Anda di halaman 1dari 15

KUNO VS MODERN

(isuk-isuk Pak Sumringah sekeluarga lagi sarapan bareng)


Bu Sumringah
Ayo seme`an! Mboke masak sambel godog, mi bakar, lan jangan bawang
Siti
Walah Bu, enak tenan..
Bu Sumringah
Yo iyolah sopo sek sing masak… J
Ayu
Omah ngarep omahe awak dewe kae wes enek seng ngenggoni, tho Bu?
Bu Sumringah
Iyo. Wong bule. Jare anake ameh sekolah neng sekolahan podo kowe Sit.
Pak Sumringah
Yoh ndang cepet! Selak telat sekolahe.
Siti
Oke, Sip! Mbok, Pak, Mbak. Aku pamit sekolah yo, Asalmualaikum…
Bu Sumringah dan Keluarga
Ya, wa`alaikumsalam

(Siti dan teman-temanya sudah janjian di depan gang untuk berangkat bersama. Dan mereka pun
berangkat sekolah bersama)
Siti
Cah kowe pada ngerti ra, omah kosong neng ngarepku kae wes enek seng nggoni lho?
Tejo
Tenane, sopo?
Siti
Nek jenenge aku ra ngerti. Pokoke wong bule.
Joko
Opo? ngarep omahmu enek wong adol gule
Kokom
Masya’ Allah o, budek mu kae mbiyen rung mari-mari tho!
Tejo
Lha Joko kuwi budege wes kronis yo, wes permanen!
Joko
Opo gudeg? owh dadi neng ngarep omahe siti enek wong adol gule karo gudeg to?
Kokom
Wis Joko ra sah di gagas, nyat nek budeg wes stadium 100 ra iso di jak kompromi. Trus piye neh
Ti critane
Joko
(kukur kukur rambut)
Siti
Yo ngono tonggo ku kan wong bule nek ngomong ilate bundet bundet ngono, nganggo boso londo
campur jowo ngono, trus ya jare mboku jarene anake kuwi ameh sekolah neng sekolahe awake
dewe iki, SMP Bechik Ketoro Ala Kethitik
Tejo
Ciyyuss?
Kokom
Miapah?
Siti
Tenanan yo iki.
Joko
Cah kuwi ngomong opo tho, ojo irik-irik aku kan yo pengen krungu
Siti
Ceritane sambung mengko muleh sekolah, lagi sadar aku nek wes tekan sekolah
(Sebanjure 4 sekawan mau banjur mlebu kelas)

(Suasana sauwise bel, amargo Bu Merry ugung rawuh kelas ramene koyok pasar)
Bu Merry
Hallo. Assalamu`alaikum. Sugeng enjang… (karo nggowo angel lan George sang murid anyar)
Semua
Hai, Wa`alaikumsalam, sugeng enjang bu.
Kokom
Wong bule kuwi po tonggomu?
Siti
ho`o
Bu Merry
Tejo, kowe mimpin doa yo
Tejo
Nggeh bu
Tejo
Monggo konco konco kita sareng sareng ndedongo, Ndedungo kawiwitan ……………..ndendungo
paripurno
Bu Merry
Oh iyo anak anak, kelas iki kagungan konco anyar sekaligus murid anyar. Monggo Angel lan
George…
Angel
Hi friend, nami kulo Angel”
George
And my name is George.”
(kabeh anak-anak ndlongop lan joko mbenekne rambut lan sok cool)
Bu Merry
George, Angel tulisne jenengmu neng papan tulis, koyoke koncome isih bingung
Kokom
Ha? Jenenge Angel?”
Tejo
Iyo i. mosok jenege Angel bu koyok ra enek jeneng liyo wae. Njenengne anak Angel
Joko
Soale wong londo ki kan jenenge angel-angel. Goro goro mboke uteke suntuk bar nglairke ngawur
wae di kei jeneng ‘Angel’.
(4 sekawan lalu tertawa terbahak bahak kecuali siti.)
Siti
E, ojo ngunu kuwi. Cah kuwi kabeh ndeso imen to. Mosok cah kuwi rangerti Angelina Jolie kae nek
celukane yo Anjelina jolie. Kan George? (ucap Ayu karo ngguyu lan mbenekne kerudung.)
George
Yes
Bu Merry
Wes kenalane di sambung sesuk maneh. Selak entek jam ku iki
Bu Merry
Anak-anak bu guru pengen nyuwun pirsa karo anak anak
kabeh. Opo cita cita ne anak anak nek suk mben gede. Di mulai soko Tejo?”
Tejo
Cita-cita kulo dadi polisi
Joko
Ya allah jo jo, cita citamu I gak nggaul imen nto. Dadi polisi I wong nyebrangne wong lewat karo
nyempriti tok i
Tejo
Yo ra popo lah, seng penting kan berjasa. Lha kowe cita citamu opo?
Joko
Cita-citaku I tho. Cita cita ku I tho dadi pilot
Tejo
Pilot og budeg. Pesawate po ra njiblok terus
Joko
Emang aku ngomong pilot pesawat
Siti
Lha pilot opo?
Joko
Pilot becak:v
Tejo
Joko sing bagus dewe soko nduwor monas, sing jenenge pilot I penyopir pesawat, gak enek pilot
becak
Joko
Lha gene seng dadi pilot aku sing sewot kowe
Tejo
Masalahe kowe mempermalukan para pilot-pilot handal di Indonesia, nggawe bahasa pilot becak
Joko
Seng pentingkan nyopir. Pilot nyopir pesawat aku nyopir becak. Podo podo nyopir e kok. Wong
beda
seng di sopiri.
Bu Merry
Joko, Joko ciri ciri wong MADESU.
Joko
Madesu kuwi opo bu?
Bu Merry
Masa depan suram.
Bu Merry
Wes, wes. Nek kowe siti. Cita citamu opo?
Siti
Kulo pengen dadi dokter cinta bu.
Bu Merry
Ibuu guru gak ngerti. Dokter cinta I opo?
Semua
Ho`o Sit, doctor cinta I opo?
Siti
Gak ngerti kabeh?. Di nggo PR.
Bu Merry
-_-
Nek kowe Kom. Cita cita mu opo?
Kokom
Cita cita kulo sangat sederhana Bu
Bu Merry
Opo kuwi Kom?
Kokom
Jadi anak sholehah lan mlebu surga Bu
Bu Merry
Ciri-ciri anak solehah. tepuk tangan kanggo Kokom.”
Kokom
Wes biasa wae ndadak keplok keplok. Koyok ra tau ngerti wae wong ayu ngomong
Semua
huuuuu
Bu Merry
Nek kowe Angel lan George?
Angel lan George
Artis
Bu Merry
Lho cah, cita-cita I seng berkelas ngini ki lho. Dadi ARTIS
Tejo
Ngarep…
Bu Merry
Yo wis. Wektune istirahat

(Saat jam istirahat mereka semua mulai saling berkenalan dan keakraban pun lambat laun mulai
muncul)
Joko
Hai Angel.
Angel
Hai.
Joko
Angel kowe iki bule soko ngendi tho?
Angel
Soko segitiga Bermuda
Joko
Segitiga bermuda kuwi ngendi,o?
(Tejo dan teman temanya datang mengganggu obrolan mereka berdua)
Tejo
We we we di goleki mubeng mubeng sekolah malah pacaran neng kini.
Joko
Urung pacaran lagi pedekate. (sedikit berbisik)
Siti
Konco konco wetengku wes kencot ki mangan neng kantin yoh
George
Kencot wi opo?
Siti
Hehh. Luwe… luwe!
George
Owh luwe yuh mangan
Kokom
Oh iyo piye engko nek mangane menu special neng kantin iki?
Angel
Panganan opo?
Joko
Sate cicak.
Angel
Haa! cicak dadi sate? Tenane?
Tejo
Angel we ojo meremehkan sate cicak manfaate iso menaikan asam urat, menaikan kolestrol, dan
menaikan kebodohan.
George
Wes apik tenan kie. Pengen ngrasakne aku, soale aku rung tau kolestrolku dhuwur, asam urat ku
dhuwur
Angel
Ho`o yoh di pangan. Aku yo pengen ngrasake dadi wong bodo.

(deweke kabeh mangan sate cicak lan metu saka kantin banjur melbu kelas)
Anak-anak
wilujeng siang bu
Bu Merry
Wilujeng siang nak!
Saiki pelajarane Bahasa Jawa. Anak-anak kabeh nggowe geguritan (puisi jawa) Temane bebas.
Tak kei wektu 15 detik kudu dadi
Anak-anak
Nggeh bu.
(15 detik wis kelewat)
Bu Merry
Wes dadi anak anak? Saiki dikumpulke…… joko we maju woco geguritanmu
Joko
Nggeh bu. Ekhem ekhem.
Angel.
Raimu ayu koyok bidadari.
Kulitmu putih koyok cat omahku
Awakmu duwur koyok cagak listrik.
Senyumu manis koyo gula jowo.
Oh angel…
ai lop yuu..
semua kecuali joko dan bu merry dan angel pastine
Cie…cie
(minangka angel pringas pringis kegeeran)
Bu Merry
Keplok batuk kanggo joko. Siap siap meh muleh.

(Ning lain kehidupan ono keluarga sumringah seng lagi kerokan)


Ayu
Ya allah, tahun 2015 jek wae kerokan, masya allah mboke jaman saiki wi gak enek kerokan keles.
Eneke pijet, adus banyu susu, manicure, sepa, ngunukuwi. Mboke wi ndeso.
Bu Sumringah
Wiki ojo ngunukuwi, kerokan wi warisan leluhur, warisan mbah buyut mu, lagian kerokan iki gak
usah ngetoke duwit akeh wong perlu duwit cring karo balsem
Bapak
Oo, iyo nduk, opo mau adus banyu susu, banyu susu nggo adus ngono. Pora yo pliket kabeh awake
ndak kerek semut kabeh wi awake.”
Ayu
Ahh… mumet ngomong karo wong seng ndeso bingit, yo wes lah bu pak aku meh kerokan mumet
ngomong karo ibu karo bapak
Ibu
Lha kuwi kowe yo meh kerokan ndadak ngomong nek kerokan ndeso.
Ayu
Mosok aku ngomong ngunukuwi.
Bapak
Whoo… lha bocah iki sontoloyo, ngomong opo e lali.
Ibu
Wes-wes. Mending awak dewe kerokan bareng bareng, bapak ngeroki ibu, ibu ngeroki Ayu, Ayu
ngeroki bapak.

(Lan akhire bocah-bocah ngeroki lan dikeroki)


Ayu
Aku njaluk dhuwit, bedakku lipstiku, entek kabeh. Pokoke aku njaluk dhuwit. Soale Mas Rudy ngko
bengi meh ngajak aku nonton layar tancep.
Ibu
Ibu gak nduwe dhuwit, la dhuwit ndek esok kae nandi? Wes entek?
Ayu
Alah ibu iki kokehan ngomong. Dhuwit ndek esok wes entek tak nggo nyaur utang tuku somay. Ayu
njaluk dhuwit yo njaluk dhuwit kok. Nek ran dang di kei motore bapak tak guwak kali.
Bapak
Ojo nduk motore bapak kae ugung lunas, nyoh.
Ayu
Ya allah pak e dhuwit 5000 opo pas nggo tuku make up, kesuen kabeh wae ndi.
Bapak
Ojo nduk. Ojo kabeh. nek mbok jaluk kabeh ko bengi meh mangan opo?
Ayu
Meh mangan opo?. Kuwi urusane bapak. Lagian bapak iki kaet ndek mben tekan saiki nasibe mlarat
terus mbendino wong kerokan.
Ibu
Kudune wiki ki ngewangi bapak kerjo. Wiki wi wes gede bukane kerjo malah pacaran.
Ayu
Wes bu rasa ceramah. Aku wes terlalu pinter nggo di ceramahi.
Ibu
Anak durhaka we nduk.
Ayu
Durhaka?. Justru durhaka wi lagi nge trand bu. Oiyo bapak karo ibu nek meh ngutuk aku kutuk
aku dadi wong sugeh. Wes, Assalamu`alaikum.
(dina saya wengi. Ayu wis siap ndeleng layar tancep karo Rudy)
Ayu
Pak bu. Ayu meh methu sek nonton layar tancep yha. Assalamu`alaikum.
Ibu dan bapak Sumringah
Walaikumsalam, ati-ati ya ndhuk.
(Akhire rudy lan ayu teka ing panggonan ndeleng layar tancep)
Ayu
Mas Rudy, iki ameh nonton opo e?
Rudy
Piye nek nonton masha and the bear.
Ayu
setuju.
(deweke kabeh langsung ndeleng film yaiku masha and the bear, sak marine kuwi….)
Rudy
Ayu aku meh ngomong karo kowe.
Ayu
Ya allah, Mas Rudy nek ameh ngomong yo ndang ngomong ndadak ijin sek, koyok meh ra mlebu
sekolah wae ndadak ijin.
Rudy
Yu aku ki serius.
Ayu
Iyo mas rudy aku yo serius.
Rudy
Sebenere aku… aku… aku...
Ayu
Aku gene Mas Rudy?
Rudy
Sakjane aku tibo cinta karo kowe. Kowe gelem ra dadi pacarku?
Ayu
Aku gelem mas.
Rudy
Tenane yu?
Ayu
Ciyus mas. Tenan!
Rudy
Alhamdulillah Ya Allah
Ayu
Mas Rudy kan awak dewe wes pacaran. Celukan mesra awak dewe opo?
Rudy
Opo ya... Piye nek aku nyeluk kowe Juliet.
Ayu
Berarti aku nek nyeluk kowe romeo.
Rudy
Amarga kowe wes nerimo cinta ku aku nduwe hadiah kanggo kowe.
Ayu
Opo mas?
Rudy
Ali- ali!
Ayu
Matur nuwun yo, Mas
Rudy
Enek siji engkas. Aku meh nyanyi lagu khusus kanggo kowe.
Ayu
Opo kuwi mas?
Rudy
Ayu guk guk guk
Kemari guk guk guk ayo lari lari
Ayu
Ahh... Mas rudy guyunane keterlaluan L
Rudy
Hehehe. Ora lah Ayu, makseude kuwi kowe koyo Heli, selalu mengejar-mengejar dan mengelilingi
hatiku, eaaak
Ayu
Hehehe. Dadi isin aku. yo wes mas, iki wes bengi aku wedi nek di goleki ibu karo bapak, muleh yuh
mas.
Rudy
Ayoh
(wong 2 kuwi muleh karo rai sing sumringah..dinane wis padhang)
Ayu
Aku ndek bengi di tembak mas rudy lho.
Ibu
Masya allah keterlaluan kae rudy.
Ayu
Kok iso keterlaluan?
Bapak
Ngendine seng ketembak nduk?
Ayu
Hatiku pak ^_^
Bapak
Wo lha, cah kae sontoloyo anaku atine di tembak, neng rumah sakit wae yoh nduk, loro po gak?
Siti
Bapak, iIbu, maksude di tembak kuwi koyok nyatake cinta no lho, ngajak pacaran. Dudu di tembak
nganggo pistol emange mbak ayu meh di eksekusi mati.
Ayu
Lha bener kuwi sing di omongke siti.
Siti
Ati-ati lho mbak. Mas Rudy kae play boy, yange sejagat.
Ayu
Cah cilik. sok tau kowe wiki ki gung ngerti opo opo. Wes ra sah komentar.
Siti
Yowes lah, Pak..Bu siti badhe mangat sekolah sek ya.
Bapak lan Ibu
Iyo.

(iki iki koyota siti, joko, tejo,kokom, karo 2 bule budal ing sekolah. Sak tekane ing sekolah)
Bu Merry
Selamat pagi anak anak!
Anak-anak
Selammat pagi Bu guru.
Bu Merry
Dino iki bu guru seneng banget lho.
Anak-anak
ooohhh…
Bu Merry
Ngopo dadi koyok sapi kabeh, seneng no lho. Bu guru seneng amarga. Amarga desa BECHIK
KETORO OLO KETITIK ameh ulang tahun ke 2020, dadi anak anak engko kudu tampil neng acara
iku. Awak dewe ameh nampilke budaya jawa budaya kita dewe. Yaiku sek dewe nari, nembang,
wayang lan main gamelan. Tak pilih sek… siti karo angel kowe cah loro nari tradisional jawa, cah
lanang kabeh main gamelan, kecuali tejo kowe ndalang, lan kokom kowe nyanyi lagu resepsi.
Kokom
Kok nyanyi lagu resepsi, iki acara ulang tahun opo kawinan.
Angel
Kula mboten saget nari.
George
Aku yo mboten saget mainke gamelan.
Bu merry
Aku ndek mau po ngomong lagu resepsi. Luput Bu guru maksuku suwe ora jamu. wes kabeh rasah
protes engko tak ajari.

(lan Bu Merry banjur ngulang bocah-bocah)


Bu Merry
Siti coba tunjukne tari mu.
Angel
Wow gerakane indah tenan.
Joko
Indah piye apikan gerakan hip hop nginiki. (Joko memperagakan tarian hip hop)
Bu Merry
Yo jelas apikan tari tradisional lah timbang ngunukuwi, wiki ojo ngunukuwi Ko, awak dewe iki kudu
nglestarikake budaya Indonesia ojo nganti punah lan kalah karo budaya barat koyok opo mau tari
hip hop ngunukuwi.

(ora mung tari sing diwarahi Bu Merry, Bu Merry yo ngulang cara ndalang, memaine galeman, lan
cara nyanyikake lagu resepsi sing apik.)
Bu Merry
Wes wektune muleh ojo lali latihan neng ngomah lho, soale pentase lusa.
Anak-anak
Nggeh bu.
(deweke kabeh ngomongake babakan latihane mengko)
Tejo
Piye nek engko latihane neng omahe siti wae
Kabeh
Oke setuju.

(dek keluarga sumringah enek bu sumringah sing ngeroso kurang seksi.)


Iklan tv
Ngombe “obat langsing yuk”. Lek wis ngombe dijamin langsung sexy di jamin manjurr...ayo lurr
podo tuku!!!
Bu Sumringah
Bapak-bapak. Aku tukokno ngunukuwi pak.
Pak Sumringah
Ngunukuwi opo tho bu?
Bu Sumringah
Kuwi lo seng koyok neng tipi. Jenenge kapsul “langsing yuk”. Ibu iki pengen langsing koyok
ngunukuwi pak.
Pak Sumringah
Seng ngomong ibu gak langsing kuwi sopo tho?
Bu Sumringah
Yo ibu dewe. Ngetono kae seng neng tipi langsing, sexy, pokoke koyok ngunukuwi pak.
Pak Sumringah
Ibu ameh langsing gak langsing, opo ameh lemu selemu gajah bapak tetep cinta karo ibu. Neng
mripate bapak iki ibu iki langsing, sexy, bohay, denok, debleng.
Bu Sumringah
Ihh... Bapak gombal.
Pak Sumringah
Yo tenan og bu.

(dewek e kabeh langsung mulih menyang omahe dewe dewe banjur mangan awan lan banjur dolan
menyang omahesiti.)
Teman-teman Siti
Assalamu`alaikum.
Pak Sumringah
Enek tamu bu?
Bu Sumringah
Iyo. Tak bukak sik yo pak.
Bu Sumringah
Walaikum salam. Iki kabeh rene opo nggoleki siti?
Tejo
Nggeh bu. Siti enten?
Bu Sumringah
Enek. Tak celuk sek ya. Sit..
Siti
Nggeh bu.
Bu Sumringah
Iki lho di goleki kancamu.

(dewek e kabeh banjur latihan ing teras e siti, orang jarang ditemoni masalah pas dewek e
latihan)
Tejo
Suara mu elek timen o kom, nek nyanyi jowo ki nyanyi karo rodhok kemayu no lho.
Kokom
Rasah ngelek ngelek ngunukuwi we jo, rumangsa ndalang mu wes apik ngono trus ngelek-ngelek
nyanyiku
Siti
Wes wes, ra sah padu kokom kowe nyanyimu seng rodhok kemayu lan kowe tejo kowe rasah
keminter, ndalang mu wi yo jek elek, pokoke kabeh ndang latihan seng apik supoyone pas pentas
hasile memuasne.
Joko
Siti… George ki lho mosok nyebul suling koyok nyemprit seng apik no lho ojo sumbang.”
George
Iyo iyo,maaf.
Angel
Siti, narine angel banget aku nyerah ti, aku gak iso lemes banget koyok kowe mending sing nari
kowe wae aku tak nonton wae ra popo.
Siti
Angel,jane narimu yo apik, lagian kan kowe wong bule dadi aku iso makhlum, gak popo ayo latihan
meneh engko mesti iso.
Angel
Gak iso aku ti. Maaf aku gak iso. (Angel lungo)
Kabeh
Angel.. tunggu sek.
Siti
Angel wiki ojo ngunukuwi no lho. Lagian aku yo iso makhlum kok nek kowe ra pati iso. Gak popo tak
warahi engko yo iso. Pokoke kowe focus latihan wae. Engko yo iso.
Angel
Gak usah munafik we sit. Aku ngerti kowe cuman omong kosong. Kowe ngakon aku pentas dengan
gerakan ku seng acak acakan, ben kabeh wong seng nonton muji kowe lan ngelek ngelek aku.
Siti
Ya allah, Angel. Aku gak nduwe maksud ngunukuwi blas karo kowe. Justru aku seng ora pede lan
kabeh wong muji kowe. Amarga kowe wong bule tapi gelep sinau nari. Nek nariku apik kuwi wis
biasa soale aku wong asli jowo.
Tejo
Angel ojo egois ngunukuwi. Ayo latihaneh soale lusa awak dewe wes pentas.
Angel
Iyo. Maaf yo konco konco. Terutama kowe sit maaf yah aku wes berprasangka buruk karo kowe.
Siti
Gak popo. Aku ngerti kok. (lan dewek e podo rangkulan)

(ing kahanan liya ana kedadean)


Rudy
Assalamu`alaikum.
Ayu
Walaikum salam. Eh romeo ono opo?
Rudy
Ngene aku meh ngajak kowe jalan jalan.
Ayu
Yo. Tak siap siap sek ya.
Rudy
Dandan seng ayu lho.
(Cling cling…)
Ayu
Ayuk mas rudy.
Rudy
Ayuk!

(Rudy lan Ayu goncengan numpak becak menyang taman)


Rudy
Ayu. Taman iki indah banget ya, sejuk. Koyok perasaanku nek lagi ketemu kowe.
Ayu
Ahhh. Mas Rudy gombal.
Rudy
Tapi koyoke iki terakhir kali aku ngeti raimu.
Ayu
Mas Rudy iki ngomong opo tho. Koyok sesuk meh mati wae.
Rudy
Maaf ya yu. Koyoke hubungan awak dewe gak iso di lanjutke. Soale aku ameh di jodohke karo
ibuku.
Ayu
Mas Rudy gak guyon?
Ayu
Mas Rudy jahat. Jare ndek ingi ngomong nek cinta karo aku. Tapi awak dewe lagi pacaran sedino.
Mas Rudy meh ngajak putus. Aku iki kurang opo tho Mas Rudy. Mesti karo wong seng di jodohke
ibu mu jek ayu aku banget.
Rudy
Iyo. masalahe nek aku ra nuruti permintaan ibuku, ibuku ameh bunuh diri.
Ayu
ngantek ngunukuwi.
Rudy
Yowes ya Yu. Selamat tinggal…
Ayu
Mas Mudyyyy…

(akhire ayu mulih karo atine sedih kambek nyanyi....


Ayu
Cinta satu hari oh indahnya cinta satu hari buatku melayang walau satu hari akan slalu ku kenang
dalam hidupku….(di ulang terus sampe teko rumah)
Ibu
Wiki gene o nduk nyanyi karo nangis koyok wong setres.
Ayu
Ibu, Bapak, Ayu nyuwun ngapura ya Pak, Bu.”
Bapak
Sak durunge kowe nyuwun ngapura karo bapk karo ibu. Wis awak dewe maafke, iyo tho bu?
Ibu
Iyo bener pak. La wiki iki gene tho?
Bapak
opo bar kesambet wit beringin?
Ayu
Sekata-kata wae bapak iki. Ayu bar di putusku Mas Rudy pak. Huhuhu.(nangis)
Ibu
Lha kok iso?
Bapak
Po ra kowe lagi wae jadian mosok wes putus?
Ayu
Iyo pak tenan soale Mas Rudy ameh di jodohke karo mboke.
Ibu
Yo seng sabar ya nduk. Wes ndang adus kono ngko tak jak neng kali.
Ayu
Neng kali ngopo bu?
Ibu
umbah umbah.
Ayu
oalah.
Ibu
ha mbok kiro opo?
Ayu
Yowes.

(kukuruyuk. Kahanan isuk. Isuk iki siti lan kanca kancane gladi resik gawe pentas sesuk e)
Kokom
Aku gak sabar ameh sesok.
Joko
Alah ndadak ra sabar. Ameh saiki ameh sesuk raimu yo jek ngunukuwi wae, koyok Angel ki lho
raine semakin hari tambah bersinar lan ayu.
Angel
hihihi.
Siti
Wes ojo menghina ngunukuwi jok. Mending bahas seng lain. Piye persiapane nggo sesuk opo seng
urung di kuasai, lan opo seng angel?
Angel
Jujur ya sit, pertama ne angel banget tapi setelah aku wis iso, aku bangga banget. Setelah tak
pahami gerakane, aku seneng banget iso nari sekaligus nglestarike budaya Indonesia. Meskipun
aku dudu wong asli Indonesia.
Siti
Alhamdulillah. Tapi saiki tari jek di anggap kuno karo anak anak Indonesia laine. Pokoke awak
dewe sebagai anak Indonesia kudu nglestarike budaya kita terutama tarian supaya kabeh anak
anak Indonesia kabeh iso nari lan mencintai tarian tradisional.
Tejo
Pokoke awak dewe selaku anak Indonesia wajib nglestarike budaya Indonesia. Ojo sampek budaya
seng beragam iki di rampas karo bangsa lain. Setuju?!
Kabeh
Setuju.
Semua
Kami selaku anak Indonesia akan berusaha keras melestarikan budaya Indonesia.. yeeeeyyy!!!

(bocah bocah wis podo teko dek panggonan sing besuk arep digawe kanggo ulang tahun desa
bechik ketoro ala kethitik)
Bu Merry
Akhirnya kowe kabeh teko, 1 jam aku nunggu kowe kabeh. Piye wes apal kabeh po rung?
Tejo
Nyuwun ngapura bu nggawe bu guru nunggu nganti sejam.
Bu Merry
Gak popo, seng penting kowe kabeh wes teko.
Siti
Alhamdulillah kabeh wis apa bu.
Bu Merry
Alhamdulillah, ndang latihan meneh ben tambah apal ya.
Angel
Awak dewe latihan neng panggung saiki ngantos mmboten bu. Supoyone sesok pas pentas mboten
grogi.”
Bu Merry
Entuk-entuk.”
Kabeh
Yeyyy!

(bocah bocah podo munggah panggung)


Siti
Muleh yoh.
Kabeh
Yoh!

(kabeh podo balik..ing keluarga pak sumringah ana ayu lagi galau)
Ayu
Siti…
Siti
Ono opo mbak?
Ayu
Mbak lagi galu kie. Mbak bingung kudu mileh nonton acara ulang tahun desa bechik ketoro olo
ketitik opo nonton bioskop nonton masha and the bear…
Siti
Nek aku dadi kowe ya mbak aku jelas lebih milih nonton acara ulang tahun deso bechik ketoro olo
kethitik.
Ayu
Tapi masalahe nek aku gak nonton masha and the bear aku gak bakal iso nonton neng lain dino,
soale wong di putar sesuk thok.
Siti
Lha piye,sak sakmu o mbak.
Ayu
yowes lah aku nonton acara ulang tahun bechik ketoro olo kethitik wae lah.”
Siti
Pinter

(akhire dino ulang tahun desa bechik ketoro olo kethitik wis teko)
Bu Merry
Assalamu`alaikum.
Semua
Wa`alaikum salam.
Bu Merry
Alhamdulillah, Desa Bechik Ketoro olo Kethitik ulang tahun ke 2020.
Semua
Yeeeyy
Bu Merry
Acara dimulai saking pembukaan, nyanyi sugeng ambal warsa, pentas anak anak ngangge tema
budaya, lan di akhiri doa.
Bu Merry
Mari nyanyi lagu sugeng ambal warsa.
sugeng ambal warsa kita ucapaken, sugeng dowo umur kito doaken, sugeng sejahtera waras
sentosa, sugeng amba warsa lan seneeng Damu liline damu liline damu liline saiki wae saiki wae
saiki wae, kethok kuene kethok kuene ketok kuene saiki wae saiki wae… saiki wae.
Bu Merry
Lan saiki wektune kito mirsani anak anak kang podo pentas. Dianyaki saking nari oleh siti putri
bapak sumringah lan angel putri bapak venus.
Ibu
Pak kae siti pak anake awak dewe pentas.
Bapak
Iyo bu bapak bangga, jebulane dengan arus globalisasi seng banter, anak-anake dewe jek bangga
lan terus ngelestarike budaya jawa.
Ibu
Iyo pak, semoga budaya iki terus enek nganti cucu cucu awak dewe engko ya pak.
Bapak
Aminnn.
Ayu
Cemungud dek.
Bu Merry
Penampilan tari sampun paripurna saiki penampilan dalang saking bejo.
Bu Merry
Lan saiki penampilan kang terakhir yaiku lagu saking kokom di iringi gamelan saking joko lan
George.
Bu Merry
Pentas hari ini selesai dan di tutup dengan doa, yang dipimpin kaliyan bapak kula bapak sumringah.
Bapak Sumringah
Hadirin sedoyo. Mari kita panjatkan doa ke allah swt berkat Nya desa kito panjang umur nganti
umur 2020, semoga deso kita selalu ngekeki ketentraman kangge kito sedoyo, lan budaya kang
isih ngelekat ing deso kita ojo nganti punah, lan tetep lestari nganti anak cucu kito mengke. Amin
amin ya robal `alamin.”
(pentas akhire wis rampung)

Intine kita kudu nglestarekake budaya Indonesia kalebu budaya jawa budaya kita dhewe, ojo
sampek budaya sing akeh lan mecem-macem ilang utawa di colong bangsa liya lan kanggo warga
liya nggumun karo budaya kita, lan kita dadi generasi enom Indonesia kudu nglestarekake budaya
kita, ojo kaya Joko sing nganggep budaya Indonesia kuno.
TRESNO’oNO BUDAYA INDONESIA LAN LESTAREKNO!!!
Wassalamu`alaikum Wr.wb

Anda mungkin juga menyukai