Anda di halaman 1dari 1

JUDHUL ARTIKEL : DAMPAK PAGEBLUG COVID-19 TUMRAP PASINAON SEKOLAH

JINIS ARTIKEL : DESKRIPSI

JENENG : THALYTA VIUS PRAMESTI

NO. ABSEN : 32

KELAS : X-7

Wekdal niki, pageblug corona utawi COVID-19 sampun nyebar dhateng


sadayaning bangsa, kelebet Indonesia. Kejawi menika, kegiatan sekolah nggih ugi tumut
terhambat lan kepeksa dipuntindakaken wonten griya piyambak-piyambak medal sistem
online. Para guru, dosen, siswa, lan mahasiswa tumut kena dampak saking pageblug
menika. Para guru lan dosen mucal kanthi sistem daring, bimbel lan les-lesan uga kena
dampak virus corona menika, bimbel utawa les-lesan tutup sawetara wektu, nanging uga
wonten bimbel tetep operasi kanthi sistem daring mboten kejaba para siswa lan
mahasiswa ugi kedah sinau ing griya kanthi sistem daring.

Kegiatan pasinaon wonten sekolah kepeksa mboten saget dilaksanakaken lan


diganti kegiatan pasinaon wonten griya piyambak-piyambak. Para siswa kedah nduweni
HP utawa laptop supados saged ngikuti pembelajaran daring. Kebijakan pasinaon
wonten griya piyambak-piyambak dipuntindakaken kaliyan online utawi daring (dalam
jaring) nglangkungi aplikasi-aplikasi kados whatsapp, email, google classroom, google
meet, zoom utawi ingkang sanesipun. Para siswa kedah nduweni kuota utawa
nyambung Wi-Fi supados saged disiplin ngempalaken tugas. Amarga sinau kanthi sistem
daring menika para siswa kathah kang ngresula amarga mboten paham kaliyan materi
kang diparingi guru, para siswa uga kathah kang ngresula amarga kuota enggal telas.

Kagiyatan kang bisa ngatasi kakurangan sinau liwat daring nggih menika, saged
wapri utawa tangled bapak utawa ibu guru mapel kang awrat dipahami. Para siswa uga
saged madhosi materi piyambak kanthi aplikasi Google lan sapanunggalane. Para siswa
uga saged mlebed sekolah kanthi sistem ganjil genap ana ing wilayah Zona Hijau utawa
Zona Kuning. Pamarentah uga ngupayakaken menehi bantuan kuota gratis kagem
pasinaon wonten griya punika.

Anda mungkin juga menyukai