Anda di halaman 1dari 8

MATERI BAHASA JAWA

KELAS IX
BAB SANDIWARA
DISUSUN OLEH,
1. Adinda Fauzia (IX A/01)
2. Ajeng Nurhaliza Ar (IX A/03)
3. Azkal Azkiya (IX A/07)
4. Febby Malikha A (IX A/16)

SMP NEGERI 15
SEMARRANG
S A N D I WA R A
Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara
kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-
tanduk pawongan liya.

Unsur Intrinsik Sandiwara


a. Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara
dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.
b. Purusa/Paraga (tokoh), yaiku purusa kang nglakokake crita.
- Protagonis, karakter utama tumindake apik.
- Antagonis, karakter kang tumindake ala.
- Tritagonis, purusa kang ndhukung ana ing sandiwara.
- Figuran, paraga kang ora akeh/sithik perane ing sandhiwara utawa mung kanggo
ganep-ganep.
c. Watak, dhasaring bebuden, tingkah laku.
- Watak kang apik.
- Watak kang ala.
c. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.
d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.

Unsur Ekstrinsik Sandiwara


Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur
samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.

Wujude Sandiwara
1. Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang
dibarengi salah bawa.
2. Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten
dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.
3. Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan
pungkasane seneng-seneng.
4. Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).
Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:
a. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
b. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
c. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.
d. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:
a. Gladen olah watak
b. Gladen swara
c. Gladen observasi lan imajinasi
d. Gladen konsentrasi
e. Gladen teknik pementasan
f. Gladen sistem acting
g. Nglancarake keprigelan lan gladen
Tulung - tinulung Marang Korban Bencana Alam

BABAK 1
Ing musim udan iki akeh kadadean lemah longsor. Salah sawijine kadadean ing desa Kebon
Gunung, Purworejo. Tanggal 1 kepungkur lagi wae kadadean lemah longsor sing ngakibatke akeh
omah sing kurugan longsoran lemah. Keprungu kabar kuwi, Dzulfaq, Untsa, lan Mias banjur matur
marang Pak Enrico ing ngarep kantor guru menawa arep nganakake bakti sosial kanggo mbiyantu
korban lemah longsor.

Untsa : “Sugeng enjing pak, kula, Mias, lan Dzulfaq badhe matur”
Pak Enrico : “Oo.. ya rene-rene arep matur apa?”
Untsa : “Punika pak… kita gadhah rantanan badhe ngawontenaken adicara bakti sosial ing desa
ingkang nandang rubeda punika.”
Mias : “Inggih pak, kita mireng menawi ing Desa Kebon Gunung punika kenging bencana siti
ingkang longsor,”
Pak Enrico : “Wah, apik kuwi nganakake bakti sosial, bakti sosial iku bisa menehi piwulang peduli
marang liyane, bakti sosial yo bisa nggawe awake dhewe iki atur syukur marang kang akarya jagad
amarga di paringi kasarasan, lan ora kena bencana sing bisa mbebayani nyawa.”
Dzulfaq : “Inggih pak, pramila, kita sedaya ngaturi bapak ingkang dados pendamping kita kangge
baksos menika.”
Pak Enrico : “Yo bapak bisa, kapan rencanane baksos kuwi?’’
Mias : “Dinten Kamis ngenjang pak.”
Pak Enrico : “Wah sesuk yo? wes ndang disiyagakake kaperluane. Yowes bapak mlebet kantor
dhisik.”
Dzulfaq : “Inggih pak, matur nuwun”

BABAK 2
Sawise matur marang Pak Enrico, Dzulfaq, Mias, lan Untsa nyiap-nyiapke kaparluan kang
arep di gawa ning posko lemah longsor ing Kebon Gunung.
Pak Enrico : “Piye nduk persiapane?”
Mias : “Punika sampun jangkep sedaya pak.”
Pak Enrico : “Oh yo nduk”
BABAK 3
Dina Kamis sore, jam 3 an Untsa, Mias, Dzulfaq dikancani Pak Enrico wes tekan ing posko
lemah longsor kuwi. Ing kana bocah 3 lan Pak Enrico ketemu karo Bu Sekar sing dadi panitia peduli
korban bencana alam.
Untsa : “Lha kahanane kok kaya ngene ta?”
Mias : “Ora kena ngono Unt, karang yo bar kena bencana ya kaya ngene.”
Dzulfaq : “Ststststt.. ra do reang, kae wis ana panitia peduli korbane.”
Pak Enrico : “Sugeng siyang bu, kita sedaya saking SMP 2 Purworejo ngawontenaken adicara baksos
kangge korban siti ingkang longsor, menika wakil saking SMP 2 wonten Mias, Untsa lan Dzulfaq,”
Bu Sekar : “O nggih, pak mangga mlebet.”
Pak Enrico : “Nggih bu, menika kita sedaya mbeta sekedih rasukan, mie, dhaharan, lan
sapanunggalanipun kangge korban siti ingkang longsor.”
Bu Sekar : “Nggih pak kula tampi, matur nuwun sanget pak.”
Pak Enrico : “Nggih bu sami-sami,
Unsur Intrinsik :
- Tema : Praduli Pepadha
- Judul : Tulung-tinulung Marang Korban Bencana Alam
- Latar :
1. Papan : Ngarep ruang guru, ngarep perpustakaan, posko lemah
longsor.
2. Wektu: Dina Kamis sore.
3. Swasana : Sedih, prihatin.
- Alur : Maju
- Watak :
1. Untsa : Apikan, wacaksana, perduli marang sapa wae
2. Dzulfaq : Wicaksana, apikan, seneng tulung tinulung
3. Mias : Wicaksana, seneng tulung tinulung
4. Pak Enrico : Wicaksana, apikan
5. Bu Sekar : Seneng tulung tinulung, apikan, wicaksana

Anda mungkin juga menyukai