pasar-seni-ancol-to-host-wayang-kulit-show-this-saturday
A. PETUNJUK PEMBELAJARAN
Memulai dan mengakhiri pembelajaran dengan membaca do’a.
Peserta didik mengikuti pembelajaran dengan tertib.
Menyelesaikan tepat waktu tugas yang diberikan.
B. TARGET PEMBELAJARAN
Melalui kegiatan tanya jawab, peserta didik dapat menjelaskan stuktur teks
wayang dengan tepat.
Melalui kegiatan diskusi secara peserta didik dapat menjelaskan unsur
kebahasaan teks wayang.
Setelah membaca teks wayang, peserta didik dapat menjelaskan pesan moral teks
wayang.
Setelah membaca teks wayang, peserta didik dapat menceritakan kembali
relevansi pesan moral teks wayang dalam kehidupan sehari-hari.
C. DESKRIPSI AKTIVITAS PEMBELAJARAN
INIS
"Dan (ingatlah juga), tatkala Tuhanmu memaklumkan; "Sesungguhnya jika kamu
bersyukur, pasti Kami akan menambah (nikmat) kepadamu, dan jika kamu
mengingkari (nikmat-Ku), maka sesungguhnya azab-Ku sangat pedih." (Q.S
Ibrahim : 7)
Planning
Peserta didik menyimak contoh teks cerita wayang.
Kegiatan literasi
Peserta didik menandai mengamati struktur teks cerita wayang.
Kolaborasi
Peserta didik mendiskusikan pesan moral yang terdapat dalam cerita wayang.
Komunikasi
Peserta didik menyampaikan pesan moral yang terdapat dalam cerita wayang.
Kreativitas
menceritakan kembali relevansi pesan moral teks wayang dalam kehidupan
sehari-hari.
D. AKTIVITAS PEMBELAJARAN
JENENGKU GATHUTKACA
Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu
Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono uga sing padha rawuh. Sri
Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga
melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing
biasane cengar-cengir uga melu sedhih. Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis
maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara
wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane
Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata
Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku
ora bisa pedhot.
Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya
enggal nemu pepadhang. Akhire rawuh Buyutku, Begawan Abiyasa. Panjenengane
banjur ngutus paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline ngasta
sarunge pusaka Kuntawijaya. “Arjuna, golek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye ta
yayi?” pitakone Prabu Kresna.
“Nun inggih, Kaka Prabu. Senjata Kuntawijaya klentu dipunparingaken Adipati
Karna ing Awangga. Kula namung saged ngrebat warangkanipun menika,”
“Hmm, ora oleh pusakane ora apa-apa. Wis Jlamprong.. coba pedhoten ari-arine
ponakanmu!”
Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak
thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh
tandha gumbira. Nanging aneh, warangka sing kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna.
Uwa Arjuna bingung lan kaget. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya aku
dijaga lan diadohna saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Aku ora
ngerti apa maksud ngendikane. Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder.
Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit.
”Prekincong..prekincong waru dhoyong ditegor uwong..lere..lere..kali
codhe sapa sing nduwe.. Ingsun sing prapta Werkudara. Anakmu si Tetuka
bakal dakgawa, disraya para dewa.”
”Hmm.. Narada dewaku, digawa kepriye? Wong bayi isih abang, lagi pupak
pusere?”
”Aku ra papa.. percayaa karo para dewa. Anakmu iki bakal bisa mikul dhuwur
mendhem jero. Dewa saiki golek jago. Ana ratu buta Kala Pracona. Ora ana sing bisa
nandhingi kejaba si Tetuka” Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka,
digodhog bareng karo gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh.
Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga
kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud Antrakusuma lan ajian
Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca .
Kacritakake dening Davit Harijono
Pepeling
Wacan ing dhuwur wujud crita wayang sing wis dimodhifikasi. Crita
wayang kuwi salah sijine tuladhane wacan narasi. Wacan narasi bisa
adat istiadat.
basa, lan pesan moral, nilai budi pekerti kang mangun wacan crita.
Pagerten
Wayang yaiku Salah sawijining karya sastra jawa arupa drama nanging paragane
yaiku golekan lan dilakokake dening dhalang. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran
watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene
mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana.
https://www.google.com/url?sa=i&url=https%3A%2F%2Fid.wikipedia.
2. Wayang golek
yaiku Wayang sing
kagawe saka kayu.
Wusanane wayang
nganggo kain sing
direka kaya
agemaning paraga
wayang. Wayang
golek kondhang ing
tlatah sunda (jawa
kulon).
puppetry-or-wayang-golek-5aa32bf9dd0fa81716558c82
3. Wayang wong
yaiku Pagelaran wayang
sing diparagakake
dening wong. Pagelaran
wayang wong ora ana
dhalange, nanging
paragane lumaku manut
crita sing dipilih.
iostix.com/id/article/294/jenis-wayang-wong.
E. LATIHAN SOAL
GLADHEN I
A. Wacan ing dhuwur wacanen lan setitekne kanthi permati!
B. Sawise maca, pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis!
1. Apa irah-irahane crita wayang ing dhuwur?
2. Apa tema saka wacan ing dhuwur?
3. Kepriye alure crita ing dhuwur?
4. Kepriye latar wektu lan panggonan crita ing dhuwur!
5. Sapa bae paraga utama lan paraga tambahane? Kepriye wewatakan
paragane?
6. Nilai moral/amanat apa sing bisa kajupuk saka wacan ing dhuwur?
Aspek penilaian 1 2 3 4
Struktur teks wayang
Pesan moral teks wayang
F. Rubrik penilaian