Anda di halaman 1dari 2

Zulfa Zakiya Najah/34/9B

Assalamualaikum Wr.Wb
Alhamdulillahi robbil alamin washolatu wassalamu ala ashrofil anbiya
iwal mursalin sayyidina wa maulana muhammadin wa ala alihi wa
sabihi ajmain ama ba`du.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu


undhangan, Bapak/Ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati,
adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngersanipun Gusti Allah ingkang Maha
Asih, awit wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat
satemah, ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan
karaharjan.

Kulo minangka wakil saking kelas tigo, ngaturaken angunging panuwun


ing tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu guru awit saking sih katresnan.
Anggenipun nggulawentah dhumateng kulo sekanca satemah saged
ngrampungaken kewajiban wonting ing pawiyatan menika.

Kulo sekanca naming saged memuji mugi mugi sedaya amal lan
kasaenan Bapak/Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang
Maha Agung saha tansah pinaringan kasarasan, katentreman,
kawilujengan satemah saget nggulawentah dhateng adhik adhik sedaya
ngantos dumugi paripurna kanthi biji saengga maremaken.
Mboten kesupen kulo sekanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula
sekanca asring ndamel Bapak/Ibu duka lan kuciwa, awit atur saha salah
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha
solah bawa ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya
kula nyuwun pangapunten.

Kupat janure tua yen lepat kula nyuwun pangapura.


Kupat janure santen yen lepat kula nyuwun pangapunten.
Wa billahi taufik wal hidayah, Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai