Anda di halaman 1dari 8

‫بسم هللا الرحمن الرحيم‬

‫كـتاب نية‬
‫اعسون عاجي‬
Karya : Romo KH. Badawi Khanafi
PENDIRI PP AL-IHYA ULUMADDIN

Niyat ingsun ngaji, sing jeneng ngaji iku nular kaweruh, belajar kepinteran
agama Islam sing munggueh gusti Alloh, lan utusane gusti Alloh. Yoiku agomo kang
cocok karo dawueh Qur’ane gusti Alloh, lan Hadise utusane gusti Alloh, kang ketoto
poro sohabate utusane gusti Alloh lan tabingin tabingihim, ngulama salaf lan ahli
madzhab, kang ngumpulaken limang perkoro, ditekodaken ono ing ndalem ati,
diucapaken ono ing lisan, ditandangi nganggo badan. Rupinipun limang perkoro :
sewiji moco syahadat loro, kaping pindo sholat limang wektu ingdalem sedina
sa’wengine kelawan netepi syarat rukune, kaping telu zakat fitrah kelawan netepi
syarat rukune, kaping papat puoso wulan romadon kelawan netepi syarat rukune,
kaping lima haji maring baitulloh, kelawan netepi syarat rukune.
Agama Islam mau penggaweane wong ngéngér maring gusti Alloh. Kito putro
wayah Adam, rumongso ngéngér, rumongso dadi kawulo. Dengere yen kito
rumongso ngéngér dadi kawulo, kerono kito rumongso digawe lan rumongso
dicukupi, yoiku didadeake ono ing wetenge biyunge, dibabarake, diparingi rizqi
powan soko biyunge, mundak-mundak gede, manggon ono ing bumine gusti Alloh,
mangan pepanganane gusti Alloh, ngombe banyune gusti Alloh, nyandang
sesandangane gusti Alloh, ngalap padang srengenge, rembulan, lintang, lan liya-
liyane, kabeh iku kagungane gusti Alloh.
Tetep kito ngéngér, tetep kito dadi kawulo. Patrapané wong ngéngér dadi
kawulo, nyambut gawé manut tata hukumé pangéran kang dingéngéri. Kito bakal
bali ketemu pangéran kang dingéngéri. Yén kito wis nyambut gawé bener, manut
tata hukumé pangéran kang dingéngéri, ora didukani, didawuih nganggur, manggon
ono ing panggonan kang kepénak, énak, bungah, seneng, rejo, mulyo sa’lawase,
yoiku sing jeneng suwargo.
Yén kito ora nyambut gawé bener, ora manut tata hukumé pangeran kang
dingengeri, bakal bali ketemu pangeran kang dingengeri, didukani, didawuih
manggon ono ing panggonan kang loro, rekoso sa’lawas lawase, yoiku sing jeneng
Neroko.

1
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
Ing saréhning agama Islam mau kumpulé limang perkoro, kang dingin moco
syahadat loro; tegesé nekséni anané gusti Alloh lan utusané gusti Alloh. Yén
mengkono wau wiwit wajib ipun tiyang mukallaf puniko ma’rifat dateng gusti Alloh lan
dateng utusané gusti Alloh.
Ingkang nami ma’rifat puniko i’tikod ingkang kukuh, ingkang cocok
kawontenanipun, ingkang dipun tékodaken, ingkang medal saking dalil pemanggiéh
ponco ndriyo. Ma’rifat mau tembung ngarob, coro jawinipun nyumerapi dateng gusti
Alloh, lan dateng utusanipun gusti Alloh, kelawan nganggo peningaling manah,
ingkang medal saking dalil pemanggiéh ponco ndriyo.
Ing saréhning wiwit wajib ipun tiyang mukallaf puniko ma’rifat dateng gusti
Alloh, lan dateng utusanipun gusti Alloh. Yén mekaten kulo inggih nyumerapi
ingkang nami gusti Alloh puniko dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat
sempurno, mboten kekirangan, mboten kénging dipun koyo-koyo, mboten rupo,
mboten werno, mboten kontho, mboten arah, mboten enggen, cekap kulo tékodaken
wonten ing manah, kulo ucapaken ing lisan, kulo panggih, kulo raos nganggo
peningaling manah kémawon, kulo lampahi ngangge badan.
Dalilipun saged kulo sumerapi, ingkang nami gusti Alloh puniko dzat
setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurno, mboten kekirangan. Saking
kulo pikir, kulo nalar, kulo tingali saking badan kulo piyambak, lan sanés-sanésipun,
rupinipun : bumi, langit lan saisinipun. Déné pemikir kulo, penalar kulo, saking badan
kulo piyambak, mekaten kulo wau–waunipun mboten wonten, sa’puniko lajeng
wonten. Mongko pundi–pundi perkawis ingkang wau–waunipun mboten wonten
lajeng wonten dipun wastani perkawis énggal. Mongko pundi-pundi perkawis enggal
mboten saged enggal piyambak, kedah wonten ingkang ngénggalaken. Déné
ingkang ngénggalaken mesti kémawon mboten sami kelayan ingkang dipun
énggalaken. Lah, inggih puniko ingkang ngénggalaken kulo ingkang nami gusti
Alloh, dzat setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurna, mboten
kekirangan.
Dalilipun malih saged kulo sumerapi, ingkang nami gusti Alloh puniko dzat
setunggal, mesti wontenipun, ketetepan sifat sempurna, mboten kekirangan. Saking
kulo pikir, kulo nalar, kulo tingali saking bumi langit sa’isinipun. Déné pemikir kulo,
penalar kulo saking bumi saisinipun, mekaten bumi langit sa’isinipun kulo pikir–pikir
nami perkawis énggal. Saged kulo sumerapi bumi langit sa’isinipun nami perkawis
énggal, kerono kulo tingali ketetapan sifat énggal. Rupinipun sifat énggal : obah,
meneng, lan owah-owah. Rupinipun owah-owah : siang, ndalu, padang, peteng,
iyub, bentér, jawah, terang, andap, inggil, lan sanés-sanésipun. Sa’puniko kaleres
meneng, ndalu, peteng, terang, katah tiyang ngaos, lan sanés-sanésnipun. Mongko
pundit-pundi perkawis ingkang ketetepan sifat énggal inggih tumut énggal. Mongko
2
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
pundi-pundi perkawis ingkang enggal mboten saget énggal piyambak, kedah wonten
ingkang ngenggalaken. Dene ingkang ngenggalaken bumi langit sa’isinipun mesti
mboten sami kelayan bumi langit saisinipun. Lah, inggih puniko ingkang
ngenggalaken bumi langit sa’isinipun ingkang nami gusti Alloh, dzat setunggal, mesti
wontenipun, ketetepan sifat sempurna, mboten kekirangan.
Kulo nyumerapi poro utusanipun gusti Alloh. Déné poro utusanipun gusti Alloh
puniko Menungso jaler kang merdéko, kang sempurna kedadosanipun, ingkang
mboten wonten celanipun, ingkang keparingan wahyu jali lan wahyu khofi. Déné
gusti kulo, bendoro kulo, Nabi kulo, puniko kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaleres
putranipun Kyai ‘Abdulloh, wayahipun Kyai ‘Abdul Mutholib, Ibunipun Dewi Aminah,
tedakipun bongso Quraisy. Kanjeng Nabi Muhammad dipun putraaken wonten
Mekah, dangu-dangu ageng, sepuh , dados nabi, dados utusan, dipun utus mucal
agami Islam wonten ing negari Mekah. Ingkang dipun wucal sedoyo jin lan
menungso. Sagedipun wradin dipun tular-tular aken. Rumiyinipun mucal santrinipun
ingkang nami shohabat, shohabat mucal santrinipun ingkang nami tabi’in, tabi’in
mucal santrinipun ingkang nami tabi’ihim, tabi’ihim mucal santrinipun ingkang nami
‘ulama salaf, ‘ulama salaf mucal santrinipun ingkang nami ‘ulama kholaf, sa’teras-
terasipun, mucal-mucalaken henggo sa’priki, dumugi ing ngriki panggonan, Pondok
Pesantren Al-Ihya ‘Ulumaddin Kesugihan Cilacap(Disesuaikan dengan tempat
membacanya) lan sanés-sanésipun. Dangu-dangu kanjeng Nabi Muhammad
pindah wonten ing negari Madinah, mucal agami Islam wonten ing Madinah. Dangu-
dangu gerah, sedo, dipun saréaken wonten negari Madinah. Sa’sampunipun sedo
mboten wonten Nabi utusan malih henggo dumugi sa’priki ngantos dinten kiamat.
Dene wontenipun Nabi ‘Isa, mbenjang sa’caketipun dinten kiamat, namung
nerasaken piwucalipun kanjeng Nabi Muhammad. Sa’sampunipun kulo sumerapi
syahadat kalih, lajeng kulo nyumerapi ingkang nami sholat. Déné ingkang nami
sholat punika pendamelanipun tiyang ngéngér maring Gusti Alloh. Lah inggih puniko
pinten-pinten pengucap lan pinten-pinten pendamelan ingkang dipun penganggéni
syarat rukun, ingkang dipun kawiti takbirotul ihrom, ingkang dipun pungkasi salam.
Déné syarat wajib ipun sholat puniko wonten tigo : setunggal Islam, kaping kalih
baligh, kaping tigo nggadaih ngakal.
Kulo sumerapi sifat-sifatipun gusti Alloh. Dene sifat-sifatipun gusti Alloh
puniko kepérang dados tigo : setunggal sifat wajib, kaping kalih sifat mustahil, kaping
tigo sifat jaiz. Déné sifat wajibipun gusti Alloh puniko mboten wonten telas-telasipun,
muhalipun sa’monten ugi.
Déné ingkang dipun wajibaken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf
puniko namung kalih doso, muhalipun inggih kalih doso, jaizipun setunggal.

3
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
Rupinipun sifat wajib kalih doso inggih puniko : (1) wujud, (2) qidam, (3) baqo,
(4) mukholafatu lil-hawaditsi, (5) qiyamuhu ta’ala binafsihi, (6) wahdaniyah, (7)
qudrot, (8) irodat, (9) ‘ilmu, (10) hayat, (11) sama’, (12) bashor, (13) kalam, (14)
qodiron, (15) muridan, (16) ‘aliman, (17) hayyan, (18) sami’an, (19) bashiron, (20)
mutakalliman. Muhalipun : (1) ‘adam, (2) huduts, (3) thuruwwul ‘adam, (4)
mumatsalatu lil-hawaditsi, (5) al-la yakuna qoiman binafsihi, (6) al-la yakuna
wahidan, (7) ‘ajzu, (8) ‘adamul irodat, (9) jahl, (10) maut, (11) shomam, (12) ‘ama,
(13) bakam, (14) ‘ajizan, (15) ghoiro muridin, (16) jahilan, (17) mayyitan, (18)
shomman, (19) ‘amman, (20) bakiman. Wajib wujud muhal ‘adam, wajib qidam
muhal huduts, wajib baqo muhal thuruwwul ‘adam, wajib mukholafatu lil-hawaditsi
muhal mumatsalatu lil-hawaditsi, wajib qiyamuhu binafsihi muhal al-la yakuna
qoiman binafsihi, wajib wahdaniyah muhal al-la yakuna wahidan, wajib qudrot muhal
‘ajzu, wajib irodat muhal ‘adamul irodat, wajib ‘ilmu muhal jahlu, wajib hayat muhal
maut, wajib sama’ muhal shomam, wajib bashor muhal ‘ama, wajib kalam muhal
bakam, wajib qodiron muhal ‘ajizan, wajib muridan muhal ghoiro muridin, wajib
‘aliman muhal jahilan, wajib hayyan muhal mayyitan, wajib sami’an muhal shomman,
wajib bashiron muhal ‘amman, wajib mutakalliman muhal bakiman.
Wajib wujud muhal ‘adam, tegesipun mesti gusti Alloh wonten, mboten
pinanggih ngakal yen gusti Alloh mboten wonten. Wajib qidam muhal huduts,
tegesipun mesti gusti Alloh dingin tanpo kawitan, mboten pinanggih ngakal yen gusti
Alloh anyar. Wajib baqo muhal thuruwul ‘adam, tegesipun mesti gusti Alloh langgeng
tanpo pungkasan, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh kenging rusak. Wajib
mukholafatu lil-hawaditsi muhal mumatsalatu lil-hawaditsi, tegesipun mesti gusti
Alloh bénten kelayan perkawis énggal, mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh
sami kelayan perkawis énggal. Wajib qiyamuhu binafsihi muhal al-la yakuna qoiman
binafsihi, tegesipun mesti gusti Alloh jumeneng piyambak, mboten pinanggih ngakal
yen gusti Alloh mboten jumeneng piyambak. Ingkang nami jumeneng piyambak
puniko mboten dipun damel dzat sanés utowo tumémpél dzat sanés. Wajib
wahdaniyah muhal al-la yakuna wahidan, tegesipun mesti gusti Alloh setunggal,
mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh mboten setunggal. Ingkang nami
setunggaling gusti Alloh puniko mboten wewicalan kalih utawi tigo, utawi langkung
katah, lan mboten kesusun-susun dzatipun lan sifatipun. Wajib qudrot muhal ‘ajzu,
tegesipun mesti gusti Alloh kuoso, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh apes.
Wajib irodat muhal ‘adamul irodat, tegesipun mesti gusti Alloh kerso, mboten
pinanggih ngakal yen gusti Alloh kesereng. Wajib ‘ilmu muhal jahlu, tegesipun mesti
gusti Alloh ngudaneni, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh bodo. Wajib hayat
muhal maut, tegesipun mesti gusti Alloh gesang, mboten pinanggih ngakal yen gusti
Alloh sedo. Wajib sama’ muhal shomam, tegesipun mesti gusti Alloh midanget,
4
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh tuli. Wajib bashor muhal ‘ama, tegesipun
mesti gusti Alloh ningali, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh wuto. Wajib kalam
muhal bakam, tegesipun mesti gusti Alloh ngendiko, mboten pinanggih ngakal yen
gusti Alloh bisu. Wajib qodiron muhal ‘ajizan, tegesipun mesti gusti Alloh dzat
ingkang kuoso, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat inkang apes. Wajib
muridan muhal ghoiro muridin, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang kerso,
mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang kesereng. Wajib ‘aliman
muhal jahilan, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang ngudaneni, mboten
pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang bodo. Wajib hayyan muhal mayyitan,
tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang gesang, mboten pinanggih ngakal yen gusti
Alloh dzat ingkang sedo. Wajib sami’an muhal shomman, tegesipun mesti gusti Alloh
dzat ingkang midanget, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang tuli.
Wajib bashiron muhal ‘amman, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang ningali,
mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh dzat ingkang wuto. Wajib mutakalliman
muhal bakiman, tegesipun mesti gusti Alloh dzat ingkang ngendiko, mboten
pinanggih ngakal yén gusti Alloh dzat ingkang bisu.
Kulo nyumerapi sifat jaiz ipun gusti Alloh. Déné sifat jaiz ipun gusti Alloh
puniko wonten setunggal, pang ipun wonten sekawan, dados gangsal. Muhalipun
jaiz inggih gangsal. Rupinipun sifat jaiz setunggal : fi’lu wa tarku, pang ipun ‘adam
ta’tsir bil-quwwah, ‘adam ta’tsir bith-thob’i, hudutsul ‘alam biasrihi, yaf’alul asy-yaa’a
la lighordin. Muhalipun wujubul-fi’li wat-tarki, ta’tsir bil-quwwah, ta’tsir bith-thob’i,
qidamul-‘alam biasrihi, yaf’alul ays-yaa’a lighordin. Jaiz fi’lu wa tarku muhal wujubul
fi’li wa tarki, tegesipun kenging-kenging kemawon gusti Alloh damel ngalam utawi
tinggal damel ngalam, mboten pinanggih ngakal yén gusti Alloh wajib damel ngalam
utawi wajib tinggal damel ngalam. ‘Adam ta’tsir bil-quwwah, muhal ta’tsir bil-quwwah,
tegesipun mboten wonten setunggaling ngalam ingkang saged ngelabeti kelawan
kekiyatanipun piyambak, mboten pinanggih ngakal yén setunggaling ngalam saged
ngelabeti kelawan kekiyatanipun piyambak. ‘Adam ta’tsir bith-thob’i muhal ta’tsir
bith-thob’i, tegesipun mboten wonten setunggalipun ngalam ingkang saged ngelabeti
kelawan watekipun piyambak, mboten pinanggih ngakal yén setunggaling ngalam
saged ngelabeti kelawan watekipun piyambak. Hudutsul-‘alam biasrihi muhal
qidamul-‘alam biasrihi, tegesipun anyar sedodyonipun ngalam, mboten pinanggih
ngakal yen sedoyo ngalam dingin tanpo kawitan. Yaf’alul asy-yaa’a la lighordin
muhal yaf-alul asy-yaa’a lighordin, tegesipun gusti Alloh damel ing pinten-pineten
perkawis mboten wonten pengarahipun, mboten pinanggih ngakal yen gusti Alloh
damel pinten-pinten perkawis wonten pengarahipun.
Kulo nyumerapi sifat wajibipun poro Rosul. Dene sifat wajibipun poro Rosul
puniko wonten tigo, muhalipun wonten tigo. Rupinipun sifat wajib tigo puniko : (1)
5
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
shidiq, (2) amanah, (3) tabligh. Muhalipun inggih tigo, rupinipun : (1) kidzib, (2)
khiyanat, (3) kitman. Wajib shidiq muhal kidzib, tegesipun mesti temen poro
utusanipun gusti Alloh, mboten pinanggih ngakal yén goroh poro utusanipun gusti
Alloh. Wajib amanah muhal khiyanat, tegesipun mesti pinercoyo poro utusanipun
gusti Alloh, mboten pinanggih ngakal yén cidro poro utusanipun gusti Alloh. Wajib
tabligh muhal kitman, tegesipun mesti nekaaké poro utusanipun gusti Alloh, mboten
pinanggih ngakal yén ngumpet poro utusanipun gusti Alloh. Sifat jaizipun poro Rosul
puniko wonten setunggal, muhalipun jaiz ugi setunggal. Rupinipun jaiz setunggal
puniko : wenang ketetepan sifat a’rodlul basyariyyah, tegesipun kenging-kenging
kemawon poro Rosul ketetepan sifat bongso menungso, kadosto : dahar, ngunjuk,
kromo putro, tetindakan, tetumbasan, lujeng, gerah, sédo, lan sanés-sanés ipun.
Muhal yén poro Rosul ketetepan sifat uluhiyyah, tegesipun mboten pinanggih ngakal
yén poro Rosul keketepan sifat bongso kepengéranan, kadosto : damel ngalam
kelawan mawi kekiyatanipun piyambak utawi ngehaki dipun sembah.
Pengucap ‫ل للاه‬ ُ ‫س ْو‬
ُ ‫ ُم َح َّم ٌد َر‬puniko nglebetaken iman sekawan. Inggih
meniko:(1)ngimanaken poro Nabi, (2) ngimanaken poro Malaikat, (3) ngimanaken
kitab bongso langit, (4) ngimanaken dino akhir.
Jumlahipun mu’taqod ingkang dipun wajib aken nyumerapi saben-saben
tiyang mukallaf puniko wonten séket utawi sewidak kalih, inggih puniko sifat
wajibipun gusti Alloh kalih doso, muhalipun inggih kalih doso, jaizipun setunggal,
muhalipun inggih setunggal, dados kalih. Kalih lan sekawan doso wonten kawan
doso kalih. Lah inggih puniko ingkang sa’jatosipun sifat wajib, mustahil, jaizipun gusti
Alloh. Sifat wajib ipun poro Rosul tigo, muhalipun tigo, dados nenem, jaizipun
setunggal, muhalipun jaiz setunggal, dados kalih. Kalih lan nenem wonten walu. Lah
inggih meniko ingkang sa’jatosipun sifat wajib, mustahil, jaiz ipun poro Rosul. Walu
lan sekawan doso kalih wonten seket. Lah inggih meniko jumlahipun mu’taqod
ingkang dipun wajib aken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf wonten séket,
ingkang mlebet wonten pengucap ‫ل للا‬ ُ ‫آل الهَ إهالَّ للا ُم َح َّم ٌد َر‬. Sagedipun mlebet
ُ ‫س ْو‬
sewidak kalih kerono ngepangaken sifat jaizipun gusti Alloh sekawan, muhalipun
inggih sekawan. Sekawan lan sekawan wonten walu. Pengucap ‫ل‬ ُ ‫س ْو‬
ُ ‫ُم َح َّم ٌد َر‬
‫ للا‬puniko nglebetaken iman sekawan. Sekawan lan walu wonten kalih welas. Kalih
welas lan séket wonten sewidak kalih. Lah inggih puniko jumlah ipun mu’taqod
ingkang dipun wajibaken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf ingkang sewidak
ُ ‫آل الهَ هإالَّ للا ُم َح َّم ٌد َر‬.
ُ ‫س ْو‬
kalih, ingkang mlebet wonten ing pengucap ‫ل للا‬
Sagedipun mlebet krono ningali pengucap ‫آل الهَ إهالَّ للا‬, ing ngriki wonten lafal
Alloh ingkang asmanipun dzat ingkang ketetepan sifat uluhiyyah. Sifat uluhiyyah
anggadaih makna kalih: (1) istighnaul-ilaahi ‘an kulli ma siwahu; tegesipiun
semugieh Alloh, andoh saking saben-saben barang kang sa’liyane Alloh. (2) iftiqoru
6
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
kulli ma ‘adaahu ilaihi, tegesipun karepe saben-saben barang kang sa’liyane Alloh,
karep maring Alloh.
Ma siwahu puniko nggadaih ngibarot gangsal : (1) ngibarot fa’il, (2) ngibarot
mahal, (3) ngibarot maf’ul, (4) ngibarot mukammil, (5) ngibarot wasithoh. Ma siwahu
ingkang ngibarot fa’il nglebetaken mu’taqod sifat wajibipun gusti Alloh kelima sigar,
muhalipun inggih kelima sigar. Rupinipun sifat wajib kelima sigar inggih puniko : (1)
wujud, (2) qidam, (3) baqo, (4) mukholafatu lil-hawaditsi, (5) qiyamuhu binafsihi.
Sa’sigar inggih puniko ingkang makna : la yaftaqiru ilal-faa’ili, tegesipun gusti Alloh
mboten karep dateng ingkang ndadeaken. Muhalipun : (1) ‘adam, (2) huduts, (3)
thuruwwul ‘adam, (4) mumatsalatu lil-hawaditsi, (5) al-la yakuna qoiman binafsihi,
sa’sigar ingkang makna yaftaqiru ilal-faa’ili. Kelima sigar lan kelima sigar dados
wonten songo. Ma siwahu ingkang ngibarot mahal nglebetaken sifat wajib ipun gusti
Alloh sa’sigar, muhalipun inggih sa’sigar. Rupinipun mu’taqod sifat wajibipun gusti
Alloh sa’sigar : qiyamuhu binafsihi, sa’sigar ingkang makna la yaftaqiru ila mahallin,
muhalipun sa’sigar ingkang makna yaftaqiru ila mahallin. Sa’sigar lan sa’sigar dados
wonten setunggal. Setunggal lan songo dados wonten sedoso. Ma siwahu ingkang
ngibarot maf’ul nglebetaken sifat wajibipun gusti Alloh songo, muhalipun songo.
Rupinipun sifat wajibipun gusti Alloh songo inggih puniko : (1) wahdaniyyah, (2)
qudrot, (3) irodat, (4) ‘ilmu, (5) hayat, (6) qodiron, (7) muridan, (8) ‘aliman, (9)
hayyan. Muhalipun : (1) al-la yakuna wahidan, (2) ‘ajzu, (3) ‘adamul irodat, (4) jahlu,
(5) maut, (6) ‘ajizan, (7) ghoiro muridin, (8) jahilan, (9) mayyitan. Songo lan songo
dados wonten walulas, lan sedoso dados walu likur. Ma siwahu ngibarot mukammmil
nglebetaken sifat wajibipun gusti Alloh nenem, muhalipun inggih nenem. Rupinipun
sifat wajibipun gusti Alloh nenem inggih puniko : (1) sama’, (2) bashor, (3) kalam, (4)
sami’an, (5) bashiron, (6) mutakalliman. Muhalipun : (1) shomam, (2) ‘ama, (3)
bakam, (4) shomman, (5) ‘amman, (6) bakiman. Nenem lan nenem wonten kalih
welas, lan walu likur dados wonten kawan doso. Ma siwahu ngibarot wasithoh
nglebetaken sifat jaizipun gusti Alloh setunggal, pangipun sekawan, dados gangsal,
muhalipun inggih gangsal. Rupinipun mu’taqod sifat jaiz ipun gusti Alloh setunggal
puniko fi’lu wa tarku. Pang ipun ‘adam ta’tsir bil-quwwah, ‘adam ta’tsir bith-thob’i,
hudutsul-‘alam biasrihi, yaf’alul asy-ya’a la lighordin. Muhalipun wujubul fi’li wa tarki,
ta’tsir bil-quwwah, ta’tsir bith-thob’i, qidamul-‘alam biasrihi, yaf’alul asy-ya’a lighordin.
Gangsal lan gangsal dados sedoso. Sedoso lan kawan doso dados wonten séket.
Lan inggih puniko mu’taqod seket ingkang mlebet wonten ing pengucap ‫آل الهَ إهالَّ للا‬.
Pengucap ‫للا‬ ‫س ْو ُل‬
ُ ‫ ُم َح َّم ٌد َر‬nglebetaken mu’taqod kalih welas. Sagedipun
mlebet kerono ningali pengucap ‫ل للا‬ ُ ‫س ْو‬
ُ ‫ ُم َح َّم ٌد َر‬, tegesipun kanjeng nabi Muhammad
meniko dados utusanipun gusti Alloh. Ing mongko sedoyo utusanipun gusti Alloh
meniko kagungan sifat wajib tigo, muhalipun inggih tigo. Rupinipun wajib tigo inggih
7
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com
puniko : (1) shidiq, (2) amanah, (3) tabligh. Muhalipun : (1) kidzib, (2) khiyanat, (3)
kitman. Jaizipun poro Rosul puniko wonten setunggal, muhalipun jaiz inggih
setunggal, wenang ketekanan sifat a’rodlul basyariyyah, muhal ketekanan sifat
uluhiyyah. Setunggal lan setunggal dados wonten kalih, kalih lan nenem dados
wonten walu. Pengucap ‫ل للا‬ ُ ‫س ْو‬
ُ ‫ ُم َح َّم ٌد َر‬nglebetaken iman sekawan : (1)
ngimanaken poro nabi, (2) ngimanaken poro malaikat, (3) ngimanaken kitab bongso
langit, (4) ngimanaken dino akhir. Sekawan lan walu dados wonten kalih welas.
Puniko mu’taqod kalih welas ingkang mlebet wonten ing pengucap ‫ل للا‬ُ ‫س ْو‬
ُ ‫ ُم َح َّم ٌد َر‬.
Kalih welas lan seket wonten sewidak kalih. Lah inggih puniko jumlahipun mu’taqod
sewidak kalih ingkang dipun wajibaken nyumerapi saben-saben tiyang mukallaf
ingkang mlebet ing pengucap:
ُ ‫آل الهَ هإالَّ للا ُم َح َّم ٌد َر‬
ُ‫س ْو ُل للا‬

TANBIH!!!

INI ADALAH VERSI YANG TERJEMAHKAN BAHASA INDONESIA DAN TIDAK DI


TASHIH.BILA ADA KESALAHAN,SESUAIKAN DENGAN YANG SUDAH DI TASHIH
OLEH PENGASUH.

8
Kang Shidiq
Santrikami.blogspot.com

Anda mungkin juga menyukai