Anda di halaman 1dari 3

Rangkuman Bhs Jawa XII PAS Smt 1

Disajikan teks serat Wedhatama pupuh Kinanti pada 5, peserta didik bisa menyebutkan paugeran tembang (No. 1-
8 dan 41 uraian)
Pupuh Kinanthi Pada 5 :
Aywa sembrana ing kalbu, → Aja nganti sembrana ning ati
Wawasan wuwus sireki, → Waspada marang pangucapanmu
Ing kono yekti karasa, → Ning kono bakal kerasa
Dudu ucape pribadhi, → Ora pangucapane dhewe
Marma deng sembadeng sedya, → Mula kudu tanggung jawab
Wawasen praptaning uwis → Nganti apa sing disembadaaki tuntas
Paugeran Tembang Kinanthi
- Pupuh : 18 pupuh, urutan pupuh LXXXIII - C
- Guru Gatra :6
- Guru Lagu : u,i,a,i,a,i
- Guru Wilangan : 8,8,8,8,8,8
- Watak → Sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut, renteng-renteng reruntungan. Mula biasane
kanggo ngendharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Uga digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.
- Surasa → babagan falsafah panguripan, kayata tepa slira, nganut agama secara wicaksana, dumadi
manungsa kang sejatine, lan wewatek ksatria

Disajikan teks geguritan, peserta didik dapat mengidentifikasi isi geguritan (No. 9-16 dan 42 uraian)

Paugeran nembangake geguritan tradhisional :


1. Nggatekna wirama sajrone tembang
2. Paham laras, titilaras, cengkok, gregel, lan luk
3. Pangucapane kudu cetha
4. Bisa bedhakake purba andhegan ing tengah gatra, pungkasane gatra, lan pungkasane pada

Unsur Intrinsik
a. Tema → Prakara ing geguritan
b. Gambaran Pangindran :
1) Pangindran Pangrasa
2) Pangindran Pandeleng
3) Pangindran Pangrungu
4) Pangindran Pangambu
c. Dhiksi → pilihan tembung
1) Rinengga : tembunge digabung
 Ater-ater (ha-/a-) → ha + nonton = hanonton. a + teges = ateges.
 Seselan (-in-, -um-) → dadi + um = dumadi. sebut + in = sinebut.
 Panambang (-ing, -ra) → jaman + ing = jamaning. prana + ira = prananira
2) Plutan → tembunge diringkes. Tuladha: abot = bot, keras = kras
3) Wancahan → dijikot akhiran tembunge. Tld:
 Apa = pa
 Uwit = wit
 Abot = bot
 Amung = mung
4) Dasanama → sinonim
d. Rima → unen2 sing dibaleni men keton endah lan nduweni wirama
e. Purwakanthi
 Purwakanthi guru swara → padahe unen-unen vocal (a,i,u,e,o) kang dibaleni
Tld : - ana dina ana upa, ana awan ana pangan.
- yen gelem obah bakal mamah.
 Purwakanthi guru sastra → bibit, bebet, bobot. Sluman, slumun, slamet.
 Purwakanthi lumaksita → tembunge dibaleni
Tld : - angele sok ginawe dhewe, dheweke tan ngrasa bisa.
- ngelmu iku luwih pangaji, ajine tanpa tandhing.
f. Amanat → piwulang

Unsur Ekstrinsik
1. Unsur piwulang : pendhidhikan, seni, ekonomi, politik, sosial budaya, adhat istiadhat, hukum, lsp.
2. Unsur sosial
3. Unsur biografi

Disajikan teks deskriptif tentang pakaian adat Jawa, siswa dapat mengidentifikasi isi teks. (No. 17-24 dan 43
uraian)
Struktur Teks Deskriptif
1. Idhentifikasi → pangenalan objek, ciri, tandha, lan liyane kang ana ing njero teks
2. Klasifikasi → panglompokan adhedasar jinis
3. Deskripsi → bageyan2 objek kang digambarake ing teks kang dijlentrehake

Makna-makna
a) Udheng → mudheng/ngerti karo gambling, menungsa nduweni pikiran sing kukuh nek wis mudheng tujuan
uripe.
b) Iket → menungsa nduweni pemikiran sing kenceng, ora gambang terombang-ambing
c) Rasukan → manungsa ngrasuk utawa nganut salah siji dhalan utawa agama tetep karo kelingan nyembah
Tuhan YME
d) Benik → manungsa nek tumindak kudu dipikir, aja grusa-grusu. Apa bae sing dilakoni aja ngasi ngrugeke
wong liya, bisa njaga antara kepentingan dewe lan kepentingan liyan
e) Sabuk → impas wae, ora untung lan ora tuna. Maknane yaiku ben menungsa nggunakake awake kanggo
nyambut gawe sing tenan, aja ngasi kerjane ora ngasilake
f) Epek → nggoleki kawruh sing ngguna
g) Timang → ngelmu sing ditempuh kudu dipahami seng gambling, ben ora gampang nimbulake rasa kuatir
h) Jarik → serik, aja gampang iri karo wong liya
i) Wiru → wiwiren aja nganti keliru, olahlah samubarang hal samangkana rupa dadine nuwuhake rasa seneng
lan harmois, aja nganti menimbulkan kekleron lan disharmoni.
j) Bebed → menungsa kudu ubed, tlaten lan sregep le nyambut gawe golek pangan
k) Canela → canthelna jroning nala utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu
l) Curiga lan warangka → curiga = keris, warangka = wadahe. Didokokake nang mburi awak nduweni arti dewe
menawa nek nyembah Tuhan YMK supaya manungsa bisa ngungkurake godhaning setan sing seneng
ngganggu manungsa pas manungsa arep tumindak kabecikan
Disajikan teks eksposisi tentang gamelan, peserta didik dapat mengidentifikasi isi teks. (No. 25-32 dan 44 uraian)
Disajikan teks berhuruf Jawa, peserta didik dapat mentransliterasi ke aksara Latin. (No. 33-40 dan 45 uraian)

cr. arlinxena semoga bermanfaat :)

Anda mungkin juga menyukai