Anda di halaman 1dari 121

SERAT YUDAYANA

1. Dhandhanggula

1. mastutyèng rèh sinawung artati | sasmitaning gita rinuwiya | traping driya kang
rinonce | ugêr jatining tuduh | taman kêndhat ing sariratri | mamrih sudaning arda |
mancad mring budyayu | trima lêgawaning cipta | panduking tyas sanityasa pinarsudi
| jujuring karaharjan ||

2. walgitadi kang minăngka dadi | ing sudaning driya kang tan arja | jinjaa mring
kabilaèn | tan drana salwiring hyun | sing mandrawa tinona asri | kawangwang
budyatama | wangkawa kawêngku | buring kukila upama | nelad marang laksita
ingkang utami | yowana puwaranya ||

3. ing tyas kadya sumêngka mring ardi | kang andêdêr tan wangwang kèwêdan |
manrang baya pakewuhe | ngira prapta ing luhur | kêtir-kêtir kang sanubari | ginilut
mrih widada | tataning kanang hyun | hyun karya tilas dènira | mindi budi mrih dadi
kang dipun udi | dinadèkkên kintaka ||

4. rinuwiya ing gita kakawi | tur tan măntra putus marang sastra | mung tinliti
tinalatèn | tinetah murih atul | kinulina lawan tabêri | rekane nyudarsana | mring pra
kang wus mashur | ahli mring paramabasa | awicrita pralampita kang akardi |
panglipuring rudita ||

5. nukil saking kanang sêrat jarwi | peranganing Srat Pustakaraja- | purwa bab kaping
asthane |

--- 2 ---

nênggih cariyosipun | nata agung Ngastina nagri | Sang Prabu Gêndrayana | ing
sasampunipun | amisudha pra wadyendra | patihira Arya Sutiksna wêwangi | atmaja
Sang Supadma ||

6. winursita duk angkaning warsi | pitung atus sangang dasa dwinya | căndra
sangkala angkane | astha tus nêmblasipun | sadhaksadha têngraning warsi | nuju
măngsa kartika | mangkya garwa prabu | Dyah Padmawati ambabar | mijil putri mring
rama sinung wêwangi | Padmaini Sang Rêtna ||

7. rama ibu miwah eyangnèki | Dèwi Gêndrawati dahat dènnya | asih dhumatêng
wayahe | kala samantên Prabu | Gandaprawa Gêndara Aji | taksih wontên Ngastina |
dahat suka sukur | mring dewa dene kagungan | wayah buyut angganya taksih basuki
| mangkana rinuwiya ||
8. jroning sapta ari sri bopati | tansah bogadrawina kalawan | para nata sawadyane |
lumèbèr mring pra wadu | agêng alit samya kawradin | ngurmati putri nata | gantya
kang winuwus | sigêg nagari Ngastina | kawarnaa ing Nungsa Kambana nagri | inggih
Manimantaka ||

9. duk samana Drawilaka Aji | animbali arinya bujăngga | Ardhawalika namane |


winarti yèn Sang Prabu | Drawilaka ing sabên ratri | datansah asupêna | miyat
putranipun [putranipu...]

--- 3 ---

[...n] | dwi samya nandhang cintaka | sartanira katon angêrês-êrêsi | karya tikbraning
driya ||

10. Risang Ardhawalika duk myarsi | sabdaning raka Sri Drawilaka | sakalangkung
pangungune | ya ta tantara dangu | dènnya sami imbalan angling | kasaru praptanira
| ditya wadyanipun | Sabata miwah Batana | ingkang sami kapalajêng awit saking |
dera yudakênaka ||

2. Pangkur

1. lawan Radyan Erawana | duta kalih sadaya wus ngêmasi | praptanya laju umatur |
tumpêsing wadya ditya | saking purwa tumêkèng wêkasanipun | Sri Drawilaka duk
myarsa | dukanya yayah sinipi ||

2. sanalikarsa lumampah | lumurug prang mring Ngastina nagari | karana dwi


putranipun | ciniptantuk bêbaya | nanging lajêng pinambêngan mring rinipun |
taksaka Ardhawalika | makatên aturirèki ||

3. dhuh kakang sri naranata | aywa gita manawi dèrèng gati | yèn dèrèng pikantuk
tutur | warta ingkang sanyata | nadyan kyèhning wadya ditya sami lampus | jêr dede
punika ingkang | jêng paduka arsi-arsi ||

4. kang sayogi ginaliha | kesahipun putra paduka kalih | têka tanpa warta tuhu | dene
para danawa | ingkang mantuk wau sami dèrèng pangguh | kalihan putra paduka |
pun Drawaya lan rinèki ||

5. amila [ami...]

--- 4 ---

[...la] namung punika | ingkang mêsthi sami dipun panggalih | ywan kapinujon ing
kayun | prayoginya utusan | angyêktoskên putra tuwan kadwi wau | dene ywan
sampun têtela | putra paduka kêkalih ||
6. sirna nèng praja Ngastina | lah ing ngriku sampun sêdhêngirèki | jêng paduka
magut pupuh | dadya datan kuciwa | ingkang măngka dhadhakanirèng prang pupuh
| ananging ingkang dinuta | kêdah wadya kang pinilih ||

7. ingkang sêkti măndraguna | putus dhatêng mangendrajala sandi | sagêda amowor


sambu | tan ngantos kawistara | bilih tansah ngutus ditya lir kang uwus | mindhak
kadangon ing lampah | têmah katiwasan malih ||

8. kang raka Sri Drawilaka | amituhu saksana animbali | punggawa ditya gêgêdhug |
misuwur juligira | wignya manjing ajur ajèr kasap lêmbut | pothèting Nungsa
Kambana | têtiga kathahirèki ||

9. satunggal ditya Marica | kadwinira Pisaca wastanèki | tri Naraca raning diyu | katri
sami digdaya | dupi prapta ing ngabyantara sang prabu | nulya sami dhinawuhan |
dinuta amarasandi ||

10. ngêdom sumuruping tirta | mring Ngastina ngudi wartaning siwi | winêling-
wêling agalur | anamun dipun panggah | tumanduking bêbaya miwah pakewuh |
kang dinuk sandika budhal | sapanêkarnya tan [ta...]

--- 5 ---

[...n] kari ||

11. tan kawursita ing marga | dupi prapta tlatah Ngastina nagri | karsaning dewa
kang agung | para wadya dênawa | angrêrayah mêmêjahi tiyang dhusun | kèh dhusun
kang sami sonya | tinarajang pra wadya wil ||

12. kèhnya datanpa wicalan | lah ing kana para punggawa tamping | sigra dènira
lumayu | mring praja tur uninga | kapinujon Sang Sri Gêndrayana Prabu | lagya miyos
sinewaka | pratistha ing păncaniti ||

13. pêpak gunging wadyabala | ingkang sami nangkil anèng ngarsa ji | tan ewah lir
sabanipun | kapiandhêm praptanya | wadya tamping sumiwi ing ngarsa prabu |
dumrojog tanpa larapan | tur uninga mring sang aji ||

14. ywan sagunging padhusunan | kathah ingkang rinisak ing rasêksi | kawarti diyu
puniku | saking Nungsa Kambana | arsambêdhah mring Ngastina sêdyanipun |
pangagêngirèng dênawa | têtiga kathahirèki ||

15. awasta ditya Marica | dwi Pisaca Naraca tiganèki | katri langkung sêktinipun |
wignya mancalawarna | datan pae kalawan bangsaning silum | balane tanpa
petungan | sang nata duk amiyarsi ||
16. langkung kagyating wardaya | wus anyipta bilih tunggilirèki | kang pinêjahan
rumuhun | nèng dhusun Narakuswa | gya anuding punggawa tri agul-agul | sira Sang

--- 6 ---

Arya Sindurja | putra Danurwedha Patih ||

17. kanthi Sang Arya Subala | Arya Jayasutarsa tiganèki | kinèn anyirnakna diyu | kang
ngrisak padhusunan | sang prawira katri sandika turipun | manêmbah anulya bidhal |
nata kondur ngênyapuri ||

18. kang nangkil samya bibaran | kawarnaa kang badhe magut jurit | budhal
sapanêkaripun | kunêng kang badhe mangsah | ing ayuda mangkya gantya kang
winuwus | kang nèng wukir Manikmaya | lir gandhèng lampahannèki ||

3. Kinanthi

1. sarêng lêlampahanipun | ananging kinarya gênti | pamatrapirèng ukara | kacariyos


garwanèki | Prabu Yudayana ingkang | nama Rêtna Sadu Dèwi ||

2. gêrah sawatawis dangu | malah sangsaya ngranuhi | madal saliring usada | miwah
kaêlud ing sêdhih | dera ngraoskên kang rama | sira Sidhikara Rêsi ||

3. kalajêng dènira mutung | tan sowan-sowan mring nagri | miwah ciptanya Sang
Rêtna | Dèwi Sadu ingkang siwi | sira Bambang Sudarsana | badhe kaicalan lari ||

4. de wus sawatawis dangu | risang Sidhikara Rêsi | tan nêdya angaturêna | dhatêng
Ngastina nagari | miwah jêng sri naranata | tan wontên pandangunèki ||

5. milanira Dèwi Sadu | sangsayarda gêrahnèki | kadya anggegea

--- 7 ---

măngsa | ciptanira sang sudèwi | mung tumuntêna palastra | lah ing kana saking
sruning ||

6. dènira nahên wulangun | puwara nêmahi lalis | wau Bambang Sudarsana | miwah
Sidhikara Rêsi | kalangkung sungkawa dahat | puwara sami anangis ||

7. sarta kalajêng jrihipun | tan atur uninga maring | Nata Prabu Gêndrayana | wusnya
sirêping prihatin | gya mangrukti pantisawa | gya linarung ing bênawi ||

8. sarêng wus antawis dangu | Bambang Sudarsana nuli | umarêk maring kang eyang
| wiku Sidhikara Rêsi | amêmothah nyuwun lilah | arsa suwita mring nagri ||
9. Ngastina rèh myarsa tutur | saking sakathahing janmi | bilih andarbèni kadang |
wontên ing Ngastina nagri | arsa dèn suwitanana | ya ta Sidhikara Rêsi ||

10. duk miyarsa aturipun | kang wayah lajêng anangis | gung karănta-rănta dahat |
mèngêt Sri Yudayana Ji | milanira pinambêngan | mangkana sabdanirèki ||

11. babo wayah ingsun kulup | ywanggugu tuturing janmi | sèwu lara wong ngawula |
luhung mrêtapaa kaki | minta pasihaning dewa | manawa ing têmbe kaki ||

12. ana karsaning dewa gung | aparing nugraha jati | kang wayah dahat amêksa |
drênging tyas arsa mring nagri | sang wiku kalangkung kewran | dangu-dangu dèn
lilani ||

--- 8 ---

13. mangkana andikanipun | babo wayah ingsun kaki | Sudarsana wruhanira | kang
umadêg narapati | Ngastina Sri Gêndrayana | iku kadangira yêkti ||

14. sira iku arinipun | nanging poma wêkas mami | ywa ge ngaku sumantana |
marmanya mangkana kaki | wong angaku santanendra | manawa tan dèn akoni ||

15. akarya rujiting kalbu | mring sarira ngrakasani | ewadene bokmanawa | sira dèn
aku pribadi | nata èngêt darbe kadang | sukura mring dewa luwih ||

16. sarta ywa pêgat kulup |[1] panêmbahira mring aji | yaiku nugrahanira | kang
wayah dhêku wotsari | nulya sinung palimarma | mrih widada ing pangudi ||

17. kang prayitna wêkas ingsun | dèn bisa nibani kapti | lawan aja sumantana | sun
cêndhak pitutur mami | dhêku Bambang Sudarsana | saksana anulya pamit ||

18. gya linilan mring sang wiku | anulya mangkat pribadi | tan wontên kang umiringa
| lêpas lampahnya sang pêkik | mangkya gantya winuwusa | duta ing Ngastina katri ||
19. duk prapta unggyaning diyu | tan darana nulya jurit | rame dènnya păncakara |
dangu-dangu kang rasêksi | kalindhih kathah kang pêjah | mundur samya ngungsi
wuri ||

4. Durma

1. nulya mangsah senapatining rasêksa | angantêp prangirèki | ngabên [nga...]

--- 9 ---

[...bên] kasantikan | wira ditya prangira | anggêgiro amrih giris | api lumajar | kadya
kasoran jurit ||
2. para ditya andhêlik têngah wulusan | sigra amalih warni | arupa wowohan | jambu
balimbing pisang | dhuwêt pêlêm lan kuwèni | sapanunggilnya | ingkang băngsa
nyêgêri ||

3. wontên ingkang amindha pala kasimpar | timun sêmăngka krai | ting glundhung
katingal | wèh rêsêpe kang miyat | ambiyêt uwohirèki | wontên kang mindha | bêlik
toyane wêning ||

4. ya ta gunging wadyabala ing Ngastina | sigra sami angusir | mring para rasêksa |
dupi praptèng jro wana | de ditya kang dipun usir | palajêngira | nyênyiwo ngarsa
wuri ||

5. kanan kering tur mawi sami gêgila | lan wontên ditya malih | sawiji wus wrêda |
awasta pun Pralêbda | nandukkên kamayannèki | ing sanalika | panas sumuk tan sipi ||

6. pamrihira para prawira rasêksa | wadya Ngastina murih | sami katorana | dimèn
enggal angalap | mring wowohan sawarnining | kang sêgêr sumrah | miwah we
ingkang wêning ||

7. ya ta pambujungnya wadya ing Ngastina | duk prapta satêngahing | wana


langkung kagyat | dene wil samya sirna | tan kantênan purugnèki | ya ta samana |
sandi upayanèki ||

8. ditya wrêda

--- 10 ---

kang awasta pun Pralêbda | tumamèng pra wadya ji | sanalika prapta | sêsumuk
langkung panas | nulya sami mangaub mring | soring kêkaywan | sawênèh angupadi
||

9. tirta arsa kinarya nêlês sarira | nulya samya umèksi | sakèhing wowohan | ambiyêt
langkung kathah | miwah miyat tirta wêning | pra wadyabala | dahat bingah tan sipi ||

10. saking dahat dènira sami katoran | tan mawi sănggarunggi | gupuh samya ngalap
| jambu dhuku rambutan | sawênèh gêbyur ing warih | ya ta kocapa | dupi arsa
binukti ||

11. kang wowohan pulih sajatining ditya | tirta makatên ugi | ditya nyakot muka |
cêngêl bau myang jaja | asta pupu miwah sikil | samya kawratan | tur kèhing pra
rasêksi ||

12. samya nyêpêng badhama parasu kunta | amrawasa mrih pati | wadya ing
Ngastina | prasamya gundam-gundam | kamigilan samya giris | nulya lumajar |
sarsaran rêbut urip ||
13. agung alit tan ana ingkang manêdya | manglawan mrih pêpulih | pra wadya
danawa | gêntos ambujung sarya | anggro anggêgila angrik | gora gênturan |
saparannya ingusir ||

14. sagungira warahatbala Ngastina | lumayu pinalêcit | tanpa nolih wuntat | samya
asalang tunjang | pati-pati bêbêntusi | para danawa [dana...]

--- 11 ---

[...wa] | langkung sukanirèki ||

15. pra rasêksa gya kèndêl pambujungira | nulya akarya sami | kuwu pasanggrahan |
andina-dina tansah | angrêrayah mêmêjahi | mring padhusunan | gègèr kang dèn
dhatêngi ||

16. kawuwusa wadyabala ing Ngastina | duk sawatawis têbih | lan rota dênawa | nulya
sami rêmbagan | Sang Arya Sindurja tuwin | Arya Subala | sawadyanya kang kari ||

17. Arya Jayasutarsa sampun angêmpal | gya samya wawan angling | Sang Arya
Sindurja | mangkana sabdanira | lah prikănca kadipundi | prayoginira | rèhning
mêngsah para wil ||

18. bêbasane datan kêni sinawawa | dênawa tuhu sêkti | dibya măndraguna | limpad
traping upaya | ing pangendrajala sandi | lah kadiparan | punapa aprang malih ||

19. punapaa angupados minta sraya | tuwin mantuk mring nagri | tur uningèng nata |
yèn kasoran ing yuda | ananging yèn ta umulih | dhatêng Ngastina | tan amungkasi
kardi ||

20. têka awon timên ing pocapanira | yèn kula dèn wastani | cabar tanpa daya |
luhung mantuka aran | tan amêmanjangkên angling | dadya pocapan | wong cubluk
tanpa kardi ||

21. Arya Jayasutarsa Arya Subala | samya anayogyani | tan wontên sulaya | karana
[kara...]

--- 12 ---

[...na] taksih samya | tomtomên tingkahirèng wil | ingkang gêgila | Sang Sindurja gya
angling ||

22. yèn mangkana sampun sami nunggil karsa | suwawi mangsah malih | saajanging
ajang | nadyan tumêkèng laya | tan saru pocapannèki | kula sadaya | tan kenging
mitambuhi ||
5. Gambuh

1. dene kasbut tumênggung | têka ulap kasaktèning mungsuh | miwah ajrih pucuking
braja kang lungit | saèstu yèn botên patut | têtêping nama bupatos ||

2. dene salêrêsipun | nadyan sirna wus pacanganipun | nayakendra pêjah


samadyaning jurit | nglabuhi panêkaripun | makatên manawi ingong ||

3. ewadene jumurung | bilih wontên ingkang darbe rêmbug | Arya Jayasutarsa


anayogyani | karsèng Arya Sindurja nung | kadya kang sampun kawiyos ||

4. nêdya asoroh amuk | dhatêng para wil kang ambêk rusuh | mung Sang Arya
Subala duk amiyarsi | arya dwi rêmbaganipun | yèn badhe manggut prang popor ||

5. kalangkung kagyatipun | grathul-grathul gugup dènnya muwus | adhuh yayi


Sindurêja kadipundi | dadak têka arsa magut | kula nrimah kantun mawon ||

6. margi kula wus kawus | ewadene yèn tan mungsuh diyu | ingkang dahat
sakalangkung gêgilani | kula majêng

--- 13 ---

inggih purun | sanadyana kinaroyok ||

7. ing ngajêng samaliyun | mungsuh sakêthi kang wontên pungkur | yêkti wantun
pun kakang tan nêdya ajrih | dene purun kula wau | kula dalih mundur mawon ||

8. kadwi arya gumuyu | sarwi nyêntak asru wuwusipun | basakêna dika puniku bupati
| têkarsa mingkarèng kewuh | ajrih yèn tumêkèng layon ||

9. mung paduka satuhu | kang atilar ambêking wadya gung | kula eram dene wontên
senapati | têka alit manahipun | wani ngisin ajrih layon ||

10. yèn makatên puniku | dadya dika anglêluri tuhu | pambêkannya eyang buyut
kang suwargi | Arya Dursasana ngênu | dera jirihan kêpatos ||

11. yèn dhasar wus kapuntu | ing panggalih măngga sami andum | karya bêbah-
bêbahan kardi prayogi | kula dwi dugèkkên pupuh | ngantêpi wuwus kawiyos ||

12. ubayaning pangayun | senapati ingkang dipun gilut | mênang ngukup yèn kawon
tumêkèng pati | dene kiraka kabubuh | mantuk tur uninèng katong ||

13. matur salêrêsipun | yèn kasor prang wêkasan lumayu | dene kula kêkalih namung
amêling | bilih dinangu sang prabu | kaaturna yèn wus layon ||
14. sirna madyaning pupuh | Arya Subala nulya sumambung | sarwi gujêng [gu...]

--- 14 ---

[...jêng] anyukakak adhuh yayi | têka mêling kang kadyèku | sanadyan pun kakang
wêdos ||

15. păncakara lan diyu | saèstune yayi kadwinipun | sapurugnya sayêkti kula kêkinthil
| mênawi pun kakang mantuk | pribadi sowan sang katong ||

16. wurung binadhog diyu | saèstu yèn tumêka ing lampus | pinêjahan dening jêng
sri narapati | mila tan sakeca luhung | labuh kănca aprang popor ||

17. ya ta sang wirèng kewuh | kadwi saya dahat sukanipun | lah ing kana para arya
katri sami | eca dènnya imbal wuwus | kasaru wadya tur wêroh ||

18. yèn wontên janma langkung | sinatriya warnanira bagus | ing polatan pasang
sêmu angiripi | lawan kangjêng sang aprabu | mung kaot wrêdha lan anom ||

6. Sinom

1. nalika sami tinanya | ngakên bambang saking wukir | tan sajarwa namanira | ing
samangkya ugi taksih | kaandhêg pra prajurit | tan têrus laksitanipun | arya tri duk
miyarsa | kalangkung sukaning galih | cipta angsal sraya pêparinging dewa ||

2. gupuh sang arya têtiga | pinanggih lawan sang pêkik | sawusnya bagya-binagya |
gya tanya-tinanya gênti | sang bambang taksih kumbi | tan sajarwa namanipun |
ngakên lare lêlana | kêmul mega kandhang langit | datan [da...]

--- 15 ---

[...tan] wikan kang nitahkên kang sêsuta ||

3. miwah tan adarbe nama | gêsang saking bun lan angin | ingkang măngka
namanira | mung manut kang amastani | dèntên sêdyanirèki | arsa angawula tuhu |
dhatêng praja Ngastina | arya tri ngungun miyarsi | ing wacana sêsamaran kang
mangkana ||

4. ananging samya anyipta | bilih sang anyamar yêkti | tuhu têdhaking kusuma |
wijiling atapa yêkti | trahing andana warih | kang lagya anamur laku | duk nalika
samana | sang arya katiga sami | kasamaran dhatêng Bambang Sudarsana ||

5. margi nalika umiyat | anèng Manikmaya wukir | taksih timur duk sedanya | nguni
Sri Yudayana Ji | datan panggih-pinanggih | dumugi diwasanipun | yèn ta karsa
jarwaa | Sang Bambang pinangkanèki | saèstu yèn botên sami kasamaran ||
6. mangkana sang arya tiga | gya pajar namanirèki | miwah nagri pinangkanya | tuwin
dènnya kasor jurit | aprang lawan wadya wil | sadaya sampun tinutur | purwa
praptèng wasana | Sang Bambang wêlas tan sipi | arya katri laju muwus angrêrêpa ||

7. malad driya manuhara | mrih lumuntura ingkang sih | tinantun pinèt saraya |
kaabên prang kalihan wil | manawi lêbdèng kardi | Sang Arya Sindurja saguh |
ngaturkên sri narendra | sayêkti laju tinampi

--- 16 ---

| miwah kinasihan mring jêng sri narendra ||

8. ya ta Bambang Sudarsana | gadgadèng tyas duk miyarsi | ture sang arya têtiga |
tyas datan lênggana nuli | kinèn nêdahna aglis | unggyanira wadya diyu | sang wira
katri dahat | suka sigra budhal sami | tan watawis dangu sarêng sampun cêlak ||

9. kalihan pasanggrahannya | wil Nusa Kambana nguni | para wrahatbala nulya |


samya nguwuh minta tandhing | surak gumuruh atri | kagyat sakèh wadya diyu |
nulya umangsah sigra | nirbaya mahambêg pati | wadyabala Ngastina panggah
atadhah ||

10. rame dènira ayuda | rasêksa pangamuknèki | kadya sardula kabranan | wadya
Ngastina kèh lalis | kang maksih samya ngungsi | sowang-sowang rêbat purug | nulya
Sang Sudarsana | umangsah sêdya pêpulih | pinarbutan dening kyèhning wadya ditya
||

11. wontên kang manrang sing ngarsa | myang nyênyiwo saking wuri | ing kering
tanapi kanan | wênèh wontên anyuligi | ngunta marasu miling | ambadhama mamrih
layu | warni-warni sanjata | sadaya tan angudhili | dènnya yuda sasat prang lawan
wayangan ||

12. ya ta Bambang Sudarsana | solahira dènnya jurit | kadya bêksa tinabuhan | tan
kewran dènnya mrih pati | kathah wadya rasêksi | kang lena madyaning pupuh [pu...]

--- 17 ---

[...puh] | kataman ing curiga | mangkana sakathahing wil | sasisane kang pêjah larut
sadaya ||

13. ngical mring madyaning wana | tan dangu wadya rasêksi | samya malih warna
puspa | anjrah nèng têpining margi | kalangkung adi-adi | atap nèng pinggir
dêlanggung | mrih kaambila marang | Bambang Sudarsana tuwin | wontên ingkang
amindha warni wowohan ||
14. kang manis arum gandanya | miwah wontên warni warih | pratistha munggwing
kumbaya | kang tirta kalangkung wêning | sadaya isthanèki | mamengin kang sayah
pupuh | nanging Sang Sudarsana | ingkang wus waskitha salwir | pamasanging
pangupayaning dênawa ||

15. mila Sang Bambang tan kewran | dènnya mrih sirnaning yêksi | gya matak măntra
wikrama | angêningakên kang lyali | anyipta tumuruning | bahnisara kinèn nglêbur |
katarima ciptanya | tan antawis dangu nuli | katurunan bahnindrasara duk prapta ||

16. ing ngarcapada anulya | nêmpuh dhatêng sagunging wil | kang samya mancala
warna | têmahan sirna kabasmi | Bambang Sudarsana glis | duk myat kyèhning para
diyu | wus badhar malihannya | gya ngêningkên cipta musthi | pêpuntoning karsa
minta tumurunnya ||

17. sarotama bayusara | sanalika dèn turuni | mring dewasara utama | miwah
bayusara luwih | nêmpuh mring sakyèhning wil | sawiji tan wontên kantun [ka...]

--- 18 ---

[...ntun] | tan dangu gya kabuncang | ing bayusara linuwih | sasirnaning ditya
Bambang Sudarsana ||

18. dahat sukanirèng driya | gya sêsumbar walèh bilih | atmajèng Sri Yudayana |
wayah Sidhikara Rêsi | ing Manikmaya wukir | kang ibu Sang Dèwi Sadu | mangkana
sêsumbarnya | wau ta sang arya katri | duk miyarsa dahat asmaraning driya ||

7. Asmaradana

1. kagyat sang nararya katri | saksana samya kèngêtan | bilih Yudayana Katong | ing
nguni kagungan garwa | nèng wukir Manikmaya | sutèng Sidhikara Wiku | Dèwi Sadu
panêngrannya ||

2. patutan jalu sasiki | nama Bambang Sudarsana | Arya Sindurja nulya ge | miwah
Sang Arya Subala | Arya Jayasutarsa | gurawalan marêk gupuh | dhatêng Bambang
Sudarsana ||

3. sarwi angrêrêpa mamrih | suka pirênaning prana | mamiluta mrih arsayèng | ya ta


Bambang Sudarsana | dahat kagyating driya | ngungun de sang arya têlu | dahat
angêsorkên tingkah ||

4. dadya malês mêmaladi | milutèng driya supadya | widadaa sasêdyane | dupi


tundhuking palênggah | parêng panduking tingal | têmah sami sukanipun | wusnya
mangkana Sang Arya ||
5. Sindurja lon dènira ngling | sarwi angrêrêpa dahat | adhuh gusti kula anggèr | sang
maha sadu sudibya | kalinganeya

--- 19 ---

tuwan | satriya trah gusti tuhu | duk wau kula miyarsa ||

6. sêsumbar ingkang kapyarsi | têka lajêng kaèngêtan | makatên liripun radèn | kang
dadya kèngêtan kula | awit duk sugêngira | gusti kula sang aprabu | ramanta Sri
Yudayana ||

7. nalika têdhak mring wukir | Manikmaya nulya krama | Dyah Sadu yèku putrane |
Sang Bagawan Sidhikara | pêputra jalu juga | anênggih ingkang kasêbut | nama
Bambang Sudarsana ||

8. duk muksanira sang aji | Maha Prabu Yudayana | karaton nulya gumantos | mring
putra nata kang wrêda | ran Prabu Gêndrayana | anênggih patutanipun | saking putri
ing Gêndara ||

9. punika ngantos sapriki | rakanta Sri Gêndrayana | tan panggih-pinanggih malèh |


karana samya sulaya | tur taksih sami wăngsa | de mênggah aluranipun | kang kasbut
ing sêrat Wedha ||

10. duk eyang tuwan sang aji | Sang Prabu Darmasarana | ingkang kasêbut asmane |
Maha Prabu Dipayana | nalika acangkrama | mring pagrogolan nênumpu | lajêng
kinuncang ing dewa ||

11. praptèng praja Gilingwêsi | lajênge kalunta-lunta | prapta ing muka bumine |
puwara sang nata prapta | ing wukir Manikmaya | anênggih eyang ta buyut |
Bagawan Sidhiwacana ||

12. rinuwi atmajanya [a...]

--- 20 ---

[...tmajanya] tri | kang wrêdha putri anama | Dèwi Suyati garwane | Patih Dwara ing
Ngastina | kadwi ugi wanodya | Dèwi Satapa ranipun | kagarwa eyang paduka ||

13. Maha Prabu Parikêsit | wuragil jalu namanya | Wasi Sidhikara rane | tan watawis
dangunira | eyang ta sang bagawan | mring nata laju jinunjung | dadya paramparèng
praja ||

14. Ngastina pinaring nami | Sang Rêsi Sidhiwacana | Dèwi Suyati kacriyop |
[2] garwanira Patih Dwara | kêkalih putranira | kang wrêdha jalu kasêbut | Patih
Supadma ranira ||
15. arinya wanita nami | Dyah Padmawati kang kocap | limpad salir kridhaning rèh |
kagarwa raka paduka | Sang Prabu Gêndrayana | mangkya Dyah Satapa kasbut |
pêputra amung sajuga ||

16. inggih ramanta pribadi | suwargi Sri Yudayana | pêputra amung kadwine | rakanta
Sri Gêndrayana | kalihan jêng paduka | de Sang Sidhikara Wiku | ugi kalih putranira ||

17. kang wrêda putri wêwangi | Dyah Sadu ingkang kagarwa | rama paduka sang
katong | lajêng pêputra paduka | rine ibu paduka | jalu nênggih kang kasêbut |
anama Wasi Sadhana ||

18. laju ingambil mantu mring | Sri Gandaprawèng Gêndara | angsal kalêrês arine |
Dyah Gêndrawati kang nama | Gandaroyi Sang Rêtna | mangsuli cariyosipun [cari...]

--- 21 ---

[...yosipun] | samuksanya buyut tuwan ||

19. Sang Sidhiwacana Rêsi | kang gumanti parampara | wontên ing Ngastina mangke
| anênggih eyang paduka | Sang Rêsi Sidhikara | ngantya samangkya lêstantun | ya ta
Bambang Sudarsana ||

20. duk miyarsa turirèki | Arya Sindurja mangkana | andhêku èsmu arsayèng | nulya
tanya ingkang dadya | karantêne sang nata | samya sulaya ing kalbu | lawan Rêsi
Sidhikara ||

21. Arya Sindurja mangsuli | dhuh anggèr kauningana | mila rakanta sang katong |
têmah sulaya ing driya | lawan eyang paduka | makatên bêbukanipun | amargi raka
paduka ||

22. Sri Gêndrayana ing nguni | sangêt ardaning ardaya | sabên ari ngasakake |
[3] alêlangên ajar yuda | lan para punggawendra | ngantya kathah wadya prabu |
ingkang kapara ing tiwas ||

23. anèng samadyaning jurit | sabibaring ajar yuda | sri nata myang sawadyane |
sadaya sami bojana | nèng păncaniti aglar | datan wontên lowongipun | sabên
dinmên[4] mung mangkana ||

24. de eyang tuwan Sang Rêsi | Sidhikara langkung wêlas | mring para wadya rusake |
kang lena madyaning rana | miwah ingkang kabranan | mila lajêng munjuk atur |
ambêbolèh kathah-kathah ||

25. ing rakanta sri bopati | ywa

--- 22 ---
ngantos anglajur karsa | rèhne tan sae dadose | awit lêpiya ing kina | yèn lêlangên
mangkana | puwara amanggih dudu | ananging raka paduka ||

26. sadaya ture sang rêsi | tan pisan dèn paèlua | malah kalèntu tampine | sêrêng
pamangsuling sabda- | nira mring eyang tuwan | sabên ari datan surut | malah
mindhak ardanira ||

27. andadosakên sang rêsi | kataman sungkawa dahat | kalampahan lajêng mirong |
mutung botên karsa sowan | dhatêng praja Ngastina | malah bidhalipun kondur |
dhatêng wukir Manikmaya ||

28. bolos datan mawi pamit | ngantya sapriki punika | tinimbalan mring sang katong |
inggih botên karsa sowan | kalajêng ajrihira | tur raka tuwan sang prabu | sampun lilih
ing wardaya ||

29. Bambang Sudarsana dupi | miyarsa dahat ngungunnya | Arya Sindurja lon ture |
dhuh anggèr kauningana | ywa kaduk bela tămpa | mênggah anggèn kula purun |
rumêngkuh dhatêng paduka ||

30. têmbung anggèr mring sang pêkik | tan katênta bilih kula | lumampah ingakên
dados | wăngsa miwah kulawarga | saèstune bêbasan | nadyan têbih taksih turut |
têturutaning turunan ||

31. lamat-lamat ugi taksih | katingal têtalêrira | manawi taksih wangsane | kentar-
kentaring [kentar-ke...]

--- 23 ---

[...ntaring] maruta | taksih mambêt gandanya | manawi anggèr saarju | kalilana tur
pratela ||

32. têturutaning lêluri | kula kalihan paduka | sang pêkik sumaur alon | inggih
langkung prayoginya | supadya kula wikan | wijanging bêbasan nêbut | anèm miwah
sêpuhira ||

33. rèh kula punika lagi | katêmbèn karuh manawa | tan wontên kang dunungake |
sèstu badhe tuna dungkap | tan wande dadya lêpat | Sang Arya Sindurja gupuh |
amijilakên aluran ||

8. Mijil

1. wuwusipun dhuh anggèr sang pêkik | ujaring pawartos | urutaning talêr alurane |
duk ing kina eyang ta sang aji | ingkang abêbisik | nênggih sang aprabu ||
2. Pandhu Dewanata Ngastina Ji | putranya kacriyos | gangsal samya priya
sumarmane | sinêbut nata Pandhawa nguni | kang sêpuh wêwangi | Yudhisthira
Prabu ||

3. nata ing Ngamarta duk ing nguni | sabibaring pupoh | Bratayuda gya umadêg
rajèng | binathara ing Ngastina nagri | putra jalu sika |[5] nênggih kang sinêbut ||

4. Arya Păncawala ranirèki | sirna madyèng pupoh | arinira Yudhisthira rajèng | Arya
Bratasena ranirèki | arinipun malih | Arya Arjunèku ||

5. arinira Aryarjuna nami | Arya Nangkula nom [no...]

--- 24 ---

[...m] | kang waruju Arya Sadewane | kalih pisan datan asêsiwi | mangkya kang rinuwi |
Arya Sena wau ||

6. krama putri ing Saptapratiwi | pêputra sawiyos | Arya Anantarêja wastane | Arya
Anantarêja sêsiwi | sudarmamba yêkti | anênggih ranipun ||

7. Arya Danurwedha warangkaji | samangkya wus layon | aprang lawan yêksa


atmajane | natèng Nungsa Kambana anênggih | panunggilannèki | kang wus sirna
wau ||

8. dene bapa kawula sêsiwi | kula lan riningong | Arya Danurja ingkang samangke |
taksih kantun wontên ing nagari | mangkya kang rinuwi | Sang Arjuna ngênu ||

9. apêputra nênggih kang wêwangi | Dyan Abimanyu nom | kambilban mantu


Natèng Wirathane |[6] kang jêjuluk Prabu Paswapati | patutan sawiji | nênggih kang
jêjuluk ||

10. nama Maha Prabu Parikêsit | ing Ngastina katong | apêputra ramanta sang rajèng
| Prabu Yudayana gya sêsiwi | raka paduka ji | Gêndrayana Prabu ||

11. miwah paduka anggèr pribadi | milanya sang anom | mring kawula nguwa
bêbasane | tindakira lagya ngaping kalih | ananging sarèhning | paduka puniku ||

12. sinatriya têrahirèng gusti | kula sampun dados | trah kawula milanipun mangke |
mung dadosna kauningannèki [kauningannè...]

--- 25 ---

[...ki] | anggèr sang pinêkik | de arya dwinipun ||


13. inggih nguwa paprênahannèki | tan pae lan ingong | Bambang Sudarsana suka
tyase | nulya mêndhak arsa angabêkti | nging sang arya katri | sami datan purun ||

14. wusnya mangkana sang wira katri | catur sang wira nom | sami rêmbag bidhal
mring prajane | bokmanawi dipun arsi-arsi | mring jêng sri bopati | wusnya golong
rêmbug ||

15. Arya Sindurja parentah nuli | kinèn amirantos | dera badhe mantuk mring prajane
| enggaling cariyos sakathahing | para wadya aji | sasisaning lampus ||

16. miwah tiyang Narakuswa dèsi | samya kinèn manggon | mring wismane sowang-
sowang kabèh | sawusira samapta arya tri | sapanêkarnèki | Sang Bambang tan
kantun ||

17. bidhal mantuk mring Ngastina nagri | swaranya gumuroh | rinuwiya pra wadya
lampahe | Arya Subala laksitanèki | rèh bêntèr nglangkungi | mila nulya cucul ||

18. lukar busananirèng prajurit | mung angagêm kathok | busananya gya pinaringake
| dhatêng Bambang Sudarsana murih | ngampil urut margi | Sang Sindurja duk wruh
||

19. angèngêtkên mangkana dera ngling | dhuh kadang ngong sêpoh | kadipundi
karsanta yêktine | têka tanpa parikrama dening | dadak [dada...]

--- 26 ---

[...k] wani-wani | andika rumêngkuh ||

20. mangrèh dhatêng arining sang aji | bêbasane katon | sasat purun misesèng
gustine | kang makatên punika sayêkti | sotaning tyas mami | tan prayogi tuhu ||

21. Arya Subala gupuh mangsuli | dhuh yayi sakaron | mugi sampun kaduk
panggalihe | sumawana abela panampi | kuningana yayi | janma mudha iku ||

9. Sinom

1. prayogi binaktan karya | măngka tapabratanèki | wus wiyahing para mudha |


miwah mupung taksih kenging | kula kengkan[7] manawi | benjing sampun mukti
luhur | kula măngsa sagêda | kèngkèn bêktakkên kulambi | malah kula ingkang
gêntos pinarentah ||

2. mandar têrkadhang punika | manawi sampun dumugi | wontên ngarsaning sang


nata | bokmanawi lajêng lali | supe mring kula sami | sang arya dwi dupi ngrungu |
mèsêm sarwi anyêntak | basakna andika niki | pundi wontên kawula têka lumampah ||
3. sinuwitan mring bêndara | tur yèku ari narpati | ngantya cekoh regoh măngsa |
kenginga dikangkên abdi | sisip sêmbire benjing | yèn kuningan mring sang prabu |
kalêpatan andika | ambêbêkta kănca sami | bêbasane ngatutkên daging awaras ||

4. yèn makatên karsandika | tumêkèng wuri manawi | wontên dukane sang

--- 27 ---

nata | andika sanggi pribadi | Sang Subala mangsuli | inggih sampun tumut-tumut |
pinanggiha ing kula | kula sanggane pribadi | sasampunnya amuwus ingkang
mangka ||[8]

5[9]

6. saèstu umanjing dadya | bratane tiyang taruni | wau Bambang Sudarsana | sigra
dènira mangsuli | sabdanya arum manis | dhuh uwa ywa walangkayun | sampun
sandeyèng driya | nadyan kinèna sakalir | têmtu kula mituhu dhawuh jêng uwa ||

7. karana duk angkat kula | saking Manikmaya wukir | dhasar mung cipta ngawula |
mangkya dumugining ngriki | inggih sintên kang sudi | angèngkèn sapakènipun |
èstu kula tumindak | Arya Subala duk myarsi | saya suka gumujêng alatah-latah ||

8. lajêng dhawah galundhungan | sarwi asu wuwusnèki | babo anggèr putra kula |
kang pancèn satuhu sigit | trahing andana warih | kusuma rêmbêsing madu | wijiling
maratapa | Sang Arya Sindurja dupi | umiyat mring tingkahnya Arya Subala ||

9. sangsaya gawok kalintang | mangkana osiking galih | têka malah [ma...]

--- 28 ---

[...lah] saya edan | kakang Subala puniki | dene tan angèngêti | yèn kawula raganipun
| Arya Jayasutarsa | myang Arya Sindurja sami | kèndêl tansah sinawang sarwi
lumampah ||

10. ya ta datan kawursita | laminya dera lumaris | sapraptane ing Ngastina | Arya
Subala anêbih | ngantun tan anyarêngi | gya ngrasuk busananipun | Arya Jayasutarsa
| myang Arya Sindurja tuwin | panêkarnya anjujug ing kapatihan ||

11. sira Bambang Sudarsana | tut wingking sang arya kalih | lajêng katur mring sang
nata | anulya sadaya sami | tinimbalan mring puri | kerid mring sang mantringayun |
Patih Arya Sutiksna | sawadya punggawa mantri | sapraptaning ngabyantara sri
narendra ||

12. Sang Arya Sindurja nulya | matur solahe tinuding | ing purwa prantèng wasana |
Prabu Gêndrayana dupi | myarsa suka tan sipi | puwara sangêt angungun | sukaning
tyas de mêngsah | ditya sampun sirna gusis | ngungunira dene kyèhning wadya ditya
||

13. naracak samya digdaya | darbe kasêktèn kadyèki | sang nata andangu nulya |
mring Arya Subala dening | tan sumewa mring aji | Sang Arya Sindurja matur | yèn
taksih wontên wuntat | sadangunira sang aji | wawan sabda tan pêgat dènnya umiyat
||

14. dhatêng Bambang Sudarsana [Sudarsa...]

--- 29 ---

[...na] | karana nêmbe kaèksi | sang nata nulya têtanya | mring Sang Danurwedha siwi
| mangkana wahyaning ngling | uwa Sindurja sirèku | antuk bocah anyaran | abagus
warnane pêkik | saka ngêndi pinangkanya rare ika ||

15. lawan apa kang ginawa | Arya Sindurja wotsari | dhuh pukulun sri narendra |
yêktinya rare puniki | anggèn kawula manggih | wontên madyaning wana gung |
pangakênnya priyăngga | saking Manikmaya wukir | wayahipun Sang Bagawan
Sidhikara ||

16. Dèwi Sadu ibunira | wondene namanirèki | karan Bambang Sudarsana | ananging
sudarmanèki | dèrèng purun sajarwi | mung sêdyanya kang tinutur | nglampahi
dhawuhira | eyang paduka Sang Rêsi | Sidhikara kinèn suwita mring praja ||

17. nalika wontên ing wana | amba sraya nanggulangi | sakyèhning rota danawa |
ingkang sami surasêkti | dupi sirnaning kang wil | amba èngêt yèn ing ênu | ramanta
kang wus swarga | darbe garwa wontên wukir | Manikmaya putrine eyang paduka ||

18. Sang Maharsi Sidhikara | Dèwi Sadu kang kêkasih | duk samana wus pêputra | jalu
siki dèn namani | mring sang nata suwargi | Bambang Sudarsana ngênu | sira Arya
Sindurja | gya ngaturkên solahnèki | Risang Arya Subala duk wontên marga ||

19. ing purwa praptèng wasana

--- 30 ---

| sri narendra duk miyarsi | aturnya Arya Sindurja | dahat arsayaning galih | sarta
èngêt ing nguni | ingkang rama Sang Aprabu | Yudayana yèn darwa | garwa kang
wontên ing wukir | Manikmaya Dèwi Sadu namanira ||

20. pêputra sajuga priya | sarta pinaringan nami | nênggih Bambang Sudarsana | duk
wus têtela kadyèki | anulya dèn timbali | mring ngarsanira sang prabu | sarta kinèn
nyèlèhna | babêktanira kang saking | Sang Subala kang kinèn matur sandika ||
21. sigra majêng gurawalan | anguswa padaning aji | sang nata gupuh anyandhak |
kinuswa êmbunirèki | sarya lon dènira ngling | dhuh kalingane sirèku | ariningsun
sanyata | saking karsaning dewadi | ing samangkya kinumpulkên lawan ingwang ||

22. kang rayi dahat karuna | karêrantan dera sami | wus datan darbe sudarma | Sri
Gêndrayana duk myarsi | aturira kang rayi | kumêmbêng anênggak kang luh | ya ta
para punggawa | ing Ngastina gung lan alit | samya bela arawat waspa udrasa ||

23. Patih Sang Arya Sutiksna | tansah matur ngêngimuri | mrih lipur kang karêrantan |
ya ta sirêping rudatin | Sri Gêndrayana Aji | gupuh dènira andangu | mring Bambang
Sudarsana | kang dadya karananèki | de kang ibu Dèwi Sadu miwah eyang ||

--- 31 ---

24. Rêsi Sidhikara datan | tumut mring Ngastina nagri | kang tinanya lon turira |
pukulun kangjêng dewaji | kauningana mugi | bilih ibu Dèwi Sadu | wus muksa
nunggil rinya | praptaning utusan nguni | kang sung uning duk muksanya kangjêng
rama ||

25. dene eyang sang pandhita | mila tan sarêng lan patik | amargi lampah kawula |
kasêsa ayun udani | miwah sajatosnèki | lampah kawula pukulun | tinètèr tingkahing
prang | kinèn têtulung wadya ji | kang kasor prang amêngsah para raksasa ||

26. mila amba tan sinungan | rowang dènira lumaris | laju kinèn anjujuga | prênah
unggyaning ajurit | ananging datan lami | jêng eyang sagah anusul | sowan jêng
padukendra | Sri Gêndrayana duk myarsi | langkung suka wusnya mangkana sang
nata ||

27. dhawuh mring Patih Sutiksna | ngandikan kinèn ngulati | dhatêng Sang Arya
Subala | kang taksih kantun nèng margi | sandika kang sinung ngling | sigra dènira
anuduh | dwi punggawa tan lama | pinanggih nulya kairid | malbèng pura umarêk Sri
Gêndrayana ||

28. nulya dinangu marmanya | darbe tingkah kang kadyèki | Arya Subala manêmbah |
tumungkul maèsmu ajrih | minggu datan nauri | amargi rumaos sampun | dahat ing
lêpatira | Prabu Gêndrayana nuli |

--- 32 ---

angandika dhatêng sang nayaka waktra ||

29. hèh kakang Arya Sutiksna | wruhanira tingkahnèki | uwa Subala mangkana | iku
akarana saking | lêlanjarane nguni | kang wus kawarti ing dangu | eyang Sang
Dursasana | ing nguni uga kawarti | karêm karya tingkah kang sawênang-wênang ||
30. kaya si uwa Subala | nanging tingkah kang kadyèki | iku tingkahe wong nistha |
saya ingkang tan prayogi | cinakêt mring narpati | tan pantês kinarya luhur | Patih
Sutiksna muwah | pra punggawa kang miyarsi | samya nêmbah tumungkul sangêt
jrihira ||

31. sri nata nulya ngandika | he kakang Sutiksna Patih | sira dhawuhêna marang | si
uwa Subala nuli | mangko dosanirèki | ingsun aksama satuhu | nanging ingsun pidana
| tugura nèng păncaniti | rina wêngi nganti lawase sacăndra ||

32. tan kêna mulih mring wisma | ing têmbe ywa kongsi wani | akarya tingkah
mangkana | yèn ngantia wani-wani | nêrak wêwalêr mami | sayêkti yèn ingsun ukum |
ingalaskên slaminya | sandika kang dèn dhawuhi | gya dhinawuhakên mring Arya
Subala ||

33. salwiring pacuhan nata | sandika kang dèn dhawuhi | nêdya ngèstokkên slaminya
| ya ta rinuwiya dupi | sawêg imbalan angling | kasaru ing praptanipun | Sang Rêsi
Sidhikara | saking Manikmaya [Ma...]

--- 33 ---

[...nikmaya] wukir | dumarojog marêk ing byantara nata ||

34. ya ta Sang Sri Gêndrayana | mêthuk èsmu sukèng galih | tundhuk sampun
ingancaran | lênggah jajar lan sang aji | wunnya[10] sinung pambagi | tanapi
sugatanipun | Sang Prabu Gêndrayana | gupuh dènira wêwarti | mring kang eyang
sakathahing lêlampahan ||

35. winiwitan duk praptanya | danawa saking nagari | Nungsa Kambana saengga |
praptanipun ingkang rayi | miwiti amêkasi | sang rêsi miyarsa ngungun | sang
parampara nulya | gêntos awêwarti wiwit | sedanipun Dèwi Sadu myang sowannya ||

36. dhatêng Ngastina punika | sang nata ngungun miyarsi | puwara sokur ring dewa |
duk samana sri bopati | dènnya siniwèng dasih | ngantya mèh saari muput | wunnya
mangkana bibar | Sang Arya Sutiksna tuwin | sakancanya punggawa sampun kalilan ||

37. umantuk sowang-sowangan | mung Sang Sidhikara Rêsi | miwah Bambang


Sudarsana | kang taksih kantun nèng wuri | pinaring pakuwon ing | sanggar
palanggatan sampun | tan rinuwi laminya | samana asantun warsi | lumaksana ing
warsa Jagalogêna ||

38. căndra sangkalaning warsa | astha tus sapta wlas dening | angkaning surya
sangkala | sapta tus lan nawa dèsi | têtiga langkungnèki | manggasri măngsa

--- 34 ---
lumaku | mangkana cinarita | garwendra Dyah Padmawati | mangkyambabar mijil
putri langkung endah ||

39. mangkya pinaringan nama | Rêtna Dèwi Mahayati | yayah rena langkung suka |
sumawana sang maharsi | langkung sokur ring Widhi | sri nata nulya angutus | dwi
punggawa tur wikan | mring eyang Sri Gandara Ji | duk samana salêbêting sapta rinya
||

40. sri nata tansah kasukan | lan sagunging pra wadya ji | duk dungkap mèh
salapannya | katungka praptanirèki | Sri Gandaprawa Aji | ing ngriku lajêng
ambangun | kasukan salapanan | ngantya catur dasa ari | nutug dera samya boga
andrawina ||

41. bibarnya dera kasukan | Sang Sri Gêndrayana Aji | tansah sami bawa rasa | lawan
ingkang eyang kadwi | Sang Sidhikara Rêsi | miwah Gandaprawa Prabu | myang
Bambang Sudarsana | wontên ing sanggar panêpin | duk samana dumugi ing
măngsa Citra ||[11]

10. Asmaradana

1. kasmaran sajroning warsi | Jagalogêna samana | ing ari Soma Manise | Maha Prabu
Gêndrayana | karsa myos sinewaka | ing păncaniti supênuh | pêpak sagung para nata
||

2. miwah para punggawa ji | kang sami nangkil sadaya | tan siwah kadya sabêne |
ingkang eyang sakalihan | taksih wontên Ngastina [N...]

--- 35 ---

[...gastina] lênggah cakêt lan sang prabu | jajar lan Patih Sutiksna ||

3. tan dangu sri narapati | dhawuh mring nayaka waktra | miwah kang eyang kadwine
| tuwin kyèhning wadyabala | ing Ngastina sadaya | yèn samangkya karsa prabu | arsa
angulawisudha ||

4. dhinawuhan angèstrèni | yèn rindra Sang Sudarsana | kajêjêrkên măngka dados |


senapatining punggawa | gêntosi lênggahannya | kang paman sang arya prabu |
kalilan mangrèh punggawa ||

5. pinaringan nama mangkin | Arya Prabu Sudarsana | sadaya kang sinung dhawoh |
prasamya mangayubagya | jumurung karsa nata | nuntên ari nata gupuh | majêng
nguswa padèng raka ||
6. lênggah jajar lan kya patih | wusnya mangkana sang nata | arum wijiling sabdane |
he kakang Patih Sutiksna | yèn panuju ing karsa | dene paribasanipun | ywa kaparan
doh ranira ||

7. arinira ingkang maksih | kênya Padmasari nama | iku mangko karsaningong | arsa
ingsun dhaupêna | lan yayi Sudarsana | saka ing pangrasaningsun | dadi sangsaya
prayoga ||

8. tinggalane uwa Patih | Supadma katêlunira | padha anêmu kamuktèn | Patih


Sutiksna duk myarsa | ing sabda sri pamasa | anyumanggakkên turipun | ya ta Prabu
Gêndrayana ||

9. dhawuh kinèn sami ngrakit [n...]

--- 36 ---

[...grakit] kurmataning pamiwaha | sandika kang sinung dhawoh | sewaka nulya


bibaran | Sang Prabu Gêndrayana | kondur tumamèng kadhatun | ingkang eyang
sakalihan ||

10. miwah ari sri bopati | Arya Prabu Sudarsana | kinèn umiring sang katong |
tumama mring dhatulaya | Patih Arya Sutiksna | sarowangnya sami mantuk |
enjingnya sang mantringarsa ||

11. sigra matah mring wadya ji | samêkta anambut karya | badhe rêngganing
pangantèn | pra wadya samya tumandang | sari-ari mangkana | botên wontên
kèndêlipun | sinigêg karyaning wadya ||

12. gantya kawuwusa malih | wontên wadyanya sang nata | juru dagang pakaryane |
awasta Juragan Karma | ing nalika punika | miyarsa bilih sang prabu | karsa badhe
amiwaha ||

13. arindra kang nêmbe prapti | Arya Prabu Sudarsana | dhaup lan ipe sang katong |
arine Arya Sutiksna | Dyah Padmasari nama | Juragan lan rayatipun | samya tumama
ing pura ||

14. umarêk jêng sri bopati | karana Juragan Karma | kinasih mring jêng sang katong |
lah ing ngriku lêbêtira | risang Juragan Karma | ngiras pantês amituhu | pratignyanira
rikala ||

15. Juragan anandhang sakit | basah lungkrah gaotannya | lah ing kana nulya darbe |
pratignya sajroning driya | ing têmbe

--- 37 ---
yèn waluya | sirna sing kasmalanipun | arsa marêk sri narendra ||

16. arsa atur rajatadi | ing sadarbe-darbèkira | mila samangkya lêbête | Juragan
Karma ambêkta | barang wêdalan sabrang | kathah sarta bagus-bagus | ya ta Sang
Juragan Karma ||

17. duk praptèng ngarsa narpati | samana Sri Gêndrayana | lagya pinarak sakrongron
|[12] lawan pramèswari nata | myang eyang sakalihan | lan ari Sang Arya Prabu |
Sudarsana nèng ngarsendra ||

18. sang nata duk aningali | praptanya Juragan Karma | gupuh anulya ingawe |
sarwyasru pangandikanya | hèh-hèh Juragan Karma | ingsun tan anduga tuhu | yèn
sira bisa waluya ||

19. karana panduga mami | sun sêngguh dadi jalaran | sira tumêka ing layon | awit
rupaning lêlara- | nira ing nguni kaya | tan bisa waluya tuhu | amarga kasmalanira ||

20. tan lumrah laraning janmi | dene ing samêngko sira | iku wus waluya jatos | sarta
ora măntra-măntra | katara mêntas lara | iku sapa ingkang asung | pitulung
waluyanira ||

21. Juragan dhêku wotsari | dhuh pukulun sri narendra | kauningana sang katong |
sayêktinira kang măngka | lantaran sih kadarman- | ning dewa ingkang linuhung |
punapa amba kalilan ||

22. ngaturkên gancarirèki [ga...]

--- 38 ---

[...ncarirèki] | ing lêlampahan kawula | ing nguni praptèng samangke | Maha Prabu
Gêndrayana | langkung arsayèng driya | sarwyalon andikanipun | hèh kakang Juragan
Karma ||

23. luwih prayoga sayêkti | yèn sira anggancarêna | sakabèhing kang lêlakon | kang
dadya marganing mulya | sira Juragan Karma | sêmbah sandika turipun | lajêng
winuwus sadaya ||

24. mangkana aturirèki | dhuh pukulun sri pamasa | kauningana sang katong | ing
nguni kala kawula | taksih sangêting roga | duk antawis pitung dalu | lawan têdhak
jêng paduka ||

25. dhatêng wisma amba sarwi | paring sabda mring kawula | mrih enggal waluya
jatos | punika sakondur tuwan | ing tyas tansah karantan | mring sabda tuwan
sadarum | ngantos mèh datan rumasa ||
26. yèn amba anandhang sakit | malah sring kawêdal kadya | tiyang dalêming
angomong | tarlèn kang kawula sambat | pan amung jêng paduka | de jêng
padukarsa rawuh | kanthi paring palimarma ||

11. Kinanthi

1. ing siyang tanapi dalu | salêbêting nandhang sakit | kawula gadhah pratignya |
têmbe ywan sêsakit wus nir | ing sadarbèk-darbèk amba | dados kagungan narpati ||

2. mila makatên pukulun | amung saking angèngêti | de panjênêngan paduka | karsa


têdhak atêtuwi [a...]

--- 39 ---

[...têtuwi] | gèn amba anandhang roga | raosing tyas amba gusti ||

3. raosnya kadya jinabut | saking sangêting kapengin | tumuntên sagêd waluya |


ngantos supe nadhah guling | sarêng ing malêm Anggara | Kasih amba sagêd guling
||

4. sakêdhap lês mung angantuk | amba ngimpi dèn têdhaki | jawata Sang Hyang
Naradha | sartanya aparing wangsit | makatên andikanira | Juragan Karma sirèki ||

5. yèn sirarsa nuli sêmbuh | nir mala waluya jati | sira age akumkuma |[13] anèng
Jamuna bênawi | sidhataning Silugangga | tanpa rowang mung pribadi ||

6. lah ing kono marganipun | bisa waluya sajati | sawusnya mangsit mangkana | Sang
Hyang Naradha gya anis | duk kawula tangi nulya | wêwarti mring anak rabi ||

7. ujaring wangsit sadarum | anak miwah semah patik | dahat arsayaning manah |
winatawis sapta ari | kawula nulya binêkta | dhatêng Jamuna bênawi ||

8. sapranira ing ngriku |[14] amba nulya ngum ing warih | wontên pinggir prênahira |
dinamêlkên maring siwi | pondhok gubug ingkang măngka | têtawing panasing rawi
||

9. duk dènnya karya wus rampung | gya sami tinilar mulih | mung sabên ari kewala |
kinintun kang măngka bukti | dupi antuk sapta rinya | amba kungkum nèng jro warih
||

10. nanging

--- 40 ---
botên sagêd mantun | mandar saya dènnya dadi | saking prihatos kawula | rintên
dalu tan gumingsir | tan mêntas saking ing tirta | nanging sangsaya ngranuhi ||

11. duk antuk satêngah tèngsu | saking sangêting kang sakit | myang kakêning
manah kula | têmah sru amba anangis | sêsambat Sang Hyang Naradha | têka cidra
kanang wangsit ||

12. wusnya mangkana pinuju | wontên brahmana lumaris | têpining lèpèn Jamuna |
dupi laksitanya prapti | cêlak panggenan kawula | sang brahmana têtanya ris ||

13. makatên dènira muwus | lah wong apa sira iki | têka kungkum anèng tirta | tanpa
rowang mung pribadi | atur wangsulan kawula | dhuh sang têtanya wak mami ||

14. tiyang lagya nandhang rapuh | milanya kungkum nèng ngriki | sêdyèng tyas
mamrih waluya | sang brahmana muwus malih | sira apa băngsa sudra | amba gupuh
amangsuli ||

15. dede sudra băngsa ulun | daniswara băngsa mami | mila nandhang sakit barah |
sayêktinya amung lagi | kêni dêdukaning dewa | wus wiyahirèng sujanmi ||

16. datan mêsthi lêrêsipun | sawastu yèn asring tampi | dêdukanirèng jawata |
nanging kang dadya sababing | dêduka kawula datan | karaos lêpatirèki ||

17. sang brahmana nulyandangu | wisma tuwin nama patik | atur wangsulan kawula |

--- 41 ---

kawula punika nami | sinêbut Juragan Karma | kêkasihnya sri bopati ||

18. Gêndrayana Sang Sinuhun | Natèng Ngastina nagari | sang brahmana andikanya |
pagenea sira iki | ing kono kungkum ing tirta | yèn sira nora angalih ||

19. saka ing panggonan iku | lah măngsa bisaa mari | malah tumêka ing laya |
wruhanta kang sira goni | kungkum iku pênêrira | kahyanganing dewa warih ||

20. iya dewa kang kasêbut | Hyang Kalakuthana yêkti | kang satuhu karêm ngarad |
manusa sasaminèki | yèn sira nora pracaya | antinên sadina iki ||

21. sayêkti sirna atmamu | kaarad mring dewa warih | ya Sang Hyang Kalakuthana |
duk kawula amiyarsi | wuwusira sang brahmana | sakalangkung dènnya ajrih ||

22. kêdhêr dhêrodhog angadhuh | yèn ta mênggah badan taksih | rosa kadya
mancolota | saking salêbêting warih | rèh kawula sampun datan | adarbe karosan
malih ||
23. mila dados amung muwus | sarwyasru gyan amba nangis | makatên pamular
amba | mring sang brahmana ing nguni | dhuh-dhuh sang asung kawlasan | ing
pundi gyan kang prayogi ||

24. kawula anggèni kungkum | mrih enggal waluya jati | saking kasmala kawula |
punika mugi wontên sih |

--- 42 ---

pitêdahnya sang waskitha | salwiring kawruh mumpuni ||

25. manawi ing têmbe ulun | sagêd mulya saking sakit | saèstu manawi amba | èsthi
nguswa pada yêkti | sarta sêdya puruhita | măngka siswa andêdasih ||

26. sang brahmana dupyangrungu | ing tur amba sarwyanangis | nulya muwus
manuhara | hèh Karma yèn sira yêkti | satuhu tuhu ing sêdya | lah mangisora dèn
aglis ||

27. winatara sapanyêluk | saka kene wruhanèki | ing kono pênêr kahyangan- | nira
jawataning warih | Martakamandhanu Sang Hyang | punika jêjuluknèki ||

28. lamun sira amituhu | sayêkti yèn bisa mari | waluya padha sakala | wusnya jarwa
kang kadyèki | amba sakalangkung bingah | nulya gêntos tanya nami ||

29. miwah ing pinangkanipun | wangsulannya rum amanis | wruhanta Juragan Karma
| sira tanya ingsun iki | brahmana saka ing sabrang | Ngawuawu praja mami ||

30. dene aranku kasêbut | Krêsnawasu Brahmanarsi | kabawah dening Brahmana |


Swarka Ngawuawu nagri | têlas pangandikanira | sang bramana kesah nuli ||

31. tan kantênan purugipun | sapêngkêrira sang rêsi | kawula sangsaya gila |
mancolot kalangkung ajrih | kang dadya sandeya amba | rèhning sang brahmana wus
nis ||

32. ambokmanawi saèstu [sa...]

--- 43 ---

[...èstu] | sirna ingarad Pisaci | wadya Hyang Kalakuthana | duk kawula sampun prapti
| ing dharat satêngah laya | sumaput sangêting sakit ||

33. saking asruning sumaput | datanpa èngêt sakalir | wondene èngêt kawula |
mirêng bilih dèn tangisi | dhatêng anak semah amba | ingkang sami ngintun bukti ||
34. kawula kalangkung ngungun | nulya takèn sababnèki | dene samya tinangisan |
semah kawula wêwarti | yèn kala wau kawula | dangu sampun têkèng lalis ||

35. mila ing pangintênipun | amba wus lalis sayêkti | kawula nulya wêwarta |
nalikanya dèn panggihi | lawan brahmana lêlana | saking Ngawuawu nagri ||

36. salwirirèng dhawuhipun | kawula wêwarta titi | ing purwa praptèng wasana | anak
semah samya lilih | saking sungkawanya dahat | sêdyanira anak rabi ||

37. ambarsa binêkta mantuk | nanging kawula tan apti | mung minta kadèkèkêna |
ing prênah pituduhnèki | Sang Krêsnawasu Brahmana | prênah kahyanganirèki ||

38. Sang Hyang Martakamandhanu | semah kawula nuruti | kawula nulya binêkta |
mring prênah kang amba apti | mung sapênyêluk[15] têbihnya | saking kum-kuman
rumiyin ||

39. duk kawula wiwit kungkum | tan dangu antawisnèki | saking parmaning jawata |
lajêng

--- 44 ---

waluya kang sakit | sirna sami sanalika | dalah gèthèk botên mawi ||

40. raosing badan sadarum | tan măntra yèn mêntas sakit | duk samana semah amba
| miwah anak sami taksih | nênggani têpining tirta | dupi wrin kawula mijil ||

12. Mijil

1. saking tirta katingal tan sakit | sakalangkung gawok | kanthi bingah sukur mring
dewane | lajêng sarêng-sarêng mantuk sami | dupi winitawis | tuk samadya tèngsu ||

2. amba lajêng kesah angulati | dhatêng sang kinaot | Rêsi Krêsnawasu mring prajane
| tanah sabrang Ngawuawu nagri | dupi amba prapti | prajèng Ngawuawu ||

3. sanalika amba myarsa warti | ywan sang rêsi mangko | samya pakumpulan nèng
wismane | Sang Brahmana Swarka de nglêrêsi | mêmule tur bêkti | dhatêng jawata
gung ||

4. duk samana amba susul nuli | mring gyan kang kacriyos | dèrèng dangu amba
laksitane | kapêthukan sang wiku nèng margi | nulya sarêng sami | dhatêng
wismanipun ||

5. praptèng wisma gya warti-winarti | salwiring lêlakon | amba nulya gupuh


ngaturake | angsal-angsal barang pèni-pèni | saking tanah Jawi | dupi wus sinambut ||
6. amba tanya dhumatêng sang rêsi | marmanipun anon | lan waskitha salêbêtirèng
we | sang brahmana alon [alo...]

--- 45 ---

[...n] amangsuli | wruhanta nak mami | sajatine ingsun ||

7. darbe ngèlmu ingkang dèn arani | ngèlmu calung kaot | yèn wus putus marang
ngèlmu kuwe | aja ingkang sajêroning warih | nadyan jroning bumi | sayêkti yèn
wêruh ||

8. miwah ana saluhuring langit | jroning gêni katon | jroning sela yêkti katon wèntèh |
dupi amba miyarsa kadyèki | gung dahat kapengin | kalangkung kayungyun ||

9. yun gêguru ngèlmu calung luwih | sang wiku rumojong | mring sêdyamba
anyuwun ngèlmune | pruhitamba tan watawis lami | wus widagda yêkti | amba pamit
mantuk ||

10. tan rinuwi laksitaning margi | sapraptaning ngêndon | amba nuntên ngênêr
dhatêng lèpèn | Jamuna mung sêdya angyêktosi | ing pamêcanèki | Rêsi Krêsnawasu
||

11. dupi kêdhung kawula tingali | saking ngèlmu kaot | gyan kawula kungkum duk
ngunine | kawistara dadya kahyanganing | ama kang awarni | yayah latu murub ||

12. ngalad-alad kathahnya nglangkungi | pintên-pintên ênggon | lah punika kang


kasbut namane | Sang Hyang Kalakuthana ing nguni | amba duk ningali | kamigilan
tuhu ||

13. nulya gupuh amba mlampah milir | sêdyamba yun anon | kêdhung ingkang
sampun mulyakake | dupi prapta kawula tingali | jro tirta kaèksi |

--- 46 ---

| non cahya sumunu ||

14. ngrêsêpakên netra dèn tingali | amba dugi mawon | yèka ingkang kasêbut
namane | Sing[16] Hyang Martakamandhanu luwih | dangu amba mèksi | tan marêm
satuhu ||

15. wusnya mangkana raosing lyali | dahat mantêp yêktos | dhatêng guru kawula
wulange | ya ta dupi tan antawis lami | amba gya miranti | nata atur-atur ||
16. ingkang konjuk jêng paduka gusti | rèh jar wus kawiyos | mung punika atur amba
mangke | nglêksanani kang dadya punagi | sri nata duk myarsi | langkung suka
ngungun ||

17. miwah kayungyun sajroning galih | mring ngèlmu kinaot | lon manabda wau sri
pamase | hèh Juragan Karma yèn kadyèki | sira mangke bangkit | marang ngèlmu
calung ||

18. lan waskitha amawas salwiring | gyan kang yun katongton | pun Juragan Karma
lon ature | sing pangèstu tuwan sawatawis | inggih sampun uning | saking ngèlmu
calung ||

19. sri narendra angandika malih | hèh Karma samangko | wruhanira sarirèngong kiye
| lamun miyos anèng păncaniti | ênggon ingsun linggih | ing dhampar mas tatur ||

20. tansah risi lir jinojoh ing ri | marmane katèngong | yèn siniwi nèng păncanitine |
nora bisa jênjêm gon sun linggih | mara coba nuli | wawasên [wa...]

--- 47 ---

[...wasên] satuhu ||

21. bokmanawa ana ingkang dadi | sababe ing kono | Sang Juragan Karma lon ature |
dhuh pukulun jêng sri narapati | yèn tan dèn tingali | kanyataanipun ||

22. saèstu yèn èwêd ing pambudi | bilih kapanujon | ing karsendra atur amba
mangke | benjing-enjing bilih sri bopati | amiyos tinangkil | amba wawasipun ||

23. kalilana kawula anangkil | cêlak lan sang katong | yêkti katon kang dadya sababe |
sri narendra suka duk miyarsi | wusnya imbalan ngling | gya bibaran sampun ||

24. pun Juragan Karma jalu èstri | mêdal sing kadhaton | ya ta sarêng enjingipun
malèh | amarêngi ing ari Rêspati | Pon ing wanci enjing | Gêndrayana Prabu ||

25. miyos sinewakèng păncaniti | pêpak wadya katong | datan ewah lir sabên-sabêne
| pun Juragan Karma datan kari | parêk lan sang aji | nèng bale manguntur ||

26. datan dangu sang nata nulya nging |[17] hèh Karma dèn gupoh | lah wawasên
ngisor ingsun kiye | kaya apa warnane kang dadi | rasa dahat risi | tan jênakke
lungguh ||

27. malah mangko wuwuh saya dadi | panas raganingong | apa baya dadi karanane |
lah ing kono Juragan Karma glis | angêningkên lyali | matêk [ma...]

--- 48 ---
[...têk]

ngèlmu calung|| 28. datan dangu luwar ring sêmèdi | gya munjuk sang katong | dhuh
pukulun kangjêng sri pamase | jêng paduka mingsêra rumiyin | margi salêbêting | siti
lêrêsipun ||

29. palênggahan wontên kang kaèksi | sêsiluman karo | jalu èstri Pisaca bangsane |
kalih sami datan nêdya juti | mung sami martapi | kilap sêdyanipun ||

30. prayoginya dhinudhuka aglis | ywa ngantos kadangon | rèhne sampun konangan
samangke | bokmanawi para cidrèng budi | tan wande akardi | sisah wadya prabu ||

31. ya ta Prabu Gêndrayana nuli | mingsêr dènnya lunggoh | sigra nuduh sang
nindyamantrine | Arya Sutiksna sawadyanèki | kinèn andhudhuki | sor plênggahan
prabu ||

32. kang dinuk ing sabda sigra sami | tumandang kumroyok | dhudhuk kisma soring
plăngka rajèng | dupyantuk dwi dhêpa lêbêtnèki | pra punggawa sami | kagyat nulya
mundur ||

13. Durma

1. lajêng katur mring nata yèn jroning kisma | wontên isinirèki | warni lir dênawa | dwi
jalu lan wanita | Prabu Gêndrayana tuwin | eyang kalihnya | myang ari sri bopati ||

2. Arya Prabu Sudarsana sigra samya | nyêlak jugangan dupi | sampun katingalan |
anuntên ingkang eyang | Rêsi Sidhikara purih | dangu sêdyanya [sêdya...]

--- 49 ---

[...nya] | Pisaca lan Pisaci ||

3. Rêsi Sidhikara gupuh panguwuhnya | hèh-hèh sapa sirèki | lan bangsaning apa | de
sira amartapa | nèng kono paraning kapti | yèn sira nêdya | rahayu payo nuli ||

4. umêntasa saka sajroning luwangan | yèn sira nêdya juti | yêkti bakal sirna | saka
kadibyan ingwang | Pisaca gupuh derangling | dhuh wiku dibya | amba tan pisan bilih
||

5. darbe cipta durta arsa anangsaya | amung manawi patik | pêksa sinikara | sayêkti
amikara | ywan amba dipun aksami | myang piniluta | pamalês amba inggih ||

6. arumêksa dhatêng ingkang amiluta | wondene sêdya patik | nèng ngriki punika |
amba matur sajarwa | sayêktosipun kang dadi | sungkawa amba | amba minggah
rumiyin ||
7. Rêsi Sidhikara gupuh amaluya | lamun tuhu kadyèki | kang dadya sêdyanta | lah
dèn age mêntasa | saka ing jugangan iki | ge sumiwia | mring Sri Gêndrayana Ji ||

8. iki nata kang ambawani bawana | Sang Pisaca Pisaci | tan lênggana sigra | mêntas
saking luwangan | sapraptanira ing nginggil | marêk ing nata | tumungkul awotsari ||

9. sri narendra myang wadyabala sadaya | samya ngungun tan sipi | miyat warnanira |
Pisaci lan Pisaca | tuhu sanès [sa...]

--- 50 ---

[...nès] bangsaning wil | ya ta mangkana | Sang Pisaca Pisaci ||

10. matur dhatêng Sang Aprabu Gêndrayana | dhuh pukulun dewaji | kang mbawani
jagad | mugi kauningana | mila amba amartapi | nèng soring plăngka | palênggahan
narpati ||

11. ingkang dadya sungkawaning tyas kawula | makatên sri bopati | kawula punika |
sami băngsa Pisaca | nanging dahat tunèng budi | măngka sanèsnya | kawula pra
Pisaci ||

12. anaracak sami bangkit sakridhanya | pangulahing kang ngèlmi | ngèlmi


kasampurnan | waskithèng sangkan paran | tan samar panjing suruping |
kamuksanira | kang măngka titikaning ||

13. mring kaanan sajati amung kawula | kang dahat tunèng budi | dene ingkang
nama | dadya têtêdhan amba | myang tapa bratanirèki | sami kewala | inggih namung
kukusing ||

14. dupa miwah gandaning puspa kusuma | mandar amba puniki | bangsaning Pisaca
| kalêbêt aèng pyambak | tan sawiyah kang binukti | lamun nênêdha | kukusing dupa
milih ||

15. mênyan madu dene gandaning puspita | milih kang wangi-wangi | myang kang
taksih enggal | yèn Pisaca kang kathah | tan mawi atampik bukti | sawontênira |
prandene sami bakit ||

16. namung amba kapetang bodho priyăngga | de gyan amba mêrtapi | nèng soring
[sor...]

--- 51 ---

[...ing] palăngka | saking pamanah amba | rèh paduka wus kawarti | asring pirêna |
abawa rasa kanthi ||
17. gunging para pandhita kang wus waskitha | dadya amba mung apti | mirêngkên
kewala | bokmanawi mangkana | sagêd cumanthèl sakêdhik | lowung kinarya | anetah
tyas kang pingging ||

18. kantun-kantun sampun sapriki-saprika | tan nate amiyarsi | gyan tuwan rêrasan |
lawan para pandhita | dadya karya sisah patik | ingkang punika | rèhne amba
samangkin ||

19. sampun ngèdhèng bêbasan tanpa warana | yèn gusti sri bopati | andarbèni wêlas
| mring amba karsa mêjang | ngèlmu kasampurnan jati | dhatêng kawula | agêng
piwalês patik ||

20. lah punapa kewala ingkang pininta | amba kang minangkani | nadyan
dhinawuhan | kinèn anggulung jagad | triloka saswarganèki | dadya samrica |
kawulèstu kadugi ||

21. sumawana bilih sampun kalampahan | sêdya amba puniki | mugi kalilana | amba
suwitèng tuwan | ing salami-laminèki | têlas aturnya | Pisaca lan Pisaci ||

22. lah ing ngriku Sang Aprabu Gêndrayana | miwah kang samya nangkil | langkung
sukèng driya | Sri Gêndrayana nabda | dhuh babo kêkasih mami | yêkti tan salah |
sêdyanta kang kadyèki ||

23. mung kaliru panggonanira

--- 52 ---

kewala | wruhanta păncaniti | dudu ênggonira | abawa rasa Wedha | dene


panggonanirèki | yèn bawa rasa | kalawan para rêsi ||

24. ing panêpèn iya sanggar palanggatan | apadene kang dadi | sêdya pamintanta |
ing ngèlmu kasampurnan | iyarsa ingsun paringi | lan sira padha | lêstaria angabdi ||

25. salawase dadia kêkasih ingwang | nging manawa sirèki | uwis ingsun wêjang | ing
ngèlmu kasampurnan | sira padha sun lilani | balia marang | kahyanganira nguni ||

26. mung manawa ing têmbe ana karsèngwang | ywa suwe-suwe nuli | praptaa
ngarsèngwang | Pisaca tur sandika | samana lajêng winisik | mring sri narendra |
salwiring ngèlmu jati ||

27. sangkan paran panjing sêraping palastra | sadaya wus winasis | wau sang Pisaca |
Pisaci langkung suka | anuhun aturirèki | dhuh sri pamasa | guru suhunan patik ||
28. kang satuhu minăngka dipaning jagad | sakalangkung pamundhi | panuhun
kawula | dene jêng sri pamasa | karsa nulung minangkani | sêdya kawula | kang
dangu karya kingkin ||

29. lah punapa kemawon ingkang kawula | aturkên măngka dadi | walêsing wilasa |
paduka mring kawula | tarlèn mung bêdhahing kulit | wêdaling êrah | miwah pêsating
jisim ||

30. amba turkên sumăngga [sumăng...]

--- 53 ---

[...ga] jêng sri narendra | mangkya amba tur wêling | bilih jêng paduka | karsa nimbali
amba | anggêr paduka mangèsthi | ngèlmu kang tuwan | wêjangakên mring patik ||

31. saha tuwan anguwuh nama kawula | wontêna pundi-pundi | yêkti amba prapta |
manggut Sri Gêndrayana | riwusnya atur piwêling | pamit kalilan | gya musna tan
kaèksi ||

32. kang jugangan mangkya nulya ingurugan | ya ta sapêngkêrnèki | Pisaci Pisaca |


Sang Prabu Gêndrayana | lajêng angandika maring | Juragan Karma | hèh Karma
wruhanèki ||

33. mangkya ingsun sangsaya kayungyun dahat | marang ngèlmunirèki | apa iya kêna
| ingsun milu nganggoa | mring ngèlmu calung linuwih | Juragan Karma | matur
sarwya wotsari ||

34. ila-ila punapa bilih kawula | matur dora tan yêkti | mring jêng sri narendra | ing
nguni wêlingira | Krêsnawasu Maharêsi | ngèlmu punika | tan kenging kawaradin ||

35. bilih taksih gurunipun kang amêjang | Sri Gêndrayana angling | yèn mangkono
sira | apa bisa nêkakna | gurunira ingkang nami | Brahmana Krêsna- | wasu mring
ngarsa mami ||

36. matur nêmbah sira Sang Juragan Karma | dhuh gusti sri bopati | inggih sagêd
prapta | dhasar kawula arsa | lumampah mring sabrang grami | Sri Gêndrayana |
kalangkung sukèng galih ||

--- 54 ---

37. duk samana juragan wus dhinawuhan | nimbali sang maharsi | sarta pinaringan |
măngka srananing marga | Juragan Karma wus mijil | wusnya mangkana | nulya
bibaran sami ||
38. Prabu Gêndrayana kondur malbèng pura | ingkang eyang kêkalih | miwah ari nata
| Sang Arya Sudarsana | kinèn umiring mring puri | Patih Sutiksna | mantuk
mêngkêrkên puri ||

14. Pangkur

1. rinuwiya duk samana | dupi antuk watawis sapta ari | Patih Sutiksna umatur | mring
jêng sri naranata | bilih dènnya tata-tata amêmatut | badhe pakurmatanira | ing
pamiwaha ri aji ||

2. wus samapta tan kuciwa | sing mandrawa tiningalan sarwa sri | wignyane ingkang
mêmatut | Patih Arya Sutiksna | sri narendra miyat langkung sukèng kalbu | ya ta
datan kawursita | tingkahe kang ngrêngga puri ||

3. enggale kanang ruwiya | Arya Prabu Sudarsana ri aji | mangkya kadhaupkên


sampun | lan ri Arya Sutiksna | ingkang nama Dyah Patmasari sang ayu | langkung
gêng pamiwahannya | wontên salêbêting puri ||

4. samana Sri Gêndrayana | andhatêngkên suka catur dasa ri | tan rinuwi ramenipun |
bibaring pamiwaha | Rêsi Sidhikara Gandaprawa Prabu | samya pamit wus kalilan |
gya tata-tata miranti ||

5. sêsarêngan [sê...]

--- 55 ---

[...sarêngan] bidhalira | tan rinuwi lampahira nèng margi | kunêng gantya kang
winuwus | sigêg praja Ngastina | mangkya prajèng Nungsa Kambana cinatur | ditya
Raja Drawilaka | nuju siniwèng wadya wil ||

6. diyu raksasa gandarwa | ambêlabar pênuh ing păncaniti | ingkang kaparêk ing
ngayun | ari nata kang nama | Arya Ardawalika bujăngga agung | ingkang măngka
tuwanggana- | ning sagung wadyabala ji ||

7. sura sêkti măndraguna | pilih tandhing bobote ing ajurit | wignya manjing ajèr ajur
| mancala putri putra | datan kewran salwiring rèh agal lêmbut | tanduking
pangendrajala | mrih apêsing satru sêkti ||

8. mangkana Sri Drawilaka | lagya nêdhêng eca imbalan angling | kasaru


sapraptanipun | wadya ji ditya rucah | ingkang sami mabonglot duk aprang pupuh |
mêngsah Bambang Sudarsana | saking tanah Jawi nguni ||

9. praptaning Nungsa Kambana | samya atur uninga raksasa ji | manawi sakyèhning


diyu | kang dinuta mring tanah | Jawi mangkya sami tumpêsan sadarum | prang lan
punggawa Ngastina | binantu Bambang sing wukir ||
10. sasolah tingkahing yuda | sampun katur miwiti amêkasi | lan malih sêsumbaripun
| pra punggawa Ngastina | wus têtela yèn atmajendra dwinipun | wus sirna anèng
Ngastina | mangkana

--- 56 ---

sang raksasa ji ||

11. myang taksaka ari nata | duk miyarsa turirèng wadya yêksi | ingkang lagya prapta
wau | dahat bramantyanira | talingannya kumitir lathi kumêdut | ingkang rayi
dhinawuhan | sami samapta ing jurit ||

12. ywan sang ditya ji mangkyarsa | angrabasa ing Ngastina nagari | Sang
Ardhawalika matur | sandika gya bibaran | Prabu Drawilaka tumamèng kadhatun |
amiranti tata-tata | sakapraboning ajurit ||

13. Sang Arya Ardhawalika | wun ngundhangi kyèhning wadya bala ji | ing Nungsa
Kambana kêbut | kêrig lampit sadaya | wus mangkana binagi tri wadya diyu |
saduman kang tinanggênah | têngga praja ngrêksèng puri ||

14. myang rumêksa atmajendra | kang wuragil anênggih awêwangi | Arya Drawiyana
iku | rining Arya Drawaya | kang wus sirna wontên Ngastina kadhatun | mangkya Arya
Drawiyana | kang ginadhang madêg aji ||

15. mêngku ing Nungsa Kambana | tan rinuwi laminya dènnya ngrakit | dupi wus
samapta gupuh | budhal sawadyabala | swaranira kapyarsa umyang gumuruh | ing
marga tan rinuwiya | sinigêg kang nglurug jurit ||

16. mangkya gantya kawuwusa | ing nagari Ngastina kang ginupit | nalika punika
nuju | ing ri Soma Sang Nata | Prabu Gêndrayana miyos sitiluhur | pêpak [pê...]

--- 57 ---

[...pak] sagung wadyabala | tan ewah dènira nangkil ||

17. kadya adat sabênira | ingkang cêlak munggwing ngarsa narpati | Patih Sutiksna
dibya nung | mangkya karsa narendra | dhawuh dhatêng Sang Sutiksna
mantringayun | kinèn akaryaa pura | dumunung salèring nagri ||

18. winanguna lir kadhatyan | ing Ngastina yèn wus palastha benjing | badhe kangge
dalêmipun | ari nata Sang Arya | Prabu Sudarsana awit karsa prabu | tan kalilan
atêbiha | saking Ngastina nagari ||
19. katulad lir laksitanya | paman nata arya catur ing nguni | sandika kang sinung
dhawuh | eca imbalan sabda | lan pra wadya kasaru ing praptanipun | wadyendra
Juragan Karma | angirid sang maharêsi ||

20. saking Ngawuawu praja | Sang Brahmana Krêsnawasu kang nami | ing kana
anulya katur | mring jêng sri naranata | Prabu Gêndrayana langkung sukèng kalbu |
gupuh-gupuh pamêthuknya | ingiring para wadya ji ||

21. tundhuk salèr wringin kêmbar | langkung kinurmatan sang maharêsi | nulya
ingacaran laju | tumamèng sitibêntar | Sang Brahmana Krêsnawasu sukèng kalbu |
lajêng dènira lumampah | sapraptaning păncaniti ||

22. nulya ingacaran lênggah | kinèn jajar satata lan sang aji | sang brahmana datan
purun | sru dènnya kipa-kipa | aturipun dhuh

--- 58 ---

dhuh gusti sang aprabu | kang ambawani bawana | binatharèng nuswa Jawi ||

23. mugi-mugi sri pamasa | sampun ngantos kaduk ingkang panggalih | abela
panampinipun | dupèh amba punika | lumuh pinrih satata lawan sang mulku | margi
dede lêrêsira | yèn amba jajara linggih ||

24. lawan jêng sri naranata | nadyan amba punika bangsanèki | brahmana ing
Ngawuawu | kang karêm mring panêmbah | nanging sèsining rat taksih sami ngaub |
wontên sorirèng palăngka | paduka jêng sri bopati ||

25. karana tuwan punika | wus sinungan murba misesèng bumi | minăngka
wêwakilipun | Sang Hyang Jagad Pratingkah | milanipun pun bapa punika tuhu |
taksih namaning kawula | wondene kengingirèki ||

26. kawula lênggah satata | mung kalihan sang nayaka waktra ji | punika manawi nuju
| kapiji ing pakaryan | lamun botên nuju wontên karyanipun | kinarsakkên sri
narendra | sayêkti yèn botên kenging ||

27. tumama mring pasewakan | margi tuhu dede bêbahannèki | lah ing kana sang
aprabu | kèndêl ajrih amêksa | bokmanawi klajêng dadya galihipun | puwara gya
sinakarsa | mrih sukanirèng panggalih ||

28. sang brahmana sampun lênggah | jajar lawan Sang Sutiksna Apatih | miwah
arinya [ari...]

--- 59 ---
[...nya] sang prabu | Sang Arya Sudarsana | gya sinambramèng pambagya rawuhipun
| Sri Gêndrayana ngandika | mêmalarsih mring sang rêsi ||

29. yèn kaparêng nata arsa | puruhita ngèlmi calung linuwih | lir Juragan Karma
ngênu | sang rêsi langkung suka | aturipun sumanggèng karsa sang mulku | wusnya
mangkana gya bibar | sri nata angênyapuri ||

30. Sang Krêsnawasu Brahmana | ingaturan dhèrèk tumamèng puri | pinarnah


pondhokanipun | nèng sanggar palanggatan | sarta Juragan Karma kinèn tumuntur |
măngka lantaraning karsa | nata dènnyarsa malarsih ||

31. puruhita sang brahmana | pra wadyendra miwah Sutiksna Patih | sowang-sowang
samya mantuk | winarna enjingira | pra wadyendra ingkang samya tampi dhawuh |
karya pura lèring praja | laju dènira angrakit ||

32. badhe dalêmnya ri nata | Arya Prabu Sudarsana sang pêkik | ya ta mangkana
cinatur | Sang Prabu Gêndrayana | wus winisik mring sang wiku ngèlmu calung | sri
narendra wus widagda | sang brahmana nulya pamit ||

15. Dhandhanggula

1. sinarkara mantuk mring nagari | Ngawuawu nanging tan linilan | sabdanira sri
pamase | dhuh-dhuh sang maha wiku | sêrantosna sawatara ri | rèh dèrèng dugi
dènnya | sung kurmat sang wiku | sang brahmana aturira | dhuh pukulun saking

--- 60 ---

ing pangraos patik | kados tan kakirangan ||

2. sih kêkucahira sri bopati | mring pun bapa milanya kawula | adrêng kêdah mantuk
bae | mring prajèng Ngawuawu | amargi ing ngrika ing ngriki | bilih lama anilar | bale
wismanipun | bêbasannya èwêt aya | kyèh sisahnya kalawan botênirèki | mugi
sampun sandea ||

3. ing tyas dupèh amba sampun mulih | saèstunya pun bapa tan lama | wangsul
sowan sri pamase | Sri Gêndrayana Prabu | ngayubagya suka ing galih | kathah
pêparingira | mring Sang Krêsnawasu | pèni-pèni nuswa Jawa | langkung kathah
winot ing giyota dadi | tri baita samana ||

4. Sang Brahmana Krêsnawasu nuli | bidhal saking nagari Ngastina | tan rinuwi ing
lampahe | praptaning Ngawuawu | sigêg lampahira sang rêsi | gantya kang
kawuwusa | mangkya lampahipun | ditya ji Nungsa Kambana | sawadyanya sarêng
dumugi pasisir | talatah nuswa Jawa ||
5. saking karsaning dewa linuwih | duk samana samya bingung datan | wrin ing margi
ingkang praptèng | praja Ngastina namung | tansah bingung awira-wiri | bilulungan
kewala | ing bêbasanipun | lir kasrimpêd oyod mimang | Prabu Drawilaka kawêkèn
ing galih | lajêng dhawuh akarya ||

6. pasanggrahan ginatra nagari |

--- 61 ---

kadya praja ing Nungsa Kambana | wontên pasisir prênahe | karsanira Sang Prabu |
Drawilaka raksasa aji | angrêrêmakên wadya | ngiras apitêkur | mêmuja minta pitêdah
| ing jawata amargi pratignyanèki | Sang Prabu Drawilaka ||

7. sanadyana ngantos lami bilih | dèrèng sagêd ambêdhah Ngastina | amboyong


para putrine | botên sumêdya kondur | dhatêng Nungsa Kambana nagri | milanira
samangkya | karya sanggrahan gung | pinêtha Nungsa Kambana | gantya kawuwusa
Ngastina nagari | Patih Arya Sutiksna ||

8. tur uninga mring jêng sri bopati | bilih dènira akarya pura | ing salèring praja
mangke | wus paripurna luhung | sarêngganya tinon sarwa sri | kawuryan tinon raras |
tan siwah kadhatun | Prabu Gêndrayana dahat | sukèng driya pra wadya ginanjar
wradin | nuntên ari sri nata ||

9. Arya Prabu Sudarsana pêkik | kinèn ngalih dhatêng pura enggal | sagarwa miwah
wadyane | kang kinèn budhal gupuh | sapraptanya bojana sami | tan rinuwi laminya |
mangkana anuju | ing dintên Rêspati enjang | Prabu Gêndrayana amiyos siniwi |
munggwing ing sitibêntar ||

10. pra wadyendra pêpak kang anangkil | datan ewah kadya saban-saban | sang nata
lon andikane | mring nindyamantri ngayun | miwah ari [a...]

--- 62 ---

[...ri] nata sang pêkik | Sang Arya Sudarsana | dhuh dhuh ariningsun | Arya Prabu
Sudarsana | miwah sira kakang Sutiksna Apatih | rêngên ta karsaningwang ||

11. mangkya arsa lêlana mring dèsi | laksitèngwang mung namur kewala | dene kang
kalilan dhèrèk | mung têlu wadyaningsun | ya Si Arya Sindurja tuwin | Arya Sunjaya
trinya | Juragan Karmèku | nanging katêlune pisan | manganggoa anggon-anggone
wong cilik | ywa nganti kawistara ||

12. de karsèngwang lêlana mring dèsi | arsa miyat kyèhning patilasan | manawa ana
prêlune | sun wawas saking ngèlmu | calung bokmanawa akardi | wuwuhing
sêsurupan | têlas sabda prabu | Patih Sang Arya Sutiksna | myang ri nata matur
sandika wotsari | sewaka gya bibaran ||
13. pra wadyendra sêsowangan mulih | kawuwusa Prabu Gêndrayana | watawis tri ari
mangke | wus miranti sadarum | upakartinirèng lumaris | dènira tindak namar |
myang pandhèrèkipun | miyos ing kori butulan | kawuwusa laksitanya sri bopati |
anjog lèpèn Jamuna ||

14. sidhataning Silugangga bnawi | nata arsa ngyêktoskên aturnya | Juragan Karma
ngunine | yun wikan kang sinêbut | kahyanganing Kalakuthini | miwah kahyanganira |
Marta

--- 63 ---

Kamandhanu | sapraptaning lwah Jamuna | Prabu Gêndrayana sigrandangu maring |


Juragan Karma lingnya ||

15. ngêndi prênahe kahyangan kadwi | kang tinanya ngaturkên prênahnya | sri nata
gya mawas age | sarana ngèlmu calung | Sang Hyang Kalakuthana kèksi | tinon
dahana mubal | amurub kumutug | mangalad-alad katingal | Prabu Gêndrayana
langkung ngungun mèksi | tan dangu lajêng pindhah ||

16. karsa nata yun myat kahyanganing | Sang Hyang Marta Kamandhanu ika | dupi
wus praptèng prênahe | gya winawas kadulu | wontên cahya sumunu dumling |
amancorong amuncar | ngrêsêpkên pandulu | Prabu Gêndrayana dahat | trusthèng
driya saha tansah anyungkêmi | sumungku mring piwulang- ||

17. ngira Rêsi Krêsnawasu nguni | dene sami nyata kayêktosan | wusnya mangkana
gya ngalèh | lampahira sang prabu | mangkya prapta wetaning dèsi | kang wasta
Sambirata | kagyat andêdulu | wontên kadwi janma priya | kang satunggal mabukuh
dènira linggih | sarwèdi panganggènnya ||

18. yèn sinawang sing mandrawa kadi | panganggènnya bêbuyut kesahan | dene
janma satunggale | ngadêg anyêpêng gêbug | anggêbagi dhatêng kang linggih |
sarwyamoh panganggènnya | tinon lir bêburuh | dene ingkang ginêbagan | tanpa
lawan ngantya bilur-bilur kèksi [kè...]

--- 64 ---

[...ksi] | karya gawok kang miyat ||

19. Prabu Gêndrayana myang kang ngiring | dahat ngungun puwara anyêlak | mring
gyaning janma kadwine | nata anulya dhawuh | dhatêng Arya Sindurja pinrih |
andangu karananya | kang kinon wotsantun | Arya Sindurja gya nyêlak | lon
wuwusnya hèh kang lagya srênging runtik | paran darunanira ||

20. dene sira tansah anggêbugi | sarta sira ingkang ginêbugan | tanpa lawan nurut
bae | mara pojara gupuh | kang ginitik lon turirèki | dhuh dhuh adhuh sang tanya |
kawula puniku | awasta Umbul Supala | pinituwa sakyèhning tyang dhusun Cangkring
| sêdya badhe kesahan ||

21. amartuwi sadhèrèk mring dèsi | ing Dhadhapan ing sacêlakira | ing Banjarjungut
prênahe | sawêg kèndêl sapangu | ngaso wontên ngriki puniki | katungka praptanira |
pun Mitra puniku | kanarês[18] bêrah kawula | tanpa tanya laju dèniranggêbagi |
datanpa palimarma ||

22. mila amba tan malês puniki | de raosing otot bayu amba | lir linolos sadayane |
ngalumpruk kadya kapuk | tanpa kêrkat sirna sakalir | sakyèhning kakiyatan | milanya
priyantun | amba nyuwun pitulungan | pinikuta rencang kawula puniki | ywa klajêng
andaluya ||

23. anggêbagi tanpa

--- 65 ---

wigih-wigih | de janma dwi punika tan wikan | yèn punika sri pamase | katri
punggawa prabu | nulya Arya Sindurja angling | têtanya mring pun Mitra | hèh Mitra
sirèku | kayaparan krananira | dene sira nora wigih anggitiki | marang lêlurahira ||

24. kang tinanya songol anauri | sarwi gêbag mring Umbul Supala | sanadyan lurah
ngong kiye | nging kêrêngnya kalangkung | yèn nèng wisma kula puniki | datansah
ginêbugan | tan wêlas salugut | milanira sapunika | kula walês panuju ngaso nèng
ngriki | tan wontên kang uninga ||

25. sêdya kula lurah kula niki | dimèn pêjah saking tangan kula | karana dhasar wus
suwe | gyan amba ngunggut-unggut | mila sampun dika tulungi | yèn andika saarsa |
sumêdya atulung | malah sun gêbagi pisan | nadyan dika tiyang catur kula siki | kula
tan jrih samêndhang ||

26. lah ing kana jêng sri narapati | mèsêm sarwi amusthi ngèlmunya | winawas
jroning kismane | wontên barana agung | langkung kathah maneka warni | kèdêkan
mring pun Mitra | sang nata andangu | bêbisik Juragan Karma | hèh ta Karma apa
kang sira tingali | kang kèdêkan Si Mitra ||

27. kang dinangu aturira ririh | wontên rajabrana langkung kathah | sang nata alon
sabdane | marma Si Mitra iku |

--- 66 ---

darbe tingkah mangkono yêkti | saka prabawanira | rajabrana mau | samana


karsaning nata | pun Sumitra kinèn anyêpêng rumiyin | supadya wignyandhudhah ||
28. dhudhuk sakèhira rajatadi | Arya Sunjaya lon aturira | mambêngi karsèng pamase
| makatên aturipun | yèn pun Mitra dèrèng gumingsir | saking unggyan punika |
sayêkti tan nutut | tan wande yêkti anggêbag | margi taksih kancingan prabawanèki |
rajabrana jro kisma ||

29. saha dèrèng wikan sri bopati | saèstu ywan tan wontên ajrihnya | yèn sêmbada
prayogine | pun Mitra ingkang napsu | yun mêjahi lurahirèki | ingulungan sanjata |
mrih linggar sing ngriku | sêngadi kinarya nglunas | mring pun Umbul Supala mrih
glisa mati | aturira sang arya ||

30. sinêmbadan mring jêng sri bopati | mila katri langkung sukèng driya | gya Arya
Sunjaya kinèn | anarik katganipun | ingulungkên sarwi dera ngling | lah Mitra ênya
kadga | ênggonên anyuduk | jajane Umbul Supala | dimèn mati gya tigasên
murdanèki | pun Mitra langkung suka ||

31. cipta binantonan mring kang prapti | gya tumindak saking unggyanira | yun
nampèni curigane | duk mingsêr saking dunung | sanalika sirna kang runtik | malah
gêtun kalintang | dènira [dèni...]

--- 67 ---

[...ra] anggêbug | mring lurah Umbul Supala | dados sande dènira arsa nanggapi |
kanang curiga ligan ||

32. mandar dhêku aminta malarsih | mring lurahnya pun Umbul Supala | sang nata
tumulya age | ngidaki dunungipun | pun Sumitra kang mêminta sih | sarwya lon
sabdanira | hèh Supala Umbul | sarta sira Si Sumitra | lamun sira padha tan wêruh
mring mami | ya ingsun ratunira ||

33. Prabu Gêndrayana kang mbawani | ing bawana pramodèng Ngastina | lah buyut
Supala kowe | ywa sungkawa atimu | ginêbugan rowangirèki | aksamanên prayoga |
karannèku dudu | saka sêdyane priyăngga | anadene Si Sumitra ywa kuwatir | dupèh
mêntas jêmala ||

34. marang lurahira iku yêkti | karo yêkti padha dèn apura | mring jawata sajatine |
tingkahira duk mau | ana ingkang mawa sayêkti | wruhanira jro kisma | ing sangisor
ingsun | ana mèsi rajabrana | luwih akèh mawa prabawa sayêkti | brana durung
kasandhang ||

35. iku karya ardaning tyas dening | rajabrana yèn uwis kasandhang | karya santosèng
tyas rêke | marma mêngko sirèku | arukuna lir wingi uni | têlas sabda sri nata | lah ing
kana Umbul | Supala miwah pun Mitra | duk miyarsa yèn kang nabda sri bopati |
kalangkung [ka...]
--- 68 ---

[...langkung] ajrihira ||

36. sarya ngungun de tan dipe yêkti | ywan mangkana kang dadya sababnya | kadwi
sandika ature | nêdya ngèstokkên dhawuh | wusnya mangkana sri bopati | dhawuh
nimbali marang | kamiwrêdhanipun | janma dhusun Sambirata | kang awasta Umbul
Sumayana pinrih | andhudhuk rajabrana ||

37. ingkang wontên salêbêting siti | kang sinung ling tan taha tumandang | miranti
sapirantine | linggis kalawan pacul | karyandhudhuk kisma kang mèsi | pêndhêman
rajabrana | duk pandhudhukipun | watawis antuk sadhêpa | punang rajatadi sadaya
kaèksi | kancanane kawarna ||

38. gêlang kalung jamang anting-anting | kêlat buja miwah karnantera | kalpika
myang bêbinggêle | gya inginggahkên sampun | katur dhatêng sri narapati | Sang
Prabu Gêndrayana | dahat sukèng kalbu | barana pinara pănca | kang saduman dadya
kagungan narpati | dene ingkang saduman ||

39. pinaringkên kamiwrêdhanèki | Sambirata Umbul Sumayana | winratakna


sakancane | tiyang alit sadarum | kang minăngka ganjarannèki | pituwas karyanira |
dhudhuk brana wau | kang saduman ginanjarna | mring pun Mitra de dadya lantaran
manggih | saking pratingkahira ||

40. kang dwi duman pinaringkên maring | wrêdhèng Cangkring pun Umbul Supala |
minăngka ganjaran dene | mring

--- 69 ---

pun Mitra pinukul | kang sinung sih amangênjali | suka anuhun samya | rumăngsa
samyantuk | nugraha sihing jawata | lêlantaran Sang Sri Gêndrayana Aji | tan pêgat
asêsantya ||

16. Mêgatruh

1. samangkana pun Umbul Supala wau | lan pun Mitra dèn lilani | dènyarsa tuwi
mring dhukuh | Dhadhapan lèring nagari | lampahe tan cinariyos ||

2. wrêdhèng Sambirata Sumayana Umbul | sakancanya dèn dhawuhi | ngondurkên


brana sang prabu | jinujugkên wismèng Patih | Sutiksna binaktan wartos ||

3. ingkang tampi dhawuh sandika umatur | samana jêng sri bopati | sapandhèrèknya
tri laju | bidhal midêr-midêr malih | sarêng laksitanya anjog ||
4. prênah kidulira ing Jambawa dhusun | samya mandhêg aningali | janma dwi
awawan wuwus | ngadêg nèng madyaning margi | kang satunggal muwus songol ||

5. tudang-tuding amalangkrik astanipun | siki dhêku langkung ajrih | nanging tan


watawis dangu | kang ajrih gênti malangkrik | muwus sora bêngak-bêngok ||

6. kang satunggal gêntos dhêku andhêkukul | kurmat sakalangkung ajrih | mangkana


sadangunipun | gêgêntosan jrihirèki | sang laksita langkung gawok ||

7. sri narendra gumujêng maèsmu ngungun | pangandikannya sang

--- 70 ---

aji | hèh Karma janma dwi iku | dera samya wawan angling | gênti unggul gênti asor ||

8. lah wawasên kalawan ngèlmumu calung | baya ana ingkang mawi | sabab jroning
kisma iku | apa ta isinirèki | Juragan Karma wotsinom ||

9. sigra dènnya mawas saking ngèlmu calung | tan dangu matur sang aji | dhuh
pukulun kang kadulu | jroning kisma wontên kêris | langkung sae mawi pamor ||

10. milanira janma kêkalih puniku | gêntos unggul gêntos ajrih | sadangunya wawan
wuwus | gêgêntosan angidêki | lêrês panggenaning pamor ||

11. Prabu Gêndrayana nuntên gêntos dulu | trawaca sajroning siti | kang kèdêkan
janma wau | wontên curiga satunggil | lêligan kalangkung elok ||

12. nata nulya mrêpêki kang wawan wuwus | arya dwi tansah umiring | Juragan
Karma tan kantun | samya myarsakkên dera ngling | janma dwi kang apadudon ||

13. janma kadwi tan wikan lamun sang prabu | tan keguh dèn parêpêki | ngeca-eca
dènnya nganyur | mangkana wicaranèki | kang ngadêg wuwuse songol ||

14. hèh samangko sira kudu nêmbah mring sun | karana ingsun tan wêdi | mring sira
lamun sirèku | tan mituhu prentah mami | yêkti sira ingsun gorok ||

15. ingsun pocok utamangganira tuhu |

--- 71 ---

lawan sira kudu gêlis | rikatna ilining banyu | iki kang tutug ing dèsi | ing Karja
panggonan ingong ||

16. kang sajuga angrêrêpa wuwusipun | dhuh dhuh inggih kakang inggih | sawastu
kula pituhu | punapa sarèhirèki | kula lampahi kemawon ||
17. andupara yèn kula nêdya apurun | mring pun kakang kang sinêkti | tatag tur
tanggon ing tangguh | măngka kula tanpa kanthi | sêpên sarananing pupoh ||

18. tan watawis dangu ingkang kasor wau | mingsêr-mingsêr angidêki | pênêr
pêpêndhêman dhuwung | ngadêg nyat amalangkêrik | sarwi muwus mêwês ing wos ||

19. hèh hèh babo apa abamu amuwus | maringsun anggêre muni | apa kokira wak
ingsun | dinalih wêdi sayêkti | mring dhapurmu lir cobolo ||

20. mangan têki pêpatutmu anaruthuk | mara cobanên saiki | ayonana kadibyanku |
sayêkti sira kapusthi | sirna dening tangan ingong ||

21. malah mêngko sira anêmbaha gupuh | maringsun sarta dèn aglis | bantêrna
ilining ranu | maring Ngentaenta dèsi | saêloring Karja dhukoh ||

22. lamun sira nora nuli amituhu | mring sapangrèh ingsun iki | yêkti sun tigas
murdamu | răndha bojonira mêsthi | babo aywa kêlap-kêlop ||

23. lah ing kana tiyang ingkang mêntas unggul [ungg...]

--- 72 ---

[...ul] | gêntos dhêku wuwusnèki | dhuh dhuh inggih adhi sampun | aywa sandea ing
galih | sarèh dika kula rojong ||

24. anglêngkara manawi pun kakang purun | mingkara dhatêng pun adhi | awit
sotaning tyas ingsun | tan wontên kang kula kardi | purun mring dika sang anom ||

25. milanira rakanta amung mituhu | punapa karsanta yayi | makatên sadangunipun |
gêntos-gêntos tingkahnèki | sang nata kalangkung gawok ||

26. gya pirêmbag wisikan prayoginipun | mrih sagêdipun angambil | andhudhuk


pêndhêman dhuwung | Juragan Karma turnèki | dhuh gusti sri nara katong ||

27. bilih janma kêkalih punika dipun | wisesa sing kuwasa ji | saèstu manawi nutut |
găndra pintên tiyang kalih | nanging sanalika yêktos ||

28. sami purun karana janma dwi wau | sawêg sami dèn panjingi | hawaning tosan
linuhung | dados purunipun saking | saening katga myang pamor ||

29. miwah saking pamawas amba pukulun | têtiyang kalih puniki | kados tan wontên
sumurup | mring gusti jêng sri bopati | mila sandeyaning batos ||

30. bilih purun sayêkti akarya saru | kajawi saking karsa ji | yèn saking pamanah ulun |
panjênêngan paduka ji | karsa anglimpe mrih amor ||
31. kang supados sagêd [sa...]

--- 73 ---

[...gêd] gêntos ngidêk dunung | lêrêsing pêndhêman kêris | bilih paduka pukulun |
sampun wignya angidêki | janma dwi gampil kemawon ||

32. winisesa saèstu datanpa bayu | tur botên băndakalani | wit wus oncat hawanipun |
dhuwung kang wontên jro siti | mangkana sri nara katong ||

33. lawan arya kadwi ngayubagya tuhu | nata laju marêpêki | amomori tingkahipun |
janma dwi kang wawan angling | tan dangu sri nata gêntos ||

34. sagêd angidêki prênahirèng dhuwung | lajêng ngawe arya kadwi | Juragan Karma
tan kantun | sami praptèng ngarsa aji | janma dwi duk sami anon ||

35. nulya sami mêndhak dhodhok ngarsa prabu | wusnya mangkana sang aji |
andangu janma dwi wau | hèh apa sira kêkalih | padha tan wêruh maring ngong ||

36. tiyang kalih aturira tan sumurup | sang nata ngandika malih | wruhanamu iya
ingsun | ratunira kang mbawani | buwana kang angadhaton ||

37. ing Ngastina Prabu Gêndrayana ingsun | ya ta têtiyang kêkalih | duk miyarsa
sabda prabu | kagyat dahat èsmu ajrih | ciptantuk dukaning katong ||

38. têmah samyandhêku sujud mring sang prabu | nata nulya muwus aris | hèh sira
sapa aranmu | lan ngêndi wismanirèki | apa karane padudon ||

--- 74 ---

39. kang dinangu sarwi nêmbah dènnya matur | dhuh pukulun bathara ji | amba
punika pukulun | karamanipun ing dèsi | Karja dhusun ingkang katon ||

40. wasta amba wasiyating tiyang sêpuh | pun Jagra dene puniki | sadhèrèk nèm
prênahipun | karamanipun ing dèsi | Ngentaenta dhusun kang lor ||

41. wastanira pun Santara praptanipun | ing ngriki punika sami | nêdya angilèkkên
ranu | kinarya ngêlêbi sabin | Karja Ngentaenta dhukoh ||

42. dene ingkang dadya tingkah amba wau | saèstu tan ngrumaosi | kajawi sami
pirêmbug | badhe lampahirèng warih | têlas ature janma ro ||

43. Prabu Gêndrayana sapandhèrèkipun | samya dahat ngungun dening | hawaning


tosan puniku | têka kuwawa nglimputi | ciptaning manungsa yêktos ||
44. lah ing kana Prabu Gêndrayana gupuh | ngandika mring janma kadwi | hèh Jagra
lawan arimu | Si Santara wruhanèki | ênggonira apadudon ||

45. rêbut unggul gênti kasor gênti unggul | iku ana ingkang mawi | dudu karêpira
lugu | bumi kang sira idêki | ana curiga kinaot ||

46. dadinira karo pisan sira iku | padha kalimputan dening | hawaning curiga luhung |
marma padha rêbut inggil | gantya sura gantya kasor ||

47. kang sinung ling

--- 75 ---

andhêku maèsmu ngungun | dene datan ngrumaosi | sang nata anulya dhawuh |
kinèn sami andhudhuki | pêndhêman curiga kaot ||

48. pun Santara myang pun Jagra sigrandhudhuk | tan dangu pandhudhuknèki |
punang katga wus kadulu | gya katur marang sang aji | dhapuring katga kacriyos ||

49. punang dhuwung tilam upih dhapuripun | satuhu sae kang warni | ananging
kuciwanipun | sampun risak sangêt sami | tritipên risak kang pamor ||

50. labêt saking nèng jro kisma sampun dangu | wusnya tamat dènnya mèksi | katga
pinaringkên gupuh | dhatêng sang arya kêkalih | miwah Juragan Karma non ||

51. samya gêtun amulat risaking dhuwung | wusnya mangkana janma dwi | sami
ginanjar brana gung | minăngka pawitannèki | dènnya têtanèn non-unon ||

52. sarta sampun linilan ngilèkkên ranu | kadwi sawusira tampi | ganjaran matur
anuhun | nulya mendra sing ngarsa ji | sri nata myang arya karo ||

53. miwah pun Juragan Karma sami laju | tan rinuwi duk lumaris | duk prapta kilèning
dhusun | ing Limaya sri bopati | kèndêl soring kaluwak nom ||

17. Pocung

1. sang aprabu kagyat dera andêdulu | janma langkung kathah | rubung-rubung


angubêngi | sangandhaping witing asêm anyrêkakah ||

--- 76 ---

2. yèn dinulu samya suka sukèng kalbu | pinetang kathahnya | pănca wlas jalu lan
èstri | katingalan kadya arsa kêkesahan ||
3. sang nalamur miwah kang umiring laju | nyêlak sor mandira | dupi rawuh
sangandhaping | witing asêm janma kathah sami miyat ||

4. dahat gugup mêndhak dhodhok makidhupuh | miyat sri narendra | nata dangu lon
derangling | ingkang dadya pangayune tyas punika ||

5. sapa iku kang dadya pangayunipun | lawan pinangkanya | kabèh saka desa ngêndi
| tuwin kabèh apa bae kang sinêdya ||

6. paran iku dene suka sukèng kalbu | apa karananya | kang dinangu awotsari | dhuh
pukulun jêng dewaji kuningana ||

7. wasta ulun pun Daruna pragakipun | tiyang ing Limaya | dhusun wetan kang kaèksi
| anak wrêdha Umbul Darpa ing Limaya ||

8. milanipun wontên ing ngriki pukulun | sami suka-suka | ing nguni sudarma patik |
Umbul Darpa kasangsaya nandhang roga ||

9. kala wau bapa kawula pukulun | Kyai Umbul Darpa | saking sangête kang sakit |
kadya sampun mèh dumugi ing antaka ||

10. anak putu samya têtuwi sadarum | ing sadangunira | mêtiki Sudarpa Kyai | nulya
wontên sadhèrèk sajuga prapta ||

11. prênahipun nak-sanak de wastanipun | nênggih pun Somada [So...]

--- 77 ---

[...mada] | punika ingkang wêwarti | mring kawula miwah dhatêng para kănca ||

12. yèn ing dhusun Gajahoya wontên dhukun | langkung sagêdira | Brahmana Sudha
kang nami | wartosira yèn ngusadani tyang roga ||

13. mêsthi mantun sanadyan wus praptèng layu | ujêr wangkenira | dèrèng ical yêkti
bakit | saras pulih kadya wingi uninira ||

14. dupi ulun mirêng rêmbag kang kadyèku | mupakat lan sanak | sadhèrèk kang
samya tuwi | bapa kula Umbul Darpa wau nêdya ||

15. dipun usung dhatêng Gajahoya dhusun | ciptanya sanadyan | bapa wus tumêkèng
lalis | anggêr sagêd dumugi ing wismanira ||

16. kyai dhukun Brahmana Sudha misuwur | pêsthi yèn waluya | tan drana sudarma
patik | gya kabêkta bidhal saking ing Limaya ||
17. dipun usung pinikul ing jolang bambu | rinêmbat gêntosan | sarêng dumugi ing
ngriki | bapa amba dumadak wignya micara ||

18. ungêlipun nêdha kèndêla sapangu | dupi sinèlèhna | tan dangu antawisnèki |
bapa amba waluya tanpa usada ||

19. lajêng mantun pulih kadya wau-wau | lêsu lungkrah sirna | labêting loyop kaèksi |
kawistara kadya janma tangi nendra ||

20. milanipun sadhèrèk amba sadarum | samya bingah-bingah | suka

--- 78 ---

de tan dipe yêkti | dhuh pukulun mung punika atur amba ||

21. sang aprabu miyarsa kalangkung ngungun | sang nata anabda | mring Umbul
Darpa rum manis | hèh ta Umbul Darpa sira sajarwaa ||

22. duk sirèku pinikul saka ing dhusun | ing Limaya prapta | ngisoring wit asêm iki |
apa baya kang katingal ing netranta ||

23. aturipun Umbul Darpa dhuh pukulun | kangjêng sri pamasa | kauningana sang aji
| duk kawula nandhang roga badan amba ||

24. raosipun badan kawula sadarum | sakalangkung panas | tan miyat sawiji-wiji |
namung pêtêng amindêng sadangunira ||

25. dupi sampun prapta ing ngriki pukulun | sasoring mandira | raosing badan sumilir
| amba nulya anêdha kèndêl sakêdhap ||

26. sarêng sampun kèndêl tan watawis dangu | gêgêr tuwin sirah | raos lir kasêmpyok
warih | asrêpipun lir asrêping tirta marta ||

27. basanipun asrêping toya sawindu | anglimputi badan | kawula sakojur dadi |
waluyanya sakathahing roga amba ||

28. mung puniku atur kawula pukulun | Prabu Gêndrayana | saha tri pandhèrèknèki |
dahat ngungun puwara sang nata nabda ||

29. lah dèn gupuh Juragan Karma sirèku | gya sira wawasa | apa baya ingkang mawi |
kang

--- 79 ---

sinung ling sandika nulya amawas ||


30. aturipun Juragan Karma pukulun | ing sajroning kisma | wontên cêcupu kang mèsi
| lisah tala kang măngka dadya usada ||

31. sakèhipun sêsakit sayêkti mantun | Prabu Gêndrayana | langkung suka manabda
ris | hèh kawulaningsun kabèh wong Limaya ||

32. padha sira dhudhukana kisma iku | pênêr gonmu raywan | Umbul Darpa myang
kang siwi | pun paragak Daruna matur sandika ||

33. gya dhinudhuk jinênêngan mring sang prabu | tan dangu katingal | sajuga cêcupu
adi | gya pinêndhêt ingaturkên sri pamasa ||

34. gya sinambut kinandhut dhatêng sang prabu | nata gya manabda | mring Umbul
Darpa rum manis | wruhanira Umbul Darpa waluyanta ||

35. iku sabab jroning kisma ana cupu | mèsi lênga tala | iya iku măngka dadi |
kêkanthine usada sakèhing roga ||

18. Kinanthi

1. nanging lênga tala mau | ing samêngko wus pinasthi | ing jawata kang winênang |
yèn dadya kagungan mami | anadene kanang wrêksa | asêm iki sun sabdani ||

2. ing têmbe dadyanggonipun | pamidhanganing sujanmi | singa kang kataman lara |


lamun ginawa mariki | ngaub soring asêm wrêksa | sayêkti anuli mari ||

3. dene thêthukulan iku |

--- 80 ---

kang cêdhak gonira linggih | sun arani kayu girang | karana sira duk prapti |
sacêdhaking thêthukulan | nuju padha sukèng kapti ||

4. lan padha girang gumuyu | mulane ing têmbe wuri | yèn ana janma anandhang |
kasmala yèn dèn kêbuti | ron asêm sarta ron girang | sawabe nulya glis mari ||

5. Umbul Darpa duk angrungu | dhawuh sabdanya sang aji | miwah paragak Daruna |
sasutanira kang ngiring | sami umatur sandika | jumurung karsa narpati ||

6. tan dangu lan sabda prabu | nulya na swara kapyarsi | gêtêr patêr sêsauran |
tăndha yèn sabdaning aji | nata agung binathara | jinurung ing dewa luwih ||

7. ya ta mangkana Ki Umbul | Darpa myang sawangsanèki | miwah paragak Daruna |


ginanjar ing rajatadi | kinèn akarya pawitan | dènnya mrih pangupa bukti ||
8. kang sinung sih matur nuwun | sumujud konjêm mring siti | mangkana Sri
Gêndrayana | karsa kondur mring nagari | margi nalika punika | wus lami têdhakira ji
||

9. onêng dhatêng garwa sunu | miwah wadyabala aji | tan dangu anulya bidhal |
sigêg têdhaknya sang aji | mangkya gantya kawuwusa | pasisir lèr wetan nagri ||

10. ing Ngastina duk ing ênu | pasanggrahannya Sang Aji | Drawilaka nata yêksa | ing
Nungsa Kambana nagri | duk ing

--- 81 ---

nalika punika | Sri Drawilaka yêksa ji ||

11. kalangkung tikbraning kalbu | rumaos de sampun lami | tilar praja arsambêdhah |
prajèng Ngastina tan bangkit | tansah kinuncang ing dewa | kinarya bingung ing
mangkin ||

12. Prabu Drawilaka nuju | apirêmbagan lan ari | Sang Arya Ardhawalika | lawan para
punggawa ji | dadosing pirêmbag arsa | nandukkên cidra rumiyin ||

13. karsanira sang aprabu | angiras ngupaya margi | supadya benjang yèn bidhal |
sing pasanggrahan pasisir | wontên ingkang tinuruta | tilasing marginirèki ||

14. miwah ngiras anyênyuluh | tingkahing para prajurit | Ngastina awrat ènthèngnya |
benjing pamaguting jurit | ywa nganti ming kalih karya | sokur yèn wignya mungkasi
||

15. dening cidra kang linaku | dadya tan karya susahing | para wrahatbala yêksa |
samana wontên dityèstri | măngka êmbananing nata | Kèn Wilakanya kang nami ||

16. lakining rasêksi wau | rasêksa langkung sinêkti | awasta Ditya Rudraksa | jalwèstri
samya linuwih | wignya amancala warna | sakalir kang dèn karêpi ||

17. bangkit manjing ajèr ajur | mangkya karsaning yaksa ji | kadwi pan arsa dinuta |
tumamèng Ngastina nagri | anyidra Sri Gêndrayana | sawadyabalanirèki ||

18. yèn lêbda [lê...]

--- 82 ---

[...bda] karyèng pituduh | wil Rudraksa myang kang swami | pan arsa ginanjar praja |
Nungsa Kambana sapalih | kang sinung ling duk miyarsa | sabdanya sang raksasa ji ||
19. Kèn Wilakanya umatur | dhuh gusti kula sang aji | kawularsa lumaksana | amung
ing sapêngkêr patik | mugi-mugi binantua | nênêdha mring dewa luwih ||

20. jinurungana ing laku | mangkya amba nyuwun pamit | bidhal mring praja
Ngastina | nglampahi dhawuhira ji | Sri Drawilaka duk myarsa | dahat arsayaning galih
||

21. mangkana andikanipun | iya biyung sun jurungi | sun rowangi cêgah nadhah |
guling sakuwasa mami | sira karo pajampua | widagdaa ing pamurih ||

22. lêbda akarya ing laku | sang rasêksa lan rasêksi | matur nuhun nulya mêdal | dupi
sapraptaning jawi | sigra sami malih warna | dadya manusa kêkalih ||

23. wil Rudraksa dadya jalu | Umbul Druma ranirèki | Kèn Lakanya kang wanodya |
asêsilih Kèn Subranti | gya lumaksana kadwinya | tansah atêtanya margi ||

24. ingkang dumugi praja gung | ing Ngastina ngingsêp warti | kang sinaptan mring
sri nata | tan rinuwi lampahnèki | mangkya wus cêlak Ngastina | miwah sampun antuk
warti ||

25. mangkya Gêndrayana Prabu | sawêg rêmên anyêlaki | sakyèhning para brahmana
| sumawana karêm [ka...]

--- 83 ---

[...rêm] bukti | jênang dodol ingkang eca | lah ing kana sang anilip ||

26. dahat arsayaning kalbu | ciptanira antuk margi | dènnya masang kaladesa |
nandukkên upaya sandi | kadwi nulya malih warna | tan siwah brahmana rêsi ||

27. Brahmana Druma ranipun | Kèn Subranti mangkya dadi | Endhang Supranti ranira
| ngakên saking Kandha wukir | sarta nulya karya jênang | dodol ingkang lêgi gurih ||

28. kinathahan bumbunipun | klapa miwah gêndhisnèki | supadya raosnya eca | sarta
winor darubêsi | wisa sing Nungsa Kambana | ingkang sakalangkung mandi ||

29. dupi karyanya wus rampung | nulya winadhahan upih | ginendhong marang ni
endhang | gya bidhal maring nagari | ing marga tan winursita | ing wuri winuwus
gênti ||

19. Pangkur

1. winuwus prajèng Ngastina | duk samana lingsir dalu kang wanci | arindra Sang
Arya Prabu | Sudarsana kang lagya | anganglangi dhatêng sajroning kadhatun |
kagyat amiyarsa swara | tangis anggiyêng katiling ||
2. kadya tangising wanita | duk samana gya ingulatan dening | Sudarsana Arya Prabu
| kyèhning tunggon jinajah | kyèhning wisma myang paprêmannya jêng ratu |
dhinêdhêp sêpên kewala | swarèng tangis gung kapyarsi ||

3. anggiyêng tan pêgat-pêgat | têmah karya

--- 84 ---

kawêkènirèng galih | sang arya atêmah ngungun | mangêngên angupaya |


darunaning udrasa ingkang rinungu | duk laksitanira prapta | sangajênging sanggar
nuli ||

4. punang tangis saya cêtha | malah kadya manguwuh-uwuh gati | dhumatêng sang
arya prabu | kinèn kampir mring sanggar | samangkana sang arya kagyat kalangkung
| gya nyipta lamun suwara | saking jro sanggar panêpin ||

5. mila tandya pinurugan | ya ta dupi praptèng sanggar kang tangis | kèndêl lajêng
nguwuh-uwuh | mangkana sabdanira | dhuh Sang Arya Prabu Sudarsana gupuh |
marêka ing ngarsaningwang | sira ywa sandeyèng lyali ||

6. satuhune kang udrasa | iya ingsun saking wêlas tan sipi | mangkana sang arya
prabu | dahat gawok ing driya | mila lajêng têtanya lon sabdanipun | lah ta sira iku
sapa | dene nywara tanpa warni ||

7. kang swara sigra maluya | andupara yèn ana swaranèki | têka tanpa rupa tuhu |
wruhanta kang nyuwara | iya ingsun gupala pusakanipun | eyang ta Sri Dipayana |
kadadyan wêsi srikandhi ||

8. marmanya nguwuh mring sira | wruhanira ingsun arsa mêmangsit | marang sira
kang satuhu | wruhanta benjang-enjang | bakal ana bêbaya kang momor sambu | yèn
sira datan prayitna | rakanira sri bopati ||

9. yêkti sirna

--- 85 ---

sanalika | marma gupuh umarêka mariki | nuli sun paringi wêruh | ya ta wau sang
arya | duk miyarsa ing wicara kang kadyèku | gupuh marêk gurawalan | mring
ngarsaning arca sarwi ||

10. muwus angrêrêpa lingnya | dhuh sang arca kang satuhu kêkasih | ing jawata kang
linuhung | lamun mangkono sira | iku kêna sun anggêp dadya rêruhur | karana
tumitahira | anèng ing Ngastina nguni ||
11. pêpantaran lawan eyang | Maha Prabu Darmasarana nguni | rèhning mangkono
sirèku | kudu asih lan wêlas | iya marang wayahira kakang prabu | Gêndrayana miwah
mringwang | ing samangko ingsun yêkti ||

12. bakal manut sarèhira | lah ta payo nuli wêdharna aglis | ripu kang bakal tinêmu |
wuwusipun sang arca | wruhanira babo kaki arya prabu | dina sesuk kakangira |
kondur derandon lumaris ||

13. midêr-midêr alêlana | lan Juragan Karma kang mrih patitis | amawas kang ngèlmu
calung | besok ana kang prapta | amêmindha brahmana saendhangipun | arane
Brahmana Druma | endhange Endhang Supranti ||

14. ngaku saka wukir Kandha | praptanira atur-atur kang dadi | kasêptananing sang
prabu | yaiku rupa jênang | jênang dodol panindaking tindak dudu | wêkas ingsun
marang sira | sesuk manawa sang aji [a...]

--- 86 ---

[...ji] ||

15. arsa andhahar kang jênang | pisungsunge brahmana marasandi | sira anyêgaha
gupuh | supaya aja sida | wruhanira sajatine jênang iku | dudu jênang sajênangnya |
jênang mèsi wisa mandi ||

16. dene kang mindha brahmana | lawan endhang iku sajatinèki | rasêksi kalawan
diyu | duta Nungsa Kambana | kongkonane Prabu Drawilaka tuhu | panunggalane
kang sira | tumpês anèng wana nguni ||

17. praptaning praja Ngastina | padha kinèn nyidra kakangirèki | yèn sira tan awas
tuhu | ing besuk kakangira | padha sanalika yêkti bisa lêbur | tanpa kukupan
marmanya | sira kang prayitna yêkti ||

18. sarta benjang sira padha | amêthuka rawuhe sri bopati | mrih ana rowangirèku |
kang ngawruhi ing tingkah | bokmanawa rasêksa rasêksi mau | ambăndakalani sabab
| awit wus lumrahirèng wil ||

19. padha sinung kaprawiran | sinerenan ing guna myang kasêktin | dene ta pitutur
ingsun | marang sira rahadyan | poma aywa kongsi kajarwèng lyan tuhu | lamun
durung kanyataan | bokmanawa sira kêni ||

20. ing pangira-ira têmah | tanpa karya pangrêksanta mring nagri | têlas arca
wuwusipun | lah ing kana Sang Arya | Prabu Sudarsana dahat dènnya ngungun
[ngungu...]

--- 87 ---
[...n] | mring wuwusira sang arca | dene waskithanya kadi ||

21. jawata mangejawantah | ing wêkasan tan lênggana ing wangsit | sarta dahat
sokuripun | puwara amaluya | dhuh sang arca palimarmanira iku | dahat
panarimaningwang | marang sira kang sayêkti ||

22. sun pituhu dêlingira | mung pamintaningwang mring sira yêkti | amung muga-
muga tulus | sihira salaminya | maring kakang prabu miwah marang ingsun | dene
sira iku măngka | gêntining lêluhur mami ||

23. kang uwis padha minulya | sawusira mangkana sang sinung ling | Sudarsana Arya
Aprabu | sigra mijil sing sanggar | praptèng jawi pura laju dènnya jujug | wismaning
Patih Sutiksna | duk samana wus byar enjing ||

24. panggih lan nayaka waktra | gya tinanya ingkang dadya wigati | dene gita
rawuhipun | Sang Arya Sudarsana | gya wêwarti sandi manawi ing dulu |[1] antuk
wangsiting jawata | ywan ing mangke sri bopati ||

25. kondur saking alêlana | kyèhning para punggawa kinèn sami | samapta dènnyarsa
mêthuk | sarta kinèn sudhiya | samaptaning ngayuda de praptanipun | sri nata badhe
katungka | praptaning bêbaya yêkti ||

26. nanging wêlinging jawata | dèrèng kenging winêdharkên samangkin | yêkti


miwah doranipun | ing mangkya kanyataan | lah ing kana Patih

--- 88 ---

Sutiksna duk ngrungu | pangandikanya sang arya | dahat gugup ing panggalih ||

27. sigra angrasuk busana- | ning ngayuda sarta lajêng ngundhangi | mring
sakyèhning punggawa gung | kadya pawartosira | ari nata Sudarsana Arya Prabu |
amargi salaminira | pangawasannya sang pêkik ||

28. sampun saingga jawata | marma sami angandêl ing pawarti | tan winursita
gyanipun | tata-tata samapta | dupi sampun sampat sapirantinipun | gya bidhal mring
jawi kitha | sang arya prabu anitih ||

29. awarni rata gothaka | titihannya Sri Gêndrayana Aji | kyèhning punggawa
sadarum | sami wahana kuda | sarta jangkêp sadêdamêling prang pupuh | kadyarsa
anglurug yuda | tan rinuwiya nèng margi ||

30. sapraptaning jawi praja | dèrèng têbih gya kapêthuk sang aji | sang arya myang
mantringayun | tuwin para punggawa | langkung suka de kanyataan satuhu |
sabdanya Sang Sudarsana | gya majêng samya ngabêkti ||
31. wusnya mangkana sri nata | langkung kagyat dene para wadya ji | pamêthuknya
mring sang prabu | kadya satatanira | arsa mangsah ing yuda miwah anglurug |
dinangu paran marmanya | Sang Arya Sutiksna Patih ||

32. miwah Prabu Sudarsana | aturira sami kumbi yèn apti | manggih bêbaya pakewuh
| turira mung sinamar |

--- 89 ---

wit sapêngkêrira sri nata ing ngênu | para wadyendra sadaya | sami samaptèng
ngajurit ||

33. dene ingkang pinaryitnan | rèhne nguni ratunirèng rasêksi | ing Nungsa Kambana
durung | sirna dene kang sirna | sawatawis sawêg wadyabalanipun | sandeyanya
bokmanawa | cidra andhatêngi malih ||

34. sri nata duk amiyarsa | langkung suka lajêng gantya wêwarti | rahayunira ing
purug | tuwin arjaning praja | puwaranya sarêng sami suka sokur | wusnya mangkana
sri nata | nitih rata lan kang rayi ||

35. Arya Prabu Sudarsana | dene Patih Sutiksna myang sakyèhning | para punggawa
sadarum | samya wahana kuda | laju bidhal tumamèng marang praja gung | ing
marga tan winursita | sapraptaning păncaniti ||

36. sri narendra kèndêl lênggah | ari nata miwah Sutiksna Patih | sumiwi nèng ngarsa
prabu | dene para punggawa | samya nangkil nèng wurining mantringayun | tan
dangu Sri Gêndrayana | dhawuh mring Sutiksna Patih ||

37. angsal-angsal rajabrana | karsa nata kinèn ambagea tri | wondene tumanjanipun |
kang saduman kinarya | andandosi murih saening praja gung | miwah karya anulunga
| mring sagunging para dasih ||

38. ingkang sami sudra papa | kang saduman kinèn ganjarkên maring | pra wadya
nata kang sampun [sampu...]

--- 90 ---

[...n] | umiring alêlana | yèka măngka kang dadya ganjaranipun | dene ingkang
sapanduman | binage wadya gung alit ||

39. ingkang samya têngga praja | ingkang kinèn matur sandika nuli | ambagi
rajabrana gung | ya ta kala samana | lagya eca imbal wacana kasaru | praptanira sang
brahmana | Druma lan Endhang Supranti ||
40. sapraptanirèng Ngastina | laju jujug marêk mring păncaniti | sri nata myang
punggawa gung | samya kagyat ing nala | gya dinangu nama miwah sangkanipun |
tuwin kang sinêdyèng karsa | kang dinangu turira ris ||

41. dhu-dhuh[2] suhunaning jagad | kang sinêmbah sèsining rat sakalir | kauningana


pukulun | amba brahmana tapa | saking wukir Kandha dene wasta ulun | pun Druma
de semah amba | awasta Endhang Supranti ||

42. dene kang dadya sêdyamba | amung nuwun arsa tur pangabêkti | rèhning
pamiyarsa ulun | saking ing katêbihan | ywan ing mangkya gusti kangjêng sang
aprabu | karsa nyêlakkên sakèhnya | para brahmana ing wukir ||

43. milanira amba dahat | kêdah sumawita jêng sri bopati | kajawi saking puniku |
pisowan amba miwah | semah amba tuhu dahat kamipurun | anyaosakên kang
jênang | dodol damêlan pribadi ||

44. ingkang sampun kalampahan | tiyang kiwa

--- 91 ---

têngêning Kandha wukir | sami kabelan kalangkung | dhatêng jênang kawula | miwah
kathah sanak pawong mitra ulun | ingkang ngakèn mring kawula | damêl jênang lêgi
gurih ||

20. Dhandhanggula

1. kadya ingkang amba bêkta gusti | margi jênang dêdamêlan amba | kêni kinarya
sêsajèn | yèn mêmuja nênuwun | mring jawata ingkang linêwih | liya jênang punika |
tan kenging satuhu | kinarya sêsaji nêmbah | mring jawata de ingkang konjuk puniki |
tuhu jênang pêng-pêngan ||

2. dene pandamêl kawula gusti | mawi klapa tan sabarang klapa | milih kalapa wêdale
| ing Madura pukulun | mila ingkang sampun kawuri | angabèlakên tiyang | nulya
datan purun | bukti jênang sanèsira | mungna jênang dêdamêlan amba gusti | punika
wujudira ||

3. têlas turnya sang amarasandi | lah ing kana Prabu Gêndrayana | lan sagung
wadyabalane | samya tan wikan tuhu | miwah datan wontên andugi | ywan punika
rasêksa | kang amarasandu | têlik kang mangendrajala | mindha warna dinalih
brahmana yêkti | mung arindra sang arya ||

4. Prabu Sudarsana kang udani | ingkang tansah angawaskên solah | ing brahmana
lan endhange | akarana ing dalu | wus winangsit mring arca jroning | pura sanggar
planggatan | mila ciptanipun | Arya
--- 92 ---

Prabu Sudarsana | ywan ing mangkya tumanduk panyidranèki | sawastu gya


jinangkah ||

5. yun tinigas murdanirèng juti | samangkana Prabu Gêndrayana | arum manis


andikane | hèh brahmana sirèku | têka kabênêran sayêkti | ing atur-aturira | jênang
dodol iku | dhasar kasêptanan ingwang | jênang dodol kang mirasa lêgi gurih | lamun
mangkono sira ||

6. karo bisa nuju karsa mami | lah ta mara age saosêna | Endhang Supranti nulya ge |
anyaosakên sampun | tinampenan binuka nuli | saking bêbuntêlira | ya ta Sadusunu |
tansah prayitna ing tingal | dupi jênang dodol pan arsa binukti | Sang Arya Sudarsana
||

7. sigra nampèl mring astanira ji | jênang rêntah sande dènnya dhahar | langkung
kagyat sri pamase | ngandika èsmu rêngu | lah pagene têka kadyèki | yayi ing
tingkahira | dene sira iku | sun ugung sun êla-êla | sun kasihi puwara mangko kadyèki
| dêgsura patrapira ||

8. baya iku pamalêsirèki | babo yayi apa karananya | dene sira wani nampèl | gya
maring tangan ingsun | ingkang arsa sun karya bukti | lamun mangkono sira | tan
patut satuhu | pinarêkna marang nata | pantêsira sira mung ana ing wukir | kumpul
[kumpu...]

--- 93 ---

[...l] lawan wong kompra ||

9. nistha dama tan wruh yudanagri | duk samana Arya Sudarsana | duk myarsèng raka
dukane | datan irip tyasipun | kawistara saengga kadi | ingunggar kasuranya |
ciptanira amung | arsa ngrabasèng bêbaya | wusananya sang arya matur wotsari |
dhuh susuhunan amba ||

10. tuhu tan pisan-pisan manawi | amba darwa cipta kang mangkana | sawastunya
amung badhe | rumêksa kadang sêpuh | ingkang sampun pinasthi dadi |
pêpandaming buwana | mila kala wau | amba kamipurun nyêgah | ing karsendra
andhahar jênang puniki | margi wontên sababnya ||

11. yèka jênang mawi wisa mandi | dene ingkang amindha brahmana | kadwi kalihan
endhange | punika yêktosipun | ditya jalu lawan rasêksi | kang măngka dutanira |
Drawilaka Prabu | natèng wil Nungsa Kambana | kinèn nyidra nyirnakkên jêng sri
bopati | ya ta ingkang mêmindha ||
12. brahmana myang endhang duk miyarsi | aturira Arya Sudarsana | langkung
merang ing driyane | dene sêsandinipun | kawanguran sadayanèki | mila datan
sarănta | lajêng dènnya mundur | anglès tanpa wara-wara | sapraptaning bacira
lumayu gêndring | sarta badhar warnanya ||

13. dadya diyu kalawan rasêksi | ya ta Arya Prabu Sudarsana | dèrèng ngantos [nga...]

--- 94 ---

[...ntos] dupi[3] ture | awas paningalipun | ywan brahmana lan endhangnèki |


kadwinya samya oncat | sigra dènnya bujung | kadya thathit pêsatira | sing
ngarsendra nututi palajêngnèki | rasêksi lan rasêksa ||

14. datan dangu dènira nututi | dupi prapta madyaning bacira | kacandhak nulya
prang rame | caruk rok ing prang pupuh | ditya krodha naut sang pêkik | endha sarwi
andhupak | wil Rudraksa kantu | tangi anyandêr tinêpak | galayaran sumaput tangi
mangêrik | Sang Sudarsana panggah ||

15. binut kalih ing ngarsa lan wuri | datan kewran ing panangkisira | cikat têrampil
tandange | lah ing kana Sang Prabu | Gêndrayana myang punggawa ji | duk umiyat
sang arya | prabu aprang pupuh | mêngsah rasêksi rasêksa | kadadyaning brahmana
myang endhangnèki | gupuh sami amêdal ||

16. sigra dènnya têtulung ing jurit | dangu-dangu ditya karepotan | wil karoban
mêngsah akèh | nulya oncat lumayu | sarwi asru dènira angling | hèh-hèh ratu
Ngastina | ing samêngko ingsun | kasoran kalawan sira | nanging antènana babo ratu
mami | Sang Prabu Drawilaka ||

17. nora suwe yêkti anêkani | babo-babo sira dèn prayitna | tan wurung kono
margane | sirnanira satuhu |

--- 95 ---

Prabu Gêndrayana mangsuli | hèh ditya aja susah | kakehan pamuwus |


sagêndhingmu sun tan wangwang | riwusira mangkana sri narapati | mring păncaniti
lênggah ||

18. ari nata myang Sutiksna Patih | sawadyènya marêk byantarendra | wusnya rêrêm
sang wiranèm | umatur mring sang prabu | dhuh pukulun kangjêng dewaji | suwawi
yêktosêna | sining jênang wau | tinêdhakna maring sona | yêkti wontên kanyataannya
tur patik | nata mituhu nulya ||

19. dhawuh mundhut sona mring wadya ji | datan dangu sona sampun prapta | nata
nulya dhawuh kinèn | nguncalan jênang wau | sona tanggap jênang binukti | tan
watawis dangunya | pun sona malêdug | dadyawu gaotanira | lah ing kana Prabu
Gêndrayana tuwin | pra wadyendra sadaya ||

20. duk ningali sona sirnanèki | langkung jêtung angungun kalintang | sang nata lon
andikane | dhuh dhuh adhuh riningsun | pêparinging jawata luwih | mangko wus
kanyataan | ujarira mring sun | de kang dadi ngungun ingwang | ora ngapa mung
tujune sira yayi | kasinungan waskitha ||

21. mring jawata manawa sirèki | tumambuha marang jênêng ingwang | baya
raganingsun kiye | wus lêbur dadya awu | kadya sona ingkang ambukti | jênang kang
mawa wisa | sang arya andhêku | miwah para punggawendra |

--- 96 ---

samya ngalêm mring ari nata sinêkti | waskithèng saniskara ||

22. wusnya mangkana langkungannèki | punang jênang kinèn anglabuha | dhatêng


ing Jamuna lèpèn | miwah sri nata dhawuh | mring wadya ji kinèn miranti | sudhiya
ing ayuda | prayitna ing kewuh | bokmanawi kadhatêngan | mêngsah saking Nungsa
Kambana nagari | wusa sami samapta ||

23. Patih Sutiksna sandika nuli | nata jêngkar kondur ngênyapura | pra wadya ji
sadayane | sêsowangan umantuk | mangkya sigêg Ngastina nagri | gantya kang
kawuwusa | ing saoncatipun | wil Rudraksa Kèn Lakanya | lajêng mantuk mring
pasanggrahan pasisir | marêk Sri Drawilaka ||

24. nêmbah sarwi tawan-tawan tangis | Prabu Drawilaka langkung kagyat | anyipta
cabar karyane | gupuh pandangunipun | kayaparan lakunirèki | dera marang Ngastina
| lah mara dèn gupuh | tutura ingkang pratela | dene sira têka dadak nganggo nangis
| kadya wong pêpucungan ||

21. Pocung

1. aturipun Ditya Rudraksa pukulun | amba wun lumaksa | dhumatêng Ngastina nagri
| kalih pisan kawula mindha manusa ||

2. non pangrungu nênggih Sri Ngastina Prabu | nalikamba prapta | nujwa mendra
sing nagari | alêlana kanthi wadya tuwanggana ||

3. amba antuk warti mangkya [mang...]

--- 97 ---

[...kya] wontênipun | Narendra Ngastina | lagya karêm anyêlaki | pra brahmana pinrih
samya gunêm rasa ||
4. malihipun nata pakarêmanipun | dhêdhaharan jênang | dodol ingkang lêgi gurih |
amba nulya mêmindha dadya brahmana ||

5. pun Lakanya ingkang măngka endhangipun | ran Brahmana Druma | kalawan


Endhang Supranti | miwah karya jênang dodol mawi wisa ||

6. amba tunggu ngantos praptanira Prabu | Gêndrayana miwah | sawadyanya kang


kuliling | sarêng prapta nulya lênggah siniwaka ||

7. botên dangu kawula nulya tumuntur | tumamèng pasowan | gya dinangu nama
patik | miwah sangkan saha wigatining prapta ||

8. amba matur bilih saking Kandha gunu |[4] ran Brahmana Druma | kalihan Endhang
Supranti | sowanira muhung nêdya puruhita ||

9. lan tuk-antuk warni jênang dodol luhung | Prabu Gêndrayana | dahat arsayaning
galih | gya pinundhut jênang pan arsa dhinahar ||

10. mèh kapuluk wontên arinya sang prabu | aran Sudarsana | anampèl astanira ji |
jênang rêntah botên saèstu dhinahar ||

11. dahat bêndu mring ari kang nampèl wau | kèh-kèh dukanira | puwara aturirèki |
jênang wau dede jênang sajênangnya ||

12. mawi

--- 98 ---

racun dene brahmana puniku | satuhune ditya | dutane nataning yêksi | Prabu
Drawilaka ing Nungsa Kambana ||

13. dupi ulun mirêng ture ari prabu | dahat maras ing tyas | gya morod saking ngarsa
ji | tinututan dhatêng Arya Sudarsana ||

14. dupi tundhuk amba dwi badhar sadarum | têmah păncakara | rèhne arining
narpati | langkung sêkti digdaya tur wicaksana ||

15. awasipun sasat jawata linuhung | marma amba oncat | dinugi yèn tan ngudhili |
têlas turnya Ditya Rudraksa mangkana ||

16. lah ing ngriku Prabu Drawilaka dhawuh | dhatêng arinira | kang warni sarpa
wêwangi | Arya Ardhawalika kinèn samapta ||

17. ing prang pupuh samangkya arsa lumurug | mring praja Ngastina | sandika kang
dèn dhawuhi | tan winarna tingkahing pangrakitira ||
18. dupi sampun samapta budhal gumuruh | sagunging danawa | diyu rasêksa rasêksi
| ingkang măngka dadya panganjuring lampah ||

19. tuduh laku gêdhig manggala gul-agul | pun Ditya Rudraksa | ing margi datan
ginurit | sapraptaning minggiran praja Ngastina ||

20. para diyu samya angrêrayah dhusun | angobongi wisma | sipat jalu dèn pêjahi |
èstrinira kang kacandhak gya jinamah ||

21. dhusun-dhusun ing sakiwatêngênipun | kang dèrèng kaambah | tiyangira [ti...]

--- 99 ---

[...yangira] samya ngungsi | malbèng praja wênèh ngungsi wana arga ||

22. Prabu Drawilaka miwah wadyanipun | nglarug ngrampit kitha | kawuwusa sri
bopati | Maha Prabu Gêndrayana duk samana ||

23. nuju miyos siniwakèng sitiluhur | pêpak kang sumewa | pra wadya ji gung lan alit |
samya nangkil tan ewah lir adatira ||

24. datan dangu kagyat miyarsa gumuruh | gègèring sujanma | pati-pati bêbêntusi |
salang tunjang ting jalêrit tangisira ||

25. sang aprabu gupuh anulya angutus | wadya amariksa | punapa darunanèki | tan
watawis dangu kang dinuta prapta ||

26. nulya matur dhuh gusti jawi praja gung | wontên parangmuka | dhatêng de
wartinirèki | raja ditya ing praja Nungsa Kambana ||

27. lah ing ngriku Prabu Gêndrayana langkung | dahat bramantyanya | sigra têdhak
sri bopati | arsa mêthuk parangmuka ingkang prapta ||

28. Arya Prabu Sudarsana myang wadya gung | Sang Patih Sutiksna | gugup umiring
sang aji | mêdal saking praja kapêthuk dênawa ||

29. măngka sunguting barising bala diyu | lajêng acampuh prang | rame rok asilih
ungkih | mêngsah rowang samya gêntos amarjaya ||

30. ramening prang gêntos long-linongan dangu | tan wontên kasoran | dangu-
dangu bala janmi | ing Ngastina kalindhih

--- 100 ---

kathah kang pêjah ||


31. duk samana wadya panêkar kang lampus | kasambut ing rana | wontên sadasa
kèhnèki | wastanira anênggih pun Karmajaya ||

32. Jayagati pun Prameya tiganipun | catur Darmasura | Măntrasagotra sadnèki |


sapta Opanasa hastha pun Wikatha ||

33. pun Wikara lan Martana jangkêpipun | de manguri wadya | têtiga kang têkèng
lalis | pun Kardhama mintarsa Jagalocita ||

34. pandêlêgan pitu kang tumêkèng lampus | nênggih pun Lumenggang | Wiratraya
kadwinèki | katrinira kang awasta pun Pratipa ||

35. caturipun pun Prastama namanipun | mintuna Durwyasa | sapta Dyumêna rannèki
| wadya ăndhamoi ingkang pêjah tiga ||

36. pun Wiwrita Wiralocana dwinipun | tiga pun Wiruta | dene wadya alit-alit | tan
petungan kang sirna madyaning laga ||

37. lah ing ngriku Prabu Gêndrayana langkung | duka sigra mangsah | ngawaki jurit
pribadi | wadya ditya ing Nungsa Kambana dhadhal ||

38. kang kapupu sirna samadyaning pupuh | sawêlas kathahnya | wil Drumêksa
kadwinèki | wil Jambawa wil Saksa myang wil Gohmuka ||

39. wilutaksa wil Marica hasthanipun | wasta wil Mantragna | Pragosa Goraksa tuwin |
Bajramuka [Bajra...]

--- 101 ---

[...muka] dene panêkar gandarwa ||

40. ilu-ilu ănja-ănja ingkang lampus | datanpa petungan | Prabu Drawilaka tuwin |
ingkang rayi Sang Arya Ardhawalika ||

41. kamisêpuh ing diyu ingkang kasêbut | wil Maricikundha | lajêng samya apêpulih |
ngamuk punggung sura tan taha nirbaya ||

42. ambêg lampus singa kang katrajang mawut | kang kacandhak pêjah |
pangamuknya gêgirisi | kadya banthèng kabranan pamangsahira ||

43. ya ta wau Prabu Gêndrayana gupuh | ngêtog kasudiran | Sang Sudarsana tan kari
| dangu-dangu Prabu Drawilaka sirna ||

44. pinarjaya dening Gêndrayana Prabu | kuwandanya sirna | amranyanyang tan


kaèksi | kantun Arya Ardhawalika umangsah ||
45. dènnya ngamuk kot biksu nanging tan dangu | sirna pinarjaya | dening Arya
Sadusiwi | yitma sirna mranyanyang nunggil lan raka ||

46. dene Ditya Maricikundha wus lampus | dening Sang Sutiksna | kuwănda sirna tan
kèksi | wadya alit sasisane kang palastra ||

47. rêbat purug sar-saran dènnya lumayu | samya ngungsi gêsang | cinarita sirnanèki
| wadya rota danawa nulya na swara ||

48. nguwuh-uwuh ing ngawiyat prênahipun | hèh Ratu Ngastina | ing samêngko
jênêng mami | ngaku kalah têtandhingan lawan [la...]

--- 102 ---

[...wan] sira ||

49. lairipun nanging sajatine ingsun | durung têkèng laya | maksih awor
kumandhanging | awang-uwung lah ing besuk antènana ||

50. pamalêsku samăngsa lena tingalmu | sira sawadyanta | yêkti sirna dening mami |
ya ta Prabu Gêndrayana duk miyarsa ||

51. gya sumaur iya apa sagêndhingmu | sayêkti sun panggah | angêntèni mring sirèki
| kapan bae praptanira ing Ngastina ||

22. Asmaradana

1. kasmaran sawusirèki | bibar ingkang păncakara | Sang Sri Gêndrayana Katong |


kondur saking ing payudan | lênggah ing sitibêntar | siniwi wadyabala gung | tan
dangu sri nata nabda ||

2. mring ari nata sang pêkik | Arya Prabu Sudarsana | miwah pra punggawa kinèn |
prayitna ing saniskara | nganglangi jawi praja | miwah sajroning kadhatun | sariratri
aywa pêgat ||

3. gêgiliran gênti-gênti | mring pangintening bêbaya | mirantia gêgamane | yèn ratri


wadya kang nganglang | samya bêktaa pandam | gêgolongan lampahipun | kajawi
saking punika ||

4. sri nata dhawuh mring patih | samangkya warising wadya | kang samya tumêkèng
layon | nèng madyaning rananggana | kinèn anggêntosana | lungguhe sudarmanipun
| sadaya matur sandika ||

5. nata
--- 103 ---

nulya ngênyapuri | Arya Prabu Sudarsana | miwah para wadya katong | umantuk
sowang-sowangan | duk samana winarna | laminya datan winuwus | samangkya
asantun warsa ||

6. duk lumaksana dwi tèngsi | ing warsa suryasangkala | angkaning warsa winiyos |
sapta tus nawa dasa pat | utawi lumaksana | tri căndra sajroning taun |
căndrasangkala angkanya ||

7. astha tus astha wlasnèki | sajroning warsa kilaka | măngsa Manggasri samangke |
rinuwi pramèswarindra | Dyah Padmawati mangkya | dènira garbini sampun |
ambabar mijil wanita ||

8. kalangkung endah ing warni | mring rama sinungan nama | Dyah Mahanari
namane | rama ibu miwah eyang | dahat arsayèng driya | duk samana sang aprabu |
arsa andhatêngkên suka ||

9. salêbêting sapta ari | rintên dalu andrawina | lan sagung wadyabalane | miwah wus
atur uninga | mring wukir Manikmaya | miwah mring eyang Sang Prabu |
Gandaprawa ing Gêndara ||

10. enggaling ruwiya dupi | andungkap salapan dina | eyang Sri Gandara katong |
wus praptèng praja Ngastina | de Rêsi Sidhikara | tan sowan kapambêng rawuh | sri
nata ambangun suka ||

11. duk samana salêbêting | kasukan Sri Gêndrayana | sigra matur awêwartos | mring
eyang Sri Gandaprawa [Ga...]

--- 104 ---

[...ndaprawa] | saliring lêlampahan | ing purwa wasana urut | puwara Sri Gandaprawa
||

12. sukur mring dewa linuwih | de Sang Prabu Drawilaka | sampun sirna sawadyane |
winuwus Sri Gêndrayana | dera amangun suka | laminya ngantya dwi tèngsu |
sabibaring mangun suka ||

13. Sri Natèng Gêndara pamit | ananging gya pinambêngan | mring wayah Ngastina
Katong | karana kumaranira | Sang Prabu Drawilaka | taksih ngajab-ajab ayun |
anyidra priyangganira ||

14. dadya ingaturan nganti | ing sawatawis laminya | Sang Sri Gandaprawa Katong |
tan lênggana ing paminta | ya ta ing tigang căndra | tan wontên ingkang winuwus |
sarêng dungkap catur căndra ||
15. kala samana rinuwi | ibunya Sri Gêndrayana | Dyah Gêndrawati samangke |
rogarda sakyèhning măntra | sami datanpa guna | kyèhning usada sadarum | tan ana
ingkang tumama ||

16. Prabu Gêndrayana tuwin | kang eyang Sri Gandaprawa | ing driya langkung
kawêkèn | dènnya mrih usada ingkang | amaluyakkên roga | mangkana sang
mantringayun | miwah Arya Sudarsana ||

17. tinimbalan malbèng puri | sawusnya praptèng ngarsendra | gya pirêmbag


prayogine | angaturi ingkang eyang | Sang Rêsi Sidhikara | duk samana sang aprabu |
andangu [anda...]

--- 105 ---

[...ngu] mring Sang Sutiksna ||

18. wadya kang arsa tinuding | sagêda tri ari prapta | karana sang dyah gêrahe |
dahat sangêt yèn langkunga | saking ing tigang dina | tan katututan satuhu |
mangkana Patih Sutiksna ||

19. umatur dhuh jêng dewaji | kajawi karsa paduka | prayoginira datan lèn | kang
pantês dinuta enggal | mungna abdi paduka | Pisaca Pisaci kruhun | sagêd prapta
sanalika ||

20. amargi băngsa Pisaci | yèn lumaksa tan prabeda | lan samirana rikate | utawi
ngiras anyoba | ing kaantêpanira | duk ing nguni dènnya saguh | yèn wontên karsa
paduka ||

21. ingkang enggal lan wigati | pukulun manawi datan | pun Pisaca kang lumakwèng |
ywan utusana manungsa | saèstu randhat dahat | tan prapta astha ri tuhu | mangkana
Sri Gêndrayana ||

22. duk miyarsa turing patih | dahat arsayaning driya | de èngêt kalamun darbe |
kêkasih băngsa Pisaca | sigra amundhut dupa | miwah burat gănda marbuk | tan
dangu sampun sudhiya ||

23. Prabu Gêndrayana nuli | ngêningkên kapti anyipta | dhatêngipun kêkasihe | Pisaci
lawan Pisaca | tan dangu nulya prapta | tanpa sangkan praptanipun | wus nèng
ngabyantara nata ||

24. sarwi sumungkêm ngastuti | ya ta Prabu Gandaprawa | myang

--- 106 ---


pra wadya sadayane | samya kagyat ing wardaya | de tan wontên uninga | saking
pundi sangkanipun | wusnya sinambramèng sabda ||

25. sang nata nulyandhawuhi | mring Pisaci lan Pisaca | kadwinira samya kinèn |
dhatêng wukir Manikmaya | ngaturi ingkang eyang | sang rêsi pinrih arawuh | mring
Ngastina sanalika ||

26. dene uwosing wigati | wus winêlingkên sadaya | Sang Pisaca Pisacine | matur
sandika gya musna | saking byantara nata | kacariyos kampahipun |[5] Pisaci lawan
Pisaca ||

27. mung sakêdhap netra prapti | graning wukir Manikmaya | lajêng marêk ing
ngarsane | Sang Maharsi Sidhikara | samana sang pandhita | dahat kagyatirèng kalbu
| gya dinangu sira sapa ||

28. lan băngsa apa sirèki | apa kang dadi karsanta | kang dinangu lon ature | kawula
băngsa Pisaca | Pisaci rayat amba | sowan kawula sang wiku | dinuta wayah paduka ||

29. Sri Gêndrayana Narpati | angaturi mring paduka | karana ibu sang katong | Dyah
Gêndrawati samangkya | kataman ing rogarda | mila suprih enggal rawuh | sumăngga
kawula bêkta ||

30. tan lênggana sang maharsi | samana anulya bidhal | mangkya gênti cinariyos |
rinuwi praja Ngastina | sapêngkêring Pisaca | sang prabu kagyat kalangkung |

--- 107 ---

myarsa swaraning karuna ||

31. Prabu Gêndrayana tuwin | eyang Sang Sri Gandaprawa | sigra tumamèng
kadhaton | para punggawa tut wuntat | dupi sawêg lumampah | wontên abdi èstri
mêthuk | ingutus sang dayitendra ||

32. tur uninga yèn kang umi | Dyah Gêndrawati wus seda | sri nata dwi langkung
gawok | sungkawa karănta-rănta | dupi prapta gyanira | ibu kang wus praptèng layu |
sang nata lan ingkang eyang ||

33. karuna kadya pawèstri | Sang Patih Sutiksna dahat | kagyat kuwur wardayane |
tansah matur kathah-kathah | mrih lipuring sungkawa | miwah lajêng adhêdhawuh |
mring kănca para punggawa ||

34. sadayanya kinèn sami | mêdal atata-tataa | sarta ngrukti pirantine | pantesawa
kang kinarya | sudhiya kang wus laya | kang kinèn sandika matur | sigra mêdal tata-
tata ||
35. angrukti kanang piranti | ya ta samana katungka | Sang Sidhikara praptane |
miwah Pisaci Pisaca | jlêg wontên ngarsa nata | tanpa sangkan rawuhipun | mangkana
Sri Gêndrayana ||

36. miwah ingkang pramèswari | saha Prabu Gandaprawa | duk aningali rawuhe |
Sang Maharsi Sidhikara | saya asru karuna | karănta-rănta ing kalbu | lajêng sami
amêminta ||

37. gêgubêl dhatêng sang rêsi | Rêsi Sidhikara dahat |

--- 108 ---

èmênging tyas gya wêwartos | angêngimur angrêrêpa | ing sabda palamarta | sarta
pinuntuwèng kalbu | ywan wus pinasthi ing dewa ||

38. tan kenging ginayuh malih | luhung sami amupusa | lan malih ibu sang katong |
punika wus janjinira | kondur dhatêng suwarga | anusul rama pukulun | suwarga Sri
Yudayana ||

39. dupi lipur sawatawis | Maharêsi Sidhikara | matur mring wayah sabdane | dhuh
dhuh anggèr sri narendra | pun kaki botên nyana | bilih dados sedanipun | dene gyan
kawula bidhal ||

40. saking Manikmaya wukir | sanalika gya binêkta | mring Pisaca Pisacine | tur mung
sakêdhèping netra | wus prapta ing ngarsendra | dene kang akarya ngungun | de tan
ngêntosi kawula ||

41. ciptaning manah pun kaki | mila gupuh nulya sowan | sapintêna ing sangête |
gêrahnya ibu paduka | ywan sagêd katututan | măntra kawula sawastu | waluya sami
sakala ||

42. puwara sarêng pun kaki | prapta ing ngarsa paduka | ibu paduka wus layon |
punika pratandhanira | ywan wus karsaning dewa | mila amung samya mupus | kanthi
pêpuntoning cipta ||

23. Kinanthi

1. gêsang punika pukulun | tan wande nêmahi pati | ywan ta botên makatêna |
sawastu tan wontên wiji | ingkang tuwuh angrêmbaka | têmahan [tê...]

--- 109 ---

[...mahan] ingkang kaèksi ||


2. mung jamaning awang-uwung | karana tan wontên yêkti | panunggilannya kang
laya | miwah ingkang gêsang malih | mila jamaning manuswa | mawi wontên ingkang
mati ||

3. miwah wontên ingkang idhup | punika wigatinèki | badhe ngenggalakên măngsa |


manjangkên laksitanèki | dhuh anggèr jêng sri narendra | ywa kadurus ing prihatin ||

4. ya ta mangkana sang prabu | duk myarsa sabda sang rêsi | miwah Prabu
Gandaprawa | ragi rêrêm kang panggalih | lilih ing sungkawanira | nanging dèrèng
sagêd angling ||

5. dadya amung tansah dhêku | tan antara dangu nuli | kasaru ing lêbêtira | pra
pandhita myang wadya ji | samyambêkta pantesawa | sapirantosnya mêpêki ||

6. utawi ing alun-alun | wus sudhiya amiranti | kang prêlu badhe kinarya | ambêsmi
layonirèki | mangkana Patih Sutiksna | duk myarsa sirêping tangis ||

7. nulya tur wikan sang prabu | ywan ing jawi wus miranti | mugi tumuntêna samya |
angrukti layonirèki | karana ywan ngantos lama | tan prayogi labêtnèki ||

8. ya ta Gêndrayana Prabu | dahat panuju ing galih | lajêng samya dhinawuhan |


anucèni mring sang lalis | kang kinèn samya tumandang | ya ta dupi sampun rêsik ||

9. kang sawa winotkên gupuh [gu...]

--- 110 ---

[...puh] | dhatêng pantesawa sarwi | binalonyo găndawida | burat jêbat lan kasturi |
gandanya amrik angambar | sawusnya mangkana nuli ||

10. kanang pantesawa wau | pinarnahkên salêbêting | pura sanggar palanggatan |


sarta tinuguran kyèhning | pra pandhita myang punggawa | gêgiliran gênti-gênti ||

11. rinuwia lêrêmipun | layon kawandasa ari | nanging datan cinarita | dènnya
ngrêngga panglabuhing | tètèsing sawa mangkana | enggaling carita dupi ||

12. jangkêp catur dasa dalu | punang layon binêkta mring | panggenan derarsa
ngobar | ya ta Sang Sutiksna Patih | miwah ari nata Arya | Prabu Sudarsana ngiring ||

13. sumawana Sang Aprabu | Gêndrayana myang Sang Rêsi | Sidhikara miwah risang |
Prabu Gandaprawa sami | têdhak angurmati prapta | kèndêl wontên păncaniti ||

14. rêngganing layon supênuh | saksat pangupakaraning | pangantyan mijil sing pura
| kyèhning janma gêng lan alit | ing praja miwah ing desa | tembak samya nêningali ||
15. nèng têpining alun-alun | kaèbêkan kyèhning janmi | sasampunira mangkana |
punang pantesawa nuli | binasmi madyèng bacira | punang pawaka kaèksi ||

16. ngalad-alad urubipun | yayah sumundhul ing langit | parêng lawan swaranira | pra
brahmana miwah

--- 111 ---

rêsi | pandhita para pukaha | ingkang samya amêmuji ||

17. sampurnaning ingkang murud | dhatêng doning têpêt suci | ya ta sasirêping


brama | punang pantesawa wus nir | sanalika lajêng prapta | pêtêng dhêdhêt
anglimputi ||

18. miwah tumurun ingkang truh | tan patya gêng riwis-riwis | ing ngawiyat kapiyarsa
| swara jumêgur ngèbêki | warata sajagad raya | tăndha ywan sang praptèng lalis ||

19. katrima sampurnanipun | nulya samirana milir | mawa gănda rum angambar |
kadya aruming kasturi | kang pêpêtêng nulya sirna | kantun gănda ingkang maksih ||

20. sri nata sawadyanipun | langkung sukur mring dewadi | mila sri narendra nulya |
dhawuh mring Sutiksna Patih | sakathahing cêcaruhan | sêsaji kinèn ambagi ||

21. mring pra pandhita sadarum | miwah para punggawa ji | kang kinèn matur
sandika | wusnya binage waradin | sarampungnya liring karya | gya bibaran sri bopati
||

22. kondur tumamèng kadhatun | Rêsi Sidhikara tuwin | Prabu Gandaprawa samya |
umiring tumamèng puri | pra wadya ji sowang-sowang | mantuk mring wismanirèki ||

23. kacariyos awunipun | Dèwi Gêndrawati nuli | winadhahan kandhaga mas |


tinunggilkên puywannèki | Prabu Yudayana swarga | pinarnah sanggar panêpin ||

24. ya ta mangkana winuwus [wi...]

--- 112 ---

[...nuwus] | dupi sampun sapta ari | Prabu Gandaprawa miwah | Rêsi Sidhikara pamit |
nanging Prabu Gêndrayana | dahat dèniranggendholi ||

25. karana raosing kalbu | dahat angêmu kuwatir | dhatêng panyidraning mêngsah |
kumaraning raksasa ji | ingkang eyang sakalihan | adrêng kêdah nyuwun pamit ||
26. tan lama anuntên wangsul | kaya mangkana turnèki | dhuh anggèr jêng sri
narendra | nadyan wontên ripu prapti | sèwu praja sarêng prapta | arsa nyidra tindak
juti ||

27. yèn sri nata sêdya ayu | yêkti rahayu pinanggih | makatên sawangsulira | dangu-
dangu sri bopati | lilihing tyas dera nyêgah | kondurira eyang kadwi ||

28. nyumanggakkên sarwyandhêku | dupi watawis tri ari | Prabu Gandaprawa miwah |
Rêsi Sidhikara sami | bidhal asowang-sowangan | ing marga datan rinuwi ||

29. ya ta dupi santun taun | lumaksa prapawa warsi | tri wulan surya sangkala |
angkaning warsa winilis | pitung atus sangang dasa | gangsal utawi lumaris ||

30. sakawan wulan ing taun | căndra sangkala winilis | astha tus lawan sangalas |
măngsa sitra kang lumaris | rinuwia duk samana | Prabu Gêndrayana apti ||

31. cangkrama mring dhusun-dhusun | sajawining praja malih | tan patya kèh

--- 113 ---

kang tut wuntat | mung Arya Sindurja tuwin | Sang Arya Sunjaya miwah | Juragan
Karma tan kari ||

32. katri samya kinèn ngandhut | rajatadi kang kinardi | dêdana ing marga-marga |
dene ari sri bupati | Arya Prabu Sudarsana | miwah Sang Sutiksna Patih ||

33. samya tinanggênah tungguk | têngga praja bokmanawi | wontên ripu ingkang
prapta | ya ta têdhaknya sang aji | praptèng sakiduling desa | Gajahoya ranirèki ||

24. Mijil

1. sêkar mijil mangkya kang gumanti | mangkana sang katong | langkung kagyat
miyat sangandhape | kajêng sulastri wontên janma dwi | jalu lan pawèstri | kalih
dènnya lungguh ||

2. rêrangkulan pan sarwi anangis | sri nata duk anon | langkung ngungun tan wrin
darunane | sanalika nulya dèn prêpêki | badhe dèn yêktosi | ing karananipun ||

3. gya tinanya mring jêng sri bopati | babo sira karo | paranbaya dadi darunane |
dene sira karo samya nangis | wêcaa mring mami | manawa katèngsun ||

4. wignya dhudhah dhêdhêraning sêdhih | wau janma karo | duk uninga ywan
ingkang pitakèn | Prabu Gêndrayana Ngastina Ji | kêkalih wotsari | sarya lon umatur ||
5. dhuh pukulun suhunaning bumi | pandaming rat kaot | mugi kuningana sri pamase
[pama...]

--- 114 ---

[...se] | amba punika têtiyang alit | ing Sagotra dèsi | Leka wasta ulun ||

6. dene pawèstri punika gusti | semah amba yêktos | jaka rara pun Manis wastane |
sutanipun paragak Gêgili | Somana rannèki | dene milanipun ||

7. amba miwah semah samya nangis | makatên sang katong | angkat amba saking
wisma badhe | masrahakên semah amba gusti | mring tyang sêpuhnèki | de
darunanipun ||

8. amba pêgat karana pun Manis | slaminya jêjodhon | kyèhning sêdya sari-ari gèsèh |
botên nate sarujuk ing kapti | duk amba cantêni | bilih sêdya ulun ||

9. pêgat malah langkung bingahnèki | rèh kadwi wus condhong | nulya pangkat
kadwi age-age | puwara duk dumugi ing ngriki | semah amba gusti | sambat
sukunipun ||

10. kraos sayah rèh lumampah têbih | dadya nêdha ngaso | amba turut nulya samya
rèrèn | tan watawis dangu amba mèksi | warnanya pun Manis | sanalika ngriku ||

11. têka rumaos wêlas lan asih | manah amba kados | sinêndhal-sêndhal saking
wêlase | dene pun Manis makatên ugi | manawi umèksi | mring kawula laju ||

12. karănta-rănta tumplêk sihnèki | puwara gêlolo | sarwi ngrangkul [ngrangku...]

--- 115 ---

[...l] wuwuse makatên | amiduhung dera minta mulih | mring wismanirèki | sing
angrês ing kalbu ||

13. tujunipun dèrèng ngantos prapti | mring Gêgili dhukoh | mila samya karuna
kalihe | mung punika darunanya gusti | ing kana sang aji | myang pandhèrèkipun ||

14. samya ngungun èsmu wêlasnèki | mangkana sang katong | gya ngandika mring
juragan kinèn | amawasa salêbêting siti | amèsi punapi | de elok kalangkung ||

15. Juragan Karma anyandikani | duk winawas katon | jroning kisma lêrês
sangandhape | sujanma dwi wontên cupunèki | kêncana kang mèsi | lêlisah ranipun ||

16. lisah pangasihan duk ing nguni | kang darbe kacriyos | Sang Hyang Wisnu katawis
cupune | mawi rajah kalacakra gusti | Sri Gêndrayana Ji | dahat sukèng kalbu ||
17. nulya dhawuh kinèn dhudhuk nuli | gya dhinudhuk gupoh | tan watawis dangu
pandhudhuke | punang cupu pan sampun kaèksi | anulya ingambil | katur mring sang
prabu ||

18. cupu rukmi sakalangkung èdi | sri nata nabda lon | wruhanira hèh Leka sababe |
asihira marang somahnèki | saka prabawaning | lênga ing jro cupu ||

19. lire iki babo gyanirèki | sira ajêjodhon | lan Si Manis atasing karsane | ing

--- 116 ---

jawata têtêp datan kêni | pisah praptèng pati | mêngko dhawuh ingsun ||

20. marang sira tutugna gyannèki | rukunan jêjodhon | sun idèni murih lêstarine | aja
nganti kurang sandhang bukti | bisaa lêstari | têkèng anak putu ||

21. mêngko sira durung darbe siwi | saka karsaningong | sun paringi pangèstu ing
têmbe | antuka sih parmaning dewadi | sira darbe siwi | măngka bathinipun ||

22. dera ajêjodhon lan Si Manis | têlas sabda katong | lah ing kana Leka myang rabine
| duk miyarsa sabdanya sang aji | dahat sukèng lyali | jalu èstri sujud ||

23. sarwi karuna dera wotsari | wusana turnya lon | dhuh pukulun gusti sri pamase |
kang satuhu suhunaning bumi | ingkang mugi-mugi | tuk sihing jwata gung ||

24. tulus dadya pêpakuning bumi | run-tumrun tan pêdhot | mungna têdhak tuwan
saturute | praptèng jaman wêkasan ywa nganti | kasêlan lyannèki | dene sih pukulun ||

25. mring kawula kalangkung kapundhi | mugi-mugi dados | lêstantunnya


kabêgyamba têmbe | saking pangèstu sri narapati | Sri Gêndrayana Ji | lon dènira
muwus ||

26. mring punggawa kang samya umiring | hèh kawulaningong | ing samêngko nyata
wus kayaktèn | pigunanira kayu

--- 117 ---

sulastri | marmanya ing wuri | manawa kapranggul ||

27. ana lêlakon kang angèmpêri | kang kaya mangkono | lir Si Leka kalawan somahe |
iku nuli dèn enggal angambil | ron kayu sulastri | kinaryaa cundhuk ||

28. wong kang wawanpadu mau yêkti | banjur atut karo | rukun manèh lir sabên-
sabêne | kang ingandikan samya wotsari | mangkana sang aji | nulya bidhal laju ||
29. de pun Leka lan somah pun Manis | wus linilan karo | sarta pinaringan pawitane |
kang sinung sih nuhun awotsari | tan rinuwyèng margi | dupi lampahipun ||

30. prapta kilèning Cibragung dèsi | nata kagyat anon | janma jalu èstri lungguh
sèndhèn | witing kajêng kusambi tur sarwi | rinubung sujanmi | wrêdha nom supênuh
||

25. Sinom

1. miwah rare kathahira | sêsanga tinon kaèksi | sadaya gumuyu suka | wondene
tiyang pawèstri | wrêdha kang sèndhèn linggih | mangku lare taksih nusu | inggih
gumuyu suka | lah ing kana sri bopati | miwah para punggawa kang umiringa ||

2. dahat samya kagawokan | saksana gya dèn têdhaki | de sang natarsa uninga |
darunaning pra sujanmi | sadaya sukèng kapti | dene ta elok satuhu [satu...]

--- 118 ---

[...hu] | Sang Prabu Gêndrayana | dupi cêlak panggenaning | tiyang wau dahat ing
pangungunira ||

3. karana tiyang punika | jalwèstri myang lare alit | tinon samya kêra-kêra | bêbasane
amung lunglit | sarira rêgêd kusi | gêgambangan iganipun | têka adarbe suka | sang
nata têtanya aris | nama miwah pinăngka tuwin purwanya ||

4. dene sami suka-suka | kang dinangu dupi uning | ywan kang dangu sri pamasa |
gurawalan gya wotsari | muka konjêm ing siti | mangkana ing aturipun | dhuh
pukulun sang nata | amba punika tyang alit | wasta Tantra wismèng dhusun
Pagadhungan ||

5. dene tyang èstri punika | rayat amba ran pun Mèstri | wondene rare sadaya |
sumawana kang bêbayi | sadaya suta patik | dene mênggah purwanipun | anggèn
kawula samya | sadaya dumugi ngriki | saha lajêng sadaya asuka-suka ||

6. punika sajatosira | tan maligi mung mêmuji | suka sokur mring jawata | mila kawula
mêmuji | mring dewa kang linuwih | makatên ing purwanipun | ing ngajêng amba
dahat | kêkirangan sandhang bukti | salaminya amba nèng dhusun Gadhungan ||

7. kang măngka pangupajiwa | minăngka pakaryan patik | tan liya amung bêbêrah |
angrêrêmbat samukawis | darbèking [darbè...]

--- 119 ---

[...king] tăngga tuwin | mitra ing sasaminipun | kang sami lampah dagang | gêgramèn
mring sanès dèsi | dene angsal-angsalannya gyan kawula ||
8. bêbêrah punika datan | mêsthi kèh sakêdhiknèki | manawi têbih lampahnya |
kathah pituwasirèki | ywan cêlak mung sakêdhik | ananging salaminipun | gyan
kawula bêbêrah | botên nate anyêkapi | kangge nêdha punapa malih baksana ||

9. karana sing kyèhning suta | tur sadaya sami taksih | sumriwêt miwah sumêga |
marma tansah tan nyêkapi | saangsalira ênting | binukti sarayat sunu | nanging
panrimah amba | dene wontên rêm-arêming | manah kangge anjagèni têdhanira ||

10. mring siwi amba sadaya | ingkang sampun dèn lampahi | mênawi namung
têtêdhan | kewala pan dèrèng nganti | katêndhagan sayêkti | dupi ing watawisipun |
madya căndra kawuntat | amba kadyantuk sikuning | ing jawata karana kyèhning
pakaryan ||

11. kang amba lampahi sasat | bêbasane tanpa dadi | kang cinandhak-candhak lêpat |
kang ginayuh-gayuh tuni | utawi unggyan patik | pados bêrahan pukulun | pintên-
pintên ri dadak | dèn upadi tanpa kardi | dalah sanèsipun dhusun Pagadhungan ||

12. amba purugi amêksa | tita datan [da...]

--- 120 ---

[...tan] wontên kardi | duk samana ngantya dungkap | tigang dintên anggèn patik |
kaloyongan ngupadi | karya mêksa tan pikantuk | ngantos amba nênêdha | mring
sanak sadhèrèk tuwin | kuwanuhan nanging inggih mêksa sonya ||

13. mandar anyakitkên manah | anyartu angèsi-èsi | duk wus tita botên angsal | amba
mantuk sarwi nangis | kang kaèksi anaming | anak semah ingkang kantun | nèng
wisma tan nênêdha | ing sadangunya lumaris | jroning batos kawula tansah nalăngsa
||

14. nuhun aksamaning dewa | kadipundi wahananing | lêlampahan kang kadyèka |


dene botên sawatawis | dènira apêparing | bêndu dhatêng jasat ulun | èmênging tyas
kawula | makatên sanadyan kenging | ing bêbêndu lêrêsipun mung kawula ||

15. utawi semah kawula | wangsul ingkang rare alit | ingkang satuhu tan wikan |
punapa miwah punapi | tumut dipun bêndoni | pinêpêt têtêdhanipun | samarga-
marga dahat | panggrêsahing manah patik | imbêt-imbêt kasêmbuh lêsuning badan
||

16. karana lami tan nêdha | amila saking kakêning | manah amba ngantos kadya |
janma kang manahnya gingsir | kala samantên dupi | wus cêlak wisma pukulun |
wanci sêraping surya | saking judhêging tyas nuli | karya rekadaya [reka...]

--- 121 ---


[...daya] amba ngambil sela ||

17. sajêram gulung agêngnya | bundêr mêmêt dèn tingali | kawula buntêl ing gombal
| udhêng ngantos ambathithit | ciptaning tyas manawi | sutamba sadaya wau |
anêdha angsal-angsal | sela ingkang amba cangking | badhe amba awatakên warni
bêras ||

18. supadya ayêm tyasira | de bilih rare wus sami | tilêm amba pados reka | mrih
pakantuk kang rijêki | dupi kawula prapti | ing wisma rayat lan sunu | katingal sami
bingah | kakintên praptamba mawi | bêkta angsal-angsal măngka têdhanira ||

19. pating clêmong sami nêdha | angsal-angsal yun binukti | kadya adat sabênira |
kawula wangsuli bilih | angsal uwos sakêdhik | arsa liniwêt karuhun | ing ngriku pra
sutamba | sami ayêm ing tyasnèki | rumaosnya yyan mangkya badhe anêdha ||

20. kala samana dènira | anak sami botên bukti | tumêka ing catur rinya | kawula
wêlas ningali | sadaya ting gulinting | ting kalèsèd tanpa bayu | botên sagêd gulawat |
badan kuru gagang aking | katujune taksih rinêksa ing dewa ||

21. sadaya tan wontên pêjah | duk wus makatên sang aji | sela itêm wau nulya | gya
kawula liwêt kadi | ngliwêt uwos sayêkti | tan măntra-măntra satuhu | ywan
angratêngi [angra...]

--- 122 ---

[...têngi] sela | tan watawis dangu nuli | semah amba angatag dhatêng kawula ||

22. kinèn najini liwêtan | yèn wus asrêp kinèn nuli | anguyupna mring siwaya |
supadya asrêp tyasnèki | amba kalangkung sêdhih | angrêsing tyas nulya tutur | bisik-
bisik mring semah | amba balaka manawi | yêktinira kang liniwêt ika sela ||

23. mung murih ayêming anak | mangkya manawi wus enjing | pados akal mrih
kantuka |[6] semah amba duk miyarsi | ujar amba kadyèki | gya karuna pan mèh
kantu | saking sêsêging driya | katingal saya wlasnèki | dhatêng anak kang sakêdhap-
kêdhap tanya ||

24. matêng utawi dèrèngnya | tansah amba sumadosi | dèrèng matêng amung kirang
| sakêdhap ngiras ngêntosi | lawuhnya dèrèng prapti | dangu-dangu saya dalu | rare
kalajêng nendra | nèng sakubênging pêrapin | amba dupi umiyat kyèhning sutamba ||

25. ing manah sangsaya dahat | ringas rongèh têmah nangis | ciptaning tyas mung
palastra | puwara ing tyas umijil | anêdya lampah juti | mring tăngga sumêdya
mandung | sêkul myang sanèsira | sanadyan cinêpêng nuli | pinêjahan sok ugi siwaya
amba ||
26. wus samya nêdha sadaya | duk samana sampun wanci | bangun enjing mèh raina
| sing parmaning dewa luwih | wontên swara dumêling |

--- 123 ---

makatên wahyaning wuwus | hèh hèh titahing dewa | kang lagya nandhang kaswasih
| aywa sira sandeya ing tyas karana ||

27. dupèh cinoba dening Hyang | manawa sirarsa olih | kamulyan sira lungaa | iya ing
sawêngi iki | saka wismanirèki | dene anak lan bojomu | iya sira gawaa | kabèh ajana
kang kari | lawan watu ingkang sira liwêt uga ||

28. gawanên saparanira | sira nyiptaa sumiwi | mring sri nata ing Ngastina | anuwun
kang măngka bukti | nanging laksitanèki | mêtua kuloning dhusun | Cibragung lamun
ana | bêgjanira sira yêkti | nuli bisa kapêthuk lan ratunira ||

29. marma mangkana karana | Prabu Gêndrayana mangkin | lagya anamur kawula |
lêlana marang ing dèsi | saka unggyanirèki | rumêksa kawulanipun | gêdhe cilik
supadya | aywana kang nandhang langip | anadene watu itêm ingkang sira ||

30. liwêt ing sasuwenira | poma ywa sira ungkapi | yèn durung ana karsanya | Prabu
Gêndrayana dening | bab panggawaning siwi | ywa sira sandeyèng kalbu | yêkti sira
rinêksa | mring jawata kang linuwih | sinung kuwat kuwasa tanpa sangsaya ||

31. lawan sira kawruhana | sajatinira sujanmi | ingkang sarwa kêkurangan | iku datan
bakal manggih | papa [pa...]

--- 124 ---

[...pa] sangsara nanging | yèn anarima ing kalbu | sarta kanthi nalăngsa | yêkti widada
pinanggih | mung punika lajêng kèndêl punang swara ||

32. kawula kalangkung suka | sokur mring dewa linuwih | tumuntên anggugah semah
| pun Mèstri dupi wus tangi | nulya amba sanjangi | salwiring swara sadarum | tan
sarănta duk myarsa | wicantên kawula nuli | suka datan mèngêt sisahing tyasira ||

33. miwah lêsahirèng badan | sirna anulyambopongi | anak suson myang sapihan |
kang ragi agêng sakêdhik | tinuntun gya lumaris | amba bopong rare catur | sarwi
ngiras ambêkta | kêndhil isi sela langking | datan tolih griya anulya wisata ||

34. kang supami pambêktamba | rare catur gangsal kêndhil | tan angsal pakèning
dewa | saèstu datan kuwawi | rèhne dènnya lumaris | saking dibyaning dewa gung |
dadya tanpa sangsaya | mung anak ingkang lumaris | amba tuntun saking sangêting
luwenya ||
35. sakêdhap-sakêdhap dhawah | wontên ingkang datan eling | saking sangêt wêlas
amba | mring siwi samargi-margi | tutuk amba tètèsi | êbun atanapi madu- | nirèng
sêkar wêwanan | kang wontên têpining margi | saking marmaning jawata samya
dadya ||

36. asrêping tyas dupi prapta | kilèn Cibaragung dèsi | soroting [so...]

--- 125 ---

[...roting] hyang bagaskara | panas wanci anggatêli | siwi sadaya sami | kraos malih
luwenipun | dadya samya kantaka | ambruk lir kasambêt sami | kang sawênèh wontên
ingkang luntak-luntak ||

37. angêdalakên kuwaya | amba saya dahat sêdhih | putêking manah sandeya |
bokmanawi praptèng lalis | milenggal lajêng sami | kawula bêkta angaub | ing
panggenan punika | mung mrih ayêm sawatawis | bilih sampun lêrêm anêdya wisata
||

38. duk wontên ngandhaping wrêksa | kusambi punika nuli | wontên kanyataanira |
wangsiting dewa ing nguni | aripipun netra nir | luwe sirna dadya tuwuk | amba
saanak rayat | ngraos tuwuk kados dening | mêntas nêdha kathah tur mawi mirasa ||

39. mila kawula sadaya | sami suka-suka dening | rumaos ywan sampun angsal | sih
parmaning dewa luwih | botên dangu anuli | paduka rawuh andangu | mila ing
mangkya amba | dahat suka sokur yêkti | mring jawata miwah dhatêng padukendra ||

40. têlas aturnya pun Mantra |[7] mangkana Gêndrayana Ji | miwah wadya kang tut
wuntat | sadaya wêlas tan sipi | nata nulya dhawuh mring | Juragan Karma tinuduh |
mawas sajroning kisma | sasoring wrêksa kusambi | Ki Juragan Karma umatur sandika
||

41. duk ngèlmu [ngè...]

--- 126 ---

[...lmu] calung winawas | sanalika gya kaèksi | ywan wontên rêtna dumilah | kang
sawabipun lêpat ing | luwe lêpat ing arip | gya katur maring sang prabu | sri nata
langkung suka | nulya dhawuh animbali | sakathahnya tiyang Cibaragung desa ||

42. duk prapta gya dhinawuhan | dhudhuk kisma sor kusambi | nanging datan
jinatosan | ywan andhudhuk musthika di | dene kang mandhegani | pandhudhuking
kisma amung | Juragan Karma ingkang | mrênahkên pandhudhuknèki | janma dhusun
Cibragung samya tumandang ||
43. kala samantên ing desa | Cibaragung amarêngi | lowong tan wontên lurahnya |
karana umbulirèki | pêjah datanpa waris | mila duk marêk sang prabu | mung tyang
alit sadaya | dupi pandhudhukirèki | sampun gadhug panggenan rêtna dumilah ||

44. kang musthika wus katingal | tinon mancorong blêrêngi | sigra ingambil dera
sang | Juragan Karma anuli | katur mring sri bopati | wus tinampèn mring sang prabu
| dahat arsayèng driya | sarta tansah dèn tingali | lan winawas-wawas ingasta sri nata
||

45. kacaryan dera umulat | rêsmining musthika adi | dangu-dangu katingalan | kang
musthika mawi ciri | sastra cêtha ngêrawit | suraosing sastra wau | singa ingkang
kanggenan | linêpatkên luwe arip [ari...]

--- 127 ---

[...p] | yèn lumampah sayêkti tan kenging sayah ||

46. tinurutan sasêdyanya | sinung nyata sabdanèki | mangkana Sri Gêndrayana |


sangsaya arsayèng kapti | sokur mring dewa luwih | musthika lajêng kinandhut |
sanalika sri nata | tan ngraos sayahirèki | datan măntra-măntra yèn mêntas
lumampah ||

47. luwe arip tan rumasa | dene karaosing dhiri | mung sumyah lan suka bingah |
anulya nabda sang aji | mring pun Tantra lingnèki | hèh Tantra wruhanirèku | sajatine
gonira | padha datan ngrasa arip | miwah luwe awit saka prabawanya ||

48. musthika rêtna dumilah | kang ana sajroning bumi | ngisoring kusambi wrêksa |
de samêngko musthika di | wus anèng asta mami | pun Tantra nêmbah umatur |
dhuh pukulun sri nata | mênggah kang musthika adi | dhasar sampun pinasthi dening
jawata ||

49. ywan dadya kagungan tuwan | manawi makatên gusti | dhatêng kawula sabrayat |
ing ngriki punika yêkti | amung kinarya margi | miwah kawula pukulun | tan nyipta
ywan badhea | manggih musthika linuwih | ingkang dados èsthining manah kawula ||

50. mituhu pakèning swara | mung mrih anênuhun gusti | boga baksana supadya |
kenging kinarya ngingoni | mring anak miwah rabi | lawan malih wangsitipun |

--- 128 ---

swara kang kapiyarsa | mênggah ingkang sela langking | ingkang amba liwêt nèng
kêndhil punika ||
51. pêpacuhing swara amba | tan kêni ambuka bilih | dèrèng wontên ing ngarsendra |
manawi kawula nganti | ambikak wontên margi | sawastu ywan dados racun | kang
bilaèni badan | kawula saanak rabi | nanging bilih kawula mituhu datan ||

52. ambikak kêndhil punika | saèstu kalamun dadi | marta kang măngka usada- | ning
kasmala sadayèki | mênggah ingkang kadyèki | amba sumăngga pukulun |
wahananing kang swara | dene ingkang sela langking | taksih wontên sajroning
kêndhil punika ||

53. ing ngriku Sri Gêndrayana | ngungun èmêng ing panggalih | tandya angêningkên
cipta | tan watawis dangu nuli | sinung waskitha dening | jawata ingkang linuhung |
sarta mèngêt ungêlnya | sastra cêtha ingkang munggwing | salêbêtnya musthika
rêtna dumilah ||

54. sintên-sintên kang kanggenan | sinung nyata sabdanèki | tinêkan salwiring sêdya |
sang nata gya ngandika ris | hèh Tantra wruhanèki | bênêr jaring swara mau | sajatine
kang sira | liwêt dudu sela langking | sayêktine jro kêndhil mèsi kêncana ||

55. mangko sun lilani sira | ambuka tutuping kêndhil | pun Tantra matur sandika |
kêndhil nulya dèn ungkabi [ung...]

--- 129 ---

[...kabi] | liwêtan sela langking | dadya kancana sumunu | lan mindhak agêngira | pun
Tantra umatur nuli | nyêbut sora dhuh jagad dewa bathara ||

56. kalingane sining jagad | kawêngku ing dewa luwih | dewa kawisesèng nata | dene
nata măngka dadi | isining jagad iki | marmane elok satuhu | karsanirèng jawata |
dènira arsa akardi | kabêgyane kawula kang nandhang papa ||

57. nanging dewa durung bisa | mêdhar saniskara maksih | sarana sabdaning nata |
wusnya muwus kang kadyèki | Tăntra matur wotsari | dhuh pukulun jêng sinuhun |
măngka pandaming jagad | punika sampun kayaktin | sabda tuwan pamêdharing
kaelokan ||

58. mênggah sela langking ingkang | kawula liwêt samangkin | kenging sabda jêng
paduka | mangkya dadya rukmi yêkti | punika warninèki | lah ing kana sang aprabu |
duk umiyat kêncana | kadadyaning sela langking | dahat suka sokur mring jawata
mulya ||

59. puwara nulya ngandika | hèh Tăntra wruhanirèki | kêncana iku wus dadya |
kabêgjanira pribadi | awit ananing rukmi | saka pakartinirèku | iya iku kang măngka |
ganjaran ênggonirèki | analăngsa narima srah ing jawata ||

60. ing salami-laminira | dadi sira dèn paringi | kêncana [kê...]


--- 130 ---

[...ncana] măngka pawitan | anadene ingkang dadi | pacuhaning dewa di | sira pribadi
tan sinung | ambuka de yèn sira | bukak yêkti têmah dadi | wisa mandi iku wus bênêr
kewala ||

61. wangsit kang kaya mangkana | awit sabobotirèki | wong kang nyagak pat lir sira |
taman pantês andarbèni | mas pirang-pirang kati | yêkti ingincih para dur | têmah
karya sangsaya | sisip-sisiping pangrukti | datan wurung anggêgawa antakanta ||

62. dene lamun sira buka | anèng ngarsaningsun yêkti | dadi datanpa sangsaya |
karana kèh kang ngawruhi | tur anèng ngarsa mami | dadya pawitanirèku | iya iku
lirira | wangsit dadya marta yêkti | măngka dadya usadanirèng sarkara ||

26. Dhandhanggula

1. awit rukmi iku wus tan dadi | sangsayanta dumunung nèng sira | kang măngka
usada gêdhe | marang janma sadarum | kang koncatan sandhang lan bukti | pun
Tantrandhêku nêmbah | tan watawis dangu | matur mring jêng sri narendra | dhuh
pukulun jêng dewaji amba mugi | pun Tantra kalilana ||

2. matur yêktosira kang pêpasthin | mênggah dhawuh paduka punika | kasinggihan


sadayane | samêndhang tan kalintu | mung raosing tyas amba gusti | jêne kang
kathahira | samantên saèstu | dede amba kang sinungan | mring jawata dene
sayêktinirèki | paduka kang kagungan ||

--- 131 ---

3. pinaringan mring dewa linuwih | mila makatên karananira | pêpindhan kanyataane |


kados ta kala ulun | taksih wontên ing wisma nganti | dumugi ing ngarsendra | kang
kawula kukus | ngantos binêkta wisata | dede rukmi namung tuhu sela langking |
amba tan darbe cipta ||

4. lamun sela badhe dados rukmi | saèstunya taksih warni sela | nadyan amba puja
kinèn | dadya kêncana tatur | yêkti andupara ywan dadi | sarêng nèng ngarsa tuwan |
sela kang kinukus | dumadak dadya kêncana | mila têtêp jêng paduka andarbèni |
karana saking sabda ||

5. tuwan nulya sela dadya rukmi | bilih pakarti amba mung sela | mila amba dahat
jrihe | ywan wantuna andhaku | kanang rukmi punika gusti | bokmanawi kawula |
mring dewantuk siku | tan wande ngaping dwi papa | têlas turnya pun Tantra sri
narapati | miwah para punggawa ||

6. langkung ngungun miyarsa turnèki | dangu-dangu ciptanya sang nata | yun


kakeras saking dene | lunturing sih sang prabu | mring pun Tantra alon derangling |
hèh Tăntra têka dahat | bênêr turirèku | satuhune dhasar iya | dhasar ingsun mêsthi
darbe rukmi iki | anadene sêdyanta ||

7. saka wisma arsa minta bukti | marang ingwang kang sayêktinira | sun paringi
panuwune | malah mangko

--- 132 ---

sira sun | angkat dadi bêbuyutnèki | ing Cibaragung desa | sira ingsun tuduh |
mêngkonana wong karaman- | nirèng desa Cibaragung kabèh iki | arana buyut
Tantra ||

8. sarta sira mangko sun paringi | rupa êmas saklapa agungnya | măngka pawitanta
gone | dadi buyut Cibragung | lawan siranggoa beyaning | angarjakake desa | dèn
bisa amêngku | marang karèrèhanira | kang supadya mring sira mituhu asih |
sumungku pakonira ||

9. bisa amèt tyase rowangnèki | piniluta ing pangupa boga | supadya tulus asihe |
hèh Tantra wruhanamu | kyèhning titahing dewa iki | lamun wus kasamaptan |
sandhang buktinipun | sayêkti tan ana ingkang | nêdya alêleda sabarang pakarti |
marma sira dèn bisa ||

10. amarsudi mrih widadanèki | saniskara kang supadi dadya | panuntuning


krahayone | têlas sabda sang prabu | Buyut Tantra matur wotsari | langkung bingah
ing driya | duk samana sampun | kalilan bidhal mring desa | Cibaragung ngêbrêgi
tilasirèki | papaning buyut lama ||

11. nata saha bala bidhal malih | nêdya kondur mring praja Ngastina | tan rinuwi
laksitane | rawuh ing praja dalu | nata laju tumamèng puri | mung sang arya kadwinya
| pêpanggihan sampun [sa...]

--- 133 ---

[...mpun] | lan Patih Sutiksna miwah | Arya Prabu Sudarsana lan wadya ji | kang samya
têtuguran ||

12. anèng păncaniti nulya sami | wartos-winartos liring laksita | purwa praptèng
wasanane | kang myarsa samya ngungun | sarta sokur mring dewa luwih | wusnya
mangkana nulya | bibaran sadarum | samya mantuk sowang-sowang | tan rinuwi
antawising laminèki | samana santun warsa ||

13. jroning warsa iwa amarêngi | măngsa sitra surya sangkalanya | sapta tus nawa
dasane | nênêm langkunganipun | candrasangkalanya winilis | astha tus lan dwi dasa |
mangkana winuwus | garwanya Sri Gêndrayana | Dèwi Padmawati mangkya babar
mijil | wanita langkung endah ||
14. mangkya pinaringan nama Dèwi | Yuniyuta yayah rena dahat | asih marma mring
putrine | duk samana sang prabu | andhatêngkên suka lan kyèhning | wadya ji
cinarita | lamanya gyanipun | suka-suka endrawina |[1] kawan dasa dintên kawan
dasa ratri | duk samana kang eyang ||

15. Prabu Gandaprawa myang Sang Rêsi | Sidhakara kapinujon sowan | duk catur
dasa arine | bibar kasukanipun | ingkang eyang kadwi gya pamit | mantuk sampun
linilan | nulya bidhal kondur | sêsarêngan angkatira | lampahira kêkalih [kê...]

--- 134 ---

[...kalih] datan winarni | sigêg prajèng Ngastina ||

16. gantya kawuwusa duk ing nguni | kumaranya Prabu Drawilaka | sumawana
kumarane | kang rayi bujangga gung | Arya Ardhawalika taksih | anêdya malês mring
Sang | Gêndrayana Prabu | mangkya sang kumara dwinya | pirêmbagan derarsa
ngupaya margi | anandukkên panyidra ||

17. dhatêng praja ing Ngastina malih | duk samana wontên kadwi ditya | kang pêjah
prang lajêng dhèrèk | mrênyanyang dadya silum | nama ditya Triwanda dening |
satunggalira nama | Wandani puniku | kala taksih sami arja | wontên praja Nungsa
Kambana ditya dwi | măngka pruwitanira ||

18. wadya yêksa kawignyan salwiring | agal alus amancala warna | tur ngiras măngka
êmbane | Sri Drawilaka Prabu | siyang ratri tansah kinathik | mangkya yaksa kadwinya
| kang samya tinantun | kang dadya dayaning tingkah | dera arsa nyidra mring
Ngastina malih | ture ditya Triwanda ||

19. mrayogèkkên mlampah ganti-ganti | pamrihira bokmanawi prapta | apêsing sarira


têmbe | wontên ingkang kêkiwul | bilih sagêd unggul ing jurit | tan kadangon ing
lampah | de sarananipun | prayoginya ari nata | Arya Ardhawalika santuna warni |
turăngga kang prayoga ||

20. ditya Triwanda [Tri...]

--- 135 ---

[...wanda] amalih warni | nangkodenggal saking tanah sabrang | sarta sêngadia badhe
| tur kuda mring Sang Prabu | Gêndrayana dene manawi | sagêd katampèn mangkya |
gampil tandukipun | mila mangkana karana | wil Triwanda amiyarsa kang pawarti |
mangkya Sri Gêndrayana ||

21. lagya rêna turăngga kang saking | sabrang mila masang kaladesa | mrih
tumanduk panyidrane | kala samana Prabu | Drawilaka myang ingkang rayi | Arya
Ardhawalika | samya sukèng kayun | saksana gya linaksanan | sanalika sang arya wus
malih warni | kuda gêng kang ulêsnya ||

22. dhawuk tutul jangkêp panitiking | katuranggan de ditya Triwanda | mimba


nangkoda warnine | tinon kadya satuhu | saking sabrang kang lagya prapti | miwah
sêsilih nama | Sadhana ranipun | wusnya mangkana gya bidhal | nuntun kuda dene
ditya pun Wandani | lan Prabu Drawilaka ||

23. taksih kantun wontên kahyanganing | parayangan ing kana lampahnya | sang
mancala warni dwine | dupi cêlak praja gung | nulya kèndêl kasaput ratri | wontên
madyaning wana | Sang Triwanda diyu | ambudi pangrekadaya | amrih sampun
kawistara kanang sandi | sang nangkoda Sadhana ||

24. sigra anyêpêng sato wanadri | ingkang galak kathahnya sadasa | mong warak
gajah lan banthèng | nulya

--- 136 ---

pinuja gupuh | datan dangu wus malih warni | kabèh dadya manusa | măngka
rowangipun | sinigêg laksitanira | kang anamur gantya kawuwusa mangkin |
radyagêng ing Ngastina ||

25. nuju ratri malêm Kêmis Manis | Arya Prabu Sudarsana lagya | nganglang jroning
pura ijèn | duk wanci bangun esuk | ngajêngakên wijiling rawi | Sang Arya Sudarsana |
kapinujon langkung | ngajênging sanggar langgatan | lah ing kana kagyat amiyarsa
tangis | sang arya wus acipta ||

26. ingkang karuna punika yêkti | arca kadadosanirèng tosan | Srikandhi nguni milane
| angintên kang kadyèku | suwaraning karuna sami | lir duk mangsit ing kina |
mangkya Arya Prabu | Sudarsana sigra marak | amêrpêki unggyaning arca kang
nangis | dupi wus cêlak nulya ||

27. punang arca nguwuh wanti-wanti | kaya mangkana panguwuhira | babo marêka
dèn age | marang ing ngarsaningsun | iya ingsun arca kang mangsit | mring sira duk
ing kuna | sang nararya gupuh | marêk ngarsaning gupala | sarwindhêku mangkana
dènira angling | dhuh dhuh pêpundhèn ingwang ||

28. kang satuhu măngka sêsulihing | jawata kang asung parimarma | paran kang
dadya gatine | dene nguwuh maring sun | baya ana karya kang gati | mara age
wêdharna | sang arca sumaur | dhuh dhuh arining

--- 137 ---

sri nata | ingkang dadya kêkasihing dewa yêkti | mangkene marmanira ||


29. sira ingsun uwuh wanti-wanti | ingsun arsa pitutur mring sira | kawruhana
satuhune | ing dina besuk esuk | bakal ana mungsuh kang prapti | yun nyidra
kakangira | praptane anamur | arupa nangkoda sabrang | sêngadine tur atur
rakanirèki | ran nangkoda Sadhana ||

30. sajatine nangkoda puniki | kumaraning ditya sêkti ditya | ing nguni dadya êmbane
| Sang Drawilaka Prabu | de bature janma sadèsi | iku sayêktinira | dudu wong satuhu
| nanging kabèh sato wana | ingkang galak pinuju dadi sujanmi | dene kang rupa
kuda ||

31. iku sajatine rinirèki | Prabu Drawilaka bujoga ran | Arya Ardhawalikane | kabèh iku
ing besuk | padhanjujug ing păncaniti | sira dipun prayitna | nanging wêkas ingsun |
sira babo dipun sabar | bokmanawa têmah dadya tan prayogi | mung antinên
manawa ||

32. wus kanyatan kewala dèn aglis | nuli sira kêbat umangsaha | dadi katarima têmbe
| barang karyanirèku | lawan sira aywa wêwarti | mring liyan poma-poma | wruhanira
kulup | prayogane wong ngawula | iku bêcik dhèrèka karsaning gusti |
ya[2] andhingini

--- 138 ---

karsa ||

33. wong kang nêdya dhèrèk karsèng gusti | iku adoh ing sêsikunira | lah uwis pan
amung kuwe | kang dadi wêkas ingsun | poma sira èstokna kaki | lan sun ididèni
sira[3] | mugantuk rahayu | kaki gonira rumêksa | mring rakanta ywa nganti antuk
bilai | lah ing kana sang arya ||

34. Prabu Sudarsana sukèng galih | sarta nêdya tinut satuduhnya | duk samana
lèngsèr age | praptèng jawi byar esuk | laju kondur sêdyanirèki | busana dènirarsa |
nangkil mring sang prabu | ya ta mangkya kawuwusa | duk ing ari Rêspati Manis
wancènjing | Sang Prabu Gêndrayana ||

35. miyos siniwakèng păncaniti | Patih Sutiksna myang ari nata | tuwin pra punggawa
andhèr | samya nangkil supênuh | datan ewah lir sabênnèki | tan dangu sri narendra |
anulya dhêdhawuh | mring Patih Arya Sutiksna | ywan samangkya karsanya jêng sri
bopati | Juragan Karma mangkya ||

36. winisudha mangrèhkên sakyèhning | pra nangkoda sapraja Ngastina | yèka


măngka wadanane | pra juragan sadarum | awit arsa ingangkat dadi | punggawa
datan arsa | milanira amung | kalilan mangrèh nangkoda | miwah klilan tumamèng
ing păncaniti | ing dintên pasewakan ||
37. kang

--- 139 ---

sinung sih sandika turnèki | sawusira mangkana anulya | juragan angunjukake |


kanang barana agung | gurubakal myang gurudadi | măngka bêbuktènira | katur
mring sang prabu | sri nata kalangkung suka | lajêng pinaringkên mring Sutiksna
Patih | pinrih bagi warata ||

38. samana Juragan Karma nuli | ginanjar mring jêng sri naranata | curiga myang
wusanane |[4] calimprit miwah duduk | dhawuhira Gêndrayana Ji | ywan gêgramèn
mring sabrang | dêdamêl sadarum | pêparingnya sri narendra | binêktaa dadosa
kaprabonnèki | minăngka tandhanira ||

39. ywan ingabdèkkên jêng sri bopati | kang sinung sih matur nuhun sarya |
sumêmbah ngèstupadane | duk samana kasaru | katupiksa saking sitinggil | ywan
soring wringin kêmbar | wontên kang kadulu | nangkoda sing sabrang prapta | sri
narendra dhawuh kinèn animbali | kerid mring ngarsa nata ||

40. sarencangnya miwah kang turanggi | gya dinangu nama lan pinăngka | miwah
kang dadya sêdyane | kang prapta aturipun | amba saking tanah ing Kêling | ran
nangkoda Sadhana | dene milanipun | amba nguyu-uyu prapta | mring ngarsendra
karana miyarsa warti | saking para nangkoda ||

41. ingkang dhatêng saking tanah Jawi | ywan samangkya Prabu Gêndrayana
[Gêndra...]

--- 140 ---

[...yana] | pinuju angrêsakake | milala kuda agung | saking sabrang wijilirèki | milamba
wau nêdya | ngèstupada prabu | miwah tur-atur turăngga | mung sajuga kawula
kintên prayogi | kagêm titihan nata ||

42. Prabu Gêndrayana duk miyarsi | dahat suka punang kuda nulya | kinèn bêkta
mring ngarsane | lah ing kana sang prabu | duk umiyat ciri myang wanci- | nira
kanang turăngga | dahat rêmênipun | sigra dhawuh dhatêng wadya | gamêl kinèn
anyêpêngi kang turanggi | kang lagya prapta enggal ||

43. wadya gamêl kang dipun dhawuhi | tur sandika gya sami rumagang | ing karya
turăngga age | binusanan pinatut | punang kuda saya mantêsi | sêmbada gêng
inggilnya | solahira patut | wiraga kadya angajap | tumuntêna tinitihan sri bopati | Sri
Gêndrayana dahat ||

44. kayungyuning tyas miyat turanggi | sigra têdhak saking palênggahan | saksana
ngasta apuse | kuda cinengklak gupuh | tinitihan binêkta maring | samadyaning
bacira | sira Arya Prabu | Sudarsana myang Sang Arya | Sutiksna sawadyanya mingêr
ningali | mêngkêrkên palênggahan ||

27. Pangkur

1. ngajêngakên pakitêran | Arya Prabu Sudarsana ningali | mring raka panitihipun |


tansah dènnya prayitna | margi mèngêt [mè...]

--- 141 ---

[...ngêt] wangsiting arca ing dalu | mangkya sampun kanyataan | mila gya ngandika
ririh ||

2. mring Patih Arya Sutiksna | kakang patih bilih mangkya manawi | wus tinitihan
sang prabu | kularsa gêntos nyoba | anumpaki kuda punika ywan sampun | katingal
êntraging kuda | dika timbangana nuli ||

3. supadya ing wingking nulya | datan mindho karya babar pisani | kyana patih dupi
sampun | tampi cipta sasmita | kang kadyeka saklangkung kagyat ing kalbu | dene
dahat datan nyana | ywan wontên mêngsah kang prapti ||

4. wowor sambu amêmindha | dene lirnya kang cipta sasmitaning | Sang


Sudarsanarya Prabu | mangkya yèn kanyataan | kadadyaning turăngga ing wuri laju |
nangkoda kawisesaa | Patih Sutiksna wus tampi ||

5. sang nayaka waktra miwah | arya prabu dahat prayitnèng galih | ya ta mangkana
kawuwus | Sang Prabu Gêndrayana | panitihnya lena tan wrin ing pakewuh | amung
datansah kacaryan | mring wiraganing turanggi ||

6. duk samana panandêrnya | kang turăngga sangsaya sru kaèksi | kang suku catur
kadulu | gonggang kalawan kisma | kadya kilat sumiyut saengga mabur | katawis
pamakêmira | ing ngriku sang mindha warni ||

7. tan wikan yèn pinaryitnan | pamirêngnya nalika Sang Apatih | Sutiksna

--- 142 ---

awawan wuwus | lan Prabu Sudarsana | pan dinalih ngalêmbana tingkahipun |


turăngga babêktanira | wau Sri Gêndrayana Ji ||

8. kawêkèn pamathêtira | ngantya rêntah pangastaning cêmêthi | kèthèr ing


panitihipun | tinon ngantos mèh dhawah | Arya Prabu Sudarsana awas dulu | yèn raka
sri naranata | mèh dhawah saking turanggi ||
9. sigra anututi mêsat | kadya mibêr pêsatira sang pêkik | botên sawatawis dangu |
kuda wus katututan | gya cinandhak glanganing kêndhalinipun | kuda kèndêl
panandêrnya | sang arya prabu wotsari ||

10. ingkang raka ingaturan | tumêdhaka saking luhur turanggi | mila makatên
sinuhun | kuda punika kadya | dede sawadosnya wau amba dulu | kang raka datan
lênggana | gya têdhak saking turanggi ||

11. wangsul dhatêng siti bêntar | Arya Prabu Sudarsana gêntosi | ingasta
sarunganipun | săngga wêdhi pinancad | pan mandhêlong gêgêring kuda kadulu |
pinolahkên apusira | tan kêni uwal sakêdhik ||

12. pinathêt sinêngkrak-sêngkrak | pan inguja kuda sakarsanèki | nglumba-nglumba


nubruk-nubruk | yun lumajêng pinêkak | sawêg kèndêl sinêngkrak kêndhalinipun |
dhasare kêndhali rangah | manjing laklakan turanggi ||

13. atêmah

--- 143 ---

gêgubrah êrah | dêrodosan marus swanitanèki | ting dalèwèr turut wulu | tutuknya
mangap-mangap | kapadal ing kêndhali ngantya mèh kantu | gêrêng-gêrêng nujah-
nujah | wau risang Sadusiwi ||

14. sangsaya asru dènira | amisesa mrih sirnaning turanggi | lah ing kana sang
anamur | dupi sangsaya sora | pamisesanira Sudarsana Prabu | kirig ngêrik têmah
badhar | dadya rasêksa gêng inggil ||

15. mustakanira taksaka | yun manaut tinêpak mring sang pêkik | gulayaran
dhawahipun | duk jumangkah tinepang | dhawah kantêp tanginya angunggut-
unggut | manaut sang arya indha | sarwi nilari têmpiling ||

16. galuyuran gundam-gundam | kawarnaa kang anèng păncaniti | nangkoda


sakancanipun | duk myat turăngga badhar | lajêng angrik sanalika dadya diyu | janma
sadasa wus badhar | dadya buron wana malih ||

17. arsa ngrangsang sri narendra | tinadhahan dhatêng Sutiksna Patih | pra
punggawa samya gugup | amalandang mring mêngsah | datan dangu ditya Triwanda
wus lampus | kantun Sang Ardhawalika | ingkang taksih andon jurit ||

18. mêngsah Prabu Sudarsana | sri narendra miwah pra punggawa ji | sigra dènira
têtulung | nanging Sang Sudarsana | tur sasmita sampun ngantos dipun tulung |
mung kajagia kewala | karana [kara...]

--- 144 ---


[...na] mêngsahirèki || 19. langkung sêkti măndraguna | Prabu Gêndrayana pan
sampun tampi | sasmita sang arya prabu | lajêng mire kewala | duk samana yudanya
sang arya prabu | lan Arya Ardhawalika | samya angantêp kasaktin ||

20. dangu tan wontên kasoran | silih ungkih rok băndawala pati | tandangnya sang
arya prabu | kêbat tarampil cukat | ywan tinubruk tan kêni malah anapuk | kadya
anubruk wayangan | sang arya tuhu linuwih ||

21. duk sawatawis dangunya | Sang Arya Ardhawalika kasilib | kenging ginoco ing
dhuwung | pêjah kuwănda sirna | datan dangu lajêng wontên taksaka gung | panjang
anêmburkên wisa | sigra naut mring sang pêkik ||

22. sang arya sampun prayitna | risaksana gupuh nyandhak jêmparing | Sarotama duk
ing ênu | tilarannya kang rama | duk ing nguni anênggih pusakanipun | satriya
Andanangjaya |[5] pun Sarotama pinusthi ||

23. lumarap saingga kilat | kang taksaka kacundhuk tutuknèki | pêjah wangke tan
kadulu | kacariyos punika | sirnanira Ardhawalika satuhu | ya ta Prabu Gêndrayana |
dupi miyat ywan kang rayi ||

24. ungguling yuda tumulya | pinurugan rinangkul gya kinanthi | dhatêng păncaniti
wangsul | dupi wus sami lênggah | Prabu [Pra...]

--- 145 ---

[...bu] Gêndrayana manis dènnya muwus | dhuh dhuh arine pun kakang | kang satuhu
jayèng jurit ||

25. katuju ana yayi mas | kang waspada marang ing tindak juti | mungguh tan ana
sirèku | baya ingsun wus sirna | kêni cidranirèng taksaka kang namur | dadya kuda
dhawuk pelak | miwah nangkoda rasêksi ||

26. dangu dènnya ngalêmbana | Arya Prabu Sudarsana wotsari | puwara anulya matur
| rèh wangsiting sang arca | ingkang raka dahat suka nrimèng kalbu | puwara sokur
ring dewa | sarta dhawuh mring kang rayi ||

27. sabên ratri dhinawuhan | kinèn nganglang dhatêng sajroning puri | sandika kang
sinung dhawuh | wusnya mangkana nulya | Prabu Gêndrayana kondur angadhatun |
pra wadya samya bibaran | mantuk mring wismanirèki ||

28. duk samana tan kacrita | laminèki mangkya wus santun warsi | warsa cukila
lumaku | ing măngsa mănggakala | angkanira surya sangkala pinetung | pitung atus
sangang dasa | pêpitu langkungirèki ||
29. duk lumaris catur căndra | dene căndra sangkalanya winilis | astha tus lawan
salikur | lumaksa pănca căndra | rinuwiya Radya Ngastina anuju | ari Soma Krêsna
enjang | sri nata miyos siniwi ||

28. Sinom

1. pêpak kyèhning wadyabala | nèng ngarsendra samya nangkil | tan ewah [e...]

--- 146 ---

[...wah] lir saban-saban | ya ta mangkana sang aji | dhawuh dhatêng kya patih | ywan
samangkya karsa prabu | arsa ambangun pura | wêwangunaning nagari | winêwahan
rakit rêrêngganing praja ||

2. amargi panggalihira | praja Ngastina puniki | yèn mênggah janma wus wrêdha |
lêpiyaning kina bilih | nata tan karsanggalih | mring praja wangunanipun | tan prayogi
labêtnya | Sang Arya Sutiksna Patih | miwah Arya Prabu Sudarsana samya ||

3. dahat jumurunging karsa | karsendra yun bangun nagri | eca dera imbal sabda |
kasaru praptanirèki | pruitanya sang aji | brahmana sing Ngawu-awu | Krêsnawasu
kang nama | praptanya Ngastina nagri | laju jujug ing păncaniti kewala ||

4. ing kana Sri Gêndrayana | duk myat gurunira prapti | gugup mêthuk gurawalan |
duk tundhuk nulya kinanthi | astanya mring sang aji | nulya ingacaran lungguh |
satata lan sri nata | sang brahmana anuruti | sawusira sinambrama ing pambagya ||

5. Maha Prabu Gêndrayana | nulya wêwarti salwiring | lêlampahan kang pinanggya |


sapêngkêrira sang rêsi | purwa wasana titi | Sang Brahmana Krêsnawasu | dahat
ngunguning driya | nulya gêntos awêwarti | salwiring rèh wontên Ngawu-awu praja ||

6. ing purwa praptèng wasana | wusnya mangkana sang aji | ngandika mring

--- 147 ---

sang brahmana | mangkana wahyanirèng ngling | pruwitamba sang rêsi | rawuh


paduka satuhu | anèng radya Ngastina | de dahat kapasang yogi | dene kula arsa
ambangun wangunan ||

7. ning praja ingkang wus wrêdha | miwah badhe amêwahi | rêrakitanirèng praja |
paduka anulya prapti | kang dados bingah mami | de wontên kang kula tantun |
myang nyuwun pangèstunta | widadaning rèh kadadin | rahayuning karya datanpa
sangsaya ||

8. sang brahmana mèsêm mojar | dhuh dhuh suhunaning bumi | mênggahing karsa
paduka | mrih ngenggalkên samukawis | rêrêngganing nagari | punika prayogi tuhu |
dhasar sampun kacêtha | kotamaning narapati | duk ing kina kang samya bangun
wangunan ||

9. mêwahi rakiting praja | pamrihira sampun nganti | sinêbut ran ratu cacad | makatên
ingkang kawarti | duk ing kina suwargi | eyang paduka sadarum | nata Pandhawa kina
| cariyos kang kawrat munggwing | sêrat Wedha nalika jumênêngira ||

10. nata agung binathara | wontên Ngastina nagari | inggih lajêng bangun pura |
ngrakit rêrekaning nagri | sarta agung paring sih | misudha wadya bala gung |
salaminira tansah | angluhurkên andandani | wadyabala kang papa miwah kasudran ||

11. ambingahkên kasusahan | madhangkên pêtênging galih | milanya [mi...]

--- 148 ---

[...lanya] lajêng kacipta | dening Sang Hyang Utipati | ywan trah Pandhawa jroning |
jaman catur bab lêstantun | kawêngku têdhakira | eyang paduka sang aji | canggah
Arya Dananjaya sadayanya ||

12. punika lupiyèng kina | ingkang paduka lêluri | satuhu botên atilar | kotamaning
narapati | tansah dera anggalih | mrih arjaning rat sawênggung |[6] dèntên mangkya
paduka | arsandugèkkên nglêluri | lêlabêtan kang dahat prayoginira ||

13. pun bapa mangayubagya | nanging yèn sarju ing kapti- | nira anggèr sri narendra
| luhung galiha lyannèki | mila makatên gusti | mugi kuningana tuhu | pêpasthèning
jawata | tan susah bangun nagari | ngenggalakên salwiring rêngganing praja ||

14. ing têmbe saèstu wignya | sagêd sarwa enggal yêkti | sampun malih ingkang
praja | yèn botêna dipun kardi | enggal mring dewa luwih | dalah samukawisipun | ugi
kinarya enggal | punika mugi sang aji | kagaliha murih ing sayêktinira ||

15. wondene prapta kawula | wontên ngarsa paduka ji | botên katênta yèn arsa |
ngidini bangun nagari | èsthining manah saking | sabrang praja Ngawu-awu |
muhung badhe wêwarta | ywan ing têmbe sri bopati | badhe apêputra kakung
panuksmanya ||

16. jawata Sang Hyang Kesawa [Kesa...]

--- 149 ---

[...wa] | nanging sanès sapuniki | taksih lêt satunggal êngkas | dene bilih sampun lair |
bobotan kang samangkin | garwa paduka jêng ratu | pêputra malih priya | sinêbut
namanirèki | Radèn Narayana inggih panjanmanya ||
17. jawata Sang Hyang Kesawa | inggih Sang Hyang Wisnumurti | ingkang
amangejawantah | benjing dadya narapati | binathara sinêkti | sinêmbah samining
ratu | tan mawi pinukul prang | sèsining jagad sakalir | samya lulut asih mring putra
paduka ||

18. margi saking kaprawabawan |[7] ing kautamanirèki | putranta kang wirotama |


têmah nungkul saking aris | malah-malah ing benjing | wiyosipun putra prabu |
paduka katamuan | jawata Hyang Utipati | dhinèrèkkên pra dewa ing Suralaya ||

19. ngidèni pambabarira | garwendra Dyah Padmawati | ing têmbe diwasanira |


Radèn Narayana inggih | jumênêng narapati | binatharèng rat sawêgung | dene
jêjulukira | kinarilan mawi nami | Sri Bathara Prabu Aji Jayabaya ||

20. angênggèni kitha enggal | mênggah kadibyanirèki | putranta kang kalbèng wêca |
ngungkuli para maharsi | ingkang kawical sami | putus ing kawruh sawêgung |
nadyan wontêna sasra | brahmana pandhita rêsi | botên wontên kang nimbangi
kadibyannya [kadi...]

--- 150 ---

[...byannya] ||

21. miwah kang kasaktènira | putranta jêng sri bupati | Prabu Aji Jayabaya | ananging
kuciwanèki | pun bapa tan mêningi | anênggih ing miyosipun | Rahadyan Narayana |
karana sampun pinasthi | mring jawata manawi Sang Hyang Kesawa ||

22. tumurun mring ngarcapada | amba gya sumêngka pêsthi | sumawana ing
samangkya | amba ngiras nyuwun pamit | pun bapa mugi-mugi | kalilana badhe
mantuk | mring kalanggêngan amba | paduka kantuna mukti | awibawa bawani
sanuswa Jawa ||

23. dene pun bapa ing benjang | ugi badhe apêpanggih | kalayan pramananira |
jawata Hyang Wisnumurti | kang badhe manjanma mring | putra tuwan jêng sinuhun
| riwusira mangkana | sanalika Sang Maharsi | Krêsnawasu musna sami sanalika ||

24. sarêng nulya wontên swara | jumêgur ing ngawiyati | yayah angèbêki jagad | ing
kana Gêndrayana Ji | miwah wadya kang nangkil | sadaya samya angungun | maèsmu
gêtun dahat | de pangungunira dening | tuk sasmita ywan badhe enggaling praja ||

25. datan wontên ingkang wignya | anggayuh kadadyannèki | gêgêtunnya dene


dahat | datan anyana sayêkti | ywan Krêsnawasu Rêsi | têka musna tan kadulu |
puwara sri narendra | dahat sungkawa ing galih | akarana kaicalan gurunadya [gu...]

--- 151 ---


[...runadya] ||

26. saksana anulya jêngkar | gya kondur tumamèng puri | Kya Patih Sutiksna miwah |
sawadyanya mantuk sami | samana kang rinuwi | Sang Sri Gêndrayana Prabu | saking
sangêting tikbra | ngantos lami tan tinangkil | tansah nungku wontên paprêman
kewala ||

27. tilar nadhah lawan nendra | gung kagagas ing panggalih | pan amung sasmitanira
| guru kang wus muksa nguni | de tan wignya sayêkti | narbuka kanyatanipun |
mêngêng èmênging driya | ginagas gêgês tan dugi | tan rinuwi antawising laminira ||

29. Asmaradana

1. kasmaran asantun warsi | pramaduta măngsa pusa | warsa surya sangkalane | lagya
lumaksana căndra | angkanira pinetang | saptatus lan sangang puluh | wêwolu
langkunganira ||

2. candrasangkalanirèki | duk lumaksana dwi căndra | angkaning warsa etunge |


wolung atus kalih dasa | kêkalih langkungira | ya ta samana winuwus | pramèswarinya
srinata ||

3. Dyah Padmawati ing mangkin | ambabar mijil wanita | kalangkung endah citrane |
mring rama sinungan nama | Narihoyi Sang Rêtna | ananging pahargyanipun | tan
patyagêng lir sabênnya ||

4. karana sri narapati | taksih angêmu rudita | Kya Patih Sutiksna kinèn | tuguran
sakancanira | saptari laminira [lami...]

--- 152 ---

[...nira] | duk samana jroning taun | Pramaduta datan ana ||

5. kang rinuwi jroning tulis | samana asantun warsa | prasutpadi warsa rane | duk
lumaksana dwi căndra | ăngka surya sangkala | sapta tus lan sangang puluh | sasanga
langkunganira ||

6. utawi duk tigang tèngsi | candra sangkala pinetang | astha tus tiga likure |
manggasri măngsa lumaksa | duk samana sri nata | taksih anandhang wulangun | ing
muksane gurunira ||

7. saking sangêting rudatin | dadya nata karsa têdhak | cangkrama mrih lipur tyase |
midêr mring jawining praja | tan mawi upacara | mung tiga pandhèrèkipun | nênggih
Kya Patih Sutiksna ||
8. lan Arya Sindurja tuwin | katrinya Juragan Karma | dene kang têngga prajane | Arya
Prabu Sudarsana | miwah para punggawa | brahmana myang para êmpu | myang
prajurit wirotama ||

9. sadaya prasamya pinrih | tuguran sapanêkarnya | nèng păncaniti ênggone |


winuwus laksitanira | Sang Prabu Gêndrayana | duk praptèng ra-ara dhusun | ing
Sumbrêng sang nata kagyat ||

10. miyat ayam jalu èstri | sakalangkung kathahira | ngêmpal nèng ngriku sabane |
sarta gung samya kêkablak | kaluruk sêsarêngan | kadya ngajap arsa tarung | ayam
wau sadayanya ||

--- 153 ---

11. tan ngêmungkên sawungnèki | lancur babon miwah dhara | asêsarêngan kluruke |
ngungaskên kasuranira | ing kana sri narendra | dahat gawokirèng kalbu | gya
dhawuh mring Ki Juragan ||

12. Karma pinurih ningali | sarana ngèlmi calungnya | murih wikan karanane | sata
kluruk sêsarêngan | saksana gya winawas | kala samana kadulu | wontên rajah
Kalasura ||

13. cinitra ing papan rukmi | kapêndhêm madyèng ra-ara | gya ingaturkên sang
katong | kang dadya darunanira | kasuranirèng sata | nata duk miyarsa ngungun |
èsmu gawok ing wardaya ||

14. sang nata nulya mrêpêki | dhatêng panggenaning sata | têmah bibar sadayane |
samya lumajêng sar-saran | Sang Prabu Gêndrayana | duk myat sata samya mabur |
tandya rikat pinarpêkan ||

15. ya ta wau sri bupati | duk nèng madyèng ara-ara | nulya ical sungkawane | malah
kêdah arsa duka | gya dhawuh Sang Sutiksna | sakancanya kinèn dhudhuk | tekang
rajah Kalasura ||

16. tur sandika kang sinung ling | nulya animbali janma | dhusun Sumbrêng sadayane
| tan watawis dangu prapta | kerid dening lurahnya | wasta Sarodhaka Buyut | duk
praptèng byantara nata ||

17. nulya samya dèn dhawuhi | andhudhuki pêpunthukan | madyaning ngara-arane |

--- 154 ---

kang nêdahkên prênahira | Risang Juragan Karma | botên sawatawis dangu | punang
rajah Kalasura ||
18. ingkang munggwing papan rukmi | katingal gêngnya sabendha | tinon
kalangkung mancorong | saksana sigra ingalap | dhatêng Juragan Karma | nulya katur
mring sang prabu | tinampèn gya pinariksan ||

19. dangu datansah liningling | tinon wontên sastranira | mungêl rajah yèn agême |
jawata Sang Hyang Kesawa | Sang Prabu Gêndrayana | dahat sukanirèng kalbu |
puwara nulya ngandika ||

20. dhatêng Sang Sutiksna Patih | hèh kakang Patih Sutiksna | wruhanira rajah kiye |
satuhu paringing dewa | karana rajah ika | ana cirine kasêbut | kagungan Sang Hyang
Kesawa ||

21. lah mara dulunên iki | waspadakna kang trawaca | sarwi ngulungkên rajahe | kang
rajah nulya tinampan | ingilo gantya-gantya | sadaya gawok kalangkung | miyat
warnining kancana ||

22. tan wontên risak sakêdhik | cirinira taksih cêtha | mungêl bilih kagungane |
Bathara Wisnu ing kina | Patih Arya Sutiksna | manêmbah sarwi umatur | dhuh
pukulun sri narendra ||

23. tan gèsèh dhawuhira ji | cirinipun kanang rajah | mungêl bilih kagungane | jawata
Sang Hyang Kesawa | ywan makatên wêcanya | Sang Brahmana Krêsnawasu
[Krêsnawa...]

--- 155 ---

[...su] | sumawana pra pandhita ||

24. tan wontên dora sakêdhik | dadya tuhu wus têtela | ywan panjênêngannya badhe
| anitahakên sewaya | kakung panuksmanira | jawata Bathara Wisnu | inggih Sang
Hyang Narayana ||

25. amargi titikannèki | ingkang kinarya pratăndha | gih punika kadibyane | Sang
Hyang Wisnu ing samangkya | sampun wontên paduka | dumugi ing têmbenipun |
tumurun mring putra tuwan ||

26. ingkang winêca rumiyin | mung punika tur kawula | lah ing kana sri pamase | duk
amiyarsa turira | Patih Arya Sutiksna | sanalika nulya emut | wêcaning para pandhita ||

27. bilih badhe darbe siwi | kakung măngka panuksmanya | Sang Hyang Wisnu
wêkasane | sang nata sokur ring dewa | nulya paring ganjaran | mring sakyèhning
tiyang dhusun | ing Sumbrêng samya kawratan ||
28. miwah sri natandhawuhi | dhumatêng Buyut Sarodha | mangkya dhinawuhan
kinèn | amêmêtri ara-ara | tilas panggenanira | rajah Kalasura wau | miwah sinabdan
ing benjang ||

29. unggwan punika ing wuri | dadya panêpèning janma | kang mêminta saranane |
saniskaraning parasdya | ya ta Buyut Sarodha | nêmbah sandika turipun | wusnya
mangkana sri nata ||

30. bidhal saking Sumbrêng dèsi | karsa

--- 156 ---

kondur dhatêng praja | karana nata têdhake | sampun tri ari dangunya | onêng mring
garwa putra | tan rinuwi lampahipun | sarawuhira ing praja ||

31. laju kondur ngênyapuri | Sang Arya Sutiksna muwah | Arya Sindurja katrine |
Juragan Karma wus samya | panggih lan ari nata | Sang Sudarsanarya Prabu | miwah
para punggawendra ||

32. kang samya tuguran munggwing | păncaniti sawusira | bagya-binagya kalihe |


kang têngga praja wêwarta | nênggih arjaning praja | de kang umiring sang prabu |
wêwarti dera lêlana ||

33. suka kang samya miyarsi | puwara sokur ring dewa | duk sawatawis dangune | gya
mantuk asêsowangan | samana kacarita | marêngi santuning taun | tumanggap warsa
anggila ||

34. surya sangkala winilis | wolung atus tinêngêran | barakan suwung langite | dene
kang căndra sangkala | angkanira pinetang | wolung atus kawan likur | têngraning
căndra sangkala ||

35. nênggih yoga paksa murti | marêngi măngsa kartika | anênggih kang kacariyos |
ing praja Ngastina mangkya | Sang Prabu Gêndrayana | dènira jumênêng ratu |
watawis kawan wlas warsa ||

36. saking karsaning Hyang nuli | kadunungan tyas angkara | murka ing puwara supe
| mring sagunging puja brata | satêmah dina-dina | kasukan [kasuka...]

--- 157 ---

[...n] bujana nginum | lan sakyèhning para wadya ||

37. ywan nuju siniwèng dasih | mawi boga andrawina | dene manawi sang katong |
datan lênggah sinewaka | wungu ardaning driya | sabên ari tansah rêngu |
dêdukanira tan pêgat ||
38. saha nata asring-asring | nyakiti wadya tan dosa | mila samana prajane | kontra
surêm sunarira | karana nata arda | tur sirna subratanipun | cinarita duk samana ||

39. praja Ngastina kaèksi | bibrah tataning prajarja | nyarambahi pra wadyane | tan
wontên ingkang kanggenan | ing budi kasudarman | gung alit anèm lan sêpuh |
samya ngumbar ardèng driya ||

40. duk samana kang sumingkir | tan kalabêtan tyas arda | datan angkara ciptane |
mung ari nata Sang Arya | Prabu Nèm Sudarsana | awit saking karêmipun | dhatêng
ulah puja brata ||

41. kang mangkana dadya awis | kontra wontên pasewakan | karana kang samya caos
| mung ngèli karsèng narendra | tan pisan karsa nyêgah | karsaning nata kang limut |
kalimputing kaarsayan ||

42. mila tan pêgat sêmadi | wontên ing pura priyăngga | kang pinintèng sêmadine |
tarlèn muhung amêminta | aksamaning jawata | mring ingkang raka sang prabu |
miwah pra wadya sadaya ||

43. mung pinaringanaeling [pinaringana...]

--- 158 ---

[...eling] | ywa nganti kadawa-dawa | ardaning karsa sang katong | duk samana
rinuwiya | saking dahating brata- | nira Risang Ar Prabu |[8] Sudarsana ri narendra ||

44. dupi wus antuk dwi tèngsi | wontên parmaning jawata | tinarima subratane | Arya
Prabu Sudarsana | dadya ing sanalika | Sang Sri Gêndrayana Prabu | èngêt mring
kaprabonira ||

45. marêngi măngsa manggasri | mangkana Sri Gêndrayana | mèngêt ywan ratu
kinaot | pinunjul datanpa sama | tur binatharèng jagad | ing ri Soma Manis esuk |
Sang Aprabu Gêndrayana ||

46. karsa amiyos tinangkil | pêpak sagung pra punggawa | kang nangkil nèng ngarsa
katong | dene arindra Sang Arya | Prabu Nèm Sudarsana | duk ingkang raka sang
prabu | karsa miyos siniwaka ||

47. mring păncaniti tan mawi | ăndrawina lir adatnya | nulya sumiwi ge-age |
mabukuh ngarsaning raka | lawan Patih Sutiksna | Arya Danurja tan kantun | ing wuri
para satriya ||

30. Pangkur
1. miwah para santanendra | datan ewah lir sabên-sabênnèki | ing păncaniti supênuh
| karana sri pamasa | radi dangu tan siniwi mring wadya gung | kang nangkil tanpa
sabawa | angin kèndêl tan lumaris ||

2. lir nêngga sabdaning nata | duk samana sri

--- 159 ---

nata manabda ris | dhumatêng sang mantringayun | Patih Arya Sutiksna | hèh
rêngênta kakang patih karsaningsun | manira arsa cangkrama | mring Saraita wanadri
||

3. kya patih umatur nêmbah | karsa nata kawula mung umiring | kinèn umatah wadya
gung | kang umiring cangkrama | miwah ingkang kantun rumêksèng praja gung |
sarta mangrukti wisaya | nênumpu sato wanadri ||

4. sandika kang dhinawuhan | wusnya dhawuh nata tumamèng puri | para wadyendra
sadarum | nulya samya bibaran | winursita enjingnya sang mantringayun | sigra
angundhangi wadya | kang badhe dhèrèk sang aji ||

5. miwah kang atêngga praja | măngka tindhih kang rumêksèng jro puri | Sang
Sudarsanarya Prabu | kanthi Arya Danurja | miwah Arya Sunjaya myang para êmpu |
sawadyanya juru citra |[9] para brahmana myang rêsi ||

6. sanèsnya dhèrèk sadaya | duk samana dènira amiranti | sampun samapta sadarum |
nata anulya budhal | laksitanya datan kawarna ing ênu | dupi praptaning Wulusan |
ing Saraita anuli ||

7. samya karya pasanggrahan | rinuwiya duk samana sang aji | dahat arsayaning
kalbu | mila kalantur ngantya | sapta ari nata dèrèng karsa kondur | tansah bêbujung
arakat | anggrit ngitêr warni-warni ||

--- 160 ---

8. pananduking kang wisaya | mila angsalipun sato wanadri | sakalangkung


kathahipun | tur buron warna-warna | sigêg ingkang gung kasukan anênumpu |
gantya mangkya kawuwusa | kang nèng Ngastina nagari ||

9. sakyèhning para punggawa | ingkang sami têngga praja winarni | siyang ratri
tansah tugur | wontên ing pagêlaran | duk samana sajuga ari anuju | ri Soma Pon
wancinira | ing ratri sirêping janmi ||

10. Arya Prabu Sudarsana | karsa nganglang dhatêng sajroning puri | mung pribadi
lampahipun | têka praptaning pura | laksitanya dingkik-dingkik kadya pandung |
kyèhning gêdhong jinêjêpan | tan wontên swara kapyarsi ||
11. miwah sawarnining pandam | samya pêjah mila pêtêng kapati | mung saênggèn
kang kadulu | sorotira kang pandam | prênahira paprêman panggenanipun |
garwendra sang pramèswara | Sang Rêtnayu Padmawati ||

12. sanalika pinarpêkan | mring sang arya jinêjêp saking jawi | tan wontên
sabawanipun | ya ta sang namur sigra | mundur ririh angalih pangintenipun | mila
mangkana sang arya | karana jroning panggalih ||

13. tansah trataban kewala | samangkana panglocitaning lyali | dhuh apa


darunanipun | dene salawasira | ingsun nganglang anèng sajroning kadhatun |
sotaning [sota...]

--- 161 ---

[...ning] tyas nora kaya | samêngko gung sênag-sênig ||

14. ratri iki sun watara | bakal ana bêbaya kang nêkani | nanging yèn anaa ripu |
sayêkti mawa ana | tandhanira unining bênce lan tuhu | bintit kolik miwah têkak |
măngka sasmitanirèki ||

15. lamun bakal ana dhustha | kabèh sêpi tanna sabawanèki | mratandhani ana ripu |
nanging tyas ingsun tansah | manggung maras was-uwas ingsun tanpa wus | ing
kana wusnya nglocita | sang arya prabu lumaris ||

16. dhatêng sanggar palanggatan | karsanira sang arya amung apti | angaso saking
sapangu | dupi laksitanira | sarêng prapta nèng palataraning tajug | sang arya kagyat
ing driya | miyarsa swaraning tangis ||

17. kadya tangising wanita | kongsi giyêng sêsêg sêrêt kapyarsi | sang arya
kalangkung ngungun | duk arsa ingulatan | gyaning tangis mangkana locitanipun |
dhuh iki wong wadon apa | bêngi-bêngi têka nangis ||

18. de dahat tanpa rêringa | sun watara baya sang pramèswari | saking bangêt
onêngipun | tinilar mring sri nata | ya ta wusnya manglocita kang kadyèku | sang arya
arsa tumindak | mrêpêki prênahing tangis ||

19. nulya [nu...]

--- 162 ---

[...lya] amiyarsa swara | nguwuh-uwuh mangkana lingirèki | dhuh babo sang arya
prabu | mara kita mrenea | wruhanira kang karuna iku ingsun | sang arya mèngêt
sakala | mring arca papundhèn aji ||
20. nulya marêk gurawalan | tumama mring salêbêting panêpin | dupi wus nèng
ngarsanipun | punang arca pusaka | Arya Prabu Sudarsana sigra dhêku | sarta muwus
angrêrêpa | dhuh sang arca kang sayêkti ||

21. kang măngka sarananira | kuwasaning jawata kang linêwih | amba kalilana matur |
pitakèn sang waskitha | de kawula sadangunipun lumaku | nganglang salêbêting
pura | tan amiyat ika-iki ||

22. utawi botên miyarsa | sabawanya walang ingkang salisik | muhung raosing tyas
ulun | manggung atarataban | kadya arsa tinêkanan ing pakewuh | milamba laju
angiwa | sumingkir mriki puniki ||

23. sotaning tyas muhung nêdya | anêntrêmkên taratabaning lyali | ywan wus
têntrêm sêdya wangsul | langlang sajroning pura | dupi wontên ngajêng panêpèn
angrungu | giyêng swaraning udrasa | ngantya sêsêgên kang tangis ||

24. kula dalih kang udrasa | pramèswari kakang bok Padmawati | onêng dhatêng
kakang prabu | de gyan kula

--- 163 ---

tumindak | sumêdyarsa ngyêktoskên kaananipun | wasana dupyamba arsa | lumaksa


ngulati tangis ||

25. gya inguwuh wantya-wantya | guguping tyas kawula bokmanawi | sang arca
ingkang anguwuh | mring amba kadya saban | mila amba enggal marêk ngarsanipun
| sang arca manawi arsa | paring wangsit kang wigati ||

26. sang arca lon saurira | basa manuhara winor mêmanis | yayah ngla-êla ing wuwus
| mangkana sabdanira | dhuh titahing jawata kang ambêg sadu | wruhanira iya
ingwang | kang manguwuh mring sirèki ||

27. marmane ingsun karuna | sasuwene mung saka gon sun asih | marma marang sira
kulup | dene karananira | ing sawêngi iki sira bakal antuk | bakal cinobèng bêbaya |
bilai gêdhe nêkani ||

28. atas karsaning jawata | mungguh ingkang dadya marganirèki | panyoba mring
sira kulup | iya kumaranira | mungsuhira Dhahyang Suwela ing ênu | tumêka
angejawantah | ing samêngko uwus manjing ||

29. mring sajroning dhatulaya | mawa rupa naga kang luwih mandi | ing samangkya
wus dumunung | nèng jroning pasarean- | nira kakangira pramèswari prabu | nèng
ulon-ulon gonira | dinalih [dina...]

--- 164 ---


[...lih] kakangirèki ||

30. Prabu Gêndrayana nendra | anèng kono tan sumurup yèn lagi | têdhak
cangkrama nênumpu | dhuh radèn saupama | nganti suwe sayêkti yèn datan wurung
| kakangira pramèswara | sirna sasiwayanèki ||

31. kênèng wisaning taksaka | marmanira radèn sira dèn aglis | nuli manjinga
kadhatun | tumama mring paprêman | bokmanawa kakangira sêlak lêbur | kataman
wisaning naga | nanging wêkas ingsun kaki ||

32. poma-poma dèn santosa | aywa was-was dene yèn sira kongsi | nora santosa
budimu | sayêkti nêmu papa | salaminya mulane dèn eling kulup | manawa tyasmu
santosa | sêtya tuhu mring dewadi ||

33. lah ing kono marganira | bakal antuk kamulyan kang sajati | ing wuri turun-
tumurun | yêkti amêngku praja | sowang-sowang lah uwis radèn dèn gupuh |
mangkata marang paprêman | yèn kasuwèn bokmanawi ||

34. kadhinginan dening wisa | lah ing kana sang arya prabu dupi | miyarsa
warsitanipun | kanang arca pusaka | kang mangkana ing tyas sakalangkung gugup |
tan ngantya nêgês karana | saksana anulya pamit ||

--- 165 ---

35. badhe amunah taksaka | duk samana wus jinurung basuki | lah ing kana arya
prabu | dahat kadgadèng driya | sigra mêsat saking ing panêpèn laju | tumama mring
pasarean- | nira Dèwi Padmawati ||

36. duk praptèng jawi wiwara | tiningalan kori maksih kumunci | saksana ingusap
gupuh | punang kori wus mênga | tan sarănta Sang Sudarsanarya Prabu | umanjing
dhatêng paprêman | nèng dagan prênahirèki ||

37. tiningalan ingkang raka | Dèwi Padmawati sakeca guling | angêloni putranipun |
dene sangandhapira | wontên inya kêkalih sakeca turu | mangkana sang namur sigra |
mêndhak manggèn sawingkinging ||

38. ilo-iloning kang dilah | ingkang wontên daganira sang putri | tan ana
sabawanipun | sarwi angawasêna | salêbêting pasareannya jêng ratu | wus dangu
dènira mawas | nginggil miwah kanan kering ||

39. tan dangu punang taksaka | wus katingal sumaladhang nèng nginggil |
pasareannya sang ayu | agêngira sapucang | sirahnya gêng tutuknya ngablak kadulu |
mancorong kumaranira | duk badhe naut sang putri ||
40. lah ing kana sang nararya | Prabu Sudarsana prayitnèng wèsthi | tan darana sigra
cancut | wau kanang taksaka | duk umiyat klebatnya Sang Arya Prabu | Sudarsana
kang kawuryan | umanggèn nèng sawingkinging ||

41. ilo-iloning kang pandam | pan dinalih Sang Sri Gêndrayana Ji | awit sami
warninipun [warni...]

--- 166 ---

[...nipun] | mila taksaka dhustha | langkung suka cipta kalêrêsan tuhu | dene badhe
kasêmbadan | dera akarya bilai ||

42. dadya wau kang taksaka | tan sarănta sigra dènnya murugi | mring gyannya sang
arya prabu | duk wus parêk unggyannya | punang sarpa gupuh dènira manaut | sang
arya sampun prayitna | duk nalorong saking nginggil ||

43. gupuh nulya sinarêngan | jangganira cinandhak sarwi narik | curiga taksaka laju |
tinigas dening kadga | wus palastra gêmbunging taksaka gupuh | wus tinêngkêr-
têngkêr dadya | sadasa kathahirèki ||

44. duk samana cinarita | kanang sarpa nalika dèn pêjahi | pinrang ing kris
jangganipun | rudiranira nyiprat | sumêmburing rah nyiprati wêntisipun | Dyah
Padmawati kang nendra | gupuh nulya dèn usapi ||

45. dening Prabu Sudarsana | ciptanira sang arya bokmanawi | wisaning taksaka wau |
nyakiti mring sang rêtna | lah ing kana Dèwi Padmawati jumbul | sigra wungu dènnya
nendra | dèrèng pramanèng pangèksi ||

46. mung umiyat daganira | wontên janma kakung sang dyah nulyanjrit | sarya
manambut ing sunu | mijil saking paprêman | para nyai kêkalih kagyat duk ngrungu |
panjêritnya gustinira | dadya lajêng anututi ||

47. mêdal saking ing paprêman | dipun nyana ywan wontên maling sêkti | arsa
ngrurah pagêr ayu | wau ta sang nararya | Prabu Sudarsana dangu datan muwus |
sarta datan kesahkesah [kesahk...]

--- 167 ---

[...esah] | lir kamitênggêngên yêkti ||

31. Mijil

1. dupi sang dyah umijil mring jawi | sigra samya alok | bilih sajroning pura samangke
| wontên duratmaka mara sandi | gègèr sajro puri | pra inya sadarum ||
2. samya tangi gumêtêr umèksi | gustinira repot | mijil sing paprêman sru panjrite |
nuntên wontên parêkan sawiji | kang minăngka dadi | kamisêpuhipun ||

3. sigra marêk umatur wotsari | dhuh murtining sinom | lah punapa gusti darunane |
miyos saking paprêman sarwyanjrit | Dèwi Padmawati | dangu dèrèng muwus ||

4. lurah inya anulya nimbali | mring wadya sang katong | ingkang samya tugur
sadayane | samya ngaso wontên păncaniti | datan dangu nuli | prapta gumarudug ||

5. dupi prapta ngarsanya sang dèwi | mangkana sang sinom | lon manabda
wadyaningsun kabèh | sumurupa ing sajroning puri | ana maling sêkti | cêkêlên dèn
gupuh ||

6. têtindhihing wadyendra kang kêmit | Arya Danurja nom | langkung gugup duk
myarsa sabdane | Dèwi Padmawati ywan ing puri | wontên maling sêkti |
sakalangkung gugup ||

7. sigra mangsah sawadyanya sami | samêkta ing kewoh | malbèng pura ngêpung
paprêmane | kyèhning kori pan samya jinagi | dene kang umanjing | jungut langên
santun ||

8. namung Arya Danurja pribadi | ya ta duk praptèng jro | langkung kagyat dera myat
kang anèng | jro paprêman [paprê...]

--- 168 ---

[...man] gustinya pribadi | prabu sadusiwi | nyandhing wangkenipun ||

9. kang taksaka gya têtanya aris | dhuh gusti sang anom | lah punapa kang dadya
krantêne | jêng paduka pan dinalih juti | miwah tuwan nyandhing | wangke taksaka
gung ||

10. Sang Arya Prabu Sudarsana ngling | tingkah kang wus klakon | purwa madya
têkèng wasanane | Sang Arya Danurja duk miyarsi | ngungunnya tan sipi | dangu
datan muwus ||

11. mung sidhakêp astanya kêkalih | saking sruning gawok | tan antara sang arya
nulyage | wangkening sarpa binêkta nuli | mring ngarsa sang dèwi | wanci wus byar
esuk ||

12. lah ing kana Dèwi Padmawati | duk nalika anon | têngkêlaning sarpa sadayane |
langkung kagyat miwah duk umèksi | kang kinintên juti | risang arya prabu ||

13. gya dinangu paran karananing | purun tumamèng jro- | ning paprêman têmah
karya kagèt | ingkang rayi umatur wotsari | satingkahing ratri | sadaya wus katur ||
14. Dèwi Padmawati duk miyarsi | aturnya sang anom | langkung ngungun gêtun
wêkasane | dèniranjrit ngêlokakên juti | salêbêting galih | ing rumaosipun ||

15. kapotangan gêsang mring kang rayi | puwara nabda lon | mring kang paman Arya
Danurjane | paman arya rèhne jênêng mami | puniki pawèstri | tinilar ing kakung ||

16. mungguh ingsun sidhêm nalar iki | bêbasane babo | sadawaning catur bok ing
têmbe | sri narendra miyarsa pribadi [priba...]

--- 169 ---

[...di] | tan wurung wak mami | kacurnan ing lulut ||

17. marma prayogane sira nuli | tur uningèng katong | pênêd anuduha wadya bae |
umatura mring jêng sri bopati | saaturirèki | Sudarsana Prabu ||

18. kabèh turna poma aywa nganti | cicir kang lêlakon | kang sinung ling sandika
ature | miwah ngraos saklangkung prayogi | karsanya sang dèwi | kang makatên wau
||

19. wusnya mangkana pra wadya nuli | wus kalilan miyos | samya wangsul mring
patugurane | Arya Danurja duk praptèng jawi | anuduh wadya ji | tur wikan sang
prabu ||

20. dhatêng pacangkraman wus winêling | salwiring lêlakon | duk samana duta
budhal age | lêlancaran wahana turanggi | tan winarnèng margi | ing sapraptanipun ||

21. laju tumama byantara aji | kang duta wotsinom | gya umatur purwa puwarane |
Prabu Gêndrayana duk miyarsi | kampita tan sipi | nata nulya dhawuh ||

22. lamun arsa kondur mring nagari | kang sinung ling gupoh | tata-tata miranti
budhale | paripurnanya dera miranti | gya budhal tumuli | swaranya gumuruh ||

23. Kyana Patih Sutiksna tan têbih | enggaling cariyos | sampun prapta jro praja nulya
ge | sri narendra laju manjing puri | sakyèhning wadya ji | sadaya tumuntur ||

24. lah ing kana jêng sri narapati | rawuh ing kadhaton | nawung duka tan sarèh
sabdane | dhawuh kinèn nimbali kang rayi | kinèn manjing puri |

--- 170 ---

myang sang mantringayun ||


25. sapraptanirèng byantara aji | sri nata duk anon | mring kang rayi dahat
bramantyane | winga-winga wêngis wijiling ngling | hèh pèdhêp sirèki | tuhu nora
urus ||

26. eling-eling cêplik saking wukir | dhêdhasare awon | tan wrin bêcik mamak
pandulune | baya kurang katrêsnan ngong iki | kang marang sirèki | dadak karya
dudu ||

27. Arya Prabu Sudarsana myarsi | dukanya sang katong | dahat ajrih tumungkul
lênggahe | mukanira lir konjêm ing siti | drês waspanirèki | pan kadya ingêpuh ||

28. dhasar sang arya gêng bêktinèki | dhumatêng sang katong | sotaning tyas
măngka lêlirune | sudarmanya mila tansah nangis | Dèwi Padmawati | miwah pra
wadya gung ||

29. datan pêgat matur bêbolèhi | mrih lilih tyan[10] katong | nging sri nata tan
amyarsakake | saking sangêt gung dukanirèki | malah-malah kadi | ingunggar kang
bêndu ||

30. lah ing kana sri narendra nuli | gupuh dèniranjog | saking dhampar mrêpêki sang
anom | Arya Prabu Sudarsana sarwi | nyandhak kang asta dwi | gya kinêthok gupuh ||

31. watês ugêl-ugêlira kalih | mangkana sang anom | duk umiyat rêntahing astane |
datan pisan-pisan darbe liring | rêngatnya tan kèksi | salêbêting kalbu ||

32. Maskumambang

1. mung kumambang dhatêng papêsthèning Widhi | miwah santosanya | tarlèn mung


ngèstokkên wêling- | ngira [ngi...]

--- 171 ---

[...ra] sang arca pusaka ||

2. kang kapyarsa nalika wontên jro puri | de wêdaling waspa | umèngêt garwanirèki |
Dyah Padmasari saiba ||

3. rudatinnya ywan mirêng sariranèki | mangkya pinidana | mring raka jêng sri bopati
| duk samana para inya ||

4. para cèthi kang sumiwi ing ngarsa ji | duk samya umiyat | asta dwi tumibèng siti |
samya kumêsar tyasira ||

5. rawat waspa langkung wêlasnya tan sipi | tumungkul ing kisma | jrih dukanira sang
aji | dadya cêp tanpa sabawa ||
6. lah ing kana Prabu Gêndrayana nuli | dhawuh mring kya patya | ywan mangkya
karsa narpati | Arya Prabu Sudarsana ||

7. dipun tundhung saking Ngastina nagari | kinèn angantukna | dhatêng Manikmaya


wukir | kinanthenan punggawendra ||

8. kang masrahkên dhatêng Sidhikara Rêsi | myang kinèn dhawuhna | kang dadya
dosanirèki | miwah tugêlaning asta ||

9. dhinawuhan ambêktakakên dwinèki | têlas sabda nata | tur sandika kang sinung
ling | gya sami kalilan mêdal ||

10. Arya Prabu Sudarsana sampun kerid | dhatêng kyana patya | sapraptinira ing jawi
| Patih Sutiksna anulya ||

11. dhawuh Arya Danurja sakancanèki | kinèn andhèrèkna | dhatêng Manikmaya


wukir | winêling-wêling kang dadya ||

12. dhawuhira Sri Gêndrayana Narpati | Sang Arya Danurja | sandika gya bidhal nuli |
kunêng kang lagya wisata ||

13. mangkya gantya kawuwusa garwanèki [gar...]

--- 172 ---

[...wanèki] | Arya Sudarsana | kang nama Dyah Padmasari | nalika amyarsa warta ||

14. lamun ingkang raka ing samangkya tampi | dêdukaning nata | tinundhung saking
nagari | myang kinêthok astanira ||

15. duk samana Rêtna Dèwi Padmasari | dahat rudahing tyas | saking kasaput ing
sêdhih | satêmah niba kantaka ||

16. dupi wungu pungun-pungun gya lumaris | sêdyaning wardaya | cipta datan sagêd
kari | anututi ingkang raka ||

17. tanpa rowang wisata amung pribadi | mung kudhung sêmêkan | tan ketang
pringganing margi | saking gêng trêsna mring raka ||

18. duk samana wontên inyanya sang putri | Kèn Walèri nama | duk umiyat gustinèki |
wisata sarwi karuna ||

19. Kèn Walèri gupuh dènira nututi | sotaning tyasira | tarlèn mung nêdya umiring |
sapuruging gustinira ||
20. samangkana wisatanira sang dèwi | dènnya sumusula | saking adrênging
panggalih | tan dangu sampun kacandhak ||

21. wontên sajawining praja duk umèksi | dhatêng ingkang raka | tan mawi rêringa
maring | sakathahing wadyabala ||

22. tan sarănta gupuh dènira bondhèti | dhatêng ingkang raka | sarwi lara-lara nangis
| sêsambat amêlasarsa ||

23. karya trênyuh tyasing wadya kang umiring | dene tan anyana | sang dyah sagêd
anututi | sira Sang Arya Danurja ||

24. langkung wêlas myarsa sambatnya sang dèwi | mila sigra dhawah | kèndêla dera
lumaris [lumari...]

--- 173 ---

[...s] | wontên sangandhaping wrêksa ||

25. pinggir margi duk wus sarèh sawatawis | gyanira udrasa | sang rêtnayu Padmasari
| miwah Arya Sudarsana ||

26. tan rinuwi sêsambatira sang kalih | kyèhnya kang miyarsa | samya ngrês duk
aningali | wusnya rêrêm sawatara ||

27. Sang Danurja parentah kinèn lumaris | daya-daya prapta | anèng Manikmaya giri |
ing marga tan winursita ||

28. sapraptaning wukir Manikmaya nuli | katur sang pandhita | ywan wontên duta
narpati | saking nagari Ngastina ||

29. lawan wayah sang arya prabu sarimbit | ya ta sang pandhita | langkung kagyat
duk miyarsi | karaosing driyanira ||

30. tan darana nulya kinèn ngancarani | gya laju tumama | mring sanggar unggyan
sang rêsi | Arya Prabu Sudarsana ||

31. lan kang garwa gupuh dènira nungkêmi | padanya sang tapa | sarwi lara-lara
nangis | sêsambatnya mêlasarsa ||

32. ingkang eyang Sang Sidhikara Maharsi | trênyuhing tyas dahat | duk miyat wayah
sarimbit | cipta ywan antuk dêduka- ||

33. nirèng raka Sri Gêndrayana Narpati | gupuh atêtanya | adhuh wayah ingsun kaki |
paran kang dadya karana ||
34. karunanta karya kagyating tyas mami | dene sira prapta | sarimbit atawan tangis |
sarta ingiring punggawa ||

35. payo nuli sajarwaa ingkang dadi | darunèng rudita | sang arya prabu duk myarsi |
pandangunira kang eyang ||

36. datan sagêd umatur mung tansah nangis | pakèwêd kang dadya [da...]

--- 174 ---

[...dya] | aturira mring sang rêsi | sang pandhita saya dahat ||

37. ribêding tyas tan wrin darunaning kingkin | anulya Sang Arya | Danurja ngaturkên
gipih | dhawuh timbalan sang nata ||

38. purwa madya wasana pan sampun titi | Rêsi Sidhikara | langkung sungkawa tan
sipi | rawat waspa marawayan ||

39. gya tumênga sarwi ngunjal uswanèki | gung karănta-rănta | puwara mupus ing
pasthi | pastha[11] pêpasthèning dewa ||

40. ala ayu datan kêni dèn singkiri | Rêsi Sidhikara | nabda amangsuli ririh | ywan wus
dadya karsa nata ||

41. botên langkung amung anuwun kapundhi | Sang Arya Danurja | amit sampun
jinurungi | gya budhal sapanêkarnya ||

42. rinuwiya Sang Sidhikara Maharsi | sapêngkêring duta | tan pêgat muja sêmèdi |
mêminta aksamèng dewa ||

43. anuwunkên waluyanira sang pêkik | wignyaa waluya | pulih malih astanèki | kadya
duk suwaunira ||

44. lah ing kana sang rêsi sampun angsal sih | parmaning jawata | katarima pudyanèki
| prapta Hyang Kanekaputra ||

45. saking wiyat sang rêsi gya mangênjali | Hyang Naradha nabda | wruhanta hèh
kaki rêsi | Sidhikara praptaningwang ||

46. ngêmban timbalannya Sang Hyang Utipati | kinèn maringêna | marta


kamandhanu warih | minăngka usadanira ||

47. wayahira Prabu Sudarsana kaki | kinarya mulihna | kang tugêl astane kadwi |
dhawuhe Hyang Girinata ||
48. lan maninge ywa dadi [da...]

--- 175 ---

[...di] tyasira yêkti | prakara wayahnya | Arya Sudarsana dening | tămpa dêdukaning
kadang ||

49. iku sajatine pan uwis pinasthi | karsaning jawata | mung kinarya anyêpuhi |
subratane wayahira ||

50. marmanira cinoba mring dewa luwih | awit nora lawas | têmbe wayahira kaki |
Arya Prabu Sudarsana ||

51. bakal anampani ganjaran linêwih | nugrahaning dewa | anggêntèni madêg aji |
mêngkoni praja Ngastina ||

52. têlas dhawuhira Hyang Kanekasiwi | Rêsi Sidhikara | myang putra Sadhana wasi |
miwah Prabu Sudarsana ||

53. duk miyarsa dhawuhe Hyang Utipati | kang kadya mangkana | umatur nuwun
kapundhi | dhêku konjêm ing bantala ||

54. patrapira lir mêmuja mring dewadi | Bathara Naradha | nulya muksa tan kaèksi |
ya ta Rêsi Sidhikara ||

55. nulyambuka cupu ingkang mèsi warih | kamandhanu marta | ingusadakkên tumuli
| èpèk-èpèk dwi pinasang ||

56. siniram ing marta kamandhanu warih | sanalika nulya | mulya kadya wingi uni |
karya sarkaraning driya ||

33. Dhandhanggula

1. ya ta Rêsi Sidhikara tuwin | ingkang wayah miwah garwanira | dahat sokur mring
dewane | mangkya gantya winuwus | amangsuli laksitanèki | duta Arya Danurja |
sapanêkaripun | ing marga tan winursita | mangkya sampun praptèng Ngastina
nagari | laju tumamèng pura ||

2. umarêk ing byantara [bya...]

--- 176 ---

[...ntara] narpati | kerid dhumatêng Patih Sutiksna | praptaning ngarsa sang rajèng |
Arya Danurja matur | saaturnya sang maha yêkti | Maharsi Sidhikara | aturira turut |
purwa praptaning wasana | Prabu Gêndrayana dupi amiyarsi | turing Arya Danurja ||
3. dahat ngungun gêtun sêmunèki | ing wêkasan nata rawat waspa | mèngêt
dhumatêng kadange | mung sajuga tur sampun | sami lola tanpa sudarmi | têka
kasupèn dahat | pamatraping ukum | datan mawi sawatara | duk samana bibaran
dènnya siniwi | Arya Danurja muwah ||

4. Patih Sutiksna sakancanèki | sadayanya wus kalilan mêdal | sri nata malbèng pura
ge | pra wadya samya mantuk | sowang-sowang mring wismanèki | rêke gantya
winarna | duk antuk dwi tèngsu | rinuwi kumaranira | Prabu Drawilaka myang
kumaranèki | wadya raksasa nama ||

5. ditya Wandagêni duk ing nguni | sasirnane kumaranirarya | Ardhawalika sêdene |


nênggih kumaranipun | wil Triwanda dening sang pêkik | Nararya Sudarsana | nalika
puniku | kumarèng Sri Drawilaka | pirêmbagan kalawan ditya Wandagni | ywan ing
samangkya arsa ||

6. mangrabasa Ngastina nagari | dene karsanira sanadyana | tumêkèng sirna ing


têmbe | sok ugi wus kalaku | ngrisak praja myang jroning puri | miwah nêdya
sampyuha | kalawan Sang Prabu | Gêndrayana sawadyanya | arsa dèn jur linêbur
aywana kari | lah

--- 177 ---

ing kana rasaksa ||

7. Wandagêni sampun dèn dhawuhi | angêtoga ing kasêktènira | karana lampah


samangke | kantun pungkasanipun | botên badhe ming kalih kardi | mangkana
aturira | Wandagêni diyu | dhuh pukulun ywan panujwa | karsa nata paduka langkung
prayogi | amaliha dirada ||

8. laju ngamuk dhatêng păncaniti | katujua dintên pasewakan | dene amba kang
ngrabasèng | pura sarana latu | bokmanawi sawastu dadi | karang tunu sadaya |
myang saisinipun | samêndhang măngsa kantuna | mung punika pukulun pamanggih
patik | kajawi karsa nata ||

9. Prabu Drawilaka duk miyarsi | pratikêlnya Wandagni raksasa | dahat pinujwèng


driyane | kala samana laju | bidhal dhatêng Ngastina nagri | sampun warni dirada |
kalangkung gêngipun | ngungkuli dirada wantah | dene ditya Wandagni mêsat wiyati
| nut lampahing maruta ||

10. sêdyanjangkung saluhuring puri | ing Ngastina kunêng lampahira | mangkya


gênti caritane | ing Manikmaya gunung | arya prabu sagarwanèki | tansah botên
sakeca | ing panggalihipun | yèn siyang tan arsa dhahar | datan nendra sang arya
kalaning wêngi | marmanira mangkana ||
11. dahat onêng mring raka narpati | miwah dahat sandeyaning nala | jroning cipta
kadya badhe | wontên bêbaya rawuh | kang mrih curna Ngastina nagri | lah ing kana
sang arya | umarêk sang wiku | Rêsi

--- 178 ---

Sidhikara minta | pamit arsa sowan dhumatêng nagari | karana tyas sandeya ||

12. dhatêng raka nata bokmanawi | kalampahan amanggih bêbaya | awit nguni
kumarane | Sang Drawilaka Prabu | taksih ngănta-ănta sang aji | mangkya tuhu tan
ana | kang pantês têtulung | anglampahi lara pêjah | kajawi mung sariranira pribadi |
sang wiku lon maluya ||

13. wayah ingsun Sudarsana kaki | kaya paran anggèr pêthanira | lamun sira bali
manèh | karana jêng sang prabu | nguni bangêt dukanirèki | marang ing jênêngira |
kalakon tinundhung | sira saka ing Ngastina | sarta astanira kadwi dèn kêthoki | lawan
ing mangko sira ||

14. durung lawas waluyanta kaki | bokmanawa atêmahan krangkat | têmbe dadi lara
manèh | prayoganira kulup | sarèhêna tyasira kaki | apa manèh sanadyan | sirèku
umantuk | mring Ngastina angantia | timbalane kakangira sri bopati | yèn èngêt
marang sira ||

15. sêdhêng astanira mulya jati | dadya datan akarya sandeya | marang ing tyas
ingsun kiye | Sang Sudarsana Prabu | duk miyarsa sabdèng sang rêsi | kêdah drêng
karsanira | tan kenging sinayut | sigra matur mring kang eyang | dhuh jêng eyang
mênggah kang dadya tur patik | parêng botên parênga ||

16. kawula kêdah anyuwun pamit | mring Ngastina ing dintên punika | raosing tyas
amba dene | dahat sandeyèng kalbu | sanadyana [sana...]

--- 179 ---

[...dyana] tumêkèng lalis | saèstu amba têmah | labêt kadang sêpuh | wau ta Sang
Sidhikara | duk miyarsa aturing wayah sang pêkik | langkung èmêng ing driya ||

17. dangu-dangu nulya dèn lilani | nanging saking sandeyaning nala | dhatêng wayah
sang wiranèm | puwaranya sang wiku | sêdya ngatêr laksitanèki | Sang Arya
Sudarsana | tan winarnèng ênu | sang wiku anulya bidhal | dene ingkang garwa Dèwi
Padmasari | kantun wontên pratapan ||

18. kunêng lampahira sang maharsi | lawan wayah Prabu Sudarsana | ganti winursita
malèh | ing Ngastina praja gung | nujwèng ari Rêspati Manis | Sang Prabu
Gêndrayana | siniwakèng wadu | pêpak sagung wadyabala | datan ewah kadya saban-
sabannèki | samana sri pamasa ||
19. angandika mring Sutiksna Patih | pan makatên sabdanira nata | kakang sotèng
tyas sun mangke | têka onêng satuhu | mring riningsun kang kawlasasih | yayyarya
Sudarsana | nanging lamun ingsun | têdhaka mring Manikmaya | sayêktine boya
kalakon wit dening | sun rasa upamanya ||

20. yèn mandira jênêng ingsun iki | gung aluhur yayah kayu gurda | yayi Sudarsana
kuwe | upamanya dhêdhukut | ingkang tuwuh ing pèrèng miring | sayêkti luwih
nistha | saru yèn dinulu | dene yayi Sudarsana | upamanya ingsun timbalana yêkti |
pinilaur pralaya ||

21. awit merang cacad astanèki | nalikane nampani pidana | kya

--- 180 ---

patih nêmbah ature | dhuh pukulun sang prabu | kasinggihan dhawuh narpati |
mênggah rayi paduka | Sudarsana Prabu | sayêkti inggih mangkana | dèn pilalah
ngantos tumêka ing lalis | yèn ta malih wangsula ||

22. mring Ngastina jêr tuwan pribadi | ingkang kêkirangan titipriksa | matrapkên
pamidanane | puwara traping kukum | atumpangso dhawahing adil | nir
paramartanira | mung nut ardèng kalbu | midana datanpa kira | tur salêrêsipun
dèrèng katrap taksih | kanthi angêmu rasa ||

34. Kinanthi

1. mila tan prayogi tuhu | manawi paduka gusti | lumuh mring aturing wadya |
măngka kalêbwèng palupi | cacading nata punika | yèn pariksa kirang titi ||

2. de kaluhuraning ratu | ywan kathah wadyanirèki | ingkang sami wicaksana | miwah


wadya bèr kuwanin | ambêk sura sasaminya | dene ingkang katrinèki ||

3. wadya ingkang bratanya gung | sakawan punika pasthi | dadya kluhuraning nata |
ingkang waskithèng sakalir | catur wadya ingkang guna | wiweka ing agal alit ||

4. ambêk nawung kridha putus | marang basa tatakrami | punika pantês kagêma | ing
saatur-aturnèki | mung punika sri pamasa | kautamèning narpati ||

5. catur prakawis saèstu | yèn tinilar botên kenging | pukulun manawi tilar | saking
sakawan prakawis | saèstu kenging sinêbat | cacad kang agêng sayêkti ||

6. ya ta mangkana sang prabu | duk [du...]

--- 181 ---


[...k] miyarsa turing Patih | Sutiksna ingkang mangkana | sapandurat datan angling |
karana raosing driya | lêrês tan ana kang sisip ||

7. duk samana datan dangu | dènira aginêm kawis | kasaru ing rawuhira | kang eyang
Gêndara Aji | Sang Aprabu Gêndraprawa |[12] karya kagyatnya sang aji ||

8. umiyat ing rawuhipun | kang eyang Sri Gêndara Ji | têka anêlangke datan | botên
mawi dèn aturi | ing kana sri nata têdhak | gurawalan angurmati ||

9. duk samana sarêng tundhuk | ingancaran lênggah nuli | wus sira atata lênggah |
gya sinambramèng pambagi | Maha Prabu Gêndrayana | angrêrêpa turirèki ||

10. bagya kamayangan tuhu | rawuh paduka mariki | nalangke tan ingaturan | akarya
gitaning lyali | bokmanawi wontên karsa | jêng eyang ingkang wigati ||

11. dene eyang rawuhipun | datan cêcala rumiyin | ya ta Prabu Gandraprawa |


[13] mangsuli aturira ris | manis winor manuhara | dhuh anggèr sotyaning bumi ||

12. botên katênta pukulun | ywan wontên karya wigati | mung dahat onêng kawula |
dhatêng padukendra gusti | duk pun kaki wontên praja | raosing tyas kêtir-kêtir ||

13. wontên paribasanipun | yèn siyang tan pati bukti | yèn ratri tan arsa nendra |
marma klampahan pun kaki | akadhêmpalan mrih prapta | prajèng Ngastina puniki ||

14. saking dahat onêngipun [o...]

--- 182 ---

[...nêngipun] | dhumatêng paduka aji | manawi wontên bêbaya | kumêdah mirsa pun
kaki | têlas turnya Sri Gêndara | Sri Gêndrayana duk myarsi ||

15. kang eyang andikanipun | dahat ing pangungunnèki | puwara


gangya[14] wêwarta | kawontênaning praja di | sakondurira kang eyang | dumugi
panundhungnèki ||

16. Sang Sudarsanarya Prabu | miwiti malah mêkasi | duk samana lagya eca | dènira
imbalan angling | ing kana Sri Gêndraprawa | langkung ngungun duk miyarsi ||

17. dene ngungunipun wau | dene ta elok sayêkti | gêgêtunira ing driya | de rinta sri
narapati | Arya Prabu Sudarsana | ingukum tan sawatawis ||

18. nihan sapantara dangu | duk eca imbalan angling | kasaru gègèr kapyarsa |
puyêngan pating jalêrit | kadya gabah ingintêran | wontên dirada mêta ngrik ||
19. tanpa sangkan dhatêngipun | prapta laju mobat-mabit | singa katarajang bubar |
ting salêbar ngungsi urip | giris myat dirada nyarap | waringutên solahnèki ||

35. Pangkur

1. ing wuri miwah ing ngarsa | griya-griya risak ingobrak-abrik | têtiyang pating
bilulung | lumajêng asar-saran | ngungsi sowang-sowang samya rêbut dhucung |
kang kacandhak mring dipangga | ingabên lan wrêksa lalis ||

2. mangkana punang dirada | saya liwung pamuknya gêgirisi | lah ing kana botên
dangu | punang dirada kurda | ngênêr dhatêng păncaniti lampahipun [la...]

--- 183 ---

[...mpahipun] | ngobrak-abrik pasowanan | samya swuh abosah-basih ||

3. lêbur tumpur ting sulayah | lah ing kana Sri Gêndrayana Aji | miwah kang eyang
Sang Prabu | Gandaprawa Gêndara | myang punggawa Ngastina gung alit gugup |
arsa nanggulang dirada | tan dangu dirada prapti ||

4. nêmpuh mring para punggawa | kang kacandhak sirna sing dêntanèki | tinlale
binuwang sêbrung | wênèh wontên kantaka | sinawatkên dhawah ing wrêksa gung-
agung | ya ta Prabu Gêndrayana | dahat ing dukanirèki ||

5. saksana mangsah priyăngga | mêthukakên pamukira sang èsthi | punang dirada


duk dulu | mring Prabu Gêndrayana | saya liwung dahat sru bramantyanipun | dirada
gya tiwikrama | gêngira kagiri-giri ||

6. prasasat prabata suta | têlalenya lir pendah carat warsi | lir widyuta dêntanipun |
gêrêng gora swaranya | karya giris sakyèhning ingkang karungu | pangêmprètirèng
dirada | yayah balêdhèg sakêthi ||

7. ing kana Sri Gêndrayana | sinandêr ing èsthi kang bêbayani | kacandhak tinlale
gupuh | kinêplèkkên ing kisma | gya dèn idak ingilês-ilês ing suku | tinon dahat
kawlasarsa | ngalumpruk sariranèki ||

8. yayah tan wignya gulawat | saking sangêt pamasuhing kang èsthi | agêmanira sang
prabu | jêjamang karnantera | miwah katga saha punang kêlatbau | samya malêsat
ing angga | sri nata ciptanirèki ||

9. amung tumêkèng [tumê...]

--- 184 ---


[...kèng] antaka | nanging rèhne sri nata mangkya taksih | jinangkung ing jawata gung
| mila datan pralaya | namung lêsah ngalumpruk saengga kapuk | mangkana punang
dirada | tan kêndhat pangamuknèki ||

10. dhatêng Prabu Gêndrayana | pinrih lalis nanging tan têkèng lalis | mangkya
gantya kang winuwus | nênggih laksitanira | Rêsi Sidhikara lan Sang Arya Prabu |
Sudarsana dupi prapta | jroning Ngastina nagari ||

11. langkung kagyat dupi mulat | kyèhning janma gègèr pating jalêrit | kadya
binujung ing mungsuh | ya ta Sang Sudarsana | gya têtanya kang dadya karananipun
| dera lumayu sar-saran | kang dinangu tur upaksi ||

12. matur yèn praja Ngastina | ing samangkya gègèr katêkan èsthi | praptanya laju
angamuk | mring punggawèng Ngastina | pra wadyendra kathah kang tumêkèng
lampus | malah raka padukendra | tiwas ingamuk mring èsthi ||

13. ingilês-ilês ing kisma | ing samangkya nèng bacira kang èsthi | taksih ngamuk
mring sang prabu | ya tarya Sudarsana | riwusira têrang pamiyarsanipun | yèn kang
raka păncakara | lawan èsthi bêbayani ||

14. kadgadèng tyas gya umêsat | tiningalan lampahnya kadya thathit | sang rêsi
kapitèng kalbu | nututi gurawalan | duk sang wira dupi praptèng alun-alun | umiyat
yèn ingkang raka | dèn obat-abitkên èsthi ||

15. Prabu Sudarsana dahat | bramantyanya mung sumêdyambelani | saksana [saksa...]

--- 185 ---

[...na] gupuh manrambul | duk parêk sang dwipăngga | gya cinandhak tulalenira
akukuh | gajah polah datan obah | tinapuk sirahirèki ||

16. pêcah rahira dêladag | gajah sirna kuwănda tan kaèksi | mangkana Sang Arya
Prabu | Sudarsana wusira | nyirnakakên kang dwipangga dhawah kantu | kantaka
supe ing purwa | duksina ya ta Sang Rêsi ||

17. Sidhikara dupi prapta | păncaniti kapanggih lan sang aji | ing Gêndara miwah
sagung | punggawa ing Ngastina | ingkang mêntas nanggulangi pamukipun |
punang dwirada kang mêta | tundhuk gya warti-winarti ||

18. tantara nulya lumampah | mring bacira sumêdyarsa ningali | mring wayah dènira
campuh | yuda lawan dwipangga | dupi prapta samadyaning alun-alun | miyat
dwipangga wus sirna | nanging kang wayah kêkalih ||
19. kapanggih sami kantaka | Prabu Gandaprawa miwah sang rêsi | miwah punggawa
sadarum | samyanjêrit karuna | wit dinalih sri nata tumêkèng layu | gya samya
nungkêmi pada- | nira jêng sri narapati ||

20. tan dangu nulya binêkta | dhatêng păncaniti kadwi kang kanin | sapraptaning
sitiluhur | Sang Rêsi Sidhikara | nulya ngambil tirta marta kamandhanu | siniramkên
mring kang wayah | kadwi dupi sampun kêni ||

21. punang kamandhanu tirta | kadwinira apungun-pungun sami | wus èngêt kadya
suwau | ya ta Sri Gêndrayana | kagyat dangu dhumatêng sang mantringayun | he
kakang Patih Sutiksna | sapa

--- 186 ---

kang tulung mring mami ||

22. Patih Sutiksna manêmbah | ari tuwan kang rawuh mandhêm èsthi | Sang
Sudarsanarya Prabu | nata dupi umiyat | mring rayindra dahat arsayaning kalbu | gya
rinangkul lungayanya | kumêmbêng waspa drês mijil ||

23. Arya Prabu Sudarsana | rawat waspa tumungkul mangênjali | eyang dwi myang
punggawa gung | samya bela karuna | tan antawis dangu Sidhikara Wiku | miwah
Prabu Gandaprawa | agêntos warti-winarti ||

24. awit lêlampahanira | saking praja miwah saking ing wukir | dumugi sasirnanipun |
kanang dirada durta | tinuturkên kang miyarsa samya ngungun | puwara sokur ring
driya | wusnya mangkana anuli ||

25. bibaran saking paseban | Prabu Gêndrayana tumamèng puri | kang eyang kadwi
tumuntur | miwah ari sri nata | Arya Prabu Sudarsana datan kantun | samya tumama
ing pura | umantuk kang wadya aji ||

36. Durma

1. sêkar Durma gumantyèng yudakênaka | ing mangkya kang rinuwi | ing warsa
anggila | ing nalika punika | antawis mung lêt saari | lan sirnanira | tekang dwipangga
putih ||

2. sri pamasa duk arsa boga drawina | lawan kang eyang kadwi | miwah ari nata |
Sang Arya Sudarsana | miwah sakyèhning wadya ji | duk wus samêkta | adan
prasamya bukti ||

3. tan winarna ramening kang suka-suka | duk lagya anêngahi | ramening drawina |
kasaru myarsa swara | gègèr ing sajroning puri | para parêkan |
--- 187 ---

pating balêbêr wingwrin ||

4. samya mêdal lumajêng mring pasewakan | tur uninga sang aji | ywan sajroning
pura | wontên dahana mubal | tanpa sangkan praptanèki | langkung agêngnya |
ambêsmi jroning puri ||

5. ya ta sri narendra miwah ingkang eyang | Sang Sidhikara Rêsi | myang Sri
Gandaprawa | miwah para punggawa | gugup samya manjing puri | praptaning pura |
punang dahana kèksi ||

6. ngalad-alad angèbêki dhatulaya | mangkana sri bopati | kontrang-kantring dahat |


gya ngimpuni pra garwa | putra myang sèsining puri | kang dèrèng kobar | nanging
kantun sakêdhik ||

7. duk samana Prabu Gandaprawa muwah | Sang Sidhikara Rêsi | sami matak măntra |
mrih sirêping dahana | nanging dahat tanpa kardi | punang dahana | tan mêndha
sayandadi ||

8. mubalira yayah sundhul ing akasa | wisma sajroning puri | wus brastha sadaya |
pamuking kang pawaka | sansaya kagiri-giri | gêrêng swaranya | tinon sulaking agni ||

9. ngalad-alad yayah kang arga dahana | kawuwusa Sang Rêsi | Sidhikara miwah |
Sang Prabu Gandaprawa | kadwi wus sirna kabasmi | gya wontên swara | jumêgur ing
wiyati ||

10. gorèng swara angèbêki sabuwana | măngka pratandhanèki | sampurnèng


kamuksan | ya ta Patih Sutiksna | miwah para punggawa ji | sadaya datan | bakit
ananggulangi ||

11. ardanirèng dahana dadya prasamya | umarêk [umarê...]

--- 188 ---

[...k] mring ngarsa ji | ngaturi uninga | ywan kadwi eyang nata | Rêsi Sidhikara tuwin |
Sri Gandaprawa | samya muksa kabêsmi ||

12. lah ing kana Maha Prabu Gêndrayana | dahat dènnya rudatin | tan dangu sri nata |
amarpêki dahana | pra punggawa samya ngiring | sandeyaning tyas | manawi sri
bopati ||

13. kasalad ing dahana kang ngalad-alad | saha kuwatos bilih | sri natarsa bela |
umanjing jro dahana | mila arindra sang pêkik | Dyan Sudarsana | datansah wontên
wingking ||
14. ngira raka nata datan kenging pisah | duk parêk lawan agni | Prabu Sudarsana |
dahat sungkawanira | kèngêtan muksanirèki | sang parampara | Sidhikara Maharsi ||

15. lawan Prabu Gandaprawa ing Gêndara | ya ta Gêndrayana Ji | duk arsa umangsah
| nyirêp punang dahana | Sang Sudarsana anuli | ngêningkên cipta | sigra dènnya
sêmèdi ||

16. astanira sêdhakêp asuku tunggal | amuntu ciptanèki | nutupi babahan | nawa
sasanga muwah | ngêningkên păncadriyèki | èsthining karsa | minta sirnaning agni ||

17. lah ing kana katarima pujanira | tan dangu punang agni | sirna sanalika | ya ta Sri
Gêndrayana | miwah para punggawa ji | kagèt ing driya | dènira aningali ||

18. kang dahana sirna datanpa karana | duk manolèh ing wuri | sri narendra kagyat |
karana kawistara | kang dadya sirnaning agni | saking arindra | taksih

--- 189 ---

mêsu sêmadi ||

19. sri pamasa miwah sakyèhning punggawa | dahat sukanirèki | dadya sri narendra |
gupuh mrêpêki rinya | rinangkul jangganirèki | kinuswa-kuswa | ngandikanya rum
manis ||

37. Dhandhanggula

1. sinung sabda manuhara manis | dahat dènira mangêla-êla | yayah mêmalat driyane
| dhuh babo ariningsun | Sudarsana ingkang sayêkti | kadangira pun kakang | dhuh
dhuh yayi prabu | apa kang sun walêsêna | marang sira dene dahat wanti-wanti |
utang urip mring sira ||

2. Arya Prabu Sudarsana dupi | amiyarsa sabdanya kang raka | sigra ngudhari astane |
gya nêmbah sartandhêku | nèng ngarsendra konjêm ing siti | mangkana kawuwusa |
lagya imbal wuwus | kasaru ing rawuhira | Hyang Naradha tumurun saking wiyati |
kagyat ingkang tumingal ||

3. samya konjêm mabukuh ing siti | angurmati mring Sang Hyang Naradha | kadya
sêmèdi patrape | Hyang Naradha gya dhawuh | dhawuhakên timbalannèki | Sang
Hyang Jagad Wasesa | dhumatêng Sang Prabu | Gêndrayana myang arindra |
sabdanira hèh yoganing ulun kaki | wruhanira kang dadya ||

4. praptaningsun mring Ngastina iki | ngêmban timbalan Hyang Girinata | ingsun


kinèn dhawuhake | dêduka mring sirèku | awit Sang Hyang Wisesa uwis | waskitha
marang sira | miwah Sang Hyang Guru | wus pana mring solahira | apadene sira duk
mau wis angling | rumăngsa kapotangan ||
5. urip arsa [ar...]

--- 190 ---

[...sa] malês mring rinèki | iya kaki Prabu Sudarsana | ing samêngko ingsun kinèn |
amundhut nyatanipun | dera arsa malês rinèki | awit ing nguni sira | wus kalakon tuhu
| inguripan mring rinira | nganti ping nêm pratelane siji-siji | kang dhingin arinira ||

6. nyirnakake ditya wadyanèki | rasaksendra Prabu Drawila |[15] ing Nungsa Kambana


anèng | madyèng alas rumuhun | kapindhone arinirèki | anyirnakake ditya | rasêksi lan
diyu | kang padha amalih rupa | mindha endhang kalawan brahmanèng wukir | padha
tur-atur jênang ||

7. iya iku kadwi dutanèki | Prabu Drawilaka raksasendra | kinèn anyidra karyane |
dene kang kaping têlu | arinira wus akarya nir | turăngga ingkang saka | nangkoda
ing ênu | kang sajatine nangkoda | iku ditya mrih juti amindha warni | dene arupa
kuda ||

8. kumaraning Ardawalika wil | arinira Prabu Drawilaka | kang murih pati sêdyane |
mring sira de ping catur | arinira dene wus bakit | nyirnakake taksaka | nèng jroning
kadhatun | yèn ajaa arinira | kaki Arya Prabu Sudarsana nuli | sumurup mring taksaka
||

9. garwa saputranira amêsthi | sida sirna pakartyèng taksaka | wasanane parandene |


sirèku dadi kolu | amidana marang rinèki | tan nganggo sawatara | bêbasanirèku |
apatrap sawênang-wênang | tanpa

--- 191 ---

tolih marang kadang jalu siki | dadi wun têtêp sira ||

10. ratu tanpa parikrama yêkti | datan nganggo titi lan pariksa | sêpi ing paramartane
| dene ping limanipun | sira lawan sawadyanèki | dèn amuk ing dirada | uga èsthi iku |
sirna saka arinira | tur ing nguni mêntas sira pisakiti | kinêthok astanira ||

11. sajatine kang arupa èsthi | ditya ingkang măngka satrunira | iya iku kumarane | Sri
Drawilaka Prabu | kaping nême arinirèki | nyirnakake pawaka | kang bêsmi kadhatun |
ing samêngko nêm prakara | wus kalakon sirna saka rinirèki | dene kang dadya brama
||

12. nuli ngobar puranira kaki | iya ditya panunggalanira | Sri Drawilaka arane | ditya
Wandagni iku | buta julig anglêluwihi | tur sêkti măndraguna | prawira ing kewuh |
manjing ajur ajèr bisa | amancala sakalir kang dèn karêpi | prandene bisa sirna ||
13. dening rinta marmanira kaki | têgêsira sira kapotangan | urip rambah kaping
nême | mring rinira satuhu | lah ta apa piwalêsnèki | mara nuli têkakna | mumpung
nèng ngarsèngsun | sun arsa anêksènana | têlas sabdanira Hyang Kanekasiwi | ya ta
Sri Gêndrayana ||

14. duk miyarsa pangandikanèki | Hyang Kanekaputra kang mangkana | dadya


sungkawèng driyane | cipta ywan antuk bêndu- | ning jawata ingkang linuwih |
langkung panalangsanya [panalang...]

--- 192 ---

[...sanya] | puwara umatur | angrêrêpa rawat waspa | aturira mêlasasih ngasih-asih |


dhuh sang maha bathara ||

15. mênggah dhawuh paduka sakalir | èstu lêrês tan wontên kang lêpat | purwa
praptèng wasanane | mung kawula satuhu | ingkang dahat manawung sisip | mring
sang maha bathara | miwah yayi prabu | rèhning kawula samangkya | wus rumaos
manawi kawula tampi | dukèng Hyang Girinata ||

16. dhuh pukulun tan langkung samangkin | pun Gêndrayana amung atadhah |
nênggih pangupadrawane | sang maha bathara gung | saupami dipun dhawuhi |
papa papa punapa | kawula jumurung | mung nêdya lumaksèng titah | bilih dhawah
ing pêjah pêjah punapi | kang amba lampahana ||

17. nadyan ajur luluh katiyub ing | kumêndhang pun Gêndrayana datan | pisan-pisan
bilih badhe | amingkarèng satuduh | sayêkti mung badhe nglampahi |
sapudhêndhaning dewa | têlas sabda prabu | Sang Hyang Naradha ngandika | kaki
prabu sokur manawa sirèki | wus wikan sisipira ||

18. yèn mangkono tampanana nuli | dêdukane Sang Hyang Girinata | iya samangko
karsane | sira mangkya linungsur | karaton ta Ngastina nagri | nuli sira babada | karya
praja besuk | ana alas ing Mamênang | sarta nora kalilan sumêne malih | kudu
mangkat samangkya ||

19. sagarwa putranira ywa kari | apadene prajanta Ngastina | atas saka ing karsane |
Hyang Girinata tuhu |

--- 193 ---

pinaringkên arinirèki | Ki Prabu Sudarsana | jumênênga ratu | binatharèng nungswa


Jawa | dene sira mangko narimaa dhingin | anèng ngalas Mamênang ||

20. nênuwuna mring dewa linuwih | bokmanawa têmbe katarima | dewa paring
aksamane | dhawuhe Sang Hyang Guru | sira klilan anggawa Patih | Sutiksna
sakancanya | punggawa kang sêpuh | marma mangkana wruhanta | Si Sutiksna ing
têmbe bakal mijèni | putrèstri panuksmanya ||

21. apsari kang panêngran Dèwi Sri | dene sira puwaranya bakal | nuwuhake putra
têmbe | jalu panuksmanipun | Sang Hyang Wisnu jumênêng aji | arana Narayana |
wus pinasthi tuhu | dadi jatukramanira | lan sutane Patih Sutiksna sayêkti | iku ing
têmbe bakal ||

22. nurunake wijining para ji | nungswa Jawa praptèng punghaskala | dene kang dadi
patihe | arinta kaki prabu | arinira Sutiksna Patih | aran Arya Sunjaya | iku wêkas
ingsun | ing têmbe turunanira | dadi siji lan turune rinirèki | tulus bawani Jawa ||

23. lah ta mara payo kaki aji | Gêndrayana lamun dhasar sira | mituhu marang
dewane | nuli mangkata gupuh | ywa kasuwèn kudu saiki | yèn sirarsa mingkara |
sayêkti tan ayu | kadadak ing sapudhêndha- | ning jawata bineda sipatirèki | lawan
janma manusa ||

24. samangkana Sri Gêndrayana Ji | miwah sakyèhning para punggawa | ingkang


[ing...]

--- 194 ---

[...kang] samya myarsakake | Hyang Nradha dènnya dhawuh | têmah sami dahat
gêng kingkin | mung tansah rawat waspa | dangu-dangu mupus | wus pêpasthèning
jawata | mung sumendhe mring karsaning dewa luwih | puwara tur sandika ||

25. Prabu Gêndrayana tandya nolih | dhatêng Patih Sutiksna sawadya | mrih tata-tata
bêktane | tanggap kang sinung dhawuh | tan winarna solahirèki | lyanira tata-tata |
dupi sampun rampung | Sri Gêndrayana sagarwa | putra wadya ingkang kalilan
umiring | pindhah dhatêng Mamênang ||

38. Asmaradana

1. kasmaran dènnya lumaris | tinon dahat kawlasarsa | arêreyongan lampaha |


[16] sapêngkêrnya sri narendra | Sang Hyang Naradha nabda | mring Sudarsanarya
Prabu | dhuh dhuh kaki Sudarsana ||

2. ywan ing mêngko karsanèki | Sang Hyang Jagadnata sira | mangko pan
kinarsakake | dadya nata binathara | anèng praja Ngastina | sarta dèn lilani tuhu |
ambawani kang bawana ||

3. lawan sira dèn paringi | nama Prabu Sudarsana | ya Sri Yudayaka katong | iya Prabu
Darmayana | dene pêpatihira | Patih Sunjaya ranipun | arine Patih Sutiksna ||
4. miwah sira dèn dhawuhi | mulyakkên pura kang rusak | kang mêntas padha
kaobong | ya ta Prabu Yudayaka | manêmbah tur sandika | miwah nguswa padanipun
| jawata Sang Hyang Naradha ||

5. wusnya mangkana anuli | Hyang Kanekaputra muksa | ya ta mangkana sang


katong [ka...]

--- 195 ---

[...tong] | Maha Prabu Yudayaka | lênggah ing dhampar rukma | siniwèng wadya
sawêgung | tan ewah lan ingkang raka ||

6. sigra dhawuh dhatêng patih | kinèn angrakita pura | lir ing nguni miwah kinèn |
lêlayu mring Manikmaya | sung warta yèn kang eyang | muksa kabasmaran sampun |
myang boyongi ingkang garwa ||

7. Rêtna Dèwi Padmasari | miwah kinèn utusana | mring Gêndara paring wêroh |
muksane Sri Gandaprawa | sandika kang sinabdan | mung punika tamatipun | kang
nami srat Yudayana ||

8. tinêngêran tamatnèki | sinrat nèng kantor Singkawang | sasêlaning karya gatos |


karana ingkang mangripta | duk padununganira | mêningi jaman dahuru | Cina
campur lawan Dhayak ||

9. sumêdya mêngsah Kumpêni | dadya kyèhning pênjualan | kathah kang samya dèn
èntrèg (suwak) | kawula piniji karya | nampi sakèh bramastra | purlad ahtêrlan myang
pistul | wiwit ing Ogustus wulan ||

10. dumugi Oktobêr tèngsi | jroning warsa kawan wêlas | duk tanggal ping nawa
wlase | tuk warta ywan jasat amba | ingêlih kang pakaryan | mantri pulisi ranipun |
pindhah dhatêng tanah Banjar ||

11. nanging sanès Banjar nagri | bawah rêsidhèn Banyumas | ing Banjarmasin yêktine
| ugi Borneo pulonya | sisih kidul prênahnya | pangkatnya ngêntosi dhawuh | mila
mugi koningana ||
 

Anda mungkin juga menyukai