal pengetan
sekaten, inggih punika gunungan kakung lan gunungan putri.
1. Gunungan kakung Gunugan kakung dipunbentuk tumpeng lan bagian
pucukipun kasebat mustaka utawi sirah ingkang dipun sunduki roti ingkang
dipundamel saking tepung beras lan dipasang mubeng rapet setunggal
rangkaian tigan asin. Ing setunggal kujur awak saking gunungan kakung
kasebat dipunpasang atusan lenjer kacang panjang kanthi mubeng rapet
ingkang pucukipun dipunparingi roti-roti alit, kados ali-ali. Sanesipun
dipunpasangi atusan lenjer kacang panjang ing tumpeng gunungan kakung
punika ugi dipunparingi pirang-pirang susunan lombokabrit utawi lombok
abrit ingkang ageng-ageng. Ing awak gunungan kakung dipuntaleni mubeng
dados pinten-pinten bagian sahingga dados undak-undakan. Gunungan
kakung kasebat dipunparingaken ing inggilipun kotak ingkang naminipun
Jodhang kanthi lawuhipun lan diparingi taplak ingkang warninipun abrit
pethak. Kangge gunungan kakukng alas kain taplak ingkang werni abrit ing
inggil lan pethak ing ngandhap. Ing mangka bahan-bahan ingkang
dipunginakaken wonten gunungan kakung inggih punika :
a. Gendera abrit pethakingkang cacah gangsal pinangka lambang saking
sawijining negari utawi kreajaan. Warni abrit atosipun semangat utawi
kaleresan, ingkang arupi pethak artosipun suci. Warni abrit pethak
ngemutaken wonten kerajaan Mojopahit kanthi istilah gulo klopo ingkang
pinangka lambang menawi tiyang kedah kagungan sifat tuwin semangat
wantun tuwin kesucian.

b. Cakra ingkang dados pucuk sarta pangkat ngadekipun gunungan


ingkang darbeni teges inggih punika: Cakra ateges gaman utawi pusaka
kagunganipun Prabu Kresna ingkang nggadhahi kekuatan linangkung kangge
njejekaken kawigatosan (keutamaan).

c. Wapen arupi simbol (tandha) ingkang dipun ginakaken pinangka


lambang. Wapen saklebetipun gunungan ingkang dipun maksud inggih
punika kangge keslametan tuwin panguaos saking raja Surakarta ingkang
mimpin.

d. Kampuh, kain ingkang arupi abrit pethak ingkang nutupi judhang


kangge maeman.

e. Entho-entho inggih punika maeman ingkang awujud bunder tigan


ingkang dipundamel saking tepung beras ketan ingkang dipungaringaken
sahingga atos, lajeng dipungoreng.

f. Tigan asin.

g. Mawarni-warni sekul.

h. Bahan-bahan ubarampe sanesipun saking tebu, lombok, ron gedhang,


terong, wortel, timun, kacang, tuwin daging ingkang sedayanipun arupi kasil
saking bumi ingkang dipunrahapi dening manungsa. Lan ugi dami, jodhhang,
sujen, peniti, dom bundhel, samir jene. Wujud gunungan kakung
kahubungaken kaliyan lingga utawi alat vital priya ingkang jumurus wonten
nilai-nilai panggesangan ingkang nggambaraken wontenipun proses
kadadosan manungsa utawi dipunhubungaken kaliyan asal-usul manungsa.
Kajawi saking punika gunungan kakung ugi nggambaraken kangge donya lan
isinipun ingkang ngemot pinten-pinten unsur ing sak lebetipun kados ta
lemah, langit, tetuwuhan, latu, kewan, tuwin manungsa punika piyambak
kanthi pinten-pinten jenis sarta sipat-sipatipun.

2. Gunungan putri awujud mirip kados payung mekar ingkang bagiyang


pucukipun (mustaka) dipunlapisi roti ageng susun lempengan arupi cemeng
kanthi sak ubengipun dipun tancepi pinten-pinten roti ingkang dipunbentuk
ron. Pinangka ing bagian perangan awak dipuntutupi sakjumlah roti ketan
ingkang bentukipun lintang sarta bunder ingkang dipunsamani Rengginan
(criping) ing tengahipun dipunparingi roti cilik-cilik tuwin ing sak kubengipun
dipun paringi roti tuwin pepaesan (hiasan) ingkang mawarni-warni wujudipun
sahingga gunungan putri ketingal kados sekar ageng. Sak sanesipun pinten-
pinten wujud roti kasebat, gunungan putri ugi dipunparingi roti ingkang
awujud bunderan-bunderan ageng kadamel saking ketos (ketan) ingkang
dipun sebat wajik. Gunungan putri dipun selehaken wonten ing sak inggilipun
kotak utawi jodhang, kaliyan dipunparingi kain ingkang arupi pethak ing
inggilipun sarta abrit ing sak ngandhapipun.
Pinangka bahan-bahan ingkang dipunginakaken ing sak lebetipun gunungan
putri inggih punika:
a. Gendera abrit pethak ingkang jumlahipun gangsal ngibarataken
sawijining negari utawi kerajaan. Warni abrit ingkang tgesipun greget utawi
kewantunan sarta warni pethak artosipun suci(resik). Dados ingkang dipun
pikajengaken gendera abrit pethak inggih punika pinangka lambang
dhumateng kerajaan ingkang adedasar kewantunan kaliyan adedasar
kasucian.

b. Eter ingkang dipundamel saking seng ingkang awujud jantung


manungsa utawi sekar pisang(tuntut).

c. Kampuh pangrukup judhang ingkang dipundamel saking kain mori


utawi lawe ingkang ngemu teges pinangka busana raga tuwin rohani
manungsa(kasusialaan utawi sandhang).

d. Sekar pinangka pewangi.

e. Rengginan(criping) kadamel saking beras ketan ingkang ageng.

f. Jajan ingkang awujud saking jadah, wajik, sarta jenang, pinangka isi
saking judhang.

g. Ubarampe saking gunungan putri inggih punika:

Bahan ingkang awujud dhaharan, inggih punika kacu, ingkang


dipundamel saking ketan ingkang dipunbentuk bunderan cilik uwin
dipunparingi warna cacahipun udakara seket warni

Bahan ingkang arupi alat, inggih punika giwangan bima jumlahipun


wonten wolu iji, samir jene sekawan, sujen, ron pisang, tali, sarta jodhang.
Gunungan putri lumampah ing sak wingkingipun gunungan kakung ugi
gunungan anakan. Cacah gunungan putri sami kaliyan gunungan kakung
inggih punika 12 iji. Ing sanesipun gunungan kakung kaliyan gunungan putri
wonten ugi gunungan alit-alit pinangka kasampurnan inggih punika :
1. Gunungan anakan(saradan) Gunungan punika ajeg ing antawisipun
gunungan kakun kaliyan gunungan putri. Pinangka bahan ingkang dipun
damel ing sak lebetipun gunungan anakan inggih punika:

2. Arta logam cacahipun sami kaliyan Sri Susuhunan Paku Buwana ingkang
kepinten, umpami ingkang mimpin Paku Buwana XII, cacah arta logam ugi
12.

3. Rengginan(criping) alit ingkang arupi abrit, cemeng, pethak, sarta jene


cacah kangge gunungan kakung inggih punika sekawan iji sarta kangge putri
cacahipun wolu iji.

4. Sekar pinangka pepaesan wonten ing gunungan.

5. Tuntut utawi eter alit.

6. Ancak Cantaka Ancak cantakanarupi wujud saking selametan alit


ingkang arupi gunungan alit ingkang arupi tumpengan utawi gunungan alit
ingkang cacahipun mboten dipun temtokaken, ananging biyasanipun 24 iji.
Dipun pikajengaken sedekah para abdi dalem sarta kerabat kraton ingkang
dipundalaken saking raja amargi piyambakipun wonten ing dalem
lingkunganipun. Pinangka bahan-bahan ingkang dipunginakaken:
o Ubarampe sekul ingkang ngibarataken pratanda saking kemakmuran
panggesangan rakyat, jenisipun wonten tigang warni inggih punika:
o Sega uduk utawi sekul gurih, kaliyan ubarampe daging ayam(ingkung),
dele cemeng, sarta pisang raja.
o Sekul janganan kaliyan ubarampe janganan , tigan mateng, woh-wohan,
jajan pasar, sarta jenang.
o Sekul asahan kanthi ubarampe sambel goreng, tahu sarta tempe goreng,
serundeng, sarta jeroan ayam.
o Woh-wohan utawi jajan pasar, inggih punika sajenis woh-wohan ingkang
dipun sade ing peken.

Frida Maulida R. ( 11 )
Salsabila Putri ( 30 )
SEKATEN
Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung
Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara
mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing
diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal
tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara
meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I,
pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet
agami Islam.
Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-
iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set
gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-
iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid
Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai
Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung,
sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan
sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke
sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten
katurut-turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe
dibeta wangsul ing Kraton.

Grebeg Muludan

Acara pucuk Sekaten iku ditandai Grebeg Muludan sing


diwontenaken ing tanggal 12 (persis ing dinten ambal warsanipun
Nabi Muhammad s.a.w.) wiwit jam 8:00 esuk. Dikawal kalih 10
macam (bregodo/kompi) prajurit Kraton: Wirobrojo, Daeng,
Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung,
Mantrijero, Surokarso, dan Bugis, setunggal Gunungan sing
kadamel saking beras ketan, maeman dan buah-buahan sarta
sayur-sayuan sing dibeta saking istana Kemandungan nglewati
Sitihinggil lan Pagelaran nuju masjid Agung.
Saksampune didongani Gunungan sing nglambangke
kasejahteraan kerajaan Mataram iku dibagi neng masyarakat sing
nganggep anggene bagian saking Gunungan iku badhe betha
berkah kangge tyangipun. Bagian Gunungan yang dianggep
sakral iku badhe dibetha wangsul lan ditandur ing sawah/ladang
supados sawahipun dados subur lan bebas saking bencana dan
malapetaka.
Tumplak Wajik

Kalih dinten sakderengipun acara Grebeg Muludan,


satunggalipun upacara Tumplak Wajik diwontenaken ing halaman
istana Magangan jam 16:00 sonten. Upacarane nggih menika
kotekan utawa dolanan lagu ngagem kentongan, lumpang kangge
numbuk pari, lan enggalipun sing nandai wiwite saking
pandamelan Gunungan sing badhe diarak wonten ing acara
Grebeg Muludan mangke. Lagu-lagu sing diunekke ing acara
Tumplak Wajik inggih meniku lagu Jawa populer kayata: Lompong
Keli, Tundhung Setan, Owal awil, utawa lagu-lagu rakyat
sanesipun..
Frida Maulida R. ( 11 )
Salsabila Putri ( 30 )

Upacara Labuhan Minangka Kearifan Lokal


Ngayogyakarta

Salah satunggaling upacara kraton ingkang dilaksanakaken


dening sultan saking Sultan Hamengkubuwono I, inggih menika
upacara adat ingkang disebutl abuhan. Upacara Labuhan yaiku
upacara adat ingkang sampun wonten nalika jaman Kerajaan
Mataram Islam, yaiku wonten ing abad XIII. Masyarakat
Ngayogyakarta percaya menawa upacara Labuhan ingkang
didumadakaken kanthi tradisional nggadahi makna keslametan,
ketentreman, lan kesejahteraan masyarakat lan negara. Upacara
menika biasanipun dilaksanakaken wonten ing sekawan papan
ingkang jarakipun lumayan tebih. Tiap-tiap papan menika
nggadahi latar belakang sejarah saengga perlu lan layak
dipunadakaken upacara labuhan, papan menika:
Papan ingkang nomer setunggal, inggih menika Dlepih
utawa Dlepih Kahyangan,ingkang mapan wonten ing tlatah
Kecamatan Tirtomoyo, Kabupaten Wonogiri, Provinsi Jawa Tengah.
Papan ingkang nomer kalih, inggih menika Pantai
Parangtritis, woten ing sisih kidul Kota Ngayogyakarta ing pesisir
segoro kidul.
Papan ketiga, inggih menika ing pucuking Gunung Lawu,
perbatasan Surakarta lan Madiun.
Ingkang pungkasan, inggih menika pucuking Gunung
Merapi, Kabupaten Sleman, Provinsi Ngayogyakarta.

Miturut tradisi Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, Upacara


Labuhan dilaksanakaken secara resmi wonten ing acara-acara:
Pengangkatan Sultan.
Peringatan dinten Tingalan Jumenengan (Ulang Tahun
Pengangkatan Sultan).
Peringatan dinten Windon (Ulang Tahun Pengangkatan Sultan
saben 8 tahun).
Upacara Labuhan ugi kagem nglengkapi hajat saking Sri Sultan,
yaiku menawa Sri Sultan mantu.

Sawetara dinten sakderengipun dilaksanakaken Upacara


Labuhan, Sri Sultan nyerahaken guntinganguntingan kuku lan
guntingan-guntingan rambut kangge dipuntanem wonten ing
papan-papan tartamtu ing Pantai Paragtritis. Rasukan-rasukan
bekas Sri Sultan ugi dipuntanem wonten ing papan menika.
Bahan-bahan lan barang-barang sak lianipun ugi
dipunpersiapaken, yaiku: kemenyan, bahan kosmetik tradisional,
konyoh minyak wangi, rokok klobot wangi, klasa, nampi, bubuk
dupa (cupu), pundi-pundi (kampek), duit, lan papan khusus
kangge minyak wangi utawa bubuk dupa. Sak lianipun barang-
barang menika ugi wonten kalengkapaning kang menyertai
Upacara Labuhan menika, yaiku barang sesaji lan pustaka-
pustaka kraton.
Mboten heran menawa upacara tradisional ingkang langka
menika kathah narik minat wisatawan. Suasana kidmat upacara
lan para pembantu juru kunci ingkang nggadahi kewanenan
kagem ngalaksanakaken labuhan ugi para masyarakat igkang
ngrebutaken barang-barang ingkang dilabuh, ndadosaken
Upacara Labuhan narik kawigatosan wisatawan.
Upacara Labuhan menika selain kangge menuhi katentuan tradisi
uga kudu dijunjung duwur, nanging ugi ndadosaken objek wisata
ingkang narik kawigatosan para wiasatawan. Lan Upacara
Labuhan menika minangka upacara kearifan local ingkang perlu
dilestarikaken.
Saiyidatina Alfa N. ( 29 )
Silvia Rosyidatul ( 33 )

Upacara Ruwatan

I. ARTI UPACARA RUWATAN


Ruwatan kui kasil saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni.
Dene Upacara Ruwatan kui nduweni teges ngresiki, lan nyuceakake
menungso saka kasusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane
nanggap wayang purwa, kanthi lakon Murwa Kala.
Ruwatan iku salahsijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake
manungsa, utawa wilayah saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki
sejatine ndonga, nyenyuwun perlindungan marang Gusti Allah saka ancaman
bahaya-bahaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun
pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa
nyebabake bencana utawa sing dianggep bakal nuwuhake sial.

II. ASAL USUL


Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut
Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, Kala artine
bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kui nyritaake
babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala.
Crita singkate ngene :
Wektu kui Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi
Uma. Mabur ning dhuwur samudro
numpak lembu Andhini. Bathara Guru ora bisa nahan nafsu, kepengen dadi
siji marang Dewi Uma. Nanging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe
(sperma) Bathara Guru tiba ning donya, lan malih dadi makhluk sing gedhe,
yaiku raseksa. Raseksa kui mau mabur ning kayangan nggoleki bapake,
yaiku Bathara Guru. Bathara Guru ngakoni menawa kui putrane, lan raseksa
kui dijenengke Bathara Kala. Kala takon karo bapake, menungsa sing koyo
piye sing ethuk dadi pakanane. Bathara Guru njawab, yaiku manungsa sing
kalebu anak sukerta, yaiku sing duweni nasib sial amarga lairane utawa
menungso sing nduweni dosa. Kala medhuk nyang donya lan nggoleki
mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing kalebu anak sukerta kuwi
akeh banget. Menawa Kala ora dicegah menungso ning donya bakal enthek
dipangan Kala. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto
menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganaake upacara
Ruwatan. Lan Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji.

Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganaake upacara Ruwatan
kanggo anak sukerto, kanggo ngusir Bathara Kala. Upacara Ruwatan
nganggo nanggap wayangan sing lakone Bathara Kala, karo nyediaake sesaji
kanggo sangu Bathara Kala lungo nyang panggonane.

III. TUJUAN
Ruwatan iku tujuane kanggo mbalekake neng keadaan sedurunge, maksude
keadaan saiki sing kurang apik dibalekake neng keadaan sudurunge sing
apik. Tujuan liya ruwatan yaiku mbebasake wong utawa barang utawa desa
saka ancaman bencana sing kemungkinan bakal kedadiyan dadi isa
dianggep yen upacara adat iki sejatine kanggo tolak bala utawa mbuang sial.

IV. JENISE RUWATAN


1. Ruwatan kanggo awake dewe
Ruwatan kanggo awake dewe kui nduweni tujuan kanggo ngresiki salahsiji
uwong sing dianggep bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane mung ditebus
nganggo mertapa, poso, utawa nganaake slametan.
2. Ruwatan kanggo lingkungan
Ruwatan sing kanggo lingkungan, upamane omah. Tujuane :
- Nguwenehi pager ghoib kanggo nahan, nolak, lan mindahake apa wae sing
asipat negatif sing ono ning omah kui, utawa sing arep mlebu ning moah
sing diruwat. Biasane nganggo tumbal (sesaji) sing diperloake.
- Nguwenehi pager ghoib, supaya uwong sing nduweni niat ala ora iso mlebu
ning omah kui.
- Nguwenehi pager ghoib kanggo nggurung utawa nolak setan.
3. Ruwatan kanggo daerah
Ruwatan Daerah iku kanggo nolak bencana utawa bahaya ning daerah.
Biasane nanggap wayang purwa sing dilakoni wayah bengi. Tujuan liyane
yaiku dedonga supaya daerah kang diruwat kui makmur, ayem, lan tentrem.

V. ANAK SUKERTA
Miturut kepustakaan Pakem Ruwatan Murwa Kala Javanologi gabungan
saka pirang-pirang sumber, antarane saka Serat Centhini ( Sri Paku Buwana
V ), uwong sing kudu diruwat kui jenenge anak utawa uwong Sukerta .
Sing kalebu anak Sukerta yaiku :
1. Ontang-Anting, yaiku anak tunggal lanang utawa wedhok.
2. Uger-Uger Lawang, yaiku anal loro lanang kabeh.
3. Sendhang kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing mbarep lan ragil lanang lan
anak sing kaping loro wedhok.
4. Pancuran Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing mbarep lan ragil wedhok lan
anak sing nomer loro lanang.
5. Anak Bungkus, yaiku anak sing lahir kebungkus karo placenta.
6. Anak Kembar, yaiku anak loro sing lair bareng, lanang utawa wadon
kabeh, utawa kembar dampit yaiku kembar siji lanang siji wedhok.
7. Kembang Sepasang, yaiku anak loro wedhok kabeh.
8. Kendhana-Kendhini, yaiku anak loro, siji lanang siji wedhok.
9. Saramba, yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4.
10. Srimpi, yaiku anak wedhok kabeh, cacahe 4
11. Mancalaputra atau Pandawa, yaiku anak 5 lanang kabeh.
12. Mancalaputri, yaiku anak 5 wedhok kabeh.
13. Pipilan, yaiku anak 5, sing 4 wedhok, lan sing siji lanang.
14. Padangan, yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan siji wedhok.
15. Julung Pujud, yaiku anak sing lair pas matahari angslep.
16. Julung Wangi, yaiku anak sing lair pas matahari njedul.
17. Julung Sungsang, yaiku anak sing lair pas jam 12 awan.
18. Tiba Ungker, yaiku anak sing lair, terus mati.
19. Jempina, yaiku anak sing mati pas umur 7 sasi ning weteng.
20. Tiba Sampir, yaiku anak sing lair kalungan usus.
21. Margana, yaiku anak sing lair pas perjalanan.
22. Wahana, yaiku anak sing lair ning ngarep omah utawa ning latar
ngomah.
23. Siwah atau Salewah, yaiku anak sing lair nduweni 2 macem werna kulit,
ireng lan putih.
24. Bule, yaiku anak sing lair nduweni kulit koyo bule.
25. Kresna, yaiku anak sing lair nduweni kulit ireng.
26. Walika, yaiku anal sing lair prematur utawa cilik banget.
27. Wungkuk, yaiku anak sing lair nduweni geger sing bengkok.
28. Dengkak, yaiku anak sing lair nduweni geger sing nonjol, koyo geger
onta.
29. Wujil, yaiku anak sing dilairke cebol.
30. Lawang Menga, yaiku anak sing dilarke pas anane candakala yaiku
langit sing katon abang.
31. Made, yaiku anak sing dilairke ora nganggo lambaran/kloso.
32. Uwong sing ngliwet, ngebrukke Dandhang (wadah sing kanggo
ngiwet).
33. Mwcahke Pipisan lan nugelke Gandik (landesan lan watu sing
kanggo ngaluske bumbu).
34. Uwong sing manggon ning omah sing ora enek tutup keyonge
35. Uwong sing bobok ning dhuwur kasur ora ngganggo sprei (sing dinggo
nutup kasur).

VI. PIRANTI RUWATAN


Ana pirang-pirang piranti sing kudhu eneng ning upacara ruwatan. Piranti
sing digunaake miturut adat ning daerah dianeake ruwatan kui. Antarane :
Piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa, lakon Murwa Kala, yaiku :
1. Gamelan Jawa
2. Wayang Kulit sak kotak, komplit
3. Kelir utawa kain
4. Blencong utawa lampu minyak

Sesajen kang kudhu disediaake yaiku :


1. Tuwuhan, antarane ana gedhang raja sing uwis mateng lan apik, sing
ditegor karo gagange, lan cengkir gading utawa kelapa enom, wit tebu karo
godhonge, godhong ringin, godhong elo, godhong apa-apa, godhong serep,
godhong alang-alang, godhong meja lan kara, lan godhong kluwih sing
sakabehe ditali ngadhek ning cagak lawang. Nduweni teges dadi hiasan lan
penyuwunan.
2. Kembang mayang loro, sing uwis dipaes, diselehake ning mburi kelir kiwo
lan tengen, kembang setaman ning bokor, diselehake ning ngarepe dhalang
sing bakal dinggo kanggo ngedusi Batara Kala, lan wong sing diruwat.
3. Geni utawa watu areng ning jero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal
digunaake Kyai Dalang salebeting tanggapan.
4. Kain mori putih kurang luwih dowone 3 meter, digelar ning ngisor debog
panggungan saka kelir nyanti sak mburining kelir lan diwenehi kembang
mawar ning ngarepe kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Dene ning
mburi kelir pinangka panggonan lelenggahane Uwong sing diruwat kanti
nganggo selimut kain mori putih.
5. Gawangan kelir sisih nduwur, dipaes nganggo kain batik sing anyar,
cacahe 5, antarane kain sindur, kain bango tulak lan dikei pari segedeng.
Macem-macem sega sing kudhu ana, yaiku :
1. Sega Golong nganggo goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel pithik, Nasi
golong dengan perlengkapannya, goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel
ayam, sayur menir.
2. Sega Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe,
abang lan ijo, brambang, lan dele ireng.
3. Sega Kuning nganggo ondog pithik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.
Macem-macem bubur/jenang, yaiku :
1. Jenang abang
2. Jenang putih,
3. Jenang kaleh,
4. Jenang baro-baro (bubur sing werna-werna).

Macem-macem jajanan pasar, yaiku :


Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing dikei duwit, gula jawa, kelapa,
jajanan arupa blingo sing dikei werna abang, kemenyan kembang, banyu
sing diwadahke cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendi sing
isine banyu, empluk (kacang ijo, dele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pithik,
dan duwit sak sen).

Piranti liyane, yaiku :


1. Benang lawe, minyak kelapa kanggo lampu blencong.
2. Arupa kewan-kewanan misale manuk dara, pithik, utawa bebek.

VII. TATA CARA RUWATAN


Tata cara ruwatan antarane :
Nanggap wayang purwa kanthi lakon Murwa Kala
Kanggo keluarga sing ora mampu nanggap wayang, isoh ngundang dhalange
wae, tanpa nganggo gamelan lan wayange. Dhalange iso crita wae babagan
lakon Murwa Kala.
Dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambutlan siraman. Sing
bakal nyukur yaiku wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing
dicukur bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediaake.
Kanngo syarat, dijukuk sithik wae geteh saka asal siale. Getheh kui bakal
dilarung. Carane njukuk getheh yakui nganggo ri, trus dioleske ning kapuk
putih. Ri karo kapuke mau dilarung karo:
1. Beras 4 kg
2. Slawat 1 Dirham (duit regane emas 1 gram)
3. Pithik
4. Teklek (sandal saka kayu)
5. Benang Lawe sagulung
6. Endhok pithik sing lagi metu, durung enek sedina
7. Gula setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg
8. Rambut sing dicukur
9. Kelapa 1 cacahe
Kelapa, benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: Ingsung
ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake
apesing awakku.

VIII. PIWULANG NING UPACARA RUWATAN


Upacara Ruwatan sing dianaake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan.
Menawa digateake, upacara Ruwatan kui ora mung upacara nanggap
wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesajen nangging uga nduweni makna
saka urut-urutaning Upacara. Intine, Upacara Ruwatan kuwi nduweni
piwulang :
1. Menawa didelok syarat-syarate ruwatan, mesti ameh kabeh menungsa
kuwi kudu diruwat. Kuwi nuduhake rasa pepeling supaya menungsa kereb
sedekah kanggo kaslametan kita. Sakbenere kuwi ora kudhu ngganggo
upacara ruwatan amarga ruwatan kuwi karana katentreman ing jero ati.
2. Ruwatan mesti enek kaitane karo Batara Kala. Sakbenere, Kala kuwi artine
wektu. Nduweni ateges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi
karo wektu. Tuladhane, mbesok saben menungsa bakal meruhi mati.
3. Ruwatan kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita
tansah tumindak sing apik, lan ngedohi tuindak sing ala, sing bisa ndadeake
uripe menungsa ora tentrem.
Malam 23 Kolak Ayam

Ing Gresik ana ing desa kang aran Gumeno Kecamatan


Manyar, ana tradisi nggawe pitik compote saben wengi anjog
nganti 23 Ramadhan. Miturut sejarah, tradisi nggawe pitik
compote ing wengi kanggo 23 Ramadan wiwit nalika anak kaping
Dalem Sunan Giri Masjid mebangun Jamik kang ngawula
minangka panyebaran propaganda tengah Islam ing wilayah
Gumeno. Sawise Sunan Dalem pain saka jinis kang ora
dimangerteni ing penyakit, malah jinis ora ana medicine sing bisa
ngobati Sunan Dalem saka penyakit. Akhire Sunan Dalem
nindakake sholat Istikhara supaya Sunan Dalem nglek petunjuk
dari Allah tengen ing wengi saka 23 Ramadan.

Langsung Sunan Dalem para siswa kanggo nyiapake desa


jago sembelehan lan masak ing masjid menyang pitik compote.
Kanthi ijin saka Allah, sawise mangan pitik compote sajian Sunan
Dalem mbalekake saka penyakit. Wiwit tradisi wengi kanggo 23
Ramadhan ngawula minangka alms Kolak pitik minangka raos
sukur kanggo Allah SWT kanggo Recovery Sunan Dalem.

Desa Gumeno nggawe compote pitik saben 23 bengi


Ramadhan lan digunakake minangka sedekah kanggo menu buka
puasa. Malah tradisi compote pitik masak show wis arep ing 564
taun. Iku ora mung warga lokal sing seneng kuliner pitik kurban
compote, sawetara residents saka njaba Kabupaten kayata
Surabaya, Tuban, Lamongan, Bojonegoro, lan liyane sing teka ing
desa. Penikmat kolak ayam gumeno seneng ing ngarasakake
karakteristik santen kolak ayam gumeno ngrasakake "Legi"
(manis dicampur gurih kaldu ayam), panganan iki uga liyane yen
gegandhengan karo ketan.

Kanggo nggawe pitik compote dhewe njupuk watara 200


ayam jago , siji kuintal saka bawang daun , papat kuintal saka
gula lan 212 buah kelapa sing kabeh proses wis rampung dening
wong lokal. Unik pitik Kolak masak dening wong mung lan
kasebar jamah kumpul ing Masjid Jami 'Sunan Dalem sawise iftar.
Gumeno warga sing wis dienggoni ing panggonan liyane bakal
njupuk ngarep kanggo seneng pitik compote karo rosolan khusus
sangat iki.
Upacara Larung Sesaji

Upacara tradhisi kraton kang wis lawas kasilep, bareng diuripake


maneh tetela uga narik. Nalika diadakake upacara lurung sesaji ing
Bengawan Solo, sing padha nonton nganthi uyel-uyelan. Upacara
arupa ketupat, gedhang ayu, suru ayu lan jajanan pasar diadakake
minangka ing puncak acara pandak Syawalan ing Taman Satwa Taru
Juruk, sebelah wetan UNS. Tradhisi menika diadaake asipat event
tradhisional tingkat nasional . ing puncak acara wonten pecan
Syawalan gawe mantoake gajah keramat Kyai Anggara karo gajah
lulusan sekolah kuwi gajah Waykambas Lampung.

Pramila budaya kupat kuwi saktemene wis ana wiwit jaman


biyen seminggu sakwise Idul Fitri (badha) dianakake slametan
kupatan (megengan ing aran basa jawa) marang wong tua, para
sesepuh, tetangga lan kaluarga. Menika minangka syukuran dene wis
keparingan rahmat ing wulan Suci Ramadhan. Ananging ing jawa
diwontenaken upacara-upacara ingkang ngandung makna filosofis
saking upacara menik, upacara larung sesaji menika saking budaya
kraton, ora mung rame-rame nanging nelaake rasa syukur mring Gusti
Allah Kang Maha Agung.

Anda mungkin juga menyukai