Anda di halaman 1dari 2

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

WILAYAH KERJA PENDIDIKAN KECAMATAN PETERONGAN


SEKOLAH DASAR NEGERI MANCAR 1
PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
Jln. Brawijaya 158 Mancar Peterongan Kode Pos 61481 email:sdnmancar@gmail.com

Muatan Pelajajaran : Basa Jawa Waktu :…………………………..


Kelas : V (Lima) Hari/Tanggal :……………………………
Nama/No.Abs : ………… Nilai :……………………………

KD 3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks narasi atau deskripsi

A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi jawaban sing bener!

Wacan ing ngisor gawe nomor 1-5!

Gunung Bromo yaiku sawijining objek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget
nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka mancanegara. Gunung
Bromo dumunung ing wilayah Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku
kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang, lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku
2.392 meter saka lumahe segara.

Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang
ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare
kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening
para wisatawan. Ing Pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan
kukus.

Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger
Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Pananjakan.
Ing Pananjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengene
sing sesawangan endah lan nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe
gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati
segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama
Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.

1. Wacan ing dhuwur kalebu teks apa?.............................................................................


2. Kata kunci paragrap kapisan yaiku………………………………………………….
3. Paragrap kapindho idhe pokoke yaiku…………………………………………………….
4. Paragrap katelu idhe pokoke yaiku…………………………………………………………
5. Geneya Gunung Bromo dadi papan kang nyenengake
wisatawan?....................................................................................................................
B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
6. Sebutna 3 titikane teks deskripsi!
7. Apa tujuan wong nulis teks deskripsi!
8. Gawea teks deskripsi 5 baris kanti tema ‘Ekosistem Laut!”
9. Tulisen nganggo aksara Jawa!.
Galengan Sawah
10. Sebutna 2 kegiatan ing omah kanggo njaga karesikan lingkungan!

KD 3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya


bahasa (basa rinengga) dalam konteks komunikatif.

A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana kanthi jawaban sing bener!

ORA WEGAHAN

Nalika iku panase kaya mecah-mecahne sirah. Bocah kelas lima dhampyak-dhampyak
budhal menyang lapangan. amarga arep mungsuhan bal-balan antarane kuning kelompoke
Darman lumawan biru kelompoke Budiono.

Sajake rong grombolan iku ketoke pethenteng-pethenteng sajak kaya pemain kondhang.
Bocah liyane sing dudu pemain uga ngetutake ing mburine. Lakune anglur selur ora ana
pedhote.

Bareng wis kedadean sajroning permainan rampung kanthi biji 3-1. Balane Budiono sing
bisa ngalahne kelompoke Darman. Sing menang senenge kaya nampani gunung emas,
nanging sing kalah ora susah. Mung ambegane mengkas-mengkis. Lakune nganti dheyog-
dheyog. Balane Darman direwangi sikile nganti dhingklang. Lakune kaya Gatutkaca ilang
gapite. Pancene bocah kelas lima iki ora wegahan.

Ora nacad yen balane Darman lumawan balane Budiono kalah yen ditonton kaya timun
mungsuh duren. Mlaku dhewe ora wegah, mungsuhe gedhe mulane kalah. Budiono
sakancane seneng menang bal-balan. Kene gantheng kana ya gantheng, sing bal-balan
seneng, sing nonton uga seneng.

Tembung-tembung kang kacithak miring ing wacan, golongna manut jinise!

1. Panyendhu :
a. ………………………………………
b. ………………………………………
c. ………………………………………
2. Pepindhan :
a. ………………………………………
b. ………………………………………
c. ……………………………………….
d. ……………………………………….
3. Parikan :
a. …………………………………
b. …………………………………
4. Untune Sinta……………………………dhasar rupane putih, yen mesem katon manis.
Tembung panyandra kang cocog yaiku ………………
5. Tangane Laura ………………………...mulane yen njoged bisa luwes. Tembung
panyandra kang cocog yaiku …………………………
6. Irunge Bocah kuwi ……………………...amarga dhuweni keturunan Arab. Tembung
panyandra kang cocog yaiku ………………………..

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

7. Apa sing diarani basa rinengga?


8. Jelasna 2 titikan (ciri-ciri ) parikan!
9. Gawea tuladha ukara kang mujudake parikan!
10. Apa sing diarani pepindhan iku? Gawea tuladha siji wae!

Anda mungkin juga menyukai