Crita Wayang
BAB
2
A Kompetensi Awal
Peserta didik sudah memahami pengetahuan awal tentang karakteristik teks sastra klasik dan
modern yang berkaitan dengan crita wayang.
Sman1gondang 1
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
C Tujuan Pembelajaran
Peserta didik dapat memahami pengetahuan tentang teks sastra klasik (wayang) dan aplikasinya
sesuai dengan kaidah dan kehidupan sehari-hari.
E
Sarana & Prasarana
Modul Bahasa Jawa Kelas X Semester Ganjil, Majalah Penjebar Semangat dan Jaya Baya, Bausastra
Djawa, Pepak Basa Jawa, handphone, laptop, alat tulis, koneksi internet, grup WA, LMS Moodle.
Model Pembelajaran
F
Blanded Learning, dengan model pembelajaran secara tatap muka dan daring (online).
Sman1gondang 2
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Pemahaman Bermakna
Wayang kalebu jinise seni tradisional adiluhung lan wis kawentar ana ing
mancanegara. Wayang minangka seni masterpiece wis diakui dening
UNESCO minangka warisan luhur budaya. Kepriye carane nguri-nguri
kabudayan lumantar seni pagelaran wayang? Miturutmu apa isih relefan
panguripan ing jaman modern iki karo crita sajrone lakon wayang?
Pastikan kondisi dan situasi nyaman serta kondusif sebelum memulai pembelajaran.
Berdoa sebelum dan sesudah proses pembelajaran agar senantiasa dimudahkan dalam
memahami ilmu.
Pastikan menanyakan keadaan dan kondisi siswa terlebih dahulu.
SMAN 1 gondang 3
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
UNSUR
Wujud Wujud PAMANGAUN
Paraga Crita
Intrinsik
JINISE JINISE Ekstrinsik
SMAN 1 GONDANG 4
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Literasi 1
Coba wacanen teks wacan ing ngisor iki kanggo mbukak wawasanmu ngenani crita wayang ing Jawa!
“WAYANG”
Wayang kalebu sawijining kabudayan asli Indonesia kang ngrembaka ing wewengkon
Jawa. Wayang yaiku seni pagelaran kang bisa dadi tontonan lan isine kebak tuntunan, tegese
yaiku bisa dadi sarana piwulangan lan medharake pitutur luhur. Wayang awujud seni
pagelaran drama kang kadhapuk saka seni swara, sastra, musik, tutur, rupa, lsp. Wayang ora
mung saderma kesenian, nanging uga ngemu lambang-lambang kramat, yaiku minangka
gambaran alam pikirane wong Jawa kang dualistik.
Wayang mujudake asiling kabudayan kang tuwuh lan tinampa ing bebrayan
penyengkuyunge. Miturut sejarahe, seni pagelaran wayang kuwi reriptane para Wali nalika
ngrembakakake piwulang agama Islam ing tanah Jawa. Fungsine wayang yaiku minangka
sarana dakwah Islam, kaleksanan saka kawicaksanane para Wali, kang bisa nggayutake
tradisi Hindu-Buddha kalawan kapitayan anyar kang asipat Islami. Crita wayang nduweni
watak komunikatif, tegese tansah nyambung lan bisa ngladeni bebrayan kang bisa nampa
anane. Wujudane tansah manut jaman, ngrembaka laras karo dinamika-ne bebrayan lan bisa
laras karo jagad sakupenge.
Sumbering crita, akeh-akehe saka manca, kayata: epos Ramayana utawa Mahabharãta
saka tanah Indu, critane Wong Agung Menak (saka Arab lan Persia), crita Panji utawa Damar
Wulan (epos lokal), crita kanthi sumber mitos agama, kayata critane para Nabi lan Rasul saka
kitab suci Injil, critane Para Wali lan paraga mitos Islami liyane (saka tanah Jawa), crita
dongeng (kancil) lan paraga lumrah ing jaman saiki. Senajan watake kabeh lakon wayang
rata-rata meh padha utawa ana empere, saben teks carita wayang uga ana sambung rapete
karo jinise wayang mau. Maneka warna jinise wayang, ana sesambungane karo sumbere teks
critane. Sumber crita mau banjur mbedakake jinise wayang, siji lan sijine. Ing jaman modern
iki, wayang dianggep warisan budaya kang banget ajine, mulane nalika taun 2003 UNESCO
ngukuhake wayang minangka sawijining warisan budaya awujud seni pagelaran.
SMAN 1 GONDANG 5
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
KRITIK SOSIAL
Wayang bisa dadi sarana kanggo aweh piweling
lewat kritik kang dislimurake kanthi cara humor.
STATUS SOSIAL
Pagelaran wayang bisa mujudake pangukuhan
status sosial katilik saka kalungguhan, drajat, lan
pangkat ing masarakat.
PIWULANG
Seni pagelaran wayang minangka sarana kanggo
medharake piwulang lan pitutur luhur yaiku
patuladhan urip bebrayan ing masarakat.
PANGLIPUR
Seni pagelaran wayang mujudake tontonan kang
adiluhung jalaran bisa dadi panglipur kanthi
sarana humor utawa dhagelane.
SMAN 1 Gondang 6
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
SMAN 1 GONDANG 7
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
1. Coba jlentrehna gambar paraga wayang ing ngisor iki kanthi cetha (jenenge, asale, watake, lan
filosofine), digarap ing buku tulis!
Wangsulan:………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………
Piwulang apa kang wis kok ngerteni saka materi wayang ing
Refleksi dhuwur? Jlentrehna!
(15 menit)
SMAN 1 GONDANG 8
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Literasi 2
istilah-istilah…
Janturan
monolog dhalang miwiti crita
Hakikate * Suluk
gunemane dhalang awujud tembang
Seni pagelaran wayang kang minangka wujud Sabetan
kasusastran awujud drama utawa sandiwara tegese gerak wayang manut gamelan
Pocapan
yaiku sawijining crita kang lakune ditata kanthi
monolog dhalang ganti adhegan
skenario. Ing pagelaran iki ana kang diarani dhalang
Antawacana
yaiku wong sing ngatur lakune crita (sutradharane). dhialog paraga wayang
Sajrone pagelaran ana seni swara, mula ana kang
diarani pesindhen utawa waranggana. Dene ing bab Sasmitane piranti (alat) pagelaran wayang
musike diarani pengrawit/niyaga.
Pagelaran wayang umume kalampahan kanthi
Kelir : gambarane langit
wektu sewengi natas nanging ana uga kang padhatan
Blencong : gambaran wujude srengenge,
(ora sewengi). Ing pagelaran wayang biyasane lakon- rembulan, lan lintang
lakon utawa crita kang digelar dijupuk saka Epos Debog : gambarane bumi
Ramayana lan Mahabharata, bisa uga crita liyane Kothak : gambarane anane panguripan
gumantung tujuwane. Ing masarakat Jawa tontonan Keprak : gambarane lakune urip
wayang bisa kanggo sarana ruwatan kanthi lakon- Kayon : gambarane gunung, alas, geni,
segara, angina lsp.
lakon tartamtu.
Gamelan : gambarane kahanan jagad
SMAN 1 GONDANG 9
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Teks pewayangan yaiku crita wayang kang wujude naskah utawa crita sing digancarake. Teks
crita kalebu sawijining kasusastran kang mujudake asil imajinasi (karangan) dening pangripta.
Teks crita migunakake basa sastra, mula kudu dimangerteni unsur pamangune teks crita.
Unsur Intrinsik
Unsur pamangune teks crita kang asale saka njerone teks lan kudu ana nalika teks
didhapuk.
a. Tema, yaiku idhe pokok utawa gagasan utama saka teks crita.
b. Paraga, yaiku tokoh utawa lakon (paraga utama, paraga tambahan, figuran)
c. Wewatekan, yaiku sipate para paraga (protagonist, antagonis, tritagonis)
d. Plot/alur, yaiku rerangkening crita/runtutaning crita (maju, mundur, campuran)
e. Latar/setting, yaiku katrangan kedadeyan crita dumadi (panggonen, wektu, lan
kahanan)
f. Sudhut pandhang, yaiku carane pangripta/pengarang mapanake dheweke ing sajrone
crita (wong kapisan, wong katelu, campuran)
g. Gaya basa, yaiku ciri khas basa kang digunakake dening pangripta.
h. Amanat, yaiku piweling utawa pesan moral crita kang disampekake kanggo wong liya.
Unsur Ekstrinsik
Unsur pamangune teks crita kang asale saka njabane teks crita, biyasane kanggo
jlentrehake prakara –prakara kang ana gayutane karo panguripan bebrayane
masarakat.
a. Kahanan sosial budaya masarakat
b. Latar wuri panguripane pangripta
c. Sudhut pandhange pangripta
SMAN 1 GONDANG 10
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Cathetan: Struktur teks pewayangan kuwi padha karo struktur pagelaran wayang, bedane
yaiku ing panyebutane lan tata cara analisise (teks critane apa pagelarane).
Pasulayan bageyan crita kang isine Inti crita Babak inti crita yaiku babak
(Komplikasi) ngenani prakarane crita kang ngandharake prakara/
wis arep nemoni klimaks pasulayan lan kepiye carane
(memuncak). ngrampungake. Ing babak iki
ana adhegan:
Pangudhare prakara bageyan crita kang isine a. Gara-gara
(Resolusi) pangudharing prakara ing b. Perang kembang
lakon crrita wayang. c. Jejering pandhita
SMAN 1 GONDANG 11
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Coba saiki wacanen lan semaken kanthi tliti teks crita pewayangan ing ngisor iki !
SMAN 1 GONDANG 12
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Kala semana, Raden Arjuna nembe mangun semedi saperlu nuwun sih-kanugrahaning
Jawata, awujud usada tumrap pageblug ana ing Praja Ngamarta, sarta baline kabeh pusaka
kang ilang tanpa lari. Ing kono Raden Janaka banjur midhanget pisambate Patih Sengkuni
dalah Pandhita Durna kang nembe ginawa mlayu dening Jim sakembaran. Kanthi
migunakake minyak Jayengkaton, Raden Arjuna bisa ngonangi playune Jim Pesatnyawa dalah
Sambernyawa.
Raden Arjuna enggal methuki Jim sakembaran, lan njaluk supaya Priyagung Ngastina
lelorone dibebaske. Sulayane rembug, dadi perang. Raden Arjuna asor yudane, lan gugur ana
pabaratan. Bareng nguningani bendarane nemoni tiwas, Petruk, ya Ki Lurah Kanthong Bolong
sigra cancut taliwanda. Senajan tata laire arupa batur utawa punakawan tumrap para kadang
Pandawa, Ki Lurah Petruk mono sejatine sawijine gandarwa saka nagara ing dhasare samudra.
Kanthi sangu pusaka sekti Kembang Candra Urawan, duweke Ratune Gandarwa, Petruk
namur laku lan ngedegne pratapan anyar ana tepis wiringe Praja Ngamarta. Ki Lurah Petruk
madeg dadi pendhita, dheweke banjur sesilih Ajar Panyukilan.
Ki Lurah Semar, Gareng dan Bagong kang bingung awit Raden Arjuna nemoni tiwas,
enggal-enggal sowan marang Praja Ngamarta nyuwun pambiyantune putra Pandhawa. Bareng
nguningani yen Raden Arjuna nemoni tiwas, para satriya mau banjur ngamuk punggung ana
praja Cundharante. Sakawit bisa unggul yudane, nanging bareng dipapagake Sang
Nagarangsang, Raden Wrekudara, Raden Gatutkaca, Raden Antareja, Raden Setyaki, sarta para
satriya liyane, kasoran lan tiwas ana madyane paprangan. Sabanjure saka dhawuhe Prabu
Kresna, Raden Abimanyu minta sraya marang Ajar Panyukilan, saka patapan Karangsinamur.
Kadang Pandhawa lan para putra kang nemahi tiwas, diusadani dening Sang Ajar. Kabeh
waluya temahe jati. Semono uga Adipati Karna kang nandhang wuta, bisa saras maneh.
Pungkasane, Ajar Panyukilan uga pininta sraya dadi senapatine prang saka praja Ngamarta,
saperlu ngadani paprangan. Kabeh tetungguling praja Cundharante bisa kasor yudane dening
Ajar Panyukilan. Ewa semono, bareng kena upase Nagarangsang, Ajar Panyukilan badhar dadi
Ki Lurah Petruk. Ki Lurah Petruk murina, banjur namakake pusaka Kembang Candra Urawan
marang Nagarangsang sak wadyabalane. Nagarangsang badhar dadi pusaka Dwarawati,
pusakane Prabu Kresna awujud sanjata Cakra Baskara. Jim sakembaran badhar dadi Raden
Antasena dalah Raden Irawan. Semono uga para Kadang Satriya Kajiman saka Cudharante
kabeh malih rupa, bali wujud pusaka piyandele kadang Pandhawa. Ratune kajiman kang bela
pati kataman Kembang Candra Urawan badhar dadi Raden Sadewa, dene kembang Candra
Urawan malih dadi cangkok Wijaya Kusuma, piyandele Prabu Kresna.
Gancare carita, Praja Ngamarta lan Dwarawati bali marang kahanan sakawit, gemah ripah
loh jinawi, tata titi tentrem karta raharja.
(Dening Purnama Kahar, adhaptasi saka Giyaran Ringgit Purwa, dening Ki Dhalang Hadi Sugita)
SMAN 1 GONDANG 13
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Wacanen teks pewayangan kanthi irah-irahan “Petruk Madeg Pandhita” ana ing dhuwur,
banjur garapen “Gladhen 2” !
1. Golekana unsur pamangun teks pewayangan kanthi irah-irahan “Petruk Madeg Pandhita”:
a. Unsur Intrinsik
b. Unsur Ekstrinsik
2. Kepriye struktur teks pewayangan kanthi irah-irahan “Petruk Madeg Pandhita”?
3. Golekana relefansi teks pewayangan “Petruk Madeg Pandhita” karo panguripan ing jaman
modheren saiki !
BASA RINENGGA
Tembung dasanama, yaiku tetembungan kang nduweni teges luwih saka siji lan nduweni
panyebutan liyane.
Tembung kawi, yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah
Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane,
lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan.
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjut digawe
bebarengan.
Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng
wanda utawa tembung ing saburine.
Bali swara, yaiku ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni guru lagu.
Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara.
Sandi asma yaiku tetenger kang ora ngegla kang pancen disingidake, digawé wadi, disandi
SMAN 1 GONDANG 14
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Refleksi
Sawise sinau materi bab wayang iki, para siswa kaajab bisa mangerteni lan ngukur kawasisan lan
kaprigelane nguwasani materi kanthi cara ngisi tandha cawang (v) tabel ing ngisor iki kanthi jujur !
Yen isih ana tandha centang ing kolom “Ora” tegese para siswa kudu sinau maneh ngenani bab artikel,
yen wis kacentang “Ya” kabeh tegese siswa bisa maju tambah nyinau bab sateruse.
SMAN 1 GONDANG 15
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Penilain Harian
(45 Menit)
Garapen soal-soal ing ngisor iki kanthi milih jawaban kang paling trep !!!
RADEN ARJUNA
Arjuna yaiku salah sijine kluwarga Pandhawa kang angka nomer telu. Arjuna kuwi putrane Prabu
Pandhudewanata lan Dewi Kunthi Talibrata. Arjuna nduweni jeneng liyane yaiku Dananjaya, Pandhuputra, Janaka,
Raden Permadi, Palguna, Pandhusiwi, Wijanarka, Endra Tananjaya, Mintaraga, Ciptahening, Kombang ali-ali, lsp.
Sawise ngancik diwasa, Arjuna katon sekti mandraguna amarga saperangan kasektene Hyang Wisnu tumurun
marang anggane. Dene saperangane tumurun marang Prabu Kresna. Raden Arjuna bisa mabur ing angkasa lan bisa
ngilang ing papan kang terang. Raden Arjuna uga nduweni maneka werna sanjata kang sekti.
Raden Arjuna kuwi cacad, tangan tengene adriji panuding loro. Driji panuding sijine sing asale saka raja
nagara Paranggelung Prabu Palgunadi, kang dening gurune dahyang Durna dijaluk supaya nyoplok ali-aline saka
driji panudingenggal njalari pedhote driji kasebut. Banjur ali-ali sarta drijine dipasrahake marang Arjuna lan
sawise ditemplekake ing tangane nuli ora bisa uwal maneh. Ali-ali kuwi mau nambahi kasektene Arjna kang diarani
Mustika Ampal.
Raden Arjuna palakrama klawan Dewi Wara Sumbadra lan banjure nurunake raja-raja ing jaman purwa lan
sabanjure. Ing sajrone perang Bharatayuda, Arjuna perang tandhing klawan Adipati Karna. Rasane abot manahe
Arjuna jalaran adu tandhing klawan sedulur tuwane kang nunggal ibu beda rama sing banget diajeni. Wusanane
Adipati Karna gugur, seda ing tangane Arjuna panengahe Pandhawa.
SMAN 1 GONDANG 16
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
3. Jeneng liyane Raden Arjuna yaiku…
a. Bratasena
b. Puntadewa
c. Dananjaya
d. Wijasena
e. Palgunadi
SMAN 1 GONDANG 17
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
8. Adipati Karna kuwi sapa…
a. Sedulur enome Arjuna
b. Sedulur tuwane Arjuna
c. Sedulur kembare Arjuna
d. Sedulur rakete Arjuna
e. Sedulur ponakane Arjuna
Remedial
SMAN 1 GONDANG 18
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Pengayaan
Coba garapen gladhen ing ngisor iki kanthi gamblang miturut prentahe !!!
1. Golekana gambar paraga wayang
2. Golekana Dasanamane
3. Golekana jeneng kerajaane/Ksatriyane
NB : Gambar wayang diprint banjur ditempel ing buku
Tuladha:
Cathetan:
Garapan mapan ana ing buku tulis kanthi ana gambar wayang kulit uga.
SMAN 1 GONDANG 19
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ( x ) ing sangarepe wangsulan
kang paling trep !!!
1. Dalan crita utawa rerangken prastawa kang kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas minangka teges
saka unsur intrinsik …
a. Tema
b. Tipografi
c. Amanat
d. Alur
e. Sudut Pandhang
2. Perangan pagelaran wayang kang nuduhake dhialog antar paraga wayang sinebut …
a. Suluk
b. Sabetan
c. Gara-gara
d. Janturan
e. Antawacana
SMAN 1 GONDANG 20
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
6. Wayang kang nggambarake kadadeyan kang ana ing kitab Mahabarata yaiku …
a. Wayang Purwa
b. Wayang Janturan
c. Wayang Gedhog
d. Wayang Timplong
e. Wayang Wong
7. Wayang kang kondhang wiwit Mangkunegoro IV kang isine ngandharake lakon ing kitab Mahabarata
nanging diperanake dening pawongan diarani …
a. Wayang Purwa
b. Wayang Janturan
c. Wayang Gedhog
d. Wayang Timplong
e. Wayang Wong
10. Pokok pikiran utawa utawa babagan kang dirembug ing sawijine cerita kang arep diandharake
pengarang liwat rerangkene crita minangka teges saka unsur intrinsik …
a. Tema
b. Tipografi
c. Amanat
d. Alur
e. Sudut Pandhang
11. Dalan crita utawa rerangken prastawa kang kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas minangka
teges saka unsur intrinsik …
a. Tema
b. Tipografi
c. Amanat
d. Alur
e. Sudut Pandhang
SMAN 1 GONDANG 21
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
12. Perangan pagelaran wayang kang nuduhake dhialog antar paraga wayang sinebut …
a. Suluk
b. Sabetan
c. Gara-gara
d. Janturan
e. Antawacana
13. Perangan pagelaran wayang kang nuduhake monolog dening dalang sinebut …
a. Suluk
b. Sabetan
c. Gara-gara
d. Janturan
e. Antawacana
SMAN 1 GONDANG 22
BAHASA JAWA KELAS X Wayang
Glosarium
Epos : cerita kepahlawanan; syair panjang yang menceritakan riwayat perjuangan seorang
pahlawan; wiracarita.
Mitos : cerita suatu bangsa tentang dewa dan pahlawan zaman dahulu, mengandung penafsiran
tentang asal-usul semesta alam, manusia, dan bangsa tersebut mengandung arti mendalam yang
diungkapkan dengan cara gaib
Fabel : cerita yang menggambarkan watak dan budi manusia yang pelakunya diperankan oleh
binatang (berisi pendidikan moral dan budi pekerti).
Kapustakan
Mistiyah, dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
, Majalah Mingguan Berbahasa Jawa Penjebar Semangat, Surabaya.
SMAN 1 GONDANG 23