Anda di halaman 1dari 6

BASA JAWA

Disusun Oleh :
- Bintang Raditya H. (10)
- Moch. Afif
- Najja Misbaharizqi A.
- Sardiah Gita I.
- Taufik Hidayat (33)

SMK NEGERI 1 JOGONALAN


TAHUN AJARAN 2019/2020
1. Novel
“SANG PANGERAN PATI”
Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi
nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa
kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro. Suryo Baskoro kuwii
priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter
sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil
ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo
kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene
kang rama Broto Kusumo.

Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga
di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju,Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken
jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggep kaya
anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak
Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya
sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke.

Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa


wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer
senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo
karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane
nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik.
Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya
dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro
deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya
Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader
malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang
rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa
marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak
culikane marang kode etik jurnalistik.

Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam


marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal
Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki
(Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin
redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo
Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal
enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene
rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong
kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo.
Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke
Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi
tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake
rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur
organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun
dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/pemimpin
perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.

Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni


musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur
amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di
utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Masalah iki
klebu masalh klimaks saka novel SPT iki.

Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge
kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari
adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal
kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo
teknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke
ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu
ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di
banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya
iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi
nanging di penging marang Suryo amarga yen lapor polisi Suryo bakal luwih
cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi
ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai
amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone.

Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok
amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu
Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang
entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih
nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo
uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur
saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing
Amerika.
2. Sinopsis

Novel ing "Sang Pangeran Pati" nyeritakake lika-likune pemeran utama


ing dunia jurnalistik yaiku, Suryo Baskoro. Suryo Baskoro diwenehi amanah dadi
wakil ketua redaksi ing perusahaan koran Cahaya Kita dening Broto Kusumo,
amarga diyakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju. Suryo Baskoro dianggep
kaya keluarga dewe ing perusahaan kasebut amarga apa wae tugas di
wenehke Suryo, bakal beres. Amarga iku Suryo biasa disebut Pangeran Pati.
Suryo duweni program kerja anyar dinggo gawe perusahane luwih maju,
nanging saka program kerja kasebut Suryo tumindak culika. Suryo dumadakan
dadi milyarder amarga nampa cek 50 yuto saka Kanwil Mardi Putro amarga
tumindake culika marang Cahaya Kita. Sebarenge deweke dadi milyarder,
malah sisihan atine Surtikanthi amarga Suryo dianggep kang rama Suryono ora
akeh banda. Nanging Suryo marem amarga bisa dadi milyarder. Suryo ngotak-
atik berita nganti adoh saka kebenerane amarga dendam karo Suryono sing
wis tau ngina Suryo.
Suryo uga duweni masalah karo Basuki (Koordinator Lapangan) lan Sri
Wahyuni (Redaktur Opini) amarga ngrasa deweke kendel, senajan Prihastuti
luwih kendel amarga wani nolak printahe Walikota. Nanging Prihastuti duweni
rasa welas asih. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono
manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong koran pesainge seupaya mati
pasarane lan dadi tambah sugih. Tanpa sengaja Broto Kusumo krungu, banjur
deweke nganakake rapat keluarga lan ngrubah struktur organisasi kaliyan
ngedunke jabatane Suryo ing perusahaane.
Suryo diculik karo atasane salah sijine Calon Gubernur amarga molak-
malik pawarta. Suryo disekap ana ing hotel karo utusane pesainge mase, Surti
dadi penyelamate Suryo amarga nemokake posisine Suryo disekap. Surti banjurr
nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana korupsi ora ono late,
nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi
resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok
amarga deweke banjur bisa nggarnini Surti, banjur deweke malah melu
Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3. Suryo uga entuk duwit
saka Aryo Guritno kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka
pangurbanan Suryo
3. Unsur-Unsur Novel

1) Tema : Kejujuran lan Kesetiaan


2) Waktu :
Esok : ( “sugeng enjang Mas Suryo” )
Awan ( “… Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan”)
Sore (“selamat sore Pak Suryo”)
Wengi (wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu esuk kudu wis
di pasarna)
Swasana :
Seneng (Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran
Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita)
Sedih (Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge
kangmase)
Alur : Maju,amarga nyeritake Surya Baskoro saka jurnalis nganti dadi wakil ketua
redaksi ing perusahaan koran Cahaya Kita
Amanat : Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan
nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan
jujur marang atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan
atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam
marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu
duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena
amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.
Penokohan :
Suryo Baskoro : pidegsa,pinter,sregep,andap asor,pendendam,ora gelem
kalah,temen.
Sri Wahyuni : setia,sregep,tlaten,temen.
Basuki : sregep,nrimanan,andap asor,sopan.
Rudi Hamonangan : pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten.
Aryo Guritno : licik,drengki.
Mardanu : licik, drengki, pinter.
Wibisono : eman,andap asor,setia.
Surtikanthi : setia,andap asor,welas asih,pinter.
Suryawati Suminar : manut,amanat,setia.
Broto Kusumo : tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang percaya karo
wong liya.
Wisnu Kusumo : manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap asor,welas asih.
Sudut Pandang : orang ketiga amarga wong ketelu serba tahu
Prihastuti Kusumo : welas asih,androgini,andap asor,pinter,sumeh,ngalahan.
Nilai-Nilai Novel :
 Nilai Sosial : (..Surya Baskoro ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi
karo Broto Kusumo,malah Suryo wis dianggep kaya anake lanang dewe
marang pak broto. Prihastuti kang biasa ditimbali mbak Tuti marang Suryo
uga wis nganggep Suryo adhine dewe..)
 Nilai Moral : (..Suryo ngotak atik berita,molak-malik kabeneran amarga
ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo..)
 Nilai Kemanusiaan : (..Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya
iku,Suryo banjur age-age digawa metu,petugase hotel arep laporan
polisi..)
 Nilai Politik : (...Deweke diutus marang kangmase Guritno sing uga nyalon
dadi Gubernur..)
 Nilai Pendidikan : (..Banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang
Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa
kanggo neruske dadi doktor..)
Kelebihan Novel :
Novel sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia
jurnalistik nganggo bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa
modern. Unsur roman kang di tulis dening penulis mung dadi bumbu penyedap
ana ing novel iki dadekake novel iki bisa di tampa dening kabeh kalangan.
Novel iki uga blaka suta anggone nyeritakake konflik utamane. Penulis pinter
anggone bungkus masalah kang wigati naging ora gawe pembaca kaget. Lan
gawe penasaran endinge kaya apa.
Kelemahan Novel :
Novel iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo.
Dealeg sing di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca
sing saka daerah “ngapak” anggel anggone mangerteni makna kang
sebenere. Lan gaya penbulisane gawe bosen pembaca amarga terlalu
rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca ora rampung-rampung.

Anda mungkin juga menyukai