Anda di halaman 1dari 10

‫‪KHUTBAH JUMAT‬‬

‫)‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA‬‬


‫‪https://seruanmasjid.com‬‬

‫‪MUHÂSABAH ING PUNGKASANING‬‬


‫‪WARSA‬‬
‫‪KHUTBAH I‬‬
‫َ ُ َّ‬ ‫َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َّ َ‬ ‫ْ‬
‫َّإن ال َح ْم َد ِلل ِه‪ ,‬ه ْح َم ُد ُه‪َ ,‬وو ْظ َح ِع ُُى ُه‪َ ,‬وو ْظ َحغ ِف ُس ُه‪َ ,‬وَو ُعىذ ِبالل ِه‬
‫َّ ُ َ َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ ُ ُ َْ ُ َ َ َ َّ َ‬
‫ات ؤعم ِالىامن يه ِد ِه الله فال‬ ‫ِمن شسو ِز ؤهف ِظىا‪ ,‬وط ِِئ ِ‬
‫َ‬ ‫ُ َّ َ ُ َ َ ْ ُ ْ َ َ‬
‫ض ِل ْل فال َه ِاد َي ل ُه‪,‬‬ ‫م ِضل له‪ ,‬ومن ً‬
‫هللا َو ْح َد ُه َال َشسٍْ ًَ َل ُه‪َ ،‬ش َه َاد َة َم ْن ُهىَ‬ ‫لِا ُ‬ ‫َ ْ َ ُ َ ْ َ َ َ َّ‬
‫ِ‬ ‫ؤشهد ؤن ال ِاله ِ‬
‫ن َه ِدًا‪ًّ.‬‬ ‫َخ ْي ٌر َّم َل ًاما َو َؤ ْح َظ َُ‬
‫َ َ ْ َ ُ َ َّ َ ّ َ َ َ َّ ً َ ْ ُ ُ َ َ ُ ْ ُ ُ ْ ُ َّ ُ ْ َ َ‬
‫وؤشهد ؤن ط ُِدها محمدا عبده وزطىله اْلح ِصف ِباْليا ِز ِم‬
‫ص ِب ًُّا‪.‬‬‫ه َبا ًزا َو َ‬
‫ِ‬
‫ْ‬ ‫ص ّل َو َط ّل ْم َع َلى َط ُّد َها ُم َح َّمد َو َ‬ ‫َ َّ َ َ‬
‫ص ِاد َق ال َى ْع ِد‬ ‫ان َ‬ ‫ٍ‬ ‫ِِ‬ ‫الل ُه َّم ف ِ ِ‬
‫َّ‬
‫ص ْح ِب ِه ال ِر ًْ َن ًُ ْح ِظ ُى ْى َن‬ ‫ان َز ُط ْى ًال َهب ًُّا‪َ ،‬و َع َلى آله َو َ‬ ‫َو َو َ‬
‫ِِ‬ ‫َ ِ‬
‫َ‬ ‫ً‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬
‫ِإ ْطال َم ُه ْم َول ْم ًَف َعل ْىا ش ِْئا ف ِسًٍّا‪،‬‬
‫هللا‪ُ ،‬ا ْوص ُْن ْي َه ْفس ْي َوإ ًَّ ُاهمْ‬ ‫َف َُا َؤ ُّي َها ْال َحاض ُس ْو َن َزح َم ُى ُم ُ‬
‫ِ َ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ُ ُ َّ‬ ‫َ َ ْ َ َ ْ ُ َّ ُ ْ َ َ َ ُ َ َ َ‬ ‫ََْ‬
‫هللا‪ ،‬فلد فاش اْلحلىن‪ .‬كاٌ هللا جعالى ‪ :‬ؤعىذ ِبالل ِه‬ ‫ِبحلىي ِ‬
‫الس ِج ِ َ‬
‫ُم‬ ‫الش َُْ َطان َّ‬ ‫َ َّ‬
‫ِمن‬
‫ِ‬
‫َ َ َّ ُ َ َ َ َ ُ ْ ُ َّ َّ‬ ‫ُ‬ ‫َّ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ َ ُّ َ َّ‬
‫ًا ؤيها ال ِرًن ءامىىا اثلىا هللا حم ثلا ِث ِه وال ثمىثن ِإال‬
‫َ َ ُ ْ ُّ ْ ُ ْ َ‬
‫ن‬
‫وؤهحم مظ ِلمى َ‪.‬‬

‫‪1‬‬
‫ع َو ِاح َد ٍة‬ ‫ف‬ْ ‫اض َّاث ُل ْىا َ َّب ُى ُم َّالر ْي َخ َل َل ُى ْم ّم ْن َه‬
‫ز‬ ُ َّ ‫ًَا َؤ ُّي َها‬
‫الى‬
ٍ ِ ِ
َ ‫َو َخ َل َم م ْن َها َش ْو َج َها َو َب َّث م َْن ُه َما ز َجاال هث ْي ًرا َوو َظ ًأء َو َّاث ُلىا‬
‫هللا‬
َ ً
ِ ِ ِ ِ ِ
ُ َ َ َ ْ ُ
َ ‫َّالر ْي َج َظ َأءل ْىن به َولْا ْز َح َام إ َّن‬
َ ‫هللا و‬ َ
. ‫ان َعل ُْى ْم َز ِك ُْ ًبا‬ ِ ِِ ِ
ً َ ُ
ْ ًُ . ‫هللا َوك ْىل ْىا ك ْىال َط ِد ًْ ًدا‬ ُ َّ
َ ‫ًَا ؤ ُّي َها الر ًْ َن َء َام ُىىا َّاث ُلىا‬ َ
‫ص ِل ْح‬ ِ
َُ ْ ُ َ َ َ ُ ُ ُ ُ َ ْ ُ َ َ َُ
‫لى ْم ؤ ْع َمالى ْم َو ََغ ِف َْس لى ْم ذه ْى َبى ْم َو َم ْن ًُ ِط ِع هللا وزطىله‬
َ َ ُ َ َ ُ ْ َ َّ َ ً ْ َ ً ْ َ َ َ ْ َ َ
: ‫هللا ج َعالى‬ ٌ‫ؤما بعد؛كا‬.‫فلد فاش فىشا ع ِظُما‬
ٰ َ ََ َ ٰ ٓ ْ َ َ َ
‫َول ْى ا َّن ا ْه َل ال ُل ٰسي ا َم َُى ْىا َو َّاثل ْىا لف َح ْح َىا َعل ْي ِه ْم َب َسه ٍت ِّم َن‬
َ ْ ُ َ ْ َ َ َ َّ َ ٰ َ ْ َ ۤ َ َّ
َ ‫ض َول ِى ْن هر ُب ْىا فاخر ٰن ُه ْم ِب َما واه ْىا ًَى ِظ ُب ْىن‬ ْ ‫لِا‬
ِ ‫الظما ِء و‬
‫ز‬
(QS al-A‟raf [7]: 96)

Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating Allah


Subhanahu Wa Ta‟ala
Minangka pambukaning atur, mangga kita
sami tansah ngunjukaken raos syukur wonten
ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta‟ala, awit
sampun kathah nikmat peparingipun dhumateng
kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pendhèrèkipun
ingkang tansah setya tuhu, mangga sareng-sareng
atur shalawat dalasan salam kunjuk dhumateng
Rasulullah Muhammad Shallallahu „Alaihi Wa
Sallam, sumarambah dhumateng para
keluwarganipun, para sahabatipun, para tabi‟in,
ugi para tabi‟utabi‟in ngantos dumugi akhir zaman.
Minangka jangkeping rukun khotbah, al fakir
khotib mboten bosen-bosen tansah atur pémut
dhumateng dhiri kula piyambak, sumarambah
dhumateng para jamaah Jum‟at, kanthi atur,
sumangga tansah ngiyataken iman, nambahi
jejeging taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu
Wa Ta‟ala, jumbuh kaliyan dhawuhipun kanjeng
Nabi Muhammad Shallallahu „Alaihi Wa Sallam :
2
َ َ ْ َ َ َّ َْ ُ ُ َ
،‫الظ ِِّئة ال َح َظ َىة ث ْم ُح َها‬ ‫ َوؤث ِب ِع‬،‫هللا َح َُْث َما ه ْى َت‬ ‫ِا َّث ِم‬
ُ ُ َ َّ َ
َ ٍ ‫اض ِبخل ٍم َح َظ‬
‫ن‬ ‫َوخ ِال ِم الى‬
“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé
mapanira. Imbangana pakartimu kang nistha
kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal isa
hangganti kanisthan. Srawunga karo sapepadhané
manungsa kanthi kelakuan kang becik.” (HR
Tirmidzi).
Ing satunggaling ayat, Allah SWT sampun
paring firman pramila ten:
َ ْ َ ْ ْ ُ َ ُ َّ َ َ ْ َّ َّ َ ْ َ َّ َ ُ َّ َ َ َ
ِ ‫وثصودوا ف ِئن خير الص ِاد الحلىي واثلى ِن ًاؤو ِلي لْالبا‬....
‫ب‬
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-
beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. Hé
wong kang padha duwé akal, sira padha wediya
marang Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).
Ing pérangan firman ingkang sanès, Allah
Subhanahu Wa Ta‟ala paring dhawuh:
َّ َّ ُ ُ َ َ َ َ ُ َّ َ َ ّ ْ ُ َّ ْ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫ًا ؤيها ال ِرًن آمىىا اثلىا الله حم ثلا ِث ِه وال ثمىثن ِإال‬
َ‫َ َ ُ ُّ ْ ُ ن‬
َ ‫وؤهحم مظ ِلمى‬
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya
ing Allah, kelawan sejatineng bekti, lan sira aja
padha mati, kajaba mati ing kahanan Islam.” (QS
Ali Imran [3] : 102).
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating Allah
Subhanahu Wa Ta‟ala
Tan karaos, kita sampun mapan ing pucuking
warsa 2022. Mboten dangu malih kita badhé
malebet ing warsa énggal 2023. Sampun sak
trepipun kanthi bleger pribadhi menapa déné
rerombongan utawi kolèktif, kita sedaya ngadani
muhâsabah (pepétungan) menggah menapa
ingkang sampun kita tindakaken, maliginipun ing
salabeting setunggal warsa ingkang badhé lingsir
menika.
3
Kanthi bleger pribadhi, muhâsabah kapara
dipun dhawuhaken déning Allah subhanahu wa
ta‟ala dhumateng saben manungsa. Allah
subhanahu wa ta‟ala sampun paring firman
makaten:
َ َ ٌ ْ َ ْ ُ ْ َ ْ َ َ ّٰ ُ َّ ُ َ ٰ َ ْ َّ َ ُّ َ ٰٓ
‫ع َّما ك َّد َم ْت ِلغ ٍٍۚد‬‫ًايها ال ِرًن امىىا اثلىا الله ولحىظس هف‬
َ ُ َ َ ّٰ ّٰ
َ ‫َو َّاث ُلىا الل َه ِۗا َّن الل َه خ ِب ْي ٌر ِۢب َما ج ْع َمل ْىن‬
Para Mukmin, padha bektia ing Allah. Kabèh waé
padha nggatekna apa sing wis ditindakaké kanggo
dina sesuk (akhirat). Padha bektia ing Allah,
saktemené Allah iku Waspada marang samu barang
kang padha sira lakoni. (TQS al-Hasyr [59]: 18).

Rasulullah shallallahu „alaihi wa sallam ugi


sampun paring pémut kanthi sabdanipun makaten:
ْ َْ َ َ ُ َِّ ‫ْال َى‬
‫ َوال َع ِاج ُص َم ْن‬،‫ع َم ْن َد َان ه ْف َظ ُه َو َع ِم َل ِْلا َب ْع َد اْل ْى ِت‬ ِ َ
َّ َ َّ َ َ َ ُ ْ َ ْ
َ ‫ َوث َمنى َعلى الل ِه َع َّص َو َج ّل‬،‫ؤث َب َع هف َظه ه َىاها‬
Wong kang cerdhik yaiku wong kang tansah
métani dhiriné, sarta nindakaké amal kanggo
panguripan sawisé mati. wong kang lemah
(bodho) yaiku wong kang tansah nuruti hawa
nafsun sarta ngambyang-ambyang marang Allah
subhanahu wa ta‟ala (HR at-Tirmidzi).

Babagan perlunipun muhâsabah niki, Imam


Hasan al-Bashri naté paring pratélan makaten,
“Satemené sawijiné wong Mukmin kang hanjaga
dhiriné dhéwé bakal tansah ngadani muhasabah
karana Allah subhanahu wa ta‟ala. Satemené bakal
karasa gampang pétungané Allah subhanahu wa
ta‟ala mungguh marang sawijining kaum kang wis
kulina métung dhiriné dhéwé rikala maksih ing
alam donya.” (Ibn al-Jauzi, Shifat ash-Shafwah
I/356).

4
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating Allah
Subhanahu Wa Ta‟ala
Sak sanèsipun muhâsabah tumrap dhiri pribadhi,
ugi kedah wonten muhâsabah rombongan utawi
kolektif, tumrap sedaya komponèn bangsa menika,
kadospundi menggah kawontenan negerinipun ing
wekdal sak menika. Menapa sampun leres
manglung ngiblating lampah negeri niki, meapa
dèrèng?
Sejatosipun kita miris, menawi kita bikak malih
lembaran-lembaran kedadosan ing tahun niki.
Kemiskinan mboten saged dipun tranggulangi.
Menapa malih katambahan pandhemi. Kriminalitas
tansah sansaya minggah handedel, malah kapara
wonten ingkang dipun tindakaken déning aparat.
Judi onliné, narkoba, miras, ngantos sèks bébas,
ugi LGBT, sansaya ngrembaka. Korupsi mboten
mandeg-mandeg. Karusakan moral sansaya brutal.
Para mafia mapan ing sedaya papan panggénan:
wonten mafia impor, mafia peradhilan, ngantos
mafia politik. Agami ugi terus dipun nisthakaken.
Lajeng nuwuhaken pitakénan : menapa
sababipun sedaya niku dumados saha tansah
manyempyok dhumateng bangsa saha negeri
mriki? Menapa akar persoalanipun? Menapa solusi
ingkang mangoyot, tuntas saha hamrantasi?
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating Allah
Subhanahu Wa Ta‟ala
Mugi kawuningan, pangkal saking sedaya
keterpurukan saha karisakan ingkang manempuh
bangsa saha negeri niki inggih menika dosa,
kemaksiatan saha pembangkangan kita dhumateng
Allah subhanahu wa ta‟ala. Allah subhanahu wa
ta‟ala sampun paring firman makaten:

5
‫اض‬ َّ ‫َظ َه َس ْال َف َظ ُاد فى ْال َب ّر َو ْال َب ْحس ب َما َه َظ َب ْت َا ًْدي‬
‫الى‬
ِ ِ ِِ ِ ِ
َ‫ُ ْ َ ُ ْ َ ْ َ َّ ْ َ ُ ْ َ َ َّ ُ ْ َ ْ ُ ْ ن‬
َ ‫ِلُ ِرًلهم بعض ال ِري ع ِملىا لعلهم ًس ِجعى‬
Ing bumi kang jengkar lan kang loh tetéla padha
karusakan (larang udan, tanduran arang kang urip),
merga saka durakaning manungsa. Wusana
manungsa padha kapeksa ngrasakaké patrapan
sawatara (pahilan) kang wis dilakoni, supaya
padha bali (marang dalan kang bener). (TQS ar-
Rum [30]: 41).

Imam Ali ash-Shabuni ing nglebet kitab tafsir,


Shafwah at-Tafâsîr, atur panjelasan maksud saking
ayat ing nginggil, inggih menika wis katon musibah
lan bencana ing salumahing bumi lan ing segara,
kang disebabaké déning kemaksiatan lan dedosané
para manungsa marang Allah subhanahu wa
ta‟ala.
Menapa menika? Pembangkangan dhumateng
hukum-hukum Allah subhanahu wa ta‟ala. Kapara
syariahipun asring dipun stigmatisasi négatif.
Semangat dhakwah kanggé hanjejegaken
agaminipun malah dipun labèli radikal lan dipun
wawas minangka ancaman. Islam, agami
kebanggaan kita, terus dipun modherasi, murih
kabrungkat saking oyotipun ingkang hakiki. Kita
dipun gegiro murih mboten dados Muslim thaat,
hananging dipun giring dados Muslim modherat.
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmating Allah
Subhanahu Wa Ta‟ala
Pitakénanipun: menapa solusinipun? Satunggal-
satunggaling solusi ingkang leres, mendhasar saha
total inggih menika namung mangetrapaken
syariah Islam kanthi kâffah. Niku minangka bukti
keimanan kita kanthi total dhumateng syariahipun
Allah subhanahu wa ta‟ala.

6
Ampun ngantos kita mangsuli malih kalepatan
ingkang sami, kanthi tetep mitadosi dhumateng
sistém panggesangan sanèsipun Islam. Tetep
hanggupak hanjerum, mapan ing lebet sistém
panggesangan sanèsipun Islam. Sampun
wekdalipun kita bangkit malih sareng Islam.
Mugi dipun émut, kebangkitan saking sedaya
keterpurukan ingkang manyempyok ing negeri
niki, inggih namung kanthi wangsul malih
dhumateng Islam ingkang kaffah. Handadosaken
Al-Qur‟an saha as-Sunnah minangka rujukan
gesang kita ing sedaya aspèk panggesangan.
Sedaya niku minangka perwujudan takwa kita
dhumateng Allah subhanahu wa ta‟ala. Takwa niku
ingkang badhé handadosaken kita pikantuk
manéka warni kaberkahan saking Allah subhanahu
wa ta‟ala. Allah subhanahu wa ta‟ala sampun
paring firman makaten:
ٰ َ ََ َ ٰ ٓ ْ َ َ َ
‫َول ْى ا َّن ا ْه َل ال ُل ٰسي ا َم ُى ْىا َو َّاثل ْىا لف َح ْح َىا َعل ْي ِه ْم َب َسه ٍت ِّم َن‬
ْ َ ََ َ ٰ َ ْ َ ۤ َ َّ
‫ض َوَل ِى ْن ه َّر ُب ْىا فا َخ ْر ٰن ُه ْم ِب َما و ُاه ْىا ًَى ِظ ُب ْى َ َن‬ ْ ‫لِا‬
ِ ‫الظما ِء و‬
‫ز‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha
iman ing Allah lan utusané Allah, sarta padha bekti
ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah
saka langit lan saka bumi, nanging dhèwèké padha
nggorohaké awit saka iku Ingsun banjur nurunaké
siksa marga saka tumindaké dhéwé.” (QS Al A‟raaf
[7] : 96).

Menapa menika sanès janjinipun Allah ingkang


satuhu?
Jamaah Jum‟at ingkang pikantuk rahmatipun
Allah Subhanahu Wa Ta‟ala
Makaten ingkang saged kula aturaken ing
khutbah Jum‟at menika. Hanglenggana bilih
sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah
Subhanahu Wa Ta‟ala samukawis atur kula
7
ingkang leres awit pitedah saking
Panjenenganipun, lan ugi Rasulipun, mangga kita
gondhèli kanthi saèstu. Samukawis atur kula
ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan
pribadi kula, mangga kita bucal ingkang tebih, lan
mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken
samudra pangaksami.
Pepuntoning atur, sumangga kita pungkasi
khutbah menika kanthi ndedonga sesarengan, mugi
kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa,
séhat lahir batin, manfaat dunia akhérat.
Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan,
sahéngga saged dados péranganipun ahli dhakwah,
ingkang tansah sengkut ngrembakakaken jejegipun
syariat Islam kanthi kaffah, tansah setya tuhu
hanuladhani kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu
„Alaihi Wa Sallam ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khatimah, aamiin ya
rabbal‟alamiin.
[]
ُ ََ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
‫ َوهف َع ِني َوِإ ًَّاه ْم‬،‫لع ِظ ُْ ِم‬ ِ ِ ِ
ُْ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ َْ ْ ّ َ َ ْ َ ْ َ
‫ُم وثلبل هللا ِمىا و ِمىىم‬ َ ِ ‫الره ِس الح ِى‬ ِ ‫ات و‬ِ ً‫ِبما ِفُ ِه ِمن ْلا‬
ْ ْ َ َ َ ْ َ ٌُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ
‫إط َحغ ِف ُس‬ ‫ وؤكى كى ِلي هرا ف‬،‫ِثالوثه وِإه َه هى الظ ِمُع الع ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هللا الع ِظُم ِإهه هى‬

8
‫‪Khutbah II‬‬
‫َ‬ ‫ُّ ْ َ‬ ‫َْ‬
‫ال َح ْم ُد هللِ َع َلى ِإ ْح َظا ِه ِه َوالشى ُس ل ُه َع َلى ث ْى ِف ُْ ِل ِه َوِا ْم ِح َىا ِه ِه‪.‬‬
‫هللا َو ْح َد ُه َال َشسٍْ ًَ َل ُه َو َؤ ْش َهدُ‬ ‫هللا َو ُ‬ ‫َو َؤ ْش َه ُد َؤ ْن َال ا َل َه إ َّال َُ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫ض َىا ِه ِه‪.‬‬ ‫إلى ز ْ‬ ‫الد ِاعى َ‬ ‫َّؤن َط ُّ َد َها ُم َح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َو َز ُط ْى ُل ُه َّ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َ َ َ َ ْ َ َ َ ّْ‬
‫اللهم ص ِل على ط ُِ ِدها محم ٍد ِوعلى ا ِل ِه وؤصح ِاب ِه وط ِلم‬
‫َ‬
‫ج ْظ ِل ُْ ًما ِه ْثي ًرا‬
‫َ‬ ‫َ ْ َ َ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ‬ ‫ُ‬ ‫َّ‬ ‫ُ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫َ َّ َ ْ ُ َ َ َ‬
‫ؤما بعد فُا اي َها الىاض ِاثلىاهللا ِفُما ؤمس واهتهىا عما ههى‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫ََ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ‬
‫واعلمىا ؤن هللا ؤمسهم ِبإم ٍس بدؤ ِفُ ِه ِبىف ِظ ِه وثـنى ِبمآل‬
‫َ‬
‫هللا َو َمآل ِئى َح ُه‬ ‫عا َلى إ َّن َ‬ ‫ََ َ َ َ‬
‫ج‬ ‫اٌ‬ ‫ك‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫ط‬ ‫د‬ ‫ئ َىحه ْاْلُ َظ ّب َحة ب ُل ْ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِِ‬
‫ّ‬ ‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫ُ‬
‫الى َبى ًأ ا ُّي َها الر ًْ َن َآمى ْىا َ‬‫َّ‬ ‫َ‬ ‫ص ُّل ْىن َع َلى َّ‬ ‫َ‬
‫صل ْىا َعل ُْ ِه َو َط ِل ُم ْىا‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ًُ َ‬
‫َ‬
‫ج ْظ ِل ُْ ًما‪.‬‬
‫َ‬ ‫ّ‬ ‫ُ َ‬ ‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َّ‬
‫هللا َعل ُْ ِه َو َط ِل ْم َو َعلى‬ ‫صلى‬ ‫اللهم ص ِل على ط ُِ ِدها محم ٍد‬
‫َ ْ َُ‬ ‫َ َْ‬ ‫َ‬
‫ِآٌ َط ُِّ ِدها ُم َح َّم ٍد َو َعلى اه ِبُأ ِئ ًَ َو ُز ُط ِل ًَ َو َمآل ِئى ِة اْلل َّسِب ْي َن‬
‫َّ ْ َ َ َ ْ َ ُ َ َ ُ ْ‬ ‫ْ ََُ‬ ‫َ ْ َ ّ‬
‫ض الل ُه َّم َع ِن الخلف ِاء الس ِاش ِدًن ؤ ِبى بى ٍس وعمس وعثمان‬
‫َ‬ ‫واز‬
‫َ‬ ‫الحابع ْي َن َو َثابعي َّ‬
‫الح ِاب ِع ْي َن ل ُه ْم‬ ‫ِِ‬
‫َو َعلي َو َع ْن َبل َُّة َّ َ َ َ َّ‬
‫الصحاب ِة و ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫َ‬ ‫با ْح َظان ا َلى ًَ ْىم ّ‬
‫ض َع َّىا َم َع ُه ْم ِب َس ْح َم ِح ًَ ًَا ؤ ْز َح َم‬ ‫الد ًْن َوا ْز َ‬
‫ِ ِ ِ‬ ‫ٍ ِ‬ ‫ِِ‬
‫الس ِاح َِم ْي َ َن‬ ‫َّ‬
‫َ ُ َّ ْ ْ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ ُ‬
‫ات‬ ‫ات واْل ْظ ِل ِمين واْل ْظ ِل َم ِ‬ ‫اللهم اغ ِفس ِللمؤ ِم ِىين واْلؤ ِمى ِ‬
‫الله َّم َؤ ِع َّص ْلْا ْط َال َم َو ْاْلُ ْظ ِل ِم ْي َن َوؤ ِذٌَّ‬
‫َ‬ ‫ات ُ‬ ‫ِ‬ ‫ى‬ ‫لِا ْم َ‬‫ُْ ْ َ ْ َ‬
‫و‬ ‫م‬ ‫ه‬ ‫ن‬ ‫م‬ ‫ِ‬ ‫ُأء‬ ‫ح‬ ‫لِا ْ‬ ‫َ َ‬
‫ِ‬
‫ص ْس َم ْن‬ ‫ص ْس ع َب َاد َن ْاْل َى ّح ِد ًْن َو َاه ُ‬
‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫الش ْس َن َو ْاْلُ ْشسه ْي َن َو ْاه ُ‬ ‫ّ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫َ َ ْ ُ‬ ‫ْ ُ‬ ‫َه َ‬
‫الد ًْ َن َواخر ٌْ َم ْن خر ٌَ اْل ْظ ِل ِم ْي َن َو َد ِّم ْس ؤ ْع َد َاء‬ ‫ص َس ّ‬
‫ِ‬
‫الد ًْ ِن‪.‬‬ ‫اعل َول َماث ًَ إ َلى ًَ ْىم ّ‬ ‫الد ًْن َو ْ‬ ‫ّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫‪9‬‬
‫ُ َّ ْ َ ْ َ َّ ْ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ َّ َ ْ‬
‫الصال ِش ٌَ َوا ِْل َح َن َو ُط ْى َء‬ ‫اللهم ادفع عىا البالء والىباء و‬
‫َ َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ا ِلف ْح َى ِة َوا ِْل َح َن َما ظ ََه َس ِم ْن َها َو َما َبط َن َع ْن َبل ِدها ِاه ُدو ِه ِْ ِظ َُّا‬
‫َّ ً َ َ ْ ُ ْ َ ْ ُ ْ ْ َ َّ ً َ َ َّ ْ َ َ‬
‫لع ِاْل ْي َن‪َ .‬زَّب َىا‬ ‫خأصة وطا ِئ ِس البلد ِان اْلظ ِل ِمين عأمة ًا زب ا‬
‫الى ِاز‪.‬‬ ‫اب َّ‬ ‫الد ْه َُا َح َظ َى ًة َوفى ْْلاخ َسة َح َظ َى ًة َوك َىا َع َر َ‬ ‫آث َىا فى ُّ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫َ َّب َىا ظل ْم َىا ا ْه َُف َظ َىا َو ْ‬
‫اإن ل ْم جغ ِف ْس ل َىا َوث ْس َح ْم َىا ل َىي ْىه َّن ِم َن‬ ‫ز‬
‫ْ َ‬
‫اط ِسٍْ َن‪.‬‬‫ا ِ‬ ‫لخ‬

‫حأء ِذي‬ ‫ً‬‫ْ‬ ‫إ‬‫و‬‫لع ْدٌ َو ْلْا ْح َظان َ‬ ‫هللا ًَ ْإ ُم ُسب ْا َ‬


‫ع َب َادهللا ! إ َّن َ‬
‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ ُ ْ َ َ َ ْ َ َ ْ َ ْ ِ َ ْ ُ ْ َ َ ْ َ ْ َ ُ ُ ْ َ َ َّ ُْ‬
‫شأء واْلىى ِس والبغي ٌ ِعظىم لعلىم‬ ‫اللسبى وٍىهى ع ِن الفح ِ‬
‫ْ ُ‬ ‫ْ ُ ُ‬
‫لع ِظ ُْ َم ًَره ْسه ْم َواشى ُس ْو ُه َع َلى‬ ‫هللا ْا َ‬‫َث َر َّه َُس ْو َن َو ْاذ ُه ُسوا َ‬
‫َ َ ْ ُ ْ ََ ْ ُ َْ‬
‫هللا ؤه َب َْر‬‫ِوع ِم ِه ً ِصدهم ول ِرهس ِ‬

‫‪10‬‬

Anda mungkin juga menyukai