Anda di halaman 1dari 13

NGREMBUG MACAPAT (MICARA)

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/Semester : XI / 2
Metode : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
Waktu :2 x 45 menit
1. I. PANUDUH PIWULANG
1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca
babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2. Uga maca Materi bab NGREMBUG MACAPAT kanthi dibolan-baleni.
3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
1. II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi : BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan
nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-
ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar : Membahas atau mendiskusikan isi tembang macapat
Indikator :
1. Menyebutkan paugeran tembang macapat (guru gatra, guru wilangan, guru lagu,
wataking tembang)
2. Mendiskusikan isi atau makna tembang macapat yang disajikan guru
3. Melaporkan hasil diskusi
4. Menanggapi hasil diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok
5. Membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama
6. Menembangkan tembang macapat yang disajikan guru
III. INFORMASI MATERI
A. Tembang Macapat
Tegese Tembung Macapat
Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele
tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah
sawijining pakar Sastra Jawa, Arps negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka
warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang panandha diakritis (sandhangan) ana
sajroning aksara Jawa kang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan macapat.
Miturut Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka
singkatan frasa maca-pat-lagu sing tegese nembangake lagu kang angka papat
“melagukan nada keempat”. Kajaba maca-pat-lagu, isih ana maneh maca-sa-
lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Maca-sa kalebu maca lagu utawa tembang kang
paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para Dewa lan diturunkan marang
pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana Yogiswara saka
Kediri.Maca-sa saiki diarani tembang gedhé. Maca-ro kalebu tembang gedhé kang
gunggunge pada saben pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben
gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi tembang
tengahan kang miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana
Janggala lan kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure.
Pungkasane, macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan
diturunake marang para wali.
Sejarah macapat
Sacara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk
pangaribawa saka Walisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene ing Jawa
Timur lan Bali macapat wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa..
tuladhane ana sawijining naskah saka Bali atau Jawa Timur kang asesirah Kidung
Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.
Struktur macapat
Sawijing karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saeben
pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur
kang padha. Metrum iki gumantung saka watak isi teks kang diceritakake.
Gunggunge pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang
digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi larik utawa gatra. Sabanjure saben
gatra kaperang wanda. Saben gatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening
vocal kang padha.
Tabel macapat
Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu saka tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor
iki.:
G I V V
Metru I I V I
at I I V I II X
m I V I X
ra I I I

Tembang cilik / Sekar alit

Dhand 1 1 1
8 7 9 7 6 8 7
hangg 10 0 0 2
é u i a u a a
ula i a i

Masku 1
6 8 8
mamb 4 2
a i a
ang i

1
8 8 8 8 7 8 7
Sinom 9 8i 2
a i a i i u a
a

Kinant 8 8 8 8 8 8
6
hi u i a i a i

Asmar 8 8 8 8 7 8 8
7
andana a i é a a u a
1
7 6 7 8 5 7
Durma 7 2
i a a i a i
a

1 1
Pangk 8 8 7 8 8
7 1 2
ur a u a a i
i u

1 1 1
6 6 6
Mijil 6 0 0 0
o i u
i é i

1 1
Pocun 6 8
4 2 2
g a i
u a

Tembang tengahan / Sekar madya

Jurudh 8 8 8 8 8 8 8
7
emung a u u a u a u

1
Wiran 8 8 6 7 8
6 0
grong i o i a a
u

1 1 1
Balaba 3 3 3
6 2 2 2
k é é é
a a u

1 1
Gamb 7 8 8
5 0 2
uh u u o
u i

1
Megat 8 8 8 8
5 2
ruh i u i o
u

Tembang gedhé / Sekar ageng

8 8 8 8 8 8 8 8
Girisa 8
a a a a a a a a
Tembang Macapat ing ngisor iki sinaunana !
ASMARADANA
Asjamara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Watake tembang Asmaradana : merak ati, sedhih (karanaasmara)
Tegese tembang ing ndhuwur yaiku nyritakake bab Darmawulan (mantune Patih
Logender) sing arep pamit marang garwane (Anjasmara) kanggo ngluruk perang ana
ing Kutha Prabalingga/Blambangan mungsuh Adipati Menak Jinggo/Wuru Bisma.
Pungkasaning perang Damarwulan mesthekake, menawa dheweke mesthi tumekaning
lampus/mati amarga Adipati Menak Jinggo iku sekti mandraguna. Mulane, Anjasmara
dipamiti (mukti ing Majapahit) dene Damarwulan arep palastra/mati.
Ing ngisor iki ana tembang Maskumambang sing ditulis dening sdl. M Wijotohardhjo
bab Tsunami ing Aceh ! Coba sinaunana !
MASKUMAMBANG
1. Samubarang kumambang kentir ing warih
Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi
Manungsa, kewan lan brana
2. Sumatera Lor, Aceh lan manca negari
Srilangka,India
Siam,Malaysiatuwin
Kepuloan Maladewa
3. Kenging lindhu kang gedhe ngedap-ngedapi
Sarta banjir bandhang
Tirta samodra ngebyuki
Alun gung nyempyok dharatan
4. Mewu ewu kuwandha ngeres ersi
Tan kober karumat
Margi sinapu Tsunami
Tan ana bangkit suwala
5. Padunungan, pasar, took, kantor,loji
Bosah baseh, wrata
Kang kalis keplayu ngungsi
Salang tunjang pados gesang
6. Pating glolo, pating jlerit lan histeris
Madosi kluwarga
Kang ical tumekeng lalis
Mbuh neng ngendi tan kawuryan
7. Sanadyan ta manut ngelmu Geologi
Mung prastawa lumrah
Anane lindhu tektonik
Perangan bumi kang owah
8. Nanging iku dadi tandha sarta bukti
Kuwasaning Allah
Paring prengetan lan uji
Marang sakabehing titah
9. Lamun kita kathah tumindak nalisir
Cengkah sing pitedah
Lan nerak wewaler Gusti
Kanthi tan rumangsa dosa
Tembang Maskumambang iki watake meh padha kalawan tembang Asmaradana.
Watake Maskumambang kuwi : sedhih, nelangsa. Maskumambang ing ndhuwur
kedadeyan saha sangang (9) pupuh utawa pada. Saha pupuh siji nganti tumekaning
pupuh 9 nyritakake bab panandhang kasangsaran tragedy/musibah Tsunami.
Ing ngisor iki arep kababar tuladha-tuladhane tembang sing bisa kanggo maneka warna
kabutuhaning masyarakat.
1. Tembang kanggo cangkriman
Pocung
Kang sinebut dudu bapa dudu biyung
Tansah nggulawentah
Ngesoh elmu kebak asih
Nadyan abot ndra selak lan suwale
Bapak pucung dawa iren mlayu-mlayu
Sabamrana-mrana
Saben jalma den untali
Sak mangkono si pucung ku migunani
1. Tembang kanggo pendidikan, budi pekerti, moral
Pocung
Murid iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Putra iku kudu bekti marang ibu
Uga marang bapa
Dituturi dititeni
Sinaune disregepi aja mblayang
1. Tembang pitedah / tuntunan
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Lamun sira pengin urip aji
Aja pamer wong
Aja tansah ngunggulan dirine
Marang liya kang gelem ngurmati
Kabeh den rukuni
Ati kudu tulus
B. Parafrase Tembang Macapat
Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait
dadi gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu
dimangerteni, tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno.
Mawi paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe –
dhewe. Ngarang tembang ora kena ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.
Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (paraphrase).
1) Dhandanggula
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hanguapaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Marma denya waspada
Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.
Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing
patitis, kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu
kang bener iku hayu tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu
(hayu) kudu ngerti yen calon garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu
sing nyengsarakake lelakon.
Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong
lanang yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke
ananging bisa uga wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong
mlarat. Mula wong lanang iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut
wong wadon. Tegese wong lanang iku kudu tanggung jawab.
Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone
putrane wong kondhang, pejabat sing kudu ngati-ati, kudu dipikir kanthi permati,
supaya ora keduwung ing mburi. Sabab, kawibawan iku ora langgeng, watake sok
seneng ngremehake wong lan ngina wong, sebab dianggep ora sadrajat, ora babag
derajate.
Kaping papate, milih calon garwa saka sambaing – srawungan. Bibite wong bareng
kuliah, duwe hobi padha, kanca latihan Koor, lsp. Woang Jawa paring sesulang lan
pemut sing ngati-ati, amarga wong sambaing – srawungan iku, witing tresna jalaran
saka kulina banjur kurang prayitna, ing tembe mburine keduwung amarga panelitine
kurang permati.
Pinglima, ginilut ing tembung manis. Lha iki mbebayani banget. Sebab tembung manis
mau jebul ora tekan bathin, among samudana, ethok-ethok. Wong kang tansah nganggo
tembung manis adakane duwe pamrih, luwih-luwih pamrih bandha. Cekake tembung
manis ora kena ditamba-tamba.
Iku werdine tembang macapat ing ndhuwur.
2) Asmaradana
Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gamang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta.
Cetha, menawa pawitane wong arep rabi kuwi dudu bandha dudu rupa. Tegese dudu
golek wong ayu, dudu wong sugih, dudu kawibawan, lan sapanunggale, nanging among
ati pawitane. Atine sapa ? Atine wong loro – sing lanang lang sing wadon. Sebab jodho
iku angel-angel gampang. Yen kena ya kena pisan, yen luput ya luput pisan. Ora bisa
bola-bali. Yen angel ya angel banget. Ora kena dituku nganggo dhuwit.
C. Wataking Tembang
 Tembang Pocung : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan
(berkelakar), cangkriman, pitutur.
 Tembang Mijil : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
 Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo
mratelakake rasa susah karana.
 Tembang Kinanthi : gandrungasmara. Gunane: kanggo mratelakake rasa susah
karanaasmara.
 Tembang Durma : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning
perang, tantang-tantangan.
 Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah
karanaasmara.
 Tembang Pangkur : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi
pepenget/peringatan
 Tembang Sinom : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo
mbabar rasa susah.
 Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar
rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
 Tembang megatruh : susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo
mbabarake rasa susah.
 Tembang Gambuh : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.
IV. PENDALAMAN MATERI
1. Ing ngisor iki ana sapupuh tembang pocung. Gawea gancarane lan tegese sisan
tembung-tembung sing angel.
Pocung
Apa iku yen diemut mawut-mawut
Sing kalebon nyaprut
Yen dirasa legi gurih
Dikremi tuwa anom uga simbah
1. Gawea tembang Maskumambang kanthi paugeran ing ngisor iki !
Guru Guru Guru
Ukarane
Gatra Wilangan Lagu

1 12 i
2 6 o

3 8 i

4 8 o
1. Apa watake tembang-tembang ing ngisor iki !
No Tembang Watake

1 Pocung

2 Durma

3 Mijil

4 Asmaradana

5 Maskumambang

6 Kinanthi

7 Pangkur

8 Dhandanggula
V. TUGAS
A. Ing Njaba Kelas
1. Gawea gancaran tembang Mijil ing ngisor iki ! (Parafrase)
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumangkula yen dipun dukani
Bapang den Simpangi
Ana catur mungkur
2. Gawea tembang Mijil kanthi paugeran ing ngisor iki !
Guru Guru Guru
Ukarane
Gatra Wilangan Lagu

1 10 i

2 6 o

3 10 e
4 10 i

5 6 i

6 6 u
B. Ing Njero Kelas
1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan
alasane presentasi hasil diskusi kelompok.
5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
6. Ngempalake hasil diskusi.
7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
1. LANGKAH KERJA.
1. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
2. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
3. Nggarap tugas individu sing cumepak
4. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
VII. PENILAIAN
1. Uji Pemahaman
Aspek : Kognitif
Indikator :1.1. Mengungkapkan makna yang terkandung dalam tembang macapat
1.2. Menanggapi makna yang terkandung dalam tembang macapat.
1.3. Menyebutkan watak tembang macapat.
2.1. memparafrasekan geguritan/macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kelas/Semester : XI / 2
1. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan kang paling bener
!
1. Ing ngisor iki sing dudu kalebu tembang macapat yaiku …
1. Gambuh
2. Asmaradana
3. Maskumambang
4. Kinanthi
5. Dhandanggula
2. Watake tembang Asmaradana yaiku ….
1. Sereng, galak
2. Merak ati, sedhih
3. Sedhih, ngayawara
4. Sembranan, parikeno
5. Sesuluh, piwulang
3. Dene tembang sing nduweni watak sereng galak yaiku ….
1. Kinanthi
2. Durma
3. Dhandanggula
4. Pangkur
5. Mijil
4. Guru gatra tembang Dhandanggula cacahe
A. 6 B. 7 C. 8 D. 9 E. 10
5. Guru gatra tembang Asmaradana yaiku …..
A. 5 B. 6 C. 7 D. 8 E. 9
6. Ing ngisor iki guru lagune tembang Asmaradana yaiku ….
A. a B. i C. u D. e E. o
7. Sing sinebut Wuru Bisma ana tembang Asmaradana yaiku ….
1. Damarwulan
2. Patih Logender
3. Menakjinggo
4. Layang Seto
5. Layang Kumitir
8. Kutha Prabalingga sing dimaksud ana tembang Asmaradana yaiku ….
1. Purbalingga
2. Jawa Timur
3. Prabalingga
4. Blambangan
5. Majapahit
9. Simaken tembang Pocung ing ngisor iki !
Pocung
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Surasaning tembang pocung ing ndhuwur ngemot bab …..kajaba…..
1. Pendidikan
2. Budi pekerti
3. Unggah-ungguh
4. Moral
5. Cangkriman
10. Tegese climut ana tembang pocung ing ndhuwur yaiku ….
1. Seneng colong-jupuk
2. Seneng golek ilmu
3. Seneng kekancan
4. Seneng memitran
5. Seneng dolanan
11. Paugerane nggawe tembang ana ing ngisor iki, kajaba …..
1. Guru gatra
2. Guru lagu
3. Guru wilangan
4. Guru tembang
5. Watake tembang
12. Tembang sing digawe gancran jenenge ……
1. Geguritan
2. Parikan
3. Wangsulan
4. Paraphrase
5. Syingir
13. Tembang Dhandanggula ing ngisor iki waspadakna !
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hangupaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambaing – srawungan
Bisa uga ginelut ing tembung manis
Marma denya waspada
Tegesing ukara den patitis pamilihe ana ing ngisor iki kajaba …..
1. Sing ngati-ati
2. Sing premati
3. Ora grusa-grusu
4. Sing ayu
5. Sing teliti
14. Milih wong sugih kudu ngati-ati, awit ……
1. Nyengsarakake lelakon
2. Nylametake lelakon
3. Bakal ora kajen
4. Diremehake liyan
5. Kurang prayitna
15. Tegese hangupaya padha karo ing ngisor iki …..
1. Ngupadi; B. Nyaosi
C. Menehi; D. Ngaturi
E. Nggawa
1. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Sebutna tembang-tembang sing kalebu macapat !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………..
1. coba wenehana teges/critakna tembang Asmaradana ing ngisor iki !
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….
1. Tulisen paugerane tembang Asmaradana ing ndhuwur !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
1. Wenehana tuladha tembang sing ngemu cangkriman!
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
1. Apa sing diaranei paraphrase ?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
…………..
1. Pengembangan Sikap
Aspek : Afektif
Indikator : 1.1. Mengungkapkan makna yang terkandung dalam tembang
macapat.
1.2. Menanggapi makna yang terkandung dalam tembang macapat.
1.3. Menyebutkan watak tembang macapat.
2.1.Memparafrasekan geguritan/macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kelas/Semester : XI / 2
Kriteria
No Indikator
Ok Kr Ar Ot

Siswa melu
piwulangan
1
Tembang
Macapat

Siswa aktif
2 sajroning
pelajaran

3 Siswa aktif
nggarap
tugas
individu

Siswa aktif
nggarap
4
tugas
kelompok

Siswa aktif
5 diskusi
kelompok

Siswa aktif
6 diskusi
kelas

Siswa aktif
nyusun
7
hasil
diskusi

Siswa aktif
nyimpulake
8
diskusi
kelas
Katerangan : Skor
Ok : Ora kendhat 4
Kr : Kerep 3
Ar : Arang 2
Ot : Ora tau 1
VIII. TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake
nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.

Anda mungkin juga menyukai