Anda di halaman 1dari 5

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

BAHASA JAWA KELAS X

Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!

1. Guna paedah wana saka segi hidrologis yaiku ....


A. Minangka gudhang kanggo nyimpen oksigen
B. Minangka gudhang kanggo nyimpen banyu
C. Minangka gudhang nyimpen tetanduran
D. Minangka gudhang nyimpen ragam hayati

2. Salah siji guna paedah wana, yaitu ....


A. Nglindhungi lemah saka erosi lan longsor
B. Nglindhungi lemah saka panas
C. Nglindhungi lemah saka udan
D. Nglindhungi kewan-kewan

3. Kagunaan kang wigati liyane saka alas, yaiku ....


A. Dadi pengatur udan
B. Dadi pengatur jinis flora
C. Dadi pengatur iklim
D. Dadi pengatur cuaca

4. Menawa dikumpulake alas uga bisa dadi ... donya.


A. Kaendahane
B. Sumbering urip
C. Sumber banyu
D. Paru-parune

5. Tembung kang gunane kanggo ndawakake ukara, yaiku ....


A. Tembung lingga
B. Tembung andhahan
C. Tembung panggandheng
D. Tembung panyilah

6. Tembung panggandheng kang nyatakake kosok balen, yaiku ....


A. Utawa
B. Lan
C. Ananging
D. Kamangka

7. Tembung panggandheng kang nyatakake pangangen-angen, yaiku ....


A. Saumpama
B. Senajan
C. Utawa
D. Ananging

8. Ing ngisor iki ukara kang nganggo tembung panggandheng kang nyatakake wayah, yaiku ....
A. Saumpama aku bisa ketemu eyang mesthi seneng banget.
B. Nalika aku dolan menyang Kelud kahanane isih gersang.
C. Senajan wis ana Undang-Undang isih wae ana wong kang nebangi alas kanthi
serampangan.
D. Alas kudu dijaga supaya tetep ngrembaka.

9. Supaya alas kuwi ngrembaka lan lestari kabeh kudu njaga kahanane alas.
Ukara kasebut kang migunakake tembung panggandheng kang duweni teges ancas, yaiku ....
A. Lan
B. Kudu
C. Supaya
D. Kahanan

10. Kamangka wana kuni akeh banget guna paedahe, kok isih ana wae kang ngrusak wana.
Tembung panggandheng kamangka nduweni teges ....
A. Panggamblang
B. Tambahan
C. Kosok balen
D. Wayah
11. Akeh wong-wong kang padha gumuyu nalika ana lakon Petruk dadi ratu amarga ....
A. Critane sing lucu
B. Paragane lucu
C. Critane lakon kang mokal
D. Critane ora kena digugu

12. Crita wayang Petruk dadi ratu nyritakake babagan ....


A. Tumempele wahyu marang wong cilik
B. Goleke cara supaya bisa dadi raja
C. Abimanyu kang nandhang lara
D. Petruk sing kepingin lungguh dhampar keprabon

13. Ing wacan “Petruk Dadi Ratu” ana tembung pasemon. Tegese pasemon, yaiku ....
A. Tuladha
B. Guyonan
C. Sindiran
D. Unen-unen
14. Kang dadi perantara dhampar Astina warisan Palasara marang Parikesit, yaiku ....
A. Arjuna
B. Duryudana
C. Wibisana
D. Abimanyu

15. Wahyu kang ateges nyebarake winih keprabon, yaiku ....


A. Wahyu Cakraningrat
B. Wahyu Maningrat
C. Wahyu Makutharama
D. Wahyu Widayat

16. Utusane Petruk nalika dadi ratu, yaiku ....


A. Bayutinaya lan Wisanggeni
B. Bayutinata lan Wisandhanu
C. Bayutinata lan Wisanggeni
D. Bayutinaya lan Wisandhanu

17. Petruk ora bisa nglungguhi dhampar Astina warisan Palasara amarga ....
A. Petruk dudu keturunan ratu
B. Dhampar Astina minangka barang colongan
C. Petruk ora duwe wahyu
D. Petruk kudu golek golekan (boneka) kang bisa dililing luwih dhisik

18. Ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya diarani
ukara ....
A. Crita
B. Pakon
C. Pitakon
D. Lamba

19. Ing ngisor iki kang kalebu ukara pakon, yaiku ....
A. Geneya Petruk bisa dadi ratu
B. Abimanyu kuwi putrane Raden Arjuna
C. Aja tumindak sawiyah-wiyah marang kawula cilik
D. Petruk bisa dadi ratu ananging mung sawetara

20. Ukara kang isine awujud pitakon lan kekarepan ana wangsulan diarani ukara ....
A. Crita
B. Pakon
C. Pitakon
D. Lamba

21. Paraga drama sing mung dianggep geganep wae diarani ....
A. Sutradara
B. Figuran
C. Penonton
D. Protagonis

22. Paraga drama sing dadi pepalang paraga protagonis diarani paraga ....
A. Tritagonis
B. Figuran
C. Antagonis
D. Utama

23. Wong sing ngatur lan mimpin lumakuning drama diarani ....
A. Sutradara
B. Paraga
C. Penonton
D. Figuran

24. Laku-lakuning crita (alur) jroning drama diarani ....


A. Sound
B. Setting
C. Konflik
D. Plot

25. Mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondisi diarani ....
A. Flashback
B. Montase
C. Improvisasi
D. Audience

Anda mungkin juga menyukai