Anda di halaman 1dari 7

‫‪KHUTBAH JUMAT‬‬

‫)‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA‬‬


‫‪https://seruanmasjid.com‬‬

‫‪DHARURAT KEBOHONGAN LAN KEZALIMAN‬‬


‫َأ ‪KHUTBAH I‬‬
‫ُش‬ ‫َن ُذ َّل‬ ‫َن َتْغ‬ ‫َن‬ ‫َّل َن‬ ‫ْل‬
‫إَّن ا َح ْم َد ِل ِه ‪ْ ,‬ح َم ُد ُه ‪َ ,‬و ْس َت ِع يُنُه ‪َ ,‬و ْس ِف ُر ُه ‪َ ,‬و ُع و ِب ال ِه ِم ْن ُر وِر ْنُف ِس َن ا‪,‬‬
‫‪َ,‬و َس َئ ا َأ ْع َم ا َن اَم ْن َي ْه الَّل ُه َف َال ُم َّل َل ُه ‪َ ,‬و َم ْن ُي ْض ْل َف َال َه ا َي َل ُه‬
‫ِد‬ ‫ِل‬ ‫ِض‬ ‫ِد ِه‬ ‫ِل‬ ‫ِّي ِت‬
‫‪َ.‬أ ْش َه ُد َأ ْن َال ِا َل َه ِا َّال ُهللا َو ْح َد ُه اَل َش ْي َك َل ُه ‪َ ،‬ش َه اَد َة َم ْن ُه َو َخ ْي ٌر َّم َق اًم ا َو ْح َس ُن َن ِد اًّي‬
‫َأ‬
‫ِر‬
‫ا ا ِك َب اًر ا َو َص اًّي‬ ‫َمْلَك‬ ‫ُف‬ ‫َّت‬ ‫ُمْل‬ ‫ُه‬ ‫ُل‬ ‫ْو‬ ‫ُس‬ ‫َر‬ ‫َو‬ ‫ُه‬ ‫ُد‬ ‫ْب‬ ‫َع‬ ‫ًد‬ ‫َّم‬ ‫َح‬ ‫َو َأ ْش َه ُد َأ َّن َس َد َن‬
‫ِب‬ ‫ا ِص ِب ِر ِم‬ ‫ِّي ا م ا‬ ‫‪.‬‬
‫َا َّل ُه َّم َف َص َو َس ْم َع َل َس َن ُم َح َّم َك َن َص َق ْل َو ْع َو َك َن َر ُس ْو ًال َن َو َع َل‬
‫ِب ًّي ا‪ ،‬ى آِل ِه‬ ‫ى ِّي ِد ا ٍد ا اِد ا ِد ا‬ ‫ِّل ِّل‬ ‫ل‬
‫ُل َش َف‬ ‫َل‬ ‫َال‬ ‫َّل‬
‫‪َ،‬و َص ْح ِب ِه ا ِذ ْي َن ُي ْح ِس ُن ْو َن ِإ ْس َم ُه ْم َو ْم َي ْف َع ْو ا ْي ًئ ا ِر ًّي ا‬
‫َف َي ا َأ ُّي َه ا اْل َح ا ُر ْو َن َر َم ُك ُم ُهللا ‪ُ ،‬ا ْو ْي ْي َنْف ْي َو َّي اُك ْم َتْق َو ى ‪َ ،‬ف َق ْد َف اَز‬
‫ِهللا‬ ‫ِب‬ ‫ِص ِن ِس ِإ‬ ‫ِح‬ ‫ِض‬
‫َط‬ ‫ُذ َّل‬ ‫َأ‬ ‫َت َل‬ ‫َق‬ ‫ُمْل‬
‫ا َّت ُق ْو َن ‪ .‬اَل ُهللا َع ا ى ‪ُ :‬ع و ِب ال ِه ِم َن الَّش ْي اِن الَّر ِج ِمي‬
‫َن‬ ‫ْو‬ ‫ُم‬ ‫ْس‬ ‫ُّم‬ ‫ْم‬ ‫ُت‬ ‫َي َأ ُّي َا َّل ْي َن َء َم ُن َّتُق َهللا َح َّق ُتَق َو َال َت ُم ْو ُت َّن َّال َو َأ‬
‫ِل ‪.‬‬ ‫ِإ ن‬ ‫اِتِه‬ ‫ا ه ا ِذ ا وا ا وا‬
‫َم‬ ‫ُه‬ ‫ْن‬ ‫َي َأ ُّي َه َّن ُس َّتُق ْو َر َّب ُك ُم َّل ْي َخ َل َق ُك ْم ْن َنْف َو َد َو َخ َل َق ْن َه َز ْو َج َه َو َب َّث‬
‫ِم ا‬ ‫ا‬ ‫ِم ا‬ ‫ِّم ٍس اِح ٍة‬ ‫ا ِذ‬ ‫ا ا ال ا ا ا‬
‫َك َل ُك‬ ‫َأل‬ ‫ْا‬ ‫َّل َت ُل‬ ‫ًال َك‬
‫ِر َج ا ِث ْي ًر ا َو ِن َس آًء َو اَّتُق وا َهللا ا ِذ ْي َس آَء ْو َن ِب ِه َو ْر َح اَم ِإ َّن َهللا اَن َع ْي ْم َر ِق ْيًب ا‪.‬‬
‫َي ا َأ ُّي َه ا اَّل ِذ ْي َن َء اَم ُن وا اَّتُق وا َهللا َو ُق ْو ُل ْو ا َق ْو ًال َس ِد ْي ًد ا‪ُ .‬يْص ِل ْح َل ُك ْم َأ ْع َم اَل ُك ْم َو َي ْغ ِف ْر َل ُك ْم‬
‫ُد‬ ‫ْع‬ ‫َب‬ ‫َّم‬ ‫ُذ ُن ْو َب ُك ْم َو َم ْن ُي َهللا َو َر ُس ْو َل ُه َف َق ْد َف َز َف ْو ًز َع ْي ًم َأ‬
‫ا ِظ ا‪ .‬ا ؛‬ ‫ا‬ ‫َت َل ِط ِع‬ ‫َق‬
‫‪ :‬اَل ُهللا َع ا ى‬
‫َف َم ْن َّي ْعَم ْل ْث َق َل َذ َّر َخ ْي ًر َّي َر ۚٗه‬
‫ِم ا ٍة ا‬
‫َو َم ْن َّي ْعَم ْل ْث َق اَل َذ َّر َش ًّر ا َّي َر ٗه‬
‫ٍة‬ ‫ِم‬
‫)‪(QS al-Zalzalah [99]: 7-8‬‬

‫‪1‬‬
Para sedhèrèk Muslim, Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmating Allah
Subhanahu Wa Ta’ala
Minangka pambukaning atur, mangga kita sami tansah ngunjukaken raos
syukur wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala, awit sampun kathah
nikmat peparingipun dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pendhèrèkipun ingkang tansah setya tuhu, mangga
sareng-sareng atur shalawat dalasan salam kunjuk dhumateng Rasulullah
Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam, sumarambah dhumateng para
keluwarganipun, para sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in ngantos
dumugi akhir zaman.
Minangka jangkeping rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pémut dhumateng dhiri kula piyambak, sumarambah dhumateng para
jamaah Jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman, nambahi jejeging
taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala, jumbuh kaliyan dhawuhipun
kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam : ‫َأ‬
‫ َو َخ ا الَّن اَس ُخ ُل َح َس‬،‫ َو ْت الَّس َئ َة اْل َح َس َن َة َت ْم ُح َه ا‬، ‫ِا َّت َهللا َح ْي ُث َم ا ُك ْنَت‬
‫ٍن‬ ‫ِب ٍق‬ ‫ِل ِق‬ ‫ِب ِع ِّي‬ ‫ِق‬
“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana
pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal isa
hangganti kanisthan. Srawunga karo sapepadhané manungsa kanthi kelakuan
kang becik.” (HR Tirmidzi).
Ing satunggaling ayat, Allah SWT
‫ َأل‬sampun
‫ُأ‬ paring firman pramila ten:
‫َو َت َز َّو ُد َف َّن َخ ْي َر َّز َّت ْق َو َو َّتُق َي ْو ْا ْل‬
.... ‫َب اِب‬ ‫ال اِد ال ى ا وِن ا ِل ي‬ ‫وا ِإ‬
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-beciking sangu iku wedi
(taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé akal, sira padha wediya marang
Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).
Ing pérangan firman ingkang sanès, Allah Subhanahu Wa Ta’ala paring
dhawuh: ‫َأ‬ ‫َأ‬
‫َي ا ُّي َه ا اَّل يَن آَم ُن وْا اَّتُق وْا الّل َه َح َّق ُتَق ا َو َال َت ُم وُت َّن َّال َو نُت م ُّم ْس ُم وَن‬
‫ِل‬ ‫ِإ‬ ‫ِتِه‬ ‫ِذ‬
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya ing Allah, kelawan sejatineng
bekti, lan sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan Islam.” (QS Ali Imran [3]
: 102).
Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan, Rahimakumullah
Islam ngajaraken dhumateng umatipun murih tumindak lan asikap ingkang
jujur, sarta nebihi sifat goroh lan dhusta. Menika mboten namung sekedhar
moralitas, namung karana dipun anggep jujur menika saé, lan goroh /dhusta
menika awon. Ananging menika perkawis ingkang dados dhawuhipun agami.
Allah subhanahu wa ta’ala sampun paring firman makaten: ‫َأ‬
‫َي ا ُّي َه ا اَّل يَن آَم ُن وا اَّتُق وا الَّل َه َو ُك وُن وا َم َع الَّص ا يَن‬
‫ِد ِق‬ ‫ِذ‬

2
Hé para wong mukmin kabèh, sira padha bektia marang Allah, lan padha dadiya
kancané para wong mukmin kang padha temen (setya tuhu). (TQS at-Taubah [9]:
119).

Ayat menika pancèn handhawuhaken murih kita tumindak leres/jujur. Éwo


semanten, ayat niki ugi ateges ngawisi perkawis sewalikipun, inggih menika
goroh / dhusta.
Mangga dipun émut sabda Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam menika:
‫َل‬ ‫ْل‬ ‫َل ْل‬ ‫ْلَك‬
‫َو ِإ َّن ا ِذ َب َي ْه ِد ي ِإ ى ا ُف ُج وِر َو ِإ َّن ا ُف ُج وَر َي ْه ِد ي ِإ ى الَّن ِرا‬
Sak temené goroh /dhusta iku nyedhakaké marang dosa lan dosa nglantaraké
marang sak jeroning neraka (HR al-Bukhari dan Muslim).
Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan, Rahimakumullah
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda: Ing sawijining wengi aku
mimpi ditekani pawongan pria loro. Banjur sak karoné ngajak aku marang
sawijining panggonan kang resik. Ing panggonan iku aku nyawang ana pawongan
loro kang lagi lungguh lan ana pawongan loro uga kang ngadeg. Ing tangané ana
gagang wesi. Wesi iku di tublesaké ing tulang rahangé dhéwé nganti tembus ing
tengkuké. Banjur di tublesi manèh nganggo wesi-wesi ing pérangan tulang rahang
liyané, nganti kebak wesi.” Akhiré aku takon, “ Sira wis ngajak aku mlaku-mlaku.
Sak iki kabarna marang aku kedadéyan iku, kang wis tak sumurupi.” Kekaroné
ngomong, “Pawongan kang mbok sumurupi nyubles rahangé nganggo wesi iku
sawenèhing pendhusta, seneng nyelathu goroh nganti dedosané iku ngebaki
penjuru langit. Apa kang mbok sumurupi iku bakal lumadi nganti bésuk dina
Kiamat.” (HR al-Bukhari dan Ahmad).

Menika babagan goroh /dhusta kanthi umum dhumateng sesamining


manungsa. Menapa malih menawi goroh /dhusta niku dipun tindakaken déning
satunggaling pemimpin dhumateng rakyatipun. Dosanipun mesthi langkung ageng.
Awit, korban saking kegorohan pemimpin waradin dhumateng sedaya rakyat
ingkang gunggungipun puluhan yuta, kepara saged atusan yuta tiyang.
Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan, Rahimakumullah
Goroh /dhusta caket sanget kaliyan kezaliman. Kapara goroh /dhusta kalebet
salah satunggaling tumindak zalim. Ingkang langkung zalim malih inggih menika
handamel kadhustan/kegorohan dhumateng agami niki, inggih menika
handhustakaken Allah subhanahu wa ta’ala lan Rasulipun.
Kathah sanget ayat saking Allah subhanahu wa ta’ala ingkang paring
pangancam dhumateng tiyang ingkang handhustakaken Allah subhanahu wa ta’ala
lan Rasulipun. Ing antawisipun firman Allah subhanahu wa ta’ala
‫ َأ‬menika:
‫ُف ْل َن ُت ُك ُم ْلَك َب َه َذ َح اَل ٌل َو َه َذ َح َر ٌم َتْف َت ُر َع َل َّل‬ ‫َو اَل َتُق ُل َمِل َت‬
‫ا ا ِل وا ى ال ِه‬ ‫ا‬ ‫ا ِذ‬ ‫ِس‬ ‫و وا ا ِص‬
‫َي ْف َت ُر وَن َع َل ى الَّل اْلَك َب اَل ُي ْف ُح وَن‬ ‫اْلَك َب َّن اَّل يَن‬
‫ِل‬ ‫ِه ِذ‬ ‫ِذ ِإ ِذ‬
3
Lan manèh sira aja padha ngucap mengkéné:” Panganan iki halal, utawa
panganan iki haram, anggoné ngocap mangkono mau mangucap goroh, sira
akokaké terang saka dhawuhé Allah.” Satemené wong kang padha ngucap goroh
iku dhèwèké ora bakal pikantuk kabegjan. (TQS an-Nahl [16]: 116).

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring pangancam makaten:


‫اَل َت ْك ِذ ُب وا َع َل َّي َف َّنُه َم ْن َك َذ َب َع َل َّي َف ْل َي ِل ْج الَّن اَر‬
‫ِإ‬
Sira aja padha tumindak dhusta marang aku. Satemené wong kang tumindak
dhusta marang aku mesti bakal mlebu ing neraka. (HR al-Bukhari dan Muslim).
Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan, Rahimakumullah
Sumangga sami dipun inget, bilih kebohongan utawi ngagorohan menika
péranganipun sifat kemunafikan. Pangandikanipun Kanjeng Nabi shallallahu
‘alaihi wa sallam makaten: ‫َأ‬
‫آَي ُة اُمْلَن ا َث اَل ٌث َذ ا َح َّد َث َك َذ َب َو َذ ا َو َع َد ْخ َل َف َو َذ ا اْؤ ُت َن َخ اَن‬
‫ِم‬ ‫ِإ‬ ‫ِإ‬ ‫ِإ‬ ‫ِف ِق‬
Tetandané wong munafik ana telu: menawa micara goroh; menawa janji, ingkar;
menawa dipercaya, khianat. (HR al-Bukhari dan Muslim).

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah ingkang kinurmatan, Rahimakumullah


Makaten terang trawacanipun awisan goroh lan dhusta, ananging kepara kita
sami ngawuningani kegorohan ing sak ngajeng pandulu kita. Sanes dening
pawongan biasa, ananging dening tiyang ingkang nedheng dados panguwaos. Nut
lumampahing wekdal, kebohongan dipun damel kanggé hamblithuk utawi
ngelabui. Katembèn kasus pembunuhan sadis polisi déning perwira tinggi polisi.
Pramila, pancèn leres menapa ingkang dipun aturaken déning Habib Rizieq Syihab
(HRS), bilih negeri niki nembé katrajang darurat kebohongan. Kanthi kebohongan
niku saged nuwuhaken kezaliman ing sadhéngah panggénan.
Para pambohong menika supé, bilih sanajan piyambakipun limpat anggènipun
goroh ing donya, ngothak-athik hukum, piyambakipun boten badhé saged luar
saking pengadilan akhirat. Ing mrikanipun tan wonten malih kekuasaan lan
jabatan. Tan wonten sogok menyogok. Ingkan wonten namung Allah Ingkang
Maha Perkasa. Sedaya pangucap saha tumindak dipun timbang sak adhil-adhilipun.
Tan wonten ingkang kacicir, sanajan namung sak agengipun isi sawi (TQS al-
Zalzalah [99]: 7-8).
Allah subhanahu wa ta’ala sampun
‫ َأ‬paring firman
‫ َأ‬makaten: ‫َأ‬
‫اْل َيْو َم َنْخ ُم َع َل ى ْف َو ا ْم َو ُت َك ُم َن ا ْي ي ْم َو َت ْش َه ُد ْر ُج ُل ُه ْم َم ا َك اُن وا َي ْك ُب وَن‬
‫ِس‬ ‫ِب‬ ‫ِد ِه‬ ‫ِّل‬ ‫ِه ِه‬ ‫ِت‬
Ing dina iku sira ngunci cangkemé wong kafir kabèh, (dadi ora iso sélak), tangané
padha munjuk marang Ingsun déné sikilé padha neksèni ngandhakaké kabèh
barang kang wis padha dilakoni nalika ing donya. (TQS Yasin [36]: 65).

4
Mugi-mugi kita sedaya dados kawulanipun ingkang kalis saking sifat goroh lan
dhusta sahingga kalis saking panasipun latu neraka.
Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rahmatipun Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika.
Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah Subhanahu
Wa Ta’ala samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking
Panjenenganipun, lan ugi Rasulipun, mangga kita gondhèli kanthi saèstu.
Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi
kula, mangga kita bucal sak tebihipun, lan mugi panjenengan sedaya kersa
hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntoning atur, sumangga kita pungkasi khutbah menika kanthi ndedonga
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir batin,
manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahéngga saged
dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut ngrembakakaken
jejegipun syariat Islam kanthi kaffah, tansah setya tuhu hanuladhani kanjeng Nabi
Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khatimah, aamiin ya rabbal’alamiin.
[]
‫َو َل ُك ْم ْا ُق ْر ْا َع ْي َو َنَف َع َو َّي ُك ْم َم ْي َن آْل َي َو ْك‬ ‫َب اَر َك‬
‫ِر‬ ‫ِّذ‬‫ل‬‫ا‬ ‫ِت‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ِم‬ ‫ِه‬ ‫ِف‬ ‫ا‬ ‫ِب‬ ‫ا‬ ‫ِإ‬ ‫ي‬ ‫ِن‬ ، ‫ِم‬ ‫ِظ‬ ‫ل‬ ‫ِن‬ ‫آ‬ ‫ل‬ ‫ى‬ ‫ِف‬ ‫ي‬ ‫ِل‬ ‫هللا‬
‫َو َتَق َّبَل ُهللا َّن َو ْن ُك ْم َال َو َت ُه َو َّنُه ُه َو َّس ْيُع َع ْيُم َو َأ ُق ْو ُل َق ْو َه َذ‬ ‫اْل َح‬
‫ِل ي ا‬ ، ‫ال ِم ال ِل‬ ‫ِإ‬ ‫ِم ِم ِت‬ ‫ا‬ ‫ي‬
‫ِك ِم‬
‫َغ‬ ‫َف َتْغ‬
‫أْس ِف ُر َهللا الَع ِظ ْيَم ِإ َّنُه ُه َو ال ُف ْو ُر الَّر ِح ْي م‬

5
‫‪Khutbah II‬‬
‫َع لَى َت ْو ْي َو ْم َن ا ‪َ .‬و َأ ْش َه ُد َأ ْن َال َل َه َّال ُهللا‬ ‫َل ُه‬ ‫َاْل َح ْم ُد ِهلل َع لَى ْح َس اِنِه َو الُّش ْك ُر‬
‫ِا ِإ‬ ‫ِف ِق ِه ِا ِت ِنِه‬ ‫ِإ‬
‫ُل‬
‫َس َد َن ا ُم َح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْو ُه الَّد اِع ى إلَى‬ ‫أَّن‬ ‫َو ُهللا َو ْح َد ُه َال َش ْي َك َل ُه َو َأ ْش َه ُد‬
‫ِّي‬ ‫ِر‬
‫ْض َو‬
‫‪ِ.‬ر اِنِه‬
‫َت‬ ‫َل َا َأ‬ ‫َن‬ ‫َل‬
‫اللُه َّم َص ِّل َع ى َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد ِو َع ى ِل ِه َو ْص َح اِب ِه َو َس ِّل ْم ْس ِل ْي ًم ا ِك ثْي ًر ا‬
‫َأ َّم ا َب ْع ُد َف يَا َا ُّي َه ا الَّن اُس ِا َّتُق واَهللا ِف ْيَم ا َأ َم َر َو اْن َت ُه ْو ا َع َّم ا َن َه ى َو اْع َل ُم ْو ا َأ َّن َهللا َأ َم َر ُك ْم‬
‫َأ ْم َب َد َأ ْي َنْف َو َث ـَن ى َم آل َك اُمْلَس َح ُق ْد َو َق اَل َت عَاَل ى َّن َهللا َو َم آل َك َتُه‬
‫ِئ‬ ‫ِإ‬ ‫ِّب ِة ِب ِس ِه‬ ‫ِب ِئ ِتِه‬ ‫ِب ٍر ِف ِه ِب ِس ِه‬
‫َت‬ ‫َل‬ ‫ُّل‬ ‫َّل‬ ‫َا‬ ‫ُّل‬
‫‪ُ.‬يَص ْو َن َع لَى الَّن ِب ى يآ ُّي َه ا ا ِذ ْي َن آَم ُن ْو ا َص ْو ا َع ْي ِه َو َس ِّل ُم ْو ا ْس ِل ْي ًم ا‬
‫َل‬ ‫َا‬ ‫َل‬ ‫َل‬ ‫َّل‬ ‫َن‬ ‫َل‬
‫اللُه َّم َص ِّل َع ى َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد َص ى ُهللا َع ْي ِه َو َس ِّل ْم َو َع ى آِل َس ِّي ِد ن ُم َح َّم ٍد َو َع ى‬
‫َأ ْك‬ ‫ْا ُخ َل‬ ‫ّل‬ ‫َك ْا ُملَق‬ ‫َا ْن‬
‫ِب يآِئ َك َو ُر ُس ِل َك َو َم آلِئ ِة َّر ِب ْي َن َو اْر َض ال ُه َّم َع ِن ل َف اِء الَّر اِش ِد ْي َن ِب ى َب ٍر َو ُع َم ر‬
‫َو ُع ْث َم ان َو َع لي َو َع ْن َب َّي الَّص َح اَب َو الَّت ا ْي َن َو َت ا ي الَّت ا ْي َن َل ُه ْم ِا ْح َس ا ِا َل ى َيْو‬
‫ِم‬ ‫ٍن‬ ‫ِب‬ ‫ِب ِع‬ ‫ِب ِع‬ ‫ِب ِع‬ ‫ِة‬ ‫ِق ِة‬
‫َأ‬
‫ال ْي َو اْر َض َع َّن ا َم َع ُه ْم َر ْح َم َك َي ا ْر َح َم الَّر ا ْي َن‬
‫ِح ِم‬ ‫ِب ِت‬ ‫ِّد ِن‬
‫َا للُه َّم اْغ ِف ْر ِل ُم ْؤ ِم ِن ْي َن َو ْؤ ِم َن اِت َو ْس ِل ْي َن َو ْس ِل َم اِت ْح يآء ِم ْن ُه ْم َو ْم َو اِت اللُه َّم‬
‫ْاَال‬ ‫َال‬ ‫َا‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫ْل‬
‫ِم‬
‫َأ ِع َّز ْا ْس َال َم َو ْا ُملْس ِل ِم ْي َن َو َأ ِذ َّل الِّش ْر َك َو ْش ِك ْي َن َو اْن ُص ْر ِع َب اَد َك َو ِّح ِد ْي َن َو اْن ُص ْر‬
‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬
‫َأ‬ ‫ِر‬ ‫ِإل‬
‫َل‬ ‫َك‬
‫َم ْن َن َص َر ال ْي َن َو اْخ ْل َم ْن َخ َل ْس ْي َن َو َد ْر ْع َد َء ْي َو ْع َم َك َيْو‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫َذ‬ ‫ُذ‬
‫ا الِّد ِن ا ِل ِل اِت ِإ ى ِم‬ ‫ِّم‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِّد‬
‫‪.‬ال ْي‬
‫ِّد ِن‬
‫َظ‬ ‫ْا‬ ‫ْا‬ ‫ْا‬ ‫َال‬ ‫ْا‬ ‫َال‬ ‫ْا‬ ‫َف‬
‫اللُه َّم اْد ْع َع َّن ا لَب َء َو لَو َب اَء َو الَّز ِز َل َو ِمل َح َن َو ُس ْو َء لِف ْتَن ِة َو ِمل َح َن َم ا َه َر ِم ْن َه ا َو َم ا‬
‫ْا‬ ‫ًة‬ ‫ْا ْل ْا ُمل‬ ‫ًة‬ ‫َل َن ْن‬ ‫َط‬
‫َب َن َع ْن َب ِد ا ِا ُد وِن ْي ِس َّي ا خآَّص َو َس اِئ ِر لُب َد اِن ْس ِل ِم ْي َن عآَّم َي ا َر َّب لَع اِمَل ْي َن ‪َ .‬ر َّب َن ا‬
‫َذ‬ ‫ًة‬ ‫ًة ْا‬ ‫ْن‬ ‫َا‬
‫‪.‬آِت ن ِف ى الُّد َي ا َح َس َن َو ِف ى آلِخ َر ِة َح َس َن َو ِق َن ا َع اَب الَّن ِرا‬
‫‪َ.‬ر َّب َن ا َظَل ْم َن ا َا ْنُف َس َن ا َو اإْن َل ْم َت ْغ ْر َل َن ا َو َت ْر َح ْم َن ا َل َن ُك ْو َن َّن َن ْا لَخ ا ْي َن‬
‫ِس ِر‬ ‫ِم‬ ‫ِف‬
‫ْا‬ ‫ْا‬ ‫ْا‬ ‫ْأ ْا‬
‫ِع َب اَد ِهللا ! ِإ َّن َهللا َي ُم ُر ِب لَع ْد ِل َو ِإل ْح َس اِن َو ِإ ْي تآِء ِذ ي لُق ْر بَى َو َي ْن َه ى َع ِن لَف ْح ش ِءآ‬
‫َو ْا ُملْن َك َو ْا لَب ْغ ي َي ِع ُظ ُك ْم َل َع َّلُك ْم َت َذ َّك ُر ْو َن َو اْذ ُك ُر وا َهللا ْا لَع ِظ ْيَم َي ْذ ُك ْر ُك ْم َو اْش ُك ُر ْو ُه َع لَى‬
‫ِر‬
‫ِن َع ِه َي ْد ُك ْم َو َل ِذ ْك ُر ِهللا َأ ْك َب ْر‬
‫ِم ِز‬

‫‪6‬‬
7

Anda mungkin juga menyukai