Anda di halaman 1dari 1

Singa lan Tikus

Ing sawijining alas, ana akeh kewan. Alas iki nduweni raja, yaiku singa si raja alas. Kabeh
kewan wedi marang singa. Kabeh kewan wedi dipangan singa. Nek ana suwara singa utawa
jangkah singa, kewan-kewan mesti arep mlayu kanggo nylametake awak. Singa iki ngentekake
dina-dinane kanggo berburu lan turu. Separo kanggo berburu lan separone kanggo turu. Pas
singa turu, kabeh kewan ora wani mekewuhine.

Ing sawijining dina, ana tikus lunga menyang gua. Nanging tikus kesebut keweden amarga gua
kesebut yaiku panggon tinggal singa. Jebulna pas nganti dikana, singa kesebut ora ana.

“Ing kene ana singa ora ya? aku wedi banget,” tembung tikus “Ahhh.. muga-muga ora ana.” Dheweke
lunga ati-ati banget. Pas dheweke ndeleng jejak sikil singa, tikus rumangsa keweden.

“bokmenawa aku kudu bali,” tutur dheweke.

Banjur wektu pengen bali saka gua, tikus krungu suwara jangkah sikil singa.

“Ya opo iki, apa sing kudu aku lakoe,” tembung tikus karo keweden.

Anda mungkin juga menyukai