Anda di halaman 1dari 4

Nama Anggota:

1) Siti Nur Asyiyah (33)

2) Wantika Oryza Sativa (34)

3) Widi Agustina (35)

4) Zelika Ayu (36)

Kelas XI AKL 3

Identitas Buku:

 Judul Buku : SAWISE LANGIT KATON BIRU

 Pengarang : YUNANI (SRI WAHYUNI)

 Penerbit : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ)

Unsur Intrinsik:
 Tema:
BAB 1 :
BAB 2 :
BAB 3 :
BAB 4 :
BAB 5 :
BAB 6 :
BAB 7 :
BAB 8 :
BAB 9 :
BAB 10 :
 Paraga lan Watak:
BAB 1 :
BAB 2 :
BAB 3 :
BAB 4 :
BAB 5 :
BAB 6 :
BAB 7 :
BAB 8 :
BAB 9 :
BAB 10 :

 Latar/Setting:
BAB 1 :
BAB 2 :
BAB 3 :
BAB 4 :
BAB 5 :
BAB 6 :
BAB 7 :
BAB 8 :
BAB 9 :
BAB 10 :
 Alur Cerita:
BAB 1 :
BAB 2 :
BAB 3 :
BAB 4 :
BAB 5 :
BAB 6 :
BAB 7 :
BAB 8 :
BAB 9 :
BAB 10 :
 Sudut Pandang:
BAB 1 :
BAB 2 :
BAB 3 :
BAB 4 :
BAB 5 :
BAB 6 :
BAB 7 :
BAB 8 :
BAB 9 :
BAB 10 :
 Amanat:
BAB 1 :
BAB 2 :
BAB 3 :
BAB 4 :
BAB 5 :
BAB 6 :
BAB 7 :
BAB 8 :
BAB 9 :
BAB 10 :
SINOPSIS
Srengenge wis ngglewang mengulon. Hawa ing kutha batu sansoyo adem lan katon endah.Omah
cet ijo ing jalan punakawan pojok dewe kuwi katok sepi. Nanging jendelane omah cat ijo siseh mburi
katon menga. Sawijining remaja putri nyingkap kordene nyawang menjaba.remaja putri kasebut ayu
nanging nduweni mripat wuta. Retna,kenya kang wuta kuwi unjal ambegan landhung karo nutup korden
jendela banjur nyedaki meja rias. Telulas taun kepungkur, ing ngarep kaca rias kuwi retna iseh bisa
weruh. Retno kaget njenggirat nalika krungu kumlesede swara sandal marani kamare. Iku suwara sandale
eyange retno kan ngopeni deweke sing jenenge bu purwa. Eyange retno nyampekake layang saka
mbakyune sing jenenge endah kang isine yen mbakyune arep mbiayai operasine retno lan mbakyune
arep nyatukke hubungane karo hendratmo kang nduweni pekerjaan dadi dokter mata. Mbak endah
badhe datheng niliki retno.Retna seneng ndungu kabar iku. Pengarep arepe saya gedhe, mripate bisa
ndeleng maneh kaya 13 tahun kepungkur. Eyange retno uga melu seneng banget ndungu kabar iku.
Retno grayah-grayah meja rias njupuk sisir langsung njungkati rambute karo di ewangi eyange. Banjur
retno lan eyange crito sepuro gedene perjuangane endah marang retno adine. Retno nduweni janji bakal
mbales perjuangan lan pengorbanane mbak endah kanggo awake. Kang iso nglipur deweke selama iki yo
mung mbakyune. Sawise mbakyune kerjo ning jakarta,retno krasa kasepen. Ing wektu wektu kaya
mengkono mung pastur robertus sing bisa ngancani uripe. Rama robertus yoiku wong sing ngajari
piwulang agama ing retno. Sawise kuwi retno pesen ing eyange yen mbakyune teko kudu dimasakke sing
enak-enak.

Jam lima esok retno wis tangi. Dina kuwi mbakyune arep teko karo pasangane. Bu purwa nyiapke
masakan kanggo endah karo di iwangi siti. Siti iku rerewange bu retno. Jam 10:00 sing di enteni teka.
Nanging indah dewekan merga hendramatmo ngurusi pindahe ing rumah sakit Husada. Retno seneng
banget mbakyune teko. Wong loro banjur grupyuk rangkulan podo ngesun. Banjur wong loro podo
dhahar nanging bu purwa ora melu dahar mergo wis sarapan esuk mau. Pas retno karo endah podho
padonan ning njero kamar, calone endah teko. Endah banjur nyambut hendratmo lan ngenalke
hebdratmo karo retno. Nalika weruh kenya ayu ing njero kamar atine hendratmo kaget banget. Bocah
wadon ing ngarepe iku ayu banget prasasat tanpa cacad. Hendratmo jembar pasrawungane. Akeh
kancane wadon sing ayu-ayu. Nanging weruh retna kok atine bisa kepranan banget. Banjur wong 3 mau
padha padonan mbahas rencana operasi netrane retno.

Dina sabtu esok daleme pak hadi ing patemon timur padha ribut tata-tata nyiapke dhina dhaupe
endah karo hendratmo. Endah lan hendratmo nata kamar dewe ora di opahake marang wong liya.
Anggone tata-tata pada grenengan ngrembug retno sing ora gelem teka. Hendratmo lah endah pengen
yen retnn iso nekani acara mantenane. Banjur hendratmo nekad mangkat menyang batu mapak retno
supaya gelem teka ing acara mantenan. Retno kagete ora njamak reti hendratmo sing teko. Retno di
pekso karo di rayu-rayu supaya atine luluh lan gelem melu nekani mantenane mbakyune lan hendratmo.
Ora suwe olehe guneman akhire retno gelem melu hendratmo nekani mantenane karo mbakyune. Ning
kana retno ora gelem melu ing gereja nekani acara mantenan. Retno mung meneng ing kamar kanthi ati
bungah mergo mbakyune bakal dadi manten kalih hendratmo.

Retno saiki tansah katon bingar lan kerep metu saka kamare. Eyange melu remen penggalihe
ndeleng owah-owahhan mau, Bu Purwo ngerti yen retno seneng atine, merga bakal weruh maneh.
Sawijining dino minggu esuk retno lelungguhan neng teras ngarep, Retno ngenteni mbakyune sing wis
sewulan kepungkur ora tilik Batu lan ora ono kabare amerga lagi Bulan Madu. Lagi nggagas sing diarep-
arep tekane dumadakan keprungu swara motor mlebu plataran. Jebul mau swara motore Hendratmo,
nanging sing metu saka motor mau mung Hendratmo dewekan ora bareng Endah. Hendratmo banjur
jagongan karo Retno neng ruang tamu, nyritakake anggone Bulan Madu menyang bali banjur nyritakake
rencanane arep ngoperasi mripate retno jalaran wis ono donor mata. Polatare retno katon bingar banget
pangarep-arepe sing selawase iki mung ana pangimpen bakal dadi kenyataan, deweke bakal bisa ndeleng
maneh. Sawise kuwi, retno mlaku dikanthi Hendratmo menyang kebon buri omah; Hendratmo gumun
weruh kebon ape ling buri omah, apele nguwoh pathing grandul, kabeh mau sing nandur Eange retno
nanging ditandangi Pak Karto karo anake lanang. Retno banjur grayah-grayah goleki apel nanging ora
sengaja sikile nyandung dengkule Hendratmo banjur ambruk ngebreki awake Hendratmo, atine
Hendratmo kumesar nalika weruh rok’e Retno nyingkap mendhuwur, tanpa disadari alon-alon lambene
retno diaras kebak rasa asih, sakala retno jenggirat ngroncal tangi. Kahanan sepi nyenyet, tanpa
ngomong apa-apa retno mlaku ninggalke panggonan mau. Hendratmo banjur mriksa mripate Retno,
sakwise kui Retno pamit menyang kamar, ing kamar Retno sembahyang nyuwun pangapura marang
gustine lan nyuwun kekuatan imane. Dina-dina candhake Hendratmo ajeg menyang Batu mriksa
kesehatane Retno sethithike seminggu sepisan Hendratmo mesthi niliki Retno. Sawijining dino minggu
Hendratmo ngomong karo Bu Purwo yen retno kudu mlebu rumah sakit ing Surabaya. Eyang lan Retno
banjur tata-tata sandhangane Retno dalah apa sing diperlokake kabeh. Jam sepuluh wong telu mangkat
menyang Surabaya.

Bengine, jam sewelas Hendratmo diceluk menyang Rumah Sakit Husada Bengi iku uga Retno
dijak Hendratmo menyang rumah sakit tata-tata ngadepi operasi, Hendratmo lan Dr.Firdaus bola-bali
mriksa mripat lan kesehatane Retno. Hendratmo ngabari maratuwane karo Eyange yen retno arep di
operasi ngarepake esuk. Operasi ganti kornea mripate retno kelakon kanthi slamet lan lancar. Seminggu
opname ing rumah sakit ngenteni perbane mripate dibukak. Endah tilik sepisan, telung dino sawise
operasi lan janji arep teko yen wayahe perban di bukak. Jam sanga luwih dokter Firdaus karo dokter
Sutanto ditutake suster Tatiek menyang kamare Retno, Retno lagi sembahyang wong telu mau ngenteni
olehe sembahyang Retno rampung. Retno banjur dikon lungguh, Dr. Firdaus nyedhaki banjur alon-alon
mbukak perban sing nutupi mripate Retno. Alon-alon Retno nyobo melek saya suwe pandelenge Retno
saya cetha. Dokter lorone lan suster Tatiek aweh salam marang Retno, banjur metu saka kamar. Retno
plengokan ndeleng kamar atine gelo banget amerga Dr. Hendratmo ora moro, Retno nangis nganti ora
krasa Hendratmo mlebu kamare, Retno kaget weruh rupane Hendratmo sing bagus banget, Retno dadi
kacipuhan merga disawang Hendratmo. Ora suwe banjur Retno nuduhake rasa gelane marang
Hendratmo, nalika kuwi lawang kamar mbukak Endah karo Bapak Ibune mlebu Endah banjur menehi
kado kanggo Retno, kado mau isine kosmetik lan alat kecantikan. Sak wise kuwi Endah ngangkon Retno
Les Privat supaya bisa melu ujian akhir amarga wes telulas taun Retno sekolah SLB. Nalika jam tilik pasien
wes entek Endah lan Bapak Ibune pamitan mulih. Kamar bali sepi, Retno banjur raup, bubar raup retno
wedakan nganggo wedak soko mbakyune mau. Suster Tatiek mlebu ditutake sawijining suster nggawa
baki dhaharan. Metu saka rumah sakit dipapag Bapak Ibune lan Eyange, bareng sak iki wes iso weruh
Retno kerep banget lungo karo Hendratmo mubengi kutha Surabaya. Sewulan ninggalke kutha Batu,
Retno kepingin weruh kutha bathu lan kanca-kancane sing tau saksekolah ing SLB. Sawijining esuk dina
setu nalika Retno lagi ngewangi Ibune masak ing pawon deweke matur ibune yen kepingin dolan
menyang Batu, Bu Hadi uga ngutus Hendratmo supaya gelem ngeterake Retno menyang Batu. Jam loro
awan wong loro sido mangkat tenan menyang Batu, sing di jujug Retno pisanan yaiku kamare, deweke
kelingan dina-dina wingi kang kebak panandhang batin, Retno banjur nyawang omah sak isine deweke
mesem mulya. Retno kelingan yen sembahyang ing greja banjur diarih-arih Rama Robertus, alon alon
deweke metu tanpa pamit ninggalke omah tumuju greja sing ora adoh saka daleme Eyang.

Anda mungkin juga menyukai