Anda di halaman 1dari 6

PEMERINTAH KABUPATEN BANJARNEGARA

DINAS PENDIDIKAN KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA


UPT DINDIKPORA KECAMATAN MANDIRAJA
Jl. Klinik Lama Nomor 54 Mandiraja Kulon Kec. Mandiraja Kab. Banjarnegara 53473

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas : V ( Lima )

Hari, Tanggal : Jum’at, 21 September 2018

Waktu : 07.30 - 09.00 WIB

PITUDHUH
1. Tulisen jenengmu ing pojok tengen dhuwur !
2. Wacanen kanthi patitis!
3. Garapen luwih dhisik pitakon kang kok anggep gampang!
4. Nyuwun periksa marang gurumu menawa ana tulisan kang kurang cetha!
5. Titinen maneh sadurunge kok aturaken marang bapak/ibu gurumu!

Nomor Nilai
Nilai
KD / Soal per
KD
Soal Soal

3.1 Memahami teks pidato.


Wacanen teks pidhato ing ngisor iki!

Pidhato Perpisahan

Assalammu'alaikum Wr. Wb.

Bapak Sutarman minangka Kepala Sekolah ingkang kula bekteni. Bapak/lbu Guru
SD Sida Mulya ingkang kula bekteni. Bapak/ Ibu tiyang sepuh saking mas Ian mbak
kelas VI ingkang kinurmatan Mas Ian Mbak kelas VI ingkang kula tresnani.
Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja dhumateng Gusti
ingkang Akarya Jagad, awit dinten menika kita taksih saged kempal wonten aula
sekolah kanthi bagas waras, kalis ing rubeda nir ing sambikala.
Keparenga kula pun Maharaja minangka sesulih siswa-siswa ing SD Sida Mulya,
ngaturaken sugeng rawuh ing acara perpisahan siswa-siswa kelas VI ingkang sampun
purna anggenipun sekolah kanthi lancar samudayanipun. Kula minangka adhik kelas,
ngaturaken slamat kagem Mas saha Mbak kelas VI ingkang gunggungipun 40, ingkang
sampun lulus sadaya kanthi biji ingkang sae. Sadaya kala wau, awit saking
panggulawentahipun Bapak/lbu Guru SD Sida Mulya utaminipun Ibu Guru Saraswati
ingkang ngastha kelas VI ingkang tansah sabar anggenipun mbimbing para siswa.
Mugi-mugi kula kaliyan rencang-rencang saged nuladhani semangat Mas saha
Mbak ingkang satuhu darnel bombonging manah kula Ian darnel kuncaraning SD Sida
Mulya. Mugi-mugi Mas kalian Mbak sakalian ugi saged nerasaken sekolah wonten ing
SMP, taksih pinter Ian emut dhateng Bapak/lbu Guru, mbangun miturut dhateng tiyang
sepuh, saha mboten kesupen tansah nyaketaken anggenipun manembah dhumateng
Gusti.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun
pangapunten. Nuwun.

Wassalammualaikum wr, wb.

Nomor Nilai
Nilai
KD / Soal per
KD
Soal Soal
1. Pidhato kuwi diwacakake ing acara perpisahan kanggo .... 5
2. Guru kang ngasta kelas VI asmane .... 5
Keparenga kula pun Maharaja minangka sesulih siswa-siswa ing
3. SD Sida Mulya. 5
Sesulih tegese ….
Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja
4. dhumateng Gusti ingkang Akarya Jagad. 5
Ukara ing pidhato kuwi kalebu perangan ....
Mugi-mugi Mas kalian Mbak sakalian ugi saged nerasaken
5. sekolah wonten ing SMP. 5
Ukara iku ing pidhato kalebu ....
6. Pidhato ing basa Jawa uga sinebut .… 5
Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
7. 5
Ukara kuwi ing basa Jawa kalebu .... 100
8. Basa sing digunakake kanggo pidato ulang tahun karo kanca- 5
kanca yaiku ....
9. Nulis pidhato kudu cocog karo .... 5
Sadaya kala wau, awit saking panggulawentahipun sadaya
10. Bapak/ Ibu Guru SD Sida Mulya. 5
Panggulawentah tegese ....
11. Apa bae perangan kang kudu ana ing teks pidhato sing apik? 10
Kenangapa yen pidhato ing ngarepe wong tuwa kudu nganggo basa
12. 10
krama sing alus?
13. Apa bae aspek-aspek kang kudu digatekake nalika maca pidhato? 10
14. Apa bae tujuan pidhato iku? 10

15. Tulisen salam panutup pidhato kanggo tema perayaan hari 10


Pramuka ing sekolahmu!

1003.2 Memahami teks cerita wayang Pandawa

Tamatna cerita wayang ing ngisor iki!


Satriya Sekti Mandraguna

Adipati Karna kang dadi senopati Kurawa, kaapit dening Durgandasena, Durta,
Ian Jayarata. Dene Pandhawa, ngangkat Arjuna dadi senopati kaapit dening Werkudara.
Raden Arjuna, satriya panengahing Pandhawa wis ganti busana keprabon. Jalaran
pintere Prabu Kresna anggone ndandani Arjuna, yen disawang ora ana bedane karo
Adipati Karna satriya ing Ngawangga. Arjuna Ian Karna kaya jambe sinigar jalaran
kekarone nunggal Ibu.
Karna Ian Arjuna wis padha siyap ing kretane dhewe-dhewe. Karna dikusiri
Prabu Salya, mertuwane dhewe. Karna mangerti yen Prabu Salya ora legawa Ian atine
ora seneng menehi panyengkuyung marang Kurawa. Prabu Salya kapeksa mbelani
Kurawa jalaran Surtikanti, putrane dadi bojone Karna Ian Karna suwita marang
Duryudana.
Raden Arjuna uga wis siyaga ngadhepi paperangan kanthi dikusiri Prabu
Kresna. Turangga cacah wolu kang dikirim Dewa Wisnu lumantar Prabu Kresna uga wis
siyaga narik kreta Kyai Jaladara. Turangga- turangga mau bisa mangerteni apa kang
dikarepake bendarane, malah-malah bisa mlaku tanpa kendhali kusire. Prabu Kresna
ngutus Arjuna supaya njaluk pangestu Ian atur pangabekti marang Adipati Karna.
"Kakangmas Karna, ngaturaken sembah pangabekti. Pangapunten kakang,
kula mboten badhe nantang perang kaliyan Kakangmas amargi kakangmas menika
sedherek kula. Awit saking menika, mangga kula aturi makempal kaliyan kadang-kadang
Pandhawa ing pakemahan!"
"Arjuna adhiku, mangertia. Wis kaping pira bae kadang-kadang Pandhawa Ian
Prabu Kresna ngajak aku supaya melu Pandhawa. Nanging adhi, jejering satriya utama,
kudu berbudi bawa laksana, ngugemi prasetya, ora tinggal glanggarig colong playu.
Adhiku Arjuna, sejatine dalan nuju kamulyanku ya nyorohake patiku marang sliramu.
Mula kang saka iku, ayo enggal diwiwiti perang tandhing iki minangka jejibahanku
mbelani nagara Hastinapura kang wis menenehi kamulyan ndonya marang aku!"
"Kakangmas Karna, kula nyuwun pangapunten. Perang menika kedah
kalampahan kagem netepi dharmaning satriya utama jumbuh kaliyan dharmaning
nagari!"
Bubar pada menehi pakurmatan, perang tandhing Arjuna Ian Karna banjur
kawiwitan. Kekarone padha-padha digdaya sekti mandraguna. Kaprigelan perang, aji
jaya kawijayan, guna kasantikan ditokake kabeh. Nyerang Ian endha nganthi ngambah
gegana, kekarone padha manjing ing palagan. Sapa bae kang nonton perang mau bakal
gumun Ian kaget jalaran kekarone padha-padha prigel, sekti mandraguna, Ian ora ana
sing kalah
Nomor Nilai
Nilai
KD / Soal per
KD
Soal Soal
16. Karna kasatria ing . . . . 5
17. Garwane Adipati Karna yaiku .... 5
18. Sing dadi kusire Arjuna yaiku .... 5
Sadurunge perang, Arjuna diutus Prabu Kresna supaya ...
19. 5
marang Adipati Karna.
Akeh satriya kang wis padha nemahi pralaya. Pralaya tegese . . .
20. 5
.
Gawea ukara migunakake tembung-tembung ing ngisor iki nganggo
basa krama!
21. 15
a. Gugur 100
b. Asma
Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama!
22. 15
Apa tugase Prabu Salya ing paprangan?
Turangga cacah wolu kang dikirim Dewa Wisnu lumantar Prabu Kresna
23. uga wis siyaga. 15
Apa tegese turangga ana ukara ing nduwur?
Apa kang dikarepake saka ukara: Jejering satriya utama kudu berbudi
24. 15
bawa laksana?
Kenangapa kang nonton perange Karna karo Arjuna padha gumun lan
25. 15
kaget?

KUNCI JAWABAN

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V ( Lima )

NILAI NILAI
NO KUNCI JAWABAN KD
SOAL KD

1 Siswa kelas VI kang lulus 5

2 Saraswati 5

3 wakil 5

4 purwaka 5

5 pangarep-arep 5

6 sesorah 5

7 parikan 5

8 basa ngoko 5
3.1 100
9 kahanane 5

10 piwulang 5

11 Pambuka, isi, dudutan/kesimpulan, panutup 10

12 Amrih ungaah-ungguhe/ sopan santune marang wong tua 10

13 Isi, intonasi, praupan/mimik 10

14 Kanggo paring informasi, tanggap wacana/sambutan, nasehat 10

15 Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi pramuka


10
tansah jaya, salam pramuka!

16 ngawangga 5

17 Surtikanti 5

18 Kresna 5

19 njaluk pangestu Ian atur pangabekti 5


3.1 100
20 pati 5

21 a. Para satriya sami gugur ing peperangan,


15
b. Putranipun Bopo RT dipun paringi asma Saefudin

22 Tugasipun Prabu Salya ing paprangan inggih punika dados 15


kusiripun Adipati Karna.
23 Jaran 15
24 Amarga kekarone padha-padha prigel 15

25 Yen ngomong kudu netepi omongane 15

NAMA

NO URUT

LEMBAR JAWAB

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas : V ( Lima )

NILAI NILAI
NO JAWABAN KD
SOAL KD

6
3.1
7

10

11

12
13

14

15

16

17

18

19

20
3.2
21

22

23

24

25

Anda mungkin juga menyukai