Anda di halaman 1dari 3

Tugas Makalah Film Drama “ KALA”

Anggota Kelompok : 1. Isna Dela Aprilidia


2. Zakiatul Rohmadona

BAB I
PAMBUKA
i. LATAR BELAKANG
Reog lan kuda lumping guduk sesuatu seng asing ndek pulau Jawa. Ya, reog lan kuda
lumping iku kebudayaan saka pulau Jawa. Kuda lumping iku asale saka Ponorogo, Jawa
Timur. Yen reog asale saka Ponorogo, Jawa Timur. Reog iku tarian tradisional kanggo
ngehibur rakyat, lan ngadung unsur magis. Penari utama reog iki uwong kang nduweni sirah
singa ambek hiasan wulu e merak, lan penari liyane topengan karo nggae kuda lumping. Yen
kuda lumping utawa jaran kepang yaiku tarian tradisional kang nampilno sakgerombolan
prajurit kang nunggang jaran. Tarian iki nggawe jaran kang digae saka rosan utawa pring
utawa barang kan dianyam lan diketok dadi bentuk jaran. Jaran kepangiku bagian tekok
pagelaran tari reog.

ii. TUJUAN
Tujuan penulisan makalah iki yaiku kanggo pemoco iso ngerti apa ae seng onok ndek drama
film Kala iki, kaya unsur instrinsik, ekstrinsik, pesan moral apa kang isokita jukuk teko film
iki, serta iso gae sinau tentang pemahaman karo penilaian film iki layak didelok opo ora.

iii. MANFAAT
Kita iso ngerteni alur cerito drama film Kala iki, ngerteni pesan moral kang ono ing drama
film iki, kita iso njukuk sisi kang apik teko drama film iki, lan iso gae ulasan karo film sing
liyane.
BAB II
PEMBAHASAN
i. DESKRIPSI DRAMA
Drama yaiku nduweni teges cerios/kisah ingkang ngelibataken konflik utawa emosi lan
didamel khusus naming kangge pertunjukan teater. Cerios ingkang didamel saged ngisahaken
kedadean nang alam dunyo kelawan nyoto utawa rekodoyo.
Ing sajroning drama iku nduweni unsur-unsur ingkang kalebat saking paraga, setting, alur, lan
dialog. Ing unsur paraga dewe kadiri saking paraga utama, paraga pembantu, lan paraga
figuran.

Film KALA yaiku fil cekak saka UNNES sing dirilis taun 2017. Film sing disutradarai
Widia Laraswati iki di perano karo Yanto (Aji), Pak Pitiyo (Mbah Kakung), Bu Prapti (Mbah
Uti), Ferry ( Pak Pitoyo Enom), Dwi (Mbah Uti Enom), Fauzi (Pak Karim), Ofa, Anto, Rudi,
Widodo, lan Wijang (penari reog).
Film iki garis besaar ceritoe nyritakake babagan ora oleh putus asa, dadi uwong iku kudu
sing semangat lan sabar ngadhepi kangelan. Film Kala iki pesan morale apik gawe generasi
enom jaman saiki.

RANGKUMAN
Saka Film Kala iki, awak dewe bisa ngerteni luwih jero ukara sing disampekaken paraga
yaiku dadi uwong ora oleh putus asa, kudu semangat lan sabar ngadhepi masalah sing nimpo
awak dewe. Banjur awak dewe kudu semangat banget yen awak dewe ngadhepi kangelan,
tuladha perkara pelajaran utawa perkara liyane sing ora bisa ditindakake.

ii. ANALISIS KELEBIHAN LAN KEKURANGAN

KELEBIHAN
Kelebihan saka film iki yaiku ceritane menarik, bahasa sing digunakake gampang
dingerteni, lan alur ceritane ora mboseni saengga para penonton kepingin ndelok film iki
nganti pungkasane cerito, pesen moral ing cerito iki apik saengga nuwuhake penonton supaya
bisa ngadhepi kangelan kanthi semangat lan sabar ora oleh putus asa.

KEKURANGAN
Kekurangan saka film iki yaiku ana adegan sing ora masuk akal yaiki uwong sing moro-
moro nggowo wedhus, kajawi menika ana adegan sing Aji nangis, Aji pas nangis iku kurang
penjiwaan e dadi kesengsem banget lan ora katon natural.

iii. ANALISIS UNSUR INTRINSIK

1. Tema : Pelajaran hidup saka reog


2. Alur : Alur sing digawe yaiku alur maju lan mundur
a) Jejer : Aji lan kanca-kancane lagi latian nari reog, amarga aji ora semangat aji
didukani pak Joko lan diilokno kanca-kancane, akhire aji moleh nang omahe karo
nangis lan cerito nang mbah Uti. (Alur Maju)
b) Pasulayan : Mbah Uti nyeritakake kisahe mbah kakung wektu isih enom kang dadi
penari reog lan jaran kepang nanging ora dibayar.(Alur Mundur)
c) Pangudarane Prakara : Mbah Kakung teko, moleh nang omah lan mbah uti cerito
perkara aji sing nangis, banjur mbah kakung menehi nasehat menyang aji, akhire aji
latihan kanthi semangat. (Alur Maju)
3. Latar
a) Waktu : taun 2017, taun 1989, awan (Aji latian nari jaran kepang), isuk (Mbah
Kakung siap kate tampil)
b) Tempat : omahe Pak Joko (Aji latian nari), omahe mbah kakung (Aji nangis
moleh), omahe Pak Karim (mbah kakung lan muride tampil)
c) Swasana : sedih (Aji didukani pak Joko), haru (dana e mbah kakung cair)
4. Paraga lan watak
1. Aji : nangisan, rajin, gampang termotivasi, manut marang wong tuo
2. Pak Joko : ngamukan, atine apik
3. Koncone Aji : ngiloknoan
4. Mbah Uti : atine apik, sabar, bijaksana
5. Mbah Kakung : atine apik, bijaksana, sabar, pantang menyerah, gamoang
bersyukur
6. Pak Karim : ramah, ngamukan, medit
7. Satpam : ramah
8. Murid e Mbah Kakung : Manut
5. Amanat
Awak dewe kudu sabar lan semangat supaya awak dewe iso

iv. ANALISIS UNSUR EKSTRINSIK


Nilai – Nilai Ing Njero Drama
a) Nilai Budaya : Ngelestarikno budaya Jawa
b) Nilai Moral : Seneng kebudayaan Indonesia
c) Nilai Sosial : Koncoan langabung suatu lembaga kesenian

BAB III
PENUTUPAN
i. KESIMPULAN
Kesabaran, kesemngatan kro seneng mbudidayakno budaya Indonesia seng kudu kito
contoh lan tiru saka drama “ KALA” iki. Kita kudu semangat supaya iso ngelakoni seng kita
pengeni lan kita kudu sabar ben hasile iso muasno kita. Kudu terus semangat lan sabar. Lan,
ojok lali terus mbudidayakno budaya kita be terus lestari lan ora punah. Kita kudu ngelakoni
iku kabeh ambek ati seng ikhlas.

DAFTAR PUSAKA

Anda mungkin juga menyukai