Anda di halaman 1dari 3

KATRESNAN JALUR NGIMPI

Dening: Fauziah Maulida / 11 / XII MIA 8

Pandemi covid-19 sing ngelunjak iki marakno sekolah padha tutup maneh, ket aku
kelas 2 SMA sampe saiki aku kelas 3 SMA. Tapi saiki, pandemi iki wis mudun drastis lan
pemerintah nggawe keputusan yen sekolah bakal dibuka maneh. Lan teka kene critoku dak
mulai.
Senin, dina pertama aku mlebu sekolah. Sak durunge aku ngerapihno kamar, aku
lungguh sek ing kasurku karo mbuka HP. Aku nyawang jam, 05.00 WIB. Aku sek
ngusahakno sadar teka ngimpiku sing marakno ati bungah. Aku dewe ora weruh kok iso
ngimpino arek sing selama iki gak tau omong-omongan langsung karo aku, areke dukur,
pinter, sopan, meneng, ngganteng tapi jarene cuek karo cah wedok. Wis, aku moh mikirno
ngimpi kuwi, nggarai ngarepno sing gak gak wae. Maringunu aku banjur adus. Sawise adus
lan seragaman, aku diceluk ibuk, dikongkon sarapan, tapi aneh e, aku malah kilingan maneh
karo ngimpiku mabengi sing nggarai aku mesam-mesem dewe .
“Kowe iku lapo toh nduk? Kok mesam-mesem dewe?” takone ibukku.
“Hehe, mboten napa-napa kok buk”, jareku karo ngempet ngesemanku.
“Mikirno sopo seh? Pacarmu ta?” takon e ibukku maneh.
“Mboten buk, kula tasih mboten nggadah pacar. Sampun nggih buk, kula bidhal sekolah
rumiyin, Assalamu’alaikum” jawabku karo isin-isin.
“Wa’alaikumsalam, ati-ati nduk”

Sampe menyang sekolahan, aku ketemu karo kanca kelasku, Fadia.


“Melati! He sek entenono aku!” celuk kancaku
“He fad,tak kira sapa mau”
“Hehe. Mel, kowe lapo kok dongaren mesam-mesem terus ket mau iku, biasae isuk-isuk wis
kaya wong lagi PMS. Kesambet apa toh kowe iki?” takon Fadia.
“Gak ana apa-apa kok”
“Halah, gak usah mbujuki aku. Aku kenal awakmu wes 3 taun loh, gak iso kok bujuki aku
mel”
“Iyo wes aku ngaku, dadi ngene loh fad, aku mabengi iku ngimpi arek”
“Hahh!!! Sapa mel? Aku kenal gak kira-kira?”
“Sek ta, tak tutukno sek olehku ngomong. Iku loh fad arek kelas sebelah, sing gek iko pindah
mrene”
“Oalah arek sing ngganteng iku ta, lah kok iso awakmu ngimpino dekne seh?, krungu-
krungu dekne cuek loh karo arek wedok, eh sopo seh jeneng e? Kok aku lali”
“Fajar, Tapi loh, dekne iku cuek e nggarakno gemes, gak cuek badboy” jawabku karo guyon.
“Hahahaha.. lambemu mel. Cuek yo tetep ae cuek” jawab e Fadia

Pas aku karo Fadia lagi guyon, dadakman ono Fajar sing lungguh nak lungguhan
sing ono ing ngarep kelasku. Aku mbe Fadia langsung cepet-cepet mlebu kelas. Pas aku
ape lungguh nak bangkuku, aku kaget. Mergo ana tangan e arek sing ngekeno sak lembar
kertas nak aku. Jenenge Kevin.
“Iki loh mel, teka kancaku kanggo awakmu” jare Kevin
“Sopo vin? Lapo kok awakmu sing ngekekno nang aku? Lapo ga arek e dewe?”
“Wis ta, wocoen ae layang e, mengko lak weruh dewe teka sapa, wis ya tak balik kelas”
Aku ya penasaran, kira-kira sapa sing ngirimi layang iki. Pas aku maca bagian paling
nisor, Jlebb..
“FAD!! Badeken layang iki teka sapa”
“Kevin kan?”
“Ora.. kevin iku mung ngeterno tok”
“Terus teka sapa? Kok awakmu sampe histeris ngunu”
“Fajar fad, dekne ngejak ketemuan mengko istirahat nak gazebo ngarep kelas” bisikku
“HAH?! KULKAS IKU? Wah gak mungkin”
“Iki loh wocoen dewe layang e, duh fad kok aku wis nderedeg ae seh”
“Walah iyo i, ga nyongko pol aku. Tapi, ana apa ya kok moro-moro ngejak awakmu
ketemuan?” Fadia heran.
“Gak weruh”

Akhire wektu e istirahat teka, aku metu kelas lan langsung nang gazebo. Dadakman
Fajar wis teka disikan.
“Hai mel” Fajar nyapa aku.
“Eh, hai sisan jar, ana apa kok ngongkon aku mrene?”
“Pengen berduaan karo awakmu ae” jawab e ga sepiro banter.
“Hah? Lapo jar?” aku pawatan gak krungu omongane Fajar.
“Eh ape takok masalah pelajaran, kelasmu dikongkon ngerjakno iki opo ora?” karo nyudokno
foto tugas ing HP e.
“Oalah tugas iki, sek buru ae dikei kelasku, dadi ya dorong ngerjakno aku”
“Oke, mengko moleh sekolah tak terno moleh yo, terus ayo ngerjakno bareng tugas iki”
“Loh.. lapo kudu karo aku sing bedo kelas? Kan ana kanca kelasmu” takokku heran
“Soale aku pengen e karo awakmu mel”

Deg.. aku langsung kaku pas kalimat iku metu saka lambene Fajar. Lan pas tak
delok HP e Fajar sing ngadep nak aku, dadak fotoku didadekno wallpaper HP e. Sapa sing
gak kaget, yen kadadean sing mabengi muncul ing ngimpiku dadi kenyataan ngene.
“M-maksude jar?” aku ndredeg sak marine Fajar ngomong ngunu.
“Terus terang ae yo mel, asline pas awal aku pindah sekolah nak kene, aku pertama kali ero
awakmu nak kantin, pas wektu iku awakmu lagi guyon karo kanca-kancamu. Lan mergo
ngesemanmu iku aku iso katresnan karo awakmu. Sampek ben bengi aku mesti ngimpino
awakmu. Saiki aku ape ngomong nak awakmu. Melati Dwi Oktavianti, mulai detik iki
awakmu resmi dadi pacarku”

Aku gak iso ngomong opo-opo pas iku, atiku sueneng banget mergo ngimpiku sing
lagek mabengi dadi nyata. Arek sing tak tresnani balik sing nembak aku.
“Gelem yo mel, sampek ketemu mengko moleh sekolah cah ayu..”

Fajar langsung balik nak kelas e amarga bel masuk wis muni, aku yo balik nak
kelasku. Sak durunge mlebu lawang kelas, aku karo Fajar gak sengojo pandhang-
pandhangan. Dekne ngesem nak aku. Duh.. Isin, salah tingkah, seneng, rasa iku campur
aduk ing atiku pas wektu iku. Aku langsung mlebu kelas, ben salah tingkahku ora ketoro.
“Ehemm.. ana sing jadian rek” Fadia nggudoi aku sing gek tas mlebu kelas.
“Kok awakmu ero nek aku jadian?”
“Hehe aku ket mau inceng-inceng teka cendelo, terus ketebak ae saka ekspresimu”
“Astaghfirullah Fadiaaa...!!!, ngeneki isin aku.”
“Hahahahaha isin barang mel, kaya karo sapa wae”
“Mengko moleh sekolah aku arep moleh bareng dekne, terus ngerjakno tugas bareng ing
omahku. Dekne mekso, padalan aku dorong njawab iyo opo gak e” ceritoku
“Tapi asline awakmu yo gelem ae kan?”
“Hehe iyo seh” jawabku isin-isin
“Terus sing nggarai aku kaget, dadakman Fajar wis ngetresnani aku ket suwe jarene, Fad”
“BUSETT, Suangar ngene rek kancaku” Jawab e kaget
“Tapi Fad, jarene arek-arek liyane kok dekne cuek ya, tapi kok mau pas omong-omongan
karo aku gak cuek blas ngunu? Sampek-sampek aku sing awal e wedi dadi wani omong-
omongan langsung karo dekne” takonku
“Oalah mel, paham aku saiki”
“Paham opo toh?” takonku maneh
“Saiki aku weruh lapo kok arek-arek ngomong nek Fajar cuek, soale Fajar kan wis katresnan
nak awakmu suwe, dadi fokus e mung nak awakmu ae, dadi arek wedok liyo dicueki, ngunu
kayak e” panjelasane Fadia.
“Bener seh, iso ae ngunu”
“Wis, wis, sek buru jadian gak oleh mikir sing gak-gak. Mundak stres dewe mengko,
Hahahaha”
“Iyo iyo fad. Suwun yo fad, wis gelem dadi kanca ceritoku” jareku karo ngerangkul Fadia.
“Podo-podo mel, aku yo seneng duwe kanca koyo awakmu” Fadia ngerangkul balik aku.

Pas dina iku, aku seneng banget amarga ngimpiku dadi kenyataan. Iso-iso e cerito
katresnanku iki jalaran saka ngimpi. Cerito iki bakal dadi cerito sing abadi ing uripku.

Anda mungkin juga menyukai