Anda di halaman 1dari 2

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) 1

TEKS PROFIL TOKOH

Jeneng : .......................................................................
Kelas : .......................................................................
No. Absen : .......................................................................
Kompetensi Dasar
3.2 Memahami struktur teks, dan unsur kebahasaan dari teks lisan dan tulis untuk
menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau peristiwa.
Indikator Pencapaian Kompetensi
3.2.1 Menjelaskan struktur teks profil tokoh.

A. Runtuting Pasinaon (Langkah Pembelajaran) :


1. Para siswa nggatekne materi ngenani tata rakite teks profil tokoh kang diunggah dening
guru.
2. Ngumpulake informasi saka maneka sumber pasinaon ngenani tata rakite teks profil
tokoh.
3. Ngudhal tata rakite teks profil tokoh kang wus cumawis ing LKPD 1 iki.
4. Ngunggah asile pakaryan utawa dikumpulake langsung marang guru (yen ora ana
jaringan internet).

B. Garapan (Soal)
Wacanen kanthi titi teks profil tokoh ing ngisor iki banjur udhalen miturut tata rakite!

Raden Bathoro Katong

Raden Bathoro Katong kuwi dadi salah sawijine


paraga kang asmane kasusra ing tlatah Ponorogo. Asma
liyane Raden Bathoro Katong yaiku Lembu Kanogoro.
Saliyane mbabat kutha Ponorogo, panjenengane uga kasil
ngowahi kahanan Ponorogo kang primitif tumuju
masyarakat kang beradab. Mula saka kuwi, Raden
Bathoro Katong sinebut bapake wong Ponorogo.

Raden Bathoro Katong trah saka Prabu Brawijaya II Raja Majapahit. Bapake wong
Ponorogo iki putrane Prabu Kertabhumi (Brawijaya V) karo Putri Bagelen. Panjenengane
uga sedulur lanange Raden Patah, raja ing Kerajaan Demak nanging beda ibu. Raden
Bathoro Katong nyenyulihi (representasi) pamarentahan saka kakuwasane Majapahit
(Hindhu-Budha) tumuju Islam kang nengenake bab pirembugan (dialog) nalika nemoni
apadene ngadhepi sawijine prakara tartamtu.
Bapake wong Ponorogo iki mujudake pemimpin kang uga tansah nengenake prinsip
mikul dhuwur mendhem jero. Sanajan beda agama karo ramane, nanging panjenengane
tansah kurmat lan ngajeni wong tuwane ing saben tumindake. Bab iku jumbuh karo apa
kang ditindakake yaiku tansah ngelingake ramane nalika arep nemtokake pamutuse
prakara tartamtu. Labuh labete uga katingal saka tumindake kang tansah numpes sapa
wae kang ora netepi titah saka Prabu Brawijaya V.
Ing saben perjuwangane Raden Bathoro Katong
ora mung ngendelake kakuwatane raga wae nanging uga
nengenake bab kabatinane (keimanan lan ketaqwaan),
organisasi, taktik (strategi), lan uga nggatekake bab
pendekatan budaya. Mijile kutha Ponorogo bisa kawujud
kanthi pangorbanan kang gedhe, ora mung saka bandha
nanging uga nyawa. Saiki bukti-bukti sejarah arupa Pasarean Setono (Kompleks Pasarean
Bathoro Katong), Masjid Bathoro Katong, legendha, paguyupan, lan panggonan-
panggonan tartamtu uga isih jangkep lan kopen kanthi becik.
(Sumber: Raden Bathoro Katong, Bapake Wong Ponorogo
dening Drs. Muh. Fajar Pramono, M.Si. kanthi owah-owahan saprelune)

C. Papan Garap
Perangan Katrangan
Identifikasi

Deskripsi

Anda mungkin juga menyukai