Anda di halaman 1dari 3

CERKAK BASA JAWA

NAMA ANGGOTA KELOMPOK :


1. Agil Subakti (02)
2. Alviah Cahyarani (03)
3. Nazwa Saskia R. S (25)
4. Safitri Ayu Herawati (27)
5. Vernanda Agustin (33)
KELAS : XII MIPA 3
Lali Mergo Mie Ayam

Lagi enak-enak dolanan PUBG, aku diceluk bapakku dikon makani pitik sek ono ning
kandang.

“Kris, tangi.... rewangi bapak kene, ” bapakku nyelok seko kandang pitik.

“Yo pak, sedelo,” wangsulanku karo mateni HP.

“Iki pitik e dipakani yo, mengko sore ojo lali dipakani katul karo sego. Jupuk neng
pawon wes disiapke. Bapak karo Mamak arep neng Kebumen sedino iki.”

“Oke pak, oleh-oleh e yo pak.”

“Yowes bapak karo mamak menyang Kebumen disik.”

“Ati-ati ngih pak... buk...” aku banjur nglanjutake makani pitik mau.

Sakwise kuwi bapak lan ibuku wis budhal menyang kebumen. Terus aku balek neng
kamar dolanan game meneh. Ora kroso wes jam 11 awan, rasane ngeleh banget. Aku
langsung neng pawon jupuk sego karo lawuh , jebule lawuhku dipangan kucing. Rasido
madang aku banjur adus , rampung adus aku langsung ning omahe simbahku, arep jalok
lawuh karo jangan. Lagi wae metu seko omah, klutak klutuk aku mlaku malah ketemu kanca-
kancaku.

“Weh...... kok rame-rame, do gowo motor ki arep pada nandi e?” takonku marang
kancaku sing jenenge Dito.

“Ayo melu ora kris, arep tuku mie ayam buto ning Godean, jare mie ayam e akeh
porsi kuli,” jawab e Dito.
“Wah kok pas banget, sek tunggu yo tak jupuk duit. Aku ngeleh banget. Aku bonceng
yo Dit,” jawabku langsung mulih jupuk duit sepuluh ewu.

Banjur aku gage-gage mulih jupuk duit ben ra ditinggal kanca-kancaku mau. Sakwise
jupuk duit, jebule Dito wes nunggu ning ngarep omahku. Aku langsung dibonceng menyang
bakul mie ayam. Tekan kono motor e distandar ning ngarep warung. Aku banjur mlebu goleki
sing dodol takon rego karo pesen mie ayam e. Bareng wes reti rego e aku pesen mie ayam
buto karo es jeruk. Mie ayam buto sing regone enem ewu, es jeruk rong ewu lah iki ono
krupuk ning mejo tak jupuk dadi tambah sewu. Yen aku jupuk loro dadi nambah rong ewu.
Aku gur gowo duit sepuluh ewu jebul e pas banget.

“Jupuk krupuk kuwi sak toples wae,” kandane Badi.

“Nyoh ki, ojo dientekke nggo lawuh mie ayam enak ki,” kandaku sambil jupuk toples.

Ora suwe aku karo koncoku podo cekikian, bakule mie ayam teko ngawa pesenanku
karo kanca-kancaku. Mie ayam e muntuk sak mangkok diseleh ning meja ngarepku.

“Pantes dijenengi “Mie Ayam Buto” porsi e cocok gawe buto iki,” batinku neng jero
ati.

“Weh mantap banget iki, podo entek ra ? mie ayam e akeh banget ngasi ra iso
diudak,” kandane Dito.

“Wes teko lek dipangan sek , nek ra ntek yo digowo muleh ndit.” Jawabku.

Kancaku pada mangan nikmat banget, bareng wes rampung mangan aku jupuk duit
ning sak mburi, tak rogoh sak clanaku. Mak dheg… kaget duitku uwes ora ono, aku bingung.
Kanca-kancaku uwes pada bayar aku iseh goleki duitku sepuluh ewu mau nandi. Tak
golekgoleki ora ketemu. Aku langsung ning panggon bakul e.

“Pak ngapunten, duit kula ilang, kulo wangsul riyen mangkeh mriki malih nggeh,”
ngomongku karo bakule sinambi garuk-garuk sirah kisinan.

“Wala koe mau wes bayar le, mosok lali opo arep bayar meneh,” bakule ngguyu.

“Owalah iyo , pantes wae duitku ora ono, lali tenan aku,” aku langsung lungguh
maneh karo kanca kancaku.
Sak banjure, aku karo kanca-kancaku tetep ning warung Mie Ayam Buto tekan sore
muleh jam 5 an, kancaku bali menyang omah e dewe-dewe nganggo motor. Aku diterake
Dito.
Tekan omah jebul e Ibuk ro bapakku uwes bali, aku lali rung makani pitik.
“Kris seko ngendi? Pitik e kok durung dipakani?” takone bapakku karo rodo nesu.

“Iya pak aku lali , iki mau bar seko tumbas mi ayam lali nek diwelingi kongkon
makani pitik dadi, tekan sore aku tumbas mie ayam,” kandaku karo bapakku.

“Wealah, wes kono sak iki pitik e dipakani disek, sesok ora dibaleni maneh.”

Aku langsung makani pitik nganggo katul karo sego turahan dino iki sek ora
kepangan, goro-goro tuku mie ayam buto iki aku dadi lali tugasku kongkon makani pitik. Iki
dadi pengalamanku ben ora mbaleni maneh, untung pitik e ora podo mati iseh podo sehat.

Anda mungkin juga menyukai