Anda di halaman 1dari 2

Contoh Artikel Bahasa Jawa Tentang Kebudayaan

Nglestarakake budaya sing ana neng Indonesia dadi babagan sing


penting amarga anyak mlebune budaya-budaya asing menyang
Indonesia. Kurange filterisasi adhep budaya asing sing mlebu
menyang Indonesia nggawe budaya sing ana neng Indonesia anyak
luntur mboko setitik.
Dadi contho sing yen ana dina-dina gedhe neng Indonesia
masyarakat saiki umume mengeti kanthi cara hura-hura. Kurange
kelingan lan ora anane filterisasi dadi ancaman sing serius kanggo
kebudayaan neng Indonesia.

Ora mung kuwi, lunture kebudayaan neng Indonesia sangka dene


arus globalisasi sing cepet banget, dianyak saka tekhnologi, nganti
basa ugo dadi korban. Awake dhewe delok wae, arang banget
anak-anak saiki sing dolanan-dolanan tradisional, sing meraka ngerti
mung playstation(PS). kuwi contho sing ala banget kanggo Indonesia.

Dudu mung kuwi akehe kebudayaan Indonesia sing di claim dening


negara liya ugo dadi ancaman sing serius banget kanggo bangsa
Indonesia, kurang proteksi lan arange ditampilake sawijining
kebudayaan kesebuta sing marakake Indonesia wis kelangan akeh
budaya utawa diaku duwe negara liya.

Nanging pancen ora etis yen awake dhewe mung ngomongna


pengaruh-pengaruh sing bisa nglunturke kebudayaan neng Indonesia.
Awake dhewe selaku bangsa lan rakyat Indonesia sakudune eling,
kanggo pentinge bentuk sawijining kebudayaan. Dudu mung mahami,
nanging anyak saka saiki nyoba kanggo tetep nglestarekne
kebudayaan-kebudayaan sing ana neng Indonesia. Kajaba kuwi,
kudu ditingkatake dheweke rasa nasionalisme kanggo negara warga
Indonesia.

Aja nganti, kedaden-kedaden sing wis bisa nglunturke kebudayaan


kedadean maneh ana wektu sing arep teka. Aja uga anak putu awake
dhewe, ora ngerti apa kuwi wayang golek,wayang kulit, joged-joged
tradisional kaya tari saman, piranti musik tradisional. sarehdene kuwi,
nguganana saka saiki kanggo ningkatake rasa kebangsaan, lan
nasionalisme, supaya awake dhewe bisa tetep njaga kebudayaan.

Nama: Annisa Permata Elgasari


Kelas/absen: X MIPA 7/04

Anda mungkin juga menyukai