Anda di halaman 1dari 2

Nama : Raihana Azzahra

No. Absen : 16
Kelas : IX F

Papan wisata ing Kabupaten Bantul.

Akeh sekolah kang wis ngadani limang dino mlebu sekolah, bab iki laras karo
Peraturan Mentri Pendidikan Nasional, kang durung suwe iki ditetepake. Kuwajiban
limang dina mlebu sekolah iki duwe pangajab lan tujuan supaya ing dina Setu lan
Minggu para murid lan wong tuane migunakake dino kasebut kanggo keluaraga, utamane
pada ndelok papan wisata kang ono ing daerahe dewe- dewe, utamane ing daerah Bantul.
Tujuan ditetepake limang dini sekolah iki pancen apik, yen akeh keluarga kang
ndelok papan wisata samestine bakal nambahi inkang pemasukan tumrap wong- wong
sakiwo tengene papan wisata, nanging uga bisa nambahi pendapatan asli daerah Bantul.
Yen pendapatan daerah akeh mesthine bakal bisa mbiyantu pembangunan ing daerah
Bantul, supaya luwih maju lan masyarakat Bantul kang Produktif, Profesional, Ijo royo-
royo, lan Agamis bisa cepet diwujudake.
Para kanca perlu mangerteni papan wisata ing Kabupaten Bantul kang wajib ditekani,
yen seneng nekani pantai, ono pantai Parangtritis, Samas, pantai Baru, pantai goa
Cemara, pantai Kwaru, pantai Pandansimo, kang saben pantai duwe kaluwihan dhewe-
dhewe. Kanca kabeh yen kepengi ndelok njedhule srengenge, utawa angslupe srengenge,
bisa ndelok ing pantai kang kasebut mau.yen kanca- kanca kepengin ndelok goa, ing
Bantul uga ono goa Slarong peninggalane Pangeran Diponegoro, sak liyane ndelok goa
kanca kabeh uga bisa ndelok air terjun kang isa gawe anyep seserepan ing mripat. Sak
liyane goa Slarong isih ono goa Gajah, goa Cerme,lan uga goa Jepang.Yen para kanca
duwe sedulur kang arep mantu akeh desa wisata ing Bantul kang gawe kerajianan kanggo
tanda mata, ing antarane Desa Wisata Gerabah Kasongan,Desa Wisata Tembi, Desa
wisata Kerajinan kulit Mandhing, Desa Wisata Kebon Agung, Desa Kerajinan
Panjangrejo,Desa Wisata Batik Kayu Krebet, kanca kabeh kari milih tondho moto opo
kang bakal dicaoske tamu undangan.Yen kanca kabeh kepengi sinau sejarah, isa ndelok
makam raja- raja ing Imogiri,Situs Kotagedhe, Situs Surocolo, Situs Payak, Sendhang
Kasihan,Sendhang Semanggi, Situs Mangir, Pesanggrahan Ambarbinangun,kabeh papan
iku bakal nyritakake opo kang ono ing jaman kui. Kanca kabeh yen kepengin ndelok
wisata alam ing Bantul uga akeh, ing antarane Hargodumilah, Puncak Becici, Taman
Buah Mangunan, Watu goyang, Watu Mabur, Hutan Pinus, Bumi langit, Pangukan, Bukit
Kanigoro, kabeh papan wisata kui nyuguhake pemandhangan alam kang edi peni, tak
jamin kanca kabeh ora bakal kuciwo. Aku yakin akeh papan wisata kang tak sebut ing
nduwur kang durung tau ditekani. Ora usah adoh- adoh golek papan wisata kang apik ing
Bantul kabeh wis ono.
Aku ngejak kanca kabeh ayo padha nggrengsengake lan ngramekake papan wisata
ing Kabupaten Bantul, supaya pangajabpe Bapak Meteri ora muspro.Ayo padha berwisata
neng Bantul wae, cedhak, murah nanging wis eneng atine.

Anda mungkin juga menyukai