Anda di halaman 1dari 2

Unsur Instrinsik Cerkak “Balapan Motor”

 Tema : Persahabatan.
 Tokoh : Aji, Fatih, lan Bakul pentol.
 Penokohan
 Fatih nduweni sifat rada nakal, buktine Fatih ngajak Aji keliling kampung numpak
motor padahal Fatih lan Aji umure isih sawelas tahun lan durung duweni SIM.
Miturut negara, sing oleh numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo
“Surat Ijin Mengemudi”. Sakliyane iku Fatih uga nduweni sifat peduli lan setia
kawan marang kancane, buktine Fatih ngilingake Aji supaya ngerjakno tugas sekolah
dhisik sadurunge dolan lan tetep melu urunan ngijoli dagangane tukang pentol kang
uwis ditabrak dening Aji.
Bukti ing cerkak
“Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike! tugas pr sekolah wes mbok
rampungke durung Ji ?” Pitakone Fatih.
“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji  nganggo motor. Engko balapan
wes, gelem ora ?” Jawabe Fatih karo cengar cengir.
Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang
uwis ditabrak mau.
 Aji uga nduweni sifat rada nakal, amarga dheweke gelem diajak Fatih balapan
numpak motor keliling kampung. Sakliyane iku Aji uga nduweni sifat tanggung
jawab, buktine dheweke gelem ngijoli dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak
nganggo motor.
Bukti ing cerkak
“Ayo,, sopo seng wedi ! Paling koe seng kalah”
“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta
nggeh Pak,” panyuwune Aji.
 Bakul pentol nduweni sifat sabar, buktine dheweke ora langsung ngamuk-ngamuk
marang Aji lan Fatih sing wis nabrak dagangane. Malahan dheweke ngandani Aji lan
Fatih supaya ora banter-banter yen sepeda motoran.
Bukti ing cerkak
“Kepiye tha le le? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah
kabeh, terus piye lek ngeneki ?” Pituture bakul pentol karo nesu.
 Alur : Maju
 Latar
 Panggonan : Omahe Aji lan dalan desa
Bukti ing cerkak
Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe
Treng…treng…trengg…Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor
mubengi dalan desa.
 Wektu : Wayah sore
Bukti ing cerkak
Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe.
 Swasana : Seneng, tegang, rada murka, nesu
Bukti ing cerkak
Grubyuk…klontang…tlepok … Pentol seng ana ing rombong pada kuthak kabeh ing
lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet.
“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah
kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.
 Pamawas : Wong ke-telu (Sak banjure Aji mlebu ing garasi, nyiapke lan ngetoake
motore. “Treng…teng…tengg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget).
 Amanat : Kita kudu patuh marang peraturan, aja numpak sepeda motor yen durung
wektune lan durung duweni SIM, opomaneh sampek ugal-ugalan. Amarga peraturan iku
digawe kanggo ketertiban lan keslameta. Yen awake dhewe ora bisa patuh marang
peraturan, iku bisa ngerugiake awake dhewe lan wong liya.

Unsur Ekstrinsik Cerkak “Balapan Motor”


 Latar Penciptaan : Diterbitno tanggal 28 Juli 2018
 Latare Penganggit :-
 Kawontenan Masyarakat : Kahanan masyarakat wektu iku wis maju didelok saka
bidang ekonomi, sosial, budaya, lan politik, amarga wis ana ing jaman globalisasi. (Ing
jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang
umure sawelas tahun lan lingguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake
numpak motor, saiki dadi kebiasaane aji len dolan-dolan mesti nganggo motor).

Anda mungkin juga menyukai