Anda di halaman 1dari 4

Dewi wara srikandi yaiku putri prabu drupada neng cempalareja.

Wayah remaja putri dheweke


ngguru manah nang raden arjuna. Bacut terus dheweke neng jupuk bojo saka arjuna. Asal nguga
srikandi ngguru manah nang arjuna. Wayah pengantin arjuna karo dewi wara sumbadra, srikandi
teka ndeleng, dheweke delok panggawe menyang-2 pengantin kuwi, kegereta srikandi pingin
dadi manten.

Wos Ugo; Cerita Wayang Bahasa Jawa, Arjuna Pandawa Lima Kang Tampan
Nang siji dina srikandi delok arjuna manah sing diwulangna nang rarasati, gundik sang arjuna,
srikandi bacut terus teka ngguru manah nang rarasati. Ning sayekti kekarepan kuwi mung
kanggo lantaran wae, ben bisa ketemu karo arjuna.

Panggawe srikandi sing mangkanaa iki dadekne murka dewi drupadi, permaisuri prabu
puntadewa, kakang wedok srikandi didelok menawa panggawe srikandi kuwi ora becik.
Dewi wara srikandi dhisik dijambe saka raja prabu jungkungmardea neng negeri parangkubarja,
nganti ramanda dewi wara srikandi prabu drupada tergiur tampa jamben kuwi, ning dewi wara
srikandi bacut terus nggugat nang raden arjuna, dibelalah srikandi saka arjuna mawa
jungkungmardea dipateni saka arjuna. Sakwise kuwi srikandi diperisteri saka arjuna karo
kebiyasan kegedhen karo kawinan putera mawa puteri.

Aten-aten srikandi dadi aten-aten lanang, dhemen nang peperangan, diamargakne kuwi dheweke
dipangarah puteri prajurit. Nganti periode wektu iki, wedok-wedok sing wani mbabagan
mubarang hal sing ora becik, luwih-luwih sing babagan bangsa indonesia dipangarah srikandi.

Srikandi sawong puteri panjaga keamanan negeri madukara, yaiku negeri arjuna. Tembungan-
tembungan srikandi enak dirungune lan kebak karo eseman. Wayah dheweke nesu ora kedelok
kenesone kuwi, parandene nekakake wedi nang sapa uga.
Waos Ugo: Cerita Wayang Mahabharata Kisah Arjuna dalam Perang Baratayuda
Srikandi sawong puteri sing seneng nesu, ning keneson kuwi lekas reda. Sinyal menawa
dheweke tengah nesu, merujaklah dheweke mawa dipangan sembari ngomong atos ora
berkeputusan. Nek banget nesu, ana sinyal memecah barang barang pecah sigar, kabeh manuk
perkutut kenduwen arjuna diucul-uculake. Nang wektu srikandi tengah nesu iki, bisa digambarke
nang ukara dalang, sing gampang nggumuyokake pandeleng.
Dijero perang baratayudha srikandi diangkat bacut terus panglima perang mungsuh bisma.,
panglima perang kurawa, nganti bisma tewas sakane,

Srikandi sawong puteri perwira sing sanuli melindungi kebekten bojo, neng periode safe mawa
neng periode perang. Jebulnaa menawa dewi srikandi sawong puteri prajurit, ora mung perang
nang rutinitas perang, nuli neng nglan perang baratayudha berperang uga dadi prajurit perwira.
Sakwise baratayudha srikandi tewas saka aswatama, anak durna, gulune dipenggal wayah
dheweke tengah turu nyenyak
Lairipin Raden Gathutkaca
           
Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun
Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku
pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok
puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati
inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.

            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata
Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal
dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng
maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna
enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra
boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged
karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.

            Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami
kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng
paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen
kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang
pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”

            Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten
tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari-
ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng
ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”

            Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya
lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha
bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning
Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat
kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si
Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”

            Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang
Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang
ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng
kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng
dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.

            Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes
parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala
Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun.
Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun
sami bubar mawur.

       Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng
kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah
Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana
andrawina.

Anda mungkin juga menyukai