Anda di halaman 1dari 5

“Sang Pangeran Pati”

Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-
likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran
utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus
pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo
Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti
Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang
rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil
amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken
jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange
dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis
nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan
kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae
tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke
kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program
kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi
luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya
dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek
50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik
batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman
amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging
Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak
culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran
amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah
internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki
(Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi
Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah
supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka
gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep
dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti
Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita
kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka
tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan
adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat
dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/
pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga
pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di
wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga
nyalon dadi gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap
ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing
kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora
mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo
nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana
ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing
hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget.
Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa
metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur
polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni
narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai
amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah
entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu
Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa
kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe
Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna
kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo
Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.
Unsur Intrinsik Novel

Tema : Kejujuran lan Kesetiaan

Latar Belakang :

Novel “Sang Pangeran Pati” iku nggambarake kahanan nyata ana ing dunia jurnalistik kang
gamblang lan tanpa tadeng aling-aling penulis nyuguhake maslah-masalah kanggo bahasa
sing bis agampang langsung di ngerteni marang pembaca. Novel iki adhidasar saka masalah
umum sosial lan masalah katresnanan kang di padu dadi siji. Wong urip iku ora mung
ngandelake kakuasaan lan jabatan nanging uga kudu mikirake rasane wong liya terutama
bawahan. Wong urip kuwi kudu duweni sifat welas asih marang wong liya lan kudu andap
asor anggone njaluk pitulung marang wong liya. Ana ing novel iki cetha nyritakake penguasa
utawa pemimpin kang ora bisa andhap asor lan welas asih sing kegambar ana ing tokoh
Suryo. Konflik sing di gawe ana ing novel iki kaya-kaya ana ing dunia nyata jurnalistik.
Konflike di dadekake bahan kanggo ngembangake isi novel,nanging masalah katresnan antar
tokoh ora di gambarake cetha marang penulis.Iku kabeh sing gawe novel “Sang Pangeran
Pati” katon nyata konflik masalah utamane lan bisa di waca kanggo kabeh kalangan amarga
ora akeh masalah tresnane.

Waktu :

Pagi ( “sugeng enjang Mas Suryo” )

Siang ( “… Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan”)

Sore (“selamat sore Pak Suryo”)

Malam (wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu esuk kudu wis di
pasarna)

Suasana :

Duka

Sedih

Seneng

Haru

Alur : Maju

Gaya Bahasa : Bahasa Jawa Modern

Amanat : Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu
duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta
perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan
ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong
tumindak culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena
wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir.
Penokohan :

Suryo Baskoro : pidegsa,pinter,sregep,andap asor,pendendam,ora gelem kalah,temen.

Prihastuti Kusumo : welas asih,androgini,andap asor,pinter,sumeh,ngalahan.

Sri Wahyuni : setia,sregep,tlaten,temen.

Basuki : sregep,nrimanan,andap asor,sopan.

Rudi Hamonangan : pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten.

Aryo Guritno : licik,drengki.

Mardanu : licik, drengki, pinter.

Wibisono : eman,andap asor,setia.

Surtikanthi : setia,andap asor,welas asih,pinter.

Suryawati Suminar : manut,amanat,setia.

Broto Kusumo : tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang percaya karo wong liya.

Wisnu Kusumo : manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap asor,welas asih.

Sudut Pandang : orang ketiga serba tahu

Kelebihan Novel

Novel sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia jurnalistik nganggo
bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa modern. Unsur roman kang di tulis
dening penulis mung dadi bumbu penyedap ana ing novel iki dadekake novel iki bisa di
tampa dening kabeh kalangan. Novel iki uga blaka suta anggone nyeritakake konflik
utamane. Penulis pinter anggone bungkus masalah kang wigati naging ora gawe pembaca
kaget. Lan gawe penasaran endinge kaya apa.

Kelemahan Novel

Novel iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo. Dealeg
sing di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca sing saka daerah
“ngapak” anggel anggone mangerteni makna kang sebenere. Lan gaya penbulisane gawe
bosen pembaca amarga terlalu rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca ora rampung-
rampung.

Saran

Saran kanggo novel SPT iki luwih becik di tulis nganggo bentuk prosa dadi ora gawe bosen
lan ukuran font luwih di pertimbangaken. Nganggo bahasa jawa kang umum supayane bisa
di cerna karo beda dialeg.
Manfaat

Manfaat kang bisa di jupuk saka novel SPT iki yaiku ngajarake kejujuran lan keseliaan
marang wong liya lan ngajaraken carane andap asor,welas asih lan tegas karo
keputusan,nanging ora semena-mena karo bawahan.

Anda mungkin juga menyukai