Anda di halaman 1dari 177

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.

com 1
DAFTAR ISI
PEMBUKAAN ------------------------------------------------------------------------------------------------- 4
KHUTBAH I (Versi 1) -------------------------------------------------------------------------------------- 4
KHUTBAH II -------------------------------------------------------------------------------------------------- 10
1. NDUNUNGAKEN GINANIPUN AL QUR‟AN -------------------------------------------------- 11
2. WANGSUL NUHONI AMANAH ALLAH -------------------------------------------------------- 15
3. NGIDAMAKEN PEMIMPIN SEJATI -------------------------------------------------------------- 19
4. KEPEMIMPINAN INGKANG AWON ------------------------------------------------------------- 23
5. MAWUJUDAKEN NEGERI INGKANG BINERKAHAN ----------------------------------- 27
6. NGADEPI JAMAN KALABENDU ----------------------------------------------------------------- 31
7. HANGREKSA KAWULA MUDHA ---------------------------------------------------------------- 35
8. HANITI MARGI KAMULYAN ----------------------------------------------------------------------- 39
9. HAMUNGKASI TABIYAT MUNAFIK ------------------------------------------------------------ 43
10. MAPANAKEN TEMBUNG KAFIR -------------------------------------------------------------- 47
11. NGGEMPIL KAUTAMANIPUN WULAN RAJAB ------------------------------------------ 51
12. UMAT BETAH PEMIMPIN SEJATI ------------------------------------------------------------- 55
13. NGIDAMAKEN KEPEMIMPINAN ALA NABI ----------------------------------------------- 59
14. NRESNANI ISLAM KANTHI KAFFAH -------------------------------------------------------- 63
15. ISTIQAMAH ING MARGI PERJUANGAN --------------------------------------------------- 67
16. PEMIMPIN INGKANG ADIL LAN AMANAH ------------------------------------------------ 71
17. NINGGALAKEN TUMINDAK GARAH -------------------------------------------------------- 75
19. NGGEMPIL KAUTAMANIPUN RAMADHAN ----------------------------------------------- 83
20. GESANG MINULYA SESARENGAN AL-QURAN ---------------------------------------- 87
21. NGLELURI KAUTAMANIPUN LAILATUL QADAR -------------------------------------- 91
22. NGUNDUH HASILIPUN RAMADHAN --------------------------------------------------------- 95
23. MUJUDAKEN PANGGESANGAN ÉNGGAL ----------------------------------------------- 99
24. ISTIQAMAH ING SALEBETING KETAQWAAN ----------------------------------------- 103
25. HAMUJUDAKEN KEADILAN------------------------------------------------------------------- 107
26. ELING PENGADILAN ING AKHIRAT ------------------------------------------------------- 111
27. HANGRANTU PEMIMPIN INGKANG ADIL ----------------------------------------------- 115
28. ISLAM SOLUSI, SANÈS ANCAMAN -------------------------------------------------------- 119
29. ISTIQAMAHING DIRI LAN DAKWAH ------------------------------------------------------- 123
30. TRESNA ISLAM, NINGGALAKÉ ISLAMOPHOBIA ----------------------------------- 127
31. HAJI, NGRAKETAKEN UMAT KANTHI KALIMAT TAUHID ----------------------- 131

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 2


32. KETAATAN TOTAL DHUMATENG ALLAH SWT. ------------------------------------- 135
33. MUJUDAKEN KAMARDIKAN SEJATI ----------------------------------------------------- 139
34. HIJRAH MUJUDAKEN KHAYRU UMMAH------------------------------------------------ 143
35. HIJRAH NINGGALAKEN SISTÉM JAHILIAH ------------------------------------------- 147
36. HARAMIPUN PERPECAHAN ------------------------------------------------------------------ 151
37. ZINA HARAM, TETEP HARAM---------------------------------------------------------------- 154
38. AMPUN NISTAKAKEN AJARAN ISLAM ! ------------------------------------------------ 158
39. MAWUJUDAKEN KONSEKUÈNSI TAUHID --------------------------------------------- 162
40. ISLAM MEMETRI KEBERSAMAAN LAN KEBERAGAMAN ---------------------- 166
41. MENDET HIKMAHING MUSIBAH ------------------------------------------------------------ 170
42. ASUNG WERDI HIJRAH NABI MUHAMMAD SAW. ---------------------------------- 174

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 3


‫‪PEMBUKAAN‬‬

‫)‪KHUTBAH I (Versi 1‬‬

‫ْ ْ‬ ‫َ‬ ‫ْال َح ْم ُد هللِ َّال ِري َح َل َل ِفي ُو ّل َش َم ٍان َف ْت َر ًة ِم ًَ ُّ‬


‫الس ُط ِل َب َل َاًا ِم ًْ ؤ ْه ِل ال ِلل ِم ًَ ْد ُكى َن‬ ‫ِ‬
‫َ َْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ َ َّ َ ْ ُ َ َ َ ْ ُ َ ْ ُ ْ َ َ ْ َ َ ُ ْ َ نَ‬
‫هللا الـمىحى‬ ‫اب ِ‬ ‫مً طل ِبلى الهدي َوٍص ِبرون ِمنهم كلى ْلاذي‪ً ،‬ـحُى ِب ِىخ َ ِ‬
‫ط ّ‬
‫اٌ‬ ‫ع َك ْد ؤ ْح َُ ْى ُه َو َه ْم م ًْ َ‬ ‫َ‬ ‫ص ُسو َن ب ُىىز هللا ؤ ْه َل ْال ََل َمى‪َ ،‬ف َى ْم م ًْ َكخ ُْل ِل ْبل ْ‬
‫ِ‬ ‫َو ٍُ َب ّ‬
‫ٍ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ٍ ِِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫الىاض َوؤ ْك َب َح ؤ َزس َّ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫َجائه َك ْد َه َد ْو ُه َف َما ؤ ْح َظ ًَ ؤ َزس ُهم َكلى َّ‬ ‫َ‬
‫اض َكل ْي ِه ْم‪ْ ًُ .‬ى َف ْىن َك ًْ‬ ‫ِ‬ ‫الى‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٍِ‬
‫َّ‬ ‫ين َو َجإو ٍْ َل َ‬ ‫ْ‬ ‫الغ ِال َين َو ْاه ِخ َح َ‬ ‫ّ‬ ‫َ ْ َ َ‬
‫الج ِاه ِل َين ال ِر ًْ ًَ َك َل ُدوا‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫اٌ ال ُـم ْبؼل َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٍف‬ ‫س‬
‫ِ‬ ‫ـح‬ ‫ج‬ ‫هللا‬
‫ِ‬ ‫اب‬ ‫ُِ ِ‬ ‫خ‬ ‫هَ‬
‫ْ‬
‫اٌ الف ْخ َىت َف ُه ْم َم ْخ َخل ُفى َن في الى َخاب ُم َخال ُفى َن للى َ‬ ‫َ‬ ‫ؤ ُلى ٍَّت الب ْد َكت َوؤػل ُلىا ك َ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫اب‬ ‫ِ ِ ِ‬ ‫خ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ل‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬
‫َْ ْ‬ ‫ُم ْجم ُلى َن َك َلى ُم َفا َ َكت الى َخاب ًَ ُلىلى َن َكلى هللا َوفي هللا َوفي ه َ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬
‫هللا ِبغي ِر ِكل ٍم‬ ‫اب َِ‬ ‫خ‬
‫ِ ِ ِ ِ ِ ِ‬ ‫ز ِ ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫ْ َ‬ ‫اٌ َّ‬ ‫الىَلم َو ٍُ ْـخ ِد ُكى َن ُح َّه َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ‬ ‫َ َ َ َّ ُ َن ُ َ َ‬
‫اض ِب َما ٌُؼ ِب ُهىن َكل ْي ِه ْم‬ ‫ِ‬ ‫الى‬ ‫ِ‬ ‫ً‬ ‫م‬‫ِ‬ ‫ه‬ ‫ِ‬ ‫اب‬
‫ِ‬ ‫ؼ‬ ‫ًخيلمى ِبالـمد‬
‫َ َ َ‬ ‫َ َ‬ ‫ْ َ ْ ُ ّ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ َ َ َّ‬ ‫ََ ُ ُ‬
‫هللا َو ْح َد ُه الػ ِسٍْ ًَ ل ُه‪ ،‬ػ َه َادة‬ ‫لِا ُ‬
‫ِ ِ‬ ‫ه‬ ‫ل‬ ‫ا‬ ‫ال‬ ‫ن‬ ‫ؤ‬ ‫د‬ ‫ه‬ ‫ػ‬ ‫‪،‬ؤ‬ ‫ين‬ ‫ل‬ ‫فىل ِ ِ ِ ِ ِ ِ‬
‫ظ‬ ‫اْل‬ ‫ن‬ ‫ت‬ ‫ف‬ ‫ً‬ ‫م‬ ‫هلل‬
‫ِ‬ ‫ا‬ ‫ب‬ ‫ىذ‬
‫ُ‬
‫مح َّم ًدا َك ْب ُد ُه َو َز ُط ْىل ُه‬ ‫ا‪.‬و َؤ ْػ َه ُد َؤ َّن َط ُّ َد َها َ‬ ‫خ ْي ٌر َّم َل ًاما َو َؤ ْح َظ ًُ َهد ًًّ َ‬ ‫َ‬
‫َم ًْ ُه َى َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ص ِب ًُّا‪.‬‬ ‫ف ب ْاْلَ َيازم ه َبا ًزا َو َ‬ ‫ْ ُ َّ ُ‬
‫اْلخ ِص ِ ِ ِ ِ‬
‫َ‬
‫ان َز ُط ْىال ه ِب ًُّا‪ََ ،‬و َكلى‬
‫ًَ‬ ‫صاد َق ْال َى ْكد َو َو َ‬ ‫ان َ‬ ‫ص ّل َو َط ّل ْم َك َلى َط ُّد َها ُم َح َّمد َو َ‬ ‫َ‬ ‫َ َّ ُ َّ َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِِ‬ ‫اللهم ِ ِ‬ ‫ف‬
‫َ َ‬ ‫ُ َ َ َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َّ‬
‫ص ْح ِب ِه ال ِر ًْ ًَ ًُ ْح ِظ ُى ْىن ِب ْطَل َم ُه ْم َول ْم ًَ ْف َلل ْىا ػ ِْ ًئا ف ِسًٍّا‪،‬ؤ َّما َب ْل ُد‪ ،‬ف َُا ؤ ُّي َها‬ ‫آله َو َ‬
‫ِِ‬
‫هللا‪،‬‬ ‫ْال َحاط ُس ْو َن َزح َمى ُم ُ‬
‫ُ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ َ ْ َ َ ْ ُ َّ ُ ْ نَ‬ ‫ي‬ ‫ُا ْوص ُْج ْي َه ْفس ْي َوب ًَّاه ْم ب َخ ْل َ‬
‫ُ‬
‫هللا‪ ،‬فلد فاش اْلخلى َ‬ ‫ِ‬ ‫ى‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫َِ ِ‬
‫َ َ َّ ُ َ َ َ َ ُ ْ ُ َّ َّ َ َ ُ ْ ُّ ْ ُ ْ نَ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬
‫‪ًَ .‬ا ؤ ُّيها َال ِر ًْ ًَ َء َام ُىىا َّاج ُلىا هللا حم جل ِاج ِه وال جمىجً ِبال وؤهخم مظ ِلمى َ‬
‫َّ‬
‫ع َو ِاح َد ٍة َوخل َم ِم ْن َها َش ْو َح َها َو َبث‬
‫ََ‬
‫ف‬ ‫اض َّاج ُل ْىا َ َّب ُى ُم َّالر ْي َخ َل َل ُى ْم ّم ًْ َه ْ‬
‫ز‬ ‫ُ‬ ‫الى‬ ‫ًَا َؤ ُّي َها َّ‬
‫ٍ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ‬
‫هللا و َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬
‫هللا الر ْي ح َظ َأءل ْىن به َوْلا ْز َح َام ب َّن َ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َّ‬ ‫أء َو َّاج ُلىا َ‬ ‫ً‬ ‫اال َهث ْي ًرا َوو َ‬ ‫ُْ َ َ ً‬
‫ان‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫ظ‬ ‫ِمنهما ِزح ِ ِ‬
‫َ ُ‬
‫َكل ُْى ْم َز ِك ُْ ًبا‬
‫َ ُ ُ َ ً‬ ‫َ َّ‬
‫هللا َوك ْىل ْىا ك ْىال َط ِد ًْ ًدا‬ ‫ًَا ؤ ُّي َها ال ِر ًْ ًَ َء َام ُىىا َّاج ُلىا‬
‫َ َ َ‬ ‫ْ َ ُ ُُ ُ‬ ‫ُ ْ َُ َ َُ‬
‫هللا َو َز ُط ْىل ُه ف َل ْد ف َاش‬ ‫ص ِل ْح لى ْم ؤ ْك َمالى ْم َو ََغ ِف ْس لى ْم ذه ْى َبى ْم َو َم ًْ ًُ ِؼ ِم ََ‬ ‫ً‬
‫َف ْى ًشا َكـ ُْ ًما َؤ َّما َب ْل َد‪ُ.‬‬
‫ِ‬
‫‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com‬‬ ‫‪4‬‬
Para sedhèrèk Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sami tansah ngunjukaken raos


syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT.., awit sampun kathah nikmat
peparingipun dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya. Maliginipun nikmat
hidayah Islam, séhat menapa déné kesempatan. Sahingga wonten ing wekdal
lan ing panggénan mriki kita taksih saged nindakaken sapérangan dhawuhipun
Allah SWT.., inggih menika nindakaken ibadah Jum‘at kanthi sesarengan
(jamaah). Kanthi raos syukur ingkang makaten menika mugi Allah SWT.., tansah
hanambahi nikmat karunianipun dhumateng kita sedaya. Aamiin yaa
rabbal‘alamiin.
Sak lajengipun, minangka pendèrèkipun ingkang tansah setya tuhu,
mangga sareng-sareng atur shalawat dalasan salam kunjuk dhumateng baginda
Rasulullah Muhammad SAW., sumarambah dhumateng para keluwarga ahlul
baitipun, para sahabatipun, para tabi‘in, ugi para tabi‘utabi‘in ngantos dumugi
akhir zaman samangké. Lantaran makaten mugi kita sadaya badhé saged
pikantuk safa‘atipun kanjeng Nabi mbénjang wonten ing yaumul maksar. Aamiin
yaa rabbal‘alamiin.
Minangka jangkepipun rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pepémut dhumateng diri pribadi kula piyambak, sumarambah
dhumateng para jamaah jum‘at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman,
ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT.., supados iman taqwa kita saged
mentes lan leres, murih sami sembada anggènipun nindakaken paugeran
gesang miturut satataning agami Islam. Agami ingkang dipun ridhai Allah SWT..
Kanthi makaten mugi kita sedaya badhé pikantuk kabegjan, kabagyan wiwit ing
dunya mriki ngantos mbénjang ing akhérat. Insya allah, aamiin yaa
rabbal‘alamiin.
Yektosipun namung kanthi taqwa ingkang saget hanjamin kita sedaya
pikantuk derajat, panggénan éngkang minulya, celak kaliyan Allah SWT.. Taqwa
menika ugi minangka panggayuhanipun para Muslim ingkang paling inggil. Awit,
kamulyanipun manungsa menika sanés kabobot saking derajat, pangkat,
kasugihan, lan pakurmatan, nanging katraju saking ketaqwaanipun. Jumbuh
kaliyan firmanipun Allah SWT..:
َّ‫اض ب َّها َخ َل ْل َى ُاه ْم م ًْ َذ َهس َو ُؤ ْه َثى َو َح َل ْل َى ُاه ْم ُػ ُل ًىبا َو َك َبائ َل ل َخ َلا َ ُفىا إن‬
ُ َّ َ ُّ َ َ
ِ ‫ِ ِ ز‬ ٍ ِ
َ ِ ‫ًَا ؤيها الى‬
َ ٌ َ َ َّ َّ ْ ُ َ ْ َّ َ ْ ْ ُ َ َ ْ
◌‫ير‬ ٌَ ‫ُم خ ِب‬ ‫أكرمكم ِعند الل ِه أتقاك ْم ِبن الله ك ِل‬
Para manungsa kabèh, Ingsun wis gawé sira, wijiné saka wong lanang lan
wadon, lan Ingsun ndadèkake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha
tepung (kenal) siji lan sijiné. Déné mungguhé Allah, sira kang aji dhéwé, yaiku

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 5


endi kang banget bektiné (taqwa) ing Allah. Satemené Allah iku Nguningani
samu barang tur Wicaksana. (QS. Al Hujurat [49] : 13)

Salajengipun kanthi taqwa ugi, Allah SWT. badhé paring ridha lan
keberkahanipun dhumateng kita. Jumbuh kaliyan firmanipun Allah SWT..:
َ َّ َ َ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
ٍ ‫ولى أن أهل القري آمنىا واتقىا لفتحنا علي ِهم برك‬
‫ات ِمن السم ِاء‬
‫ن‬ َ ُ ْ َ ُ َ َ ْ ُ َ ْ َ َ َ ُ َّ َ ْ َ َ ْ َ ْ َ
◌َ ‫ض ول ِكن هربىا فإخرهاهم ِبما واهىا ًى ِظبى‬ ِ ‫وْلار‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan utusané
Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah saka
langit lan saka bumi, nanging dhèwèké padha nggorohaké awit saka iku Ingsun
banjur nurunaké siksa marga saka tumindaké dhéwé.” (QS Al A‘raaf [7] : 96).

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,

Nuhoni dhawuh baginda Nabi Muhammad SAW:


ُ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ َ َّ َْ ُ ُ َ
ًٍَ ‫اض ِبخل ٍم َح َظ‬‫ َوخ ِال ِم الى‬،‫الظ ِِّئت ال َح َظ َىت ج ْم ُح َها‬ ‫ َوؤج ِب ِم‬،‫هللا َح ُْث َما ه ْى َذ‬ ‫ِا َّج ِم‬
“Sira padha Taqwa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana
kanisthanmu kanthi tumindak becik, mergané kabecikan bakal ngilangi kanisthan
mau. Sesrawunga karo sapepadhané manungsa kanthi akhlak kang becik.” (HR
Tirmidzi ).

Awit saking menika, sepindah malih mangga sami tansah taqwa dhumateng
Allah SWT.. kanthi taqwa ingkang saleresipun. Katindakna sedaya dhawuhipun,
lan katebihana samukawis papacuhipun, ing sadhengah papan saha wekdal.
Jumbuh kaliyan firman Allah SWT.:
َ ّ ْ ْ َ ‫ًَا َؤ ُّي َها َّالر‬
‫ًً َآم ُىىا َّاج ُلىا الل َه َح َّم ُج َل ِاج ِه َو َال َج ُم ُىج ًَّ ِب َّال َوؤ ُهخم ُّم ْظ ِل ُمى َ َن‬ ِ
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya ing Allah, kelawan sejatining
bekti, lan sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS Ali Imran [3] : 102).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 6


KHUTBAH I (Versi 2)

َ,‫الله م ًْ ُػ ُسوز َؤ ْه ُفظىا‬ َّ ُ ُ َ َ ُ ُ ْ َ ْ َ َ ُ ُ َ ْ َ َ ُ ُ َ ْ َ َّ َ ْ َ ْ َّ


ِ ِ ِ ِ ‫ وولىذ ِب‬,‫ ووظخغ ِفسه‬,‫ ووظخ ِلُىه‬,‫ هحمده‬,‫بن الحمد ِلل ِه‬
ُ,‫ظل ْل َف ََل َهاد َي َل َه‬ ْ ًُ ًْ ‫ َو َم‬,‫الل ُه َف ََل ُمظ َّل َل ُه‬ َّ ْ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ َ
ِ ِ ِ ‫اث ؤكم ِالىامً يه ِد ِه‬ ِ ‫وط ِِئ‬
َ
ًُ‫ َػ َه َاد َة َم ًْ ُه َى َخ ْي ٌر َّم َل ًاما َوؤ ْح َظ‬،‫هللا َو ْح َد ُه َال َػسٍْ ًَ َل ُه‬ ُ ‫لِا‬ َّ َ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ
ِ ِ ‫ؤػهد ؤن ال ِاله‬
ًّ.‫صبُا‬ َ ‫ف ب ْاْلَ َيازم ه َبا ًزا َو‬ ُ َّ ُ ْ ُ ُ ْ ُ َ َ ُ ُ ْ َ ً َّ َ َ َ ّ َ َّ َ ُ َ ْ َ َ ًّ َ
ِ ِ ِ ِ ِ ‫وؤػهد ؤن ط ُِدها محمدا كبده وزطىله اْلخ ِص‬.‫ه ِدًا‬
َ ًَ
‫ َو َكلى‬،‫ان َز ُط ْىال ه ِب ًُّا‬ َ ‫صاد َق ْال َى ْكد َو َو‬ َ َ َ َ َ َ َ َ ّ َ َ ‫ص ّل َو‬ َ ‫َا َّلل ُه َّم َف‬
ِ ِ ‫ط ِل ْم كلى ط ُِّ ِدها ُمح َّم ٍد وان‬ ِ
َ‫ف َُا َؤ ُّي َها ْال َحاط ُس ْون‬،‫ا‬ َ ًّ َ ً ْ َ ْ ُ َ ْ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ ْ َ ْ ُ ْ ُ َ ْ َّ ْ َ َ
ٍ‫ِآل ِه وصح ِب ِه ال ِرًً ًح ِظىىن ِبطَلمهم ولم ًفللىا ػِئا ف ِس‬
ِ
ْ َ َ ََْ ُ َ ُْ ُ ُ
‫ ف َل ْد ف َاش اْلُ َّخ ُل ْى َن‬،‫هللا‬ َْ
ِ ‫ او ِص ُْ ِج ْي هف ِس ْي َوِب ًَّاه ْم ِبخلىي‬،‫َز ِح َمى ُم هللا‬
َّ َ َ َ َ ‫َ َ ُّ َ َّ ُ َّ ُ ْ َ َّ ُ ُ َّ ْ َ َ َ ُ ْ ّ ْ َ ْ َ َ َ َ َ َ ْ َ َ ْو‬
‫ع و ِاحد ٍة وخلم ِمنها ش حها وبث‬ ٍ ‫ًا ؤيها الىاض اجلىا زبىم ال ِري خللىم ِمً هف‬
َ ‫هللا َو‬ َ
َ ‫هللا َّالر ْي َح َظ َأء ُل ْى َن َبه َو ْْلا ْز َح َام ب َّن‬ َ ‫اال َهث ْي ًرا َوو َظ ًأء َو َّاج ُلىا‬ ً َ َ ُْ
‫ان‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ‫ِمنهما ِزح‬
ً َ ُ ُ َ َّ َ ُ َ
‫هللا َوك ْىل ْىا ك ْىال َط ِد ًْ ًدا‬ ‫كل ُْى ْم َز ِك ُْ ًب َاًا ؤ ُّي َها ال ِر ًْ ًَ َء َام ُىىا َّاج ُلىا‬.َ
ً‫هللا َو َز ُط ْى َل ُه َف َل ْد َف َاش َف ْىشا‬ َ ‫صل ْح َل ُى ْم َؤ ْك َم َال ُى ْم َو ََ ْغف ْس َل ُى ْم ُذ ُه ْى َب ُى ْم َو َم ًْ ًُؼم‬
ِِ ِ ِ ْ ًُ
ْ َ َّ َ ًْ َ
‫ـُماؤما بلد‬ َِ ‫ك‬
Para sedhèrèk Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sami tansah ngunjukaken raos


syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., awit sampun kathah nikmat
peparingipun dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya. Maliginipun nikmat
hidayah Islam, séhat menapa déné kesempatan. Sahingga wonten ing wekdal
lan ing panggénan mriki kita taksih saged nindakaken sapérangan dhawuhipun
Allah SWT., inggih menika nindakaken ibadah Jum‘ah kanthi sesarengan
(jamaah). Kanthi raos syukur ingkang makaten menika mugi Allah SWT., tansah
hanambahi nikmat karunianipun dhumateng kita sedaya. Aamiin yaa
rabbal‘alamiin.
Sak lajengipun, minangka pendèrèkipun ingkang tansah setya tuhu,
mangga sareng-sareng atur shalawat dalasan salam kunjuk dhumateng baginda
Rasulullah Muhammad SAW, sumarambah dhumateng para keluwarga ahlul
baitipun, para sahabatipun, para tabi‘in, ugi para tabi‘utabi‘in ngantos dumugi
akhir zaman samangké. Lantaran makaten mugi kita sadaya badhé saged
pikantuk safa‘atipun kanjeng Nabi mbénjang wonten ing yaumul maksar. Aamiin
yaa rabbal‘alamiin.
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 7
Minangka jangkepipun rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pepémut dhumateng diri pribadi kula piyambak, sumarambah
dhumateng para jamaah Jum‘ah, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman,
ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT., supados iman taqwa kita saged
mentes lan leres, amrih sami sembada anggènipun nindakaken paugeran
gesang miturut satataning agami Islam. Agami ingkang dipun ridhai Allah SWT.
Kanthi makaten mugi kita sedaya badhé pikantuk kabegjan, kabagyan wiwit ing
dunya mriki ngantos mbénjang ing akhérat. Insya allah, aamiin yaa
rabbal‘alamiin.
Yektosipun namung kanthi taqwa ingkang saget hanjamin kita sedaya
pikantuk kaluhuran derajat, panggénan éngkang minulya, celak kaliyan Allah
SWT sarta kaberkahan ing panggesangan. Jumbuh kaliyan firmanipun Allah
SWT:
ُ َ ُ ُ ْ َ ُْ َ َ ُ ََ
‫اض ِب َّها خل ْل َىاه ْم ِم ًْ ذه ٍس َوؤهثى َو َح َلل َىاه ْم ػ ُل ًىبا َوك ََب ِائ َل ِل َخ َلا َزفىا ِإ َّن‬ َّ ‫ًَا َؤ ُّي َها‬
ُ ‫الى‬
َ ٌ َ َ َّ َّ ْ ُ َ ْ َ َّ َ ْ ْ ُ َ َ ْ َ
◌‫ير‬ ٌَ ‫ُم خ ِب‬ ‫أكرمكم ِعند الل ِه أتقاك ْم ِبن الله ك ِل‬
Para manungsa kabèh, Ingsun wis gawé sira, wijiné saka wong lanang lan
wadon, lan Ingsun ndadèkake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha
tepung (kenal) siji lan sijiné. Déné mungguhé Allah, sira kang aji dhéwé, yaiku
endi kang banget bektiné (taqwa) ing Allah. Satemené Allah iku Nguningani
samu barang tur Wicaksana. (QS. Al Hujurat [49] : 13)

Ing ayat sanèsipun Allah SWT., paring firman :.


َّ ‫ات م َن‬ َ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
‫الس َم ِاء‬ ِ ٍ ‫ن أهل القري آمنىا واتقىا لفتحنا علي ِهم بر‬
‫ك‬ ْ ‫ولى أ‬
َ ْ ُ َ َ ْ َ َ َ َّ َ َ َْ َ
◌‫ض َول ِك ْن هر ُبىا فإخره ُاه ْم ِب َما واهىا ًَى ِظ ُبى َن‬ ْ‫ْلار‬
ِ ‫و‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan utusané
Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah saka
langit lan saka bumi, nanging dhèwèké padha nggorohaké awit saka iku Ingsun
banjur nurunaké siksa marga saka tumindaké dhéwé.” (QS Al A‘raaf [7] : 96)
.
Wonten ing ayat menika, Allah SWT mungkasi firmanipun kanthi paring
pamawas bilih kasangsaran, kacintrakan, musibah, menapadéné karupekanipun
manungsa awit saking anggènipun sami goroh ing babagan keimanan lan
ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT.
Awit saking menika, sepindah malih mangga sami taqwa dhumateng Allah
SWT. Nuhoni dhawuh kanjeng baginda Nabi Muhammad SAW:
ُ ُ َ َّ َ َ َ ُ ْ َ َ َ َ َ ْ َ َ ّ َّ ََْ َ ْ ُ َ ُْ َ َ
َ ٍ ‫ وخ ِال ِم الىاض ِبخل ٍم حظ‬،‫ وؤج ِب ِم الظ ِِئت الحظىت جمحها‬،‫ِا َّج ِم هللا حُثما هىذ‬
ً َ َ

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 8


“Sira padha Taqwa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Tungkanen
makarti nisthamu kanthi tumindak becik, parandéné kabecikan bakal ngilangi
kanisthan mau. Sesrawunga karo sapepadhané manungsa kanthi akhlak yang
becik.” (HR Tirmidzi )

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 9


‫‪KHUTBAH II‬‬

‫َ ْ َ َ َ َّ‬ ‫َ َ ْ َ َ ُّ ْ ُ َ ُ َ َ َ‬ ‫َْ‬
‫لى ج ْى ِف ُْ ِل ِه َوِا ْم ِخ َى َِاه ِه‪َ .‬وؤػ َه ُد ؤ ْن ال ِال َه ِبال‬ ‫ال َح ْم ُد هللِ كلى ِبحظ ِاه ِه والؼىس له ك‬
‫الد ِاعى َ‬
‫بلى‬ ‫هللا َو ْح َد ُه َال َػسٍْ ًَ َل ُه َو َؤ ْػ َه ُد َّؤن َط ُّ َد َها ُم َح َّم ًدا َك ْب ُد ُه َو َز ُط ْى ُل ُه َّ‬ ‫هللا َو ُ‬ ‫ُ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ّ َ‬
‫ص َح ِاب ِه َو َط ِل ْم ح ْظ ِل َُْ ًما ِه ْثي ًرا‬ ‫ص ّل َك َلى َط ُّد َها ُم َح َّم ٍد و َك َلى َاله َو َؤ ْ‬ ‫الله َّم َ‬
‫ط َى ِاه ِه‪ُ .‬‬ ‫ز ْ‬
‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ‬ ‫َِ‬
‫َ ْ َ َ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ َ َ ُْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫اض ِا َّج ُلىاهللا ِفُما ؤمس واهتهىا كما ههى واكلمىا ؤن هللا ؤم َسهم‬ ‫الى ُ‬ ‫ؤ َّما َب ْل ُد فُا ا ُّي َها َّ‬
‫َ ُْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬
‫ِبإ ْم ٍس َب َدؤ ِف ُْ ِه ِب َى ْف ِظ ِه َوز َـجى ِب َمآل ِئى ِخ ِه اْل َظ ِّب َح ِت ِب ُل ْد ِط ِه َ َى‬
‫َ ُّ َ َّ ْ َ َ ُ ْ َ ُّ َ‬
‫صل ْىا َكل ُْ ِه‬ ‫الى ِبى ًأ ايها ال ِرًً آمىىا‬ ‫لى َّ‬ ‫ص ُّل ْى َن َك َ‬ ‫هللا َو َمآلئ َى َخ ُه ًُ َ‬ ‫َ‬‫لا َلى ب َّن َ‬ ‫َ َ َ َ‬
‫ِ‬ ‫كاٌ ح ِ‬
‫َ‬ ‫ّ‬ ‫ُ َ‬ ‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َّ‬ ‫ّ َ‬
‫هللا َكل ُْ ِه َو َط ِل ْم َو َكلى ِآٌ‬ ‫صلى‬ ‫َو َط ِل ُم ْىا ح ْظ ِل ُْ ًما‪ .‬اللهم ص ِل كلى ط ُِ ِدها محم ٍد‬
‫ْ َُ‬ ‫َ ّ َ ُ َ َّ َ َ َ َ ْ َ َ ُ ُ َ َ َ َ ْ ُ َ َّ ْ َ َ ْ َ ّ‬
‫ض الل ُه َّم َك ًِ الخل َف ِاء‬ ‫آلئى ِت اْللسِبين واز‬ ‫ُأئً وزط َِلً وم ِ‬ ‫ط ُِ ِدها محم ٍد وكلى اه ِب ِ‬
‫َّ َ َ َ َّ ْ َ َ َ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َّ ْ َ َ َ ْ َ ُ َ َ ُ ْ‬
‫الس ِاػ ِدًً ؤ ِبى بى ٍس وكمس وكثمان وكلي وكً ب ِلُ ِت الصحاب ِت والخ ِاب ِلين وج ِاب ِعي‬
‫ض َك َّىا َم ََل ُه ْم ب َس ْح َمخ ًَ ًَا َؤ ْز َحمَ‬ ‫َ‬ ‫ز‬ ‫ْ‬ ‫ا‬ ‫و‬ ‫الد ًًْ َ‬ ‫الخابل ْي َن َل ُه ْم با ْح َظان ا َلى ًَ ْىم ّ‬
‫ٍ ِ‬ ‫ِِ‬
‫َّ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬ ‫ِِ‬
‫الس ِاح ِم ْي َ َن‬ ‫َّ‬
‫لِا ْم َ‬‫ُْ ْ َ ْ َ‬ ‫َ ُ َّ ْ ْ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ َ‬
‫لِا ْ‬
‫اث‬ ‫ِ‬ ‫ى‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ه‬ ‫ن‬ ‫م‬‫ِ‬ ‫ُأء‬ ‫ح‬ ‫اث‬‫اث واْلظ ِل ِمين واْلظ ِلم ِ‬ ‫اللهم اغ ِفس ِللما ِم ِىين واْلا ِمى ِ‬
‫ُ َّ َ َّ ْ ْ َ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ َّ ّ ْ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ َ َ َ ْ ُ َ ّ َّ َ‬ ‫َ‬
‫الؼسن واْلؼ ِس ِهين َواهصس ِكبادن اْلى ِح ِدًت‬ ‫اللهم ؤ ِكص ِلْاطَلم واْلظ ِل ِمين وؤ ِذٌ ِ‬
‫الد ًًْ َو ْ‬ ‫َ‬
‫اخ ُر ٌْ َم ًْ َخ َر ٌَ ْاْلُ ْظلم ْي َن َو َد ّم ْس ؤ ْك َد َاء ّ‬ ‫َ ْ ُْ َ ْ َ ََ ّْ َ َ ْ‬
‫اك ِل‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫الدًً و‬ ‫واهصس مً هصس ِ‬
‫ً َو ُط ْى َء‬
‫ُ َّ ْ َ ْ َ َّ ْ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ َّ َ ْ‬
‫الصال ِش ٌَ َوا ِْل َح َ َ‬ ‫الد ًْ ًِ‪ .‬اللهم ادفم كىا البَلء والىباء و‬ ‫َول َماج ًَ ب َلى ًَ ْى َم ّ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬
‫َّ ً َ َ ْ ُ ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ا ِلف ْخ َى ِت َوا ِْل َح ًَ َما ؿ َه َس ِم ْن َها َو َما َبؼ ًَ َك ًْ َبل ِدها ِاهد ِوه ِْ ِظ َُّا خأصت وط ِائ ِس البلد ِان‬
‫َ‬ ‫ُ‬
‫ً‬ ‫ْ‬ ‫ً‬ ‫ُّ ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ ُ ْ ْ َ َّ ً َ َ َّ ْ َ َ‬
‫الده َُا َح َظ َىت َو ِفى لْا ِخ َس ِة َح َظ َىت َو ِك َىا‬ ‫لل ِاْل ْي َن‪َ .‬زَّب َىا ِآجىا ِفى‬ ‫اْلظ ِل ِمين كأمت ًا زب ا‬
‫اب َّ‬
‫الى ِاز‪.‬‬ ‫ََك َر َ‬
‫َ َّ َ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ ْ ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ‬
‫اط ِسًٍْ‬ ‫زبىا ؿلمىااهفظىا وابن لم حغ ِفس لىا وجسحمىا َلىيىهً ِمً ا ِ‬
‫لخ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ َ َ ْ ُ ُ َ ْ َ ْ َ ْ‬ ‫َ َ‬
‫خأء ِذي اللسبى وٍىهى ك ًِ‬ ‫هللا ! ِبن هللا ًإمسها ِباللد ٌِ و ِلْاحظ ِان وِبً ِ‬ ‫ِكباد ِ‬
‫ُْ ُ‬
‫لل ِـ ُْ َم ًَره ْسه ْم‬ ‫هللا ْا َ‬ ‫ْا َلف ْحؼأء َو ْاْلُ ْى َىس ََو ْا َلب ْغي ٌَل ُـ ُى ْم َل َل َّل ُى ْم َج َر َّه ُس ْو َن َو ْاذ ُه ُسوا َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ ُ ُْ ُ َ َ َ َ ْ ُ ََ ْ‬
‫هللا ؤه َب ْ َر‬ ‫لى ِول ِم ِه ً ِصده ْم ول ِره ُس ِ‬ ‫واػىسوه ك‬

‫‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com‬‬ ‫‪10‬‬


1. NDUNUNGAKEN GINANIPUN AL QUR‟AN

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Ketakwaan ingkang hakiki boten badhé mawujud menawi kita boten purun
memahami isi Al-Qur‘an. Awit , Al-Qur‘an minangka petunjuk saking Allah SWT,
jumbuh kaliyan firmanipun:
ْ ْ ً َ ُ َ ‫ َو َه َّ ْصل َىا َك َل ُْ ًَ ْالى َخ‬...
َ‫اب ِج ْب َُ ًاها ِلي ِ ّل ش ْي ٍء َو ُه ًدي َو َز ْح َمت َو ُبؼ َسيَ ِلل ُم ْظ ِل ِم َين‬ ِ
“....Ingsun wis anurunaké kitab Qur‟an marang sira, nerangaké kabèh
tumindaké syaréngat (pranatan) iku minangka pitedah lan rahmatingsun,
apadéné gawé bungah marang kabèh wong Islam (wong sing pasrah diri /
sumarah).... [QS an-Nahl/16:89]

Firmanipun ingkang sanès ugi ngandaraken:


َْ َّ ْ َ
....َ‫ِب َّن َهرا ال ُل ْس َآن َي ْه ِدي ِلل ِتي ِه َي ؤك َى ُم‬
“Satemené Qur‟an iki nuduhaké marang dalan kang luwih bener ….[QS al-
Isrâ`/17:9]
Minangka petunjuk/pitedah, Al Qu‘ran nuntun dhumateng sedaya manungsa
kadospundi anggènipun lelomban gesang ing alam donya menika jumbuh kaliyan
ridha ilahi rabbi. Ing salebeting al Qur‘an sampun kajlèntrèhaken mawarni aturan
hukum kanggé mrantasi sadéngah perkawis ing panggesanganing manungsa.
Kita dipun sunahaken supados ngathah-kathahaken anggèn kita sami
maos al-Qur‘an. Nabi SAW junjungan kita paring dawuh:
َ ْ َ ً َ َ َ ْ َ ْ َ ْ َ ُ َّ َ َ ْ ُ ْ ُ َ ْ
‫اكسءوا اللسآن ف ِةهه ًإ ِحى ًىم ال ِلُام ِت ػ ِفُلا ألصح ِاب َِه‬
Padha wacanen al-Qur‟an iku, amargo bésuk ing dina Kiamat dhèwèké (al-
Qur‟an) isa dadi syafaat tumrap wong kang gelem maca. (HR Muslim).

Lugunipun maos Al-Qur‘an kalebet pakaryan ingkang saé. Ananging, Al


Qur‘an boten cekap dipun waos kemawon. Menapa mungkin kita badhé saged
angsal pitedah menawi namung sekedar mungelaken ayat-ayat Al Qur‘an? Awit
saking menikaAl Qur‘an kedah dipun pahami sahingga kita saget pikantuk
petunjuk saking Allah SWT, lan kelajenganipun saged ngetrapaken wonten ing
bebrayan ageng.
Èstunipun Al Qur‘an minangka petunjuk paling saé tumrap manungsa.
Wonten ing salebetipun momot manéka pengaturan gesang trumrap sedaya
manungsa, saé minangka individu menapa déné masyarakat, ngantos negari.
Wiwit masalah ubudiyah, akhlak, keluarga, ngantos kenegaraan.
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 11
Hukum-hukum ingkang kamomot ing salebeting al-Qur‘an menika minangka
hukum paling trep lan saé tumrap manungsa. Mboten saget katandingan déning
hukum damelanipun para manungsa. Kados sampun kacetha ing Firmanipun:
َ َّ َ ُ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ ْ ُ َ َ
ُ ‫الله ُح ْى ًما ل َل ْىم‬
َ‫ىك ُىىن‬ ً
ِ ٍ ِ ِ ً‫ؤفحىم الج ِاه ِلُ ِت ًبغىن ومً ؤحظً ِم‬
Apa dhèwèké (wong Yahudi) padha ngarepi hukum jahiliyah, ora ana wong
kang ngukumi luwih becik ngungkuli hukumé Allah, tumrap wong kang padha
yakin? (TQS al-Maidah [5]: 50).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Mungkin kemawon kita boten saged maos, utawi ngungelaken huruf-huruf


ing Al Qur‘an, utawi menawi saged, nanging taksih grothal-grathul / terbata-bata.
Ananging kewajiban nyandharaken hukum dhumateng al-Qur‘an niku perkawis
ingkang mboten saget dipun tawar malih. Kathah ayat ingkang isinipun paring
dawuh dhumateng kaum Muslim supados nyandharaken hukum dhumateng al-
Qur‘an. Allah SWT sampun paring firman:
َ‫الل ُه َو َال َج َّدب ْم َؤ ْه َى َاء ُه ْم و‬
َّ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ ْ َ ْ ُ ْ َ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ ْ ُ ْ َ ْ
ٌ‫و ؤ ِن احىم بُنهم ِبما ؤهص‬.... ً‫احرزهم ؤن ًف ِخىىن ك‬
ِ
ًَ ْ َ ُ َّ َ َ ْ َ َ ْ َ
َ ُ‫ع ما ؤهصٌ الله ِبل‬ِ ‫بل‬
Lan supaya sira ngukumi pasulayané wong Yahudi (perkara raja-raja),
kanthi barang kang wis diturunaké dening Allah. Sira aja nuruti hawa nepsu
(aturé) wong Yahudi baé sira waspada aja nganti kena fitnah déning Yahudi kang
sumedya nylèwèngaké marang sira saka barang kang wis diturunaké déning
Allah marang sira... (TQS al-Maidah [5]: 49).

Allah SWT ugi sampun ngèngetaken dhumateng kaum Muslim supados


boten kalebet éwonipun kempalaning manungsa ingkang kalebet fasik, zalim,
utawi kufur, karana boten purun nyandharaken hukum dhumateng hukum-
hukum al-Qur‘an. Ing antawisipun saged kita waos ing QS al Maidah:
َّ َ َ ْ َ َ ْ ُ ْ َ ْ َ ْ َ َ
َ‫الل ُه َف ُإ َولئ ًَ ُه ُم ْال َياف ُسو َن‬
ِ ِ ٌ‫ومً لم ًحىم ِبما ؤهص‬....
....Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké
déning Allah, sumurupa yèn dhèwèké iku wong kang padha kafir. (TQS al-
Maidah [5]: 44).
َ ُ َّ َ ُ َ َّ َْ ُ َ
َ‫ َو َم ًْ ل ْم ًَ ْحى ْم ِب َما ؤه َص ٌَ الل ُه فإول ِئ ًَ ُه ُم الـ ِاْلىن‬....
....Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké
déning Allah, sumurupa yèn dhèwèké iku wong kang padha nganiaya. (TQS al-
Maidah [5]: 45).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 12


َ َّ َ َ ْ َ َ ْ ُ ْ َ ْ َ ْ َ َ
َ ‫الل ُه َف ُإ َولئ ًَ ُه ُم ْال‬
َ‫اط ُلىن‬
ِ ‫ف‬ ِ ٌ‫ومً لم ًحىم ِبما ؤهص‬....
.... Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké
déning Allah, sumurupa yèn dhèwèké iku wong kang padha fasiq (duraka). (TQS
al-Maidah [5]: 47).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Magepokan kaliyan ayat-ayat kasebut, Imam Ibnu al-Jauzi ngendika, “Sapa


waé sing ora nyandharaké hukum marang wahyu sing wis Allah turunaké,
karana nentang hukum-hukum iku,- ing kahanan dhèwèké mangerteni yèn sing
nurunké iku Allah-, kadidéné sikapé kaum Yahudi, mangkané dhèwèké kalebu
kafir. Ananging sapa waé sing ora nyandharaké hukum marang al Qur‟an
karana kecondongan hawa nefsuné, tanpa ana sikap penentangan, mangkané
dhèwèké kalebu wong zalim tur fasik.” (Ibn al-Jauzi, Zâd al-Masîr, hlm. 386).
Allah SWT ugi sampun negasaken bilih sikap tiyang Muslim, rikalanipun
sampun pinaringan keputusan hukum déning Allah lan Rasulipun, lugunipun
boten badhé pados pilihan sanèsipun. Piyambakipun kedah tetep wajib
nyendikani ketetapan ingkang saking Allah lan Rasulipun kala wau. Jumbuh
kaliyan firmanipun:
ًْ‫الل ُه َو َز ُط ُىل ُه َؤ ْم ًسا َؤ ْن ًَ ُيى َن َل ُه ُم ْالخ َي َر ُة م‬
َّ َ َ َ ُ َ َ ََ
‫ان ِْل ْا ِم ًٍ َوال ُم ْا ِم َى ٍت ِبذا ك َض ى‬ ‫وما و‬
ِ ِ
ً‫ط ََل ًال ُمبِىا‬ َ ‫ط َّل‬ َ ‫الل َه َو َز ُط َىل ُه َف َل ْد‬
َّ ْ َ ْ َ َ ْ ْ َ
ِ ‫ص‬ِ ‫ؤم ِس ِهم ومً ٌل‬
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokaké déning Allah lan
Utusané kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepé dhéwé sing
sapa wongé mbangkang paréntahing Allah lan Utusané, tetéla wong mau sasar
temenan. (TQS al-Ahzab [33]: 36).

Awit saking menika, sumangga kita wangsulaken malih kagunanipun Al


Qur‘an ingkang minangka pandam pandoming panggesangan, minangka
pandoming gesang kita sedaya. Pandom salebeting ngatur panggesangan
individu, masyarakat, menapa déné negari. Namung kanthi margi ngetrapaken
hukum-hukum ing al-Qur‘an, keberkahan lan katentreman badhé saged
mawujud. Insya allah.

Para sedhèrèk Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika. Namung
hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 13


samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.
ْ َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ َُ ُ ‫ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌُ ك ْى ِلي َهرا‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫إطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬ َ ‫ف‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 14


2. WANGSUL NUHONI AMANAH ALLAH

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Adhakanipun ketakwaan menika kakinten namung magepokan kalian


urusan pribadi utawi individu. Kados-kados sak sanésipun urusan pribadi boten
mbetahaken takwa. Kadospundi anggénipun mranata negari, tuwin ngatur
masyarakat kakinten boten mbetahaken aturanipun Allah SWT. Kados makaten
menika ingkang kalebet wawasan utawi pemahaman sèkulèr ingkang sampun
ngrisak pemikiran kaum Muslim ngantos ing wekdal samenika.
Mangga sami dipun mangertosi, bilih sejatosipun Islam menika dipun
turunaken kanggé ngatur sedaya tatanan panggesangan, saé menika ing tataran
individu, masyarakat, dumuginipun ing tataran negari. Cekak aosipun, Islam
menika ngatur samukawis lelampahan panggesangan ing salumahing bumi mriki.
Allah SWT. sampun paring firman:
ْ ْ ً َ ُّ ْ َ ْ ََ
َ‫وه َّصل َىا َكل ُْ ًَ ٱل ِى َخ َب ِج ْب َِ ًىا ِلي ِ ّل ش ْى ٍء َو ُه ًدي َو َز ْح َمت َو ُبؼ َسي ِلل ُم ْظ ِل ِم َين‬....
“....Awit Ingsun wis anurunaké kitab Qur‟an marang sira, nerangaké kabèh
tumindaké syaréngat (pranatan) iku minangka pituduh lan rahmatingsun,
apadéné gawé bungah marang kabèh wong Islam.” QS. An-Nahl [16]: 89.

Pramila saking menika, tertamtu sedaya perkawis ingkang dipun adhepi


déning sadéngah manungsa, mesthi wonten solusinipun saking ajaran Islam.
Saé ingkang kasebat langsung ing Al Qur‘an, kacetha ing hadits Rasulullah
SAW, ijmak para sahabat, menapa déné ing qiyas.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Jejer minangka pangarsa pangesuhing negari, kanjeng Nabi Muhammad


SAW nyawisaken dokter gratis saperlu kanggé ngobati Ubay. Rikalanipun
kanjeng Nabi Muhammaad SAW., pikantuk hadiah satunggaling dokter saking
Muqauqis, Raja Mesir, kanjeng Nabi Muhammad SAW. lajeng handadosaken
dokter kalawau minangka dokter umum kanggé sedaya masyarakat (HR.
Muslim).
Ing riwayat sanèsipun dipun sebataken, wanten setunggaling rombongan
tiyang saking Kabilah ‗Urainah ngrasuk agami Islam. Tetiyang wau lajeng sami
nandang sakit ing Madinah. Rasulullah SAW minangka kepala negara lajeng
paring dhawuh supados tetiyang wau mapan ing papan pangumbaran unta
zakat ingkang dipun urusi déning Baitul Mal ing sacaketipun Quba‘. Sedaya

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 15


tiyang wau dipun paringi palilah ngunjuk toya susunipun onta kanti gratis,
ngantos sak senggangipun (HR al-Bukhari dan Muslim).
Perkawis ingkang mekaten niku ugi kekadosan ing jaman salajengipun.
Nalika jumeneng minangka khalifah, Khalifah Umar bin al-Khaththab ra. ugi
nyawisaken dokter gratis kangge ngobati Aslam (HR al-Hakim).
Lan taksih wonten kathah nas-nas sanèsipun ingkang paring nedahaken
bilih negari tansah nyawisken pelayanan keséhatan kanthi total lan gratis
kanggé sedaya rakyatipun. Mekaten niki minangka dalil bilih pelayanan
keséhatan lan pengobatan niku kalebet bebutuhan dasar ingkang wajib dipun
cawisaken déning negari kanthi gratis, kanggé sedaya rakyat tanpi migatosaken
tingkat ékonominipun. Ingkang makaten menika minangka perwujudan lan
ketaqwaan.
Islam nedahaken babagan perkawis pangan, papan lan sandang minangka
kabetahan pokok saben inidividu rakyat. Islam ugi sampun netepaken perkawis
keamanan, pendidikan lan keséhatan minangka hak dasar kanggé sedaya warga
masyarakat. Rasulullah SAW sampun paring katerangan bilih kecekapan ing
babagan ketersediaan sedaya kabetahan-kabetahan menika wau ibarat dunia
sak isinipun. Menika minangka kiasan menggah éba pentingipun kabetahan-
kabetahan kasebat kanggénipun saben individu. Rasulullah SAW. sampun
paring sabda:
َََ ْ ‫َم ًْ َؤ‬
ُ ‫ ك ْى َد ُه ُك‬،‫ ُم َل ًافى في َح َظده‬،‫ص َب َح م ْى ُى ْم آم ًىا في ط ْسبه‬
« ‫ فىإ َّه َما‬،‫ىث ًَ ْى ِم ِه‬ ِ ِِ ِ ِِ ِ ِ ِ ِ
ْ ُّ ُ َ ْ َ
‫الده َُا‬ ‫»حيزث له‬ ِ
Sapa waé, kanggoné sira kabèh kang tangi ing wanci esuk nemokné diri
pribadi lan keluargané ing kahanan aman, awaké séhat lan dhèwèké duwèni
pangan kanggo ing dino iku, yekti ibaraté éntuk donya (dunia). (HR at-Tirmidzi).

Awit saking menika, wonten ing ketentuan syariat Islam, negari wajib paring
jaminan nyekapi sedaya kabetahan pokok ingkang arupi pangan, papan lan
sandang tumrap individu rakyatipun. Negari ugi wajib paring jaminan kecekapan
ing babagan keamanan, pendidikan lan pelayanan keséhatan tumrap sedaya
rakyatipun. Perkawis ngaten menika èstunipun minangka pérangan saking
kewajiban baku kanggénipun negari (penguasa) dhumateng rakyatipun.
Panguwaos boten angsal nglirwakaken saking kalaksananipun kewajiban niku.
Sebab, piyambakipun ing akhérat bénjang badhé kapundut pertanggung
jawabanipun déning Allah SWT . Dados, wonten ing syariat Islam, haram
hukumipun menawi ngantos negari mindahaken tanggung jawabipun dhumateng
rakyat. Ngaten niku amanah saking Allah SWT.
Ngedahaken rakyat ngawontenaken jaminan dirinipun piyambak ing
perkawis keséhatan kanthi mergi bayar arta wulanan alias prémi, kalebet tindak

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 16


kezaliman negari tumrap rakyatipun. Pakarti ngaten menika nalisir saking aturan
Allah SWT. lan Rasulipun.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Lajeng kados pundi Islam ngatur urusan ngaten niku?


Wonten ing syariat Islam, kabetahan ing babagan keséhatan kalebet
kabetahan dasar masyarakat ingkang dados kewajiban negari. Griya sakit, klinik
lan fasilitas keséhatan sanèsipun minangka fasilitas publik ingkang dipun
betahaken déning kaum Muslim rikalanipun terapi pengobatan lan berobat.
Dados, pengobatan niku kalebet kemaslahatan lan fasilitas publik. Kemaslahatan
lan fasilitas publik (al-mashâlih wa al-marâfiq) niku wajib dipun sediaaken déning
negari kanthi gratis, tanpa bayaran, minangka bagian saking pengurusan negari
tumrap rakyatipun. Makaten menika ingkang jumbuh kaliyan sabda Rasulullah
Muhammad SAW:

«َ‫»لْا َم ُام َز ٍاق َو ُه َى َو َم ْظ ُاو ٌٌ َك ًْ َز ِك َُّ ِخ ِه‬


ِ
Pemimpin iku minangka pengurus rakyat lan dhèwèké kudu tanggung
jawab tumrap rakyat kang kaurus. (HR al-Bukhari).

Pramila, salah satunggalipun tanggung jawab pemimpin inggih menika


nyedia aken layanan keséhatan lan pengobatan kanggé sedaya rakyatipun
kanthi cuma-Cuma, gratis utawi tanpa bayar.
Jaminan keséhatan ing agami Islam niku gadhah sekawan sifat.
Sepindah, universal, ingkang ateges boten wonten pengkelasan lan pembedaan
rikala paring layanan dhumateng rakyat.
Kaping kalih, bebas biaya alias gratis. Rakyat boten kénging kapundutan ragat/
biaya amrih pikantuk pelayanan keséhatan.
Kaping tiga, sedaya rakyat saget ngaksès kanthi gampil.
Kaping sekawan, pelayanan kajumbuhaken dhumateng kebutuhan mèdis, boten
dipun watesi déning plafon.
Makaten niku wau lampahipun sistem pemerintahan Islam. Menapa kita
boten remen lan kangen kaliyan negari ingkang purun ngatur panggesangan kita
kados makaten niku? Sumangga sami dipun mangertosi bilih sedaya niku wau
namung badhé saget kasembadan rikalanipun kita sarujuk ngetrapaken syariah
Islam kanthi gembleng (kaffah). Kados makaten niku sistem pemerintahan
ingkang naté dipun contohaken lan dipun warisaken déning kanjeng Nabi
Muhammad SAW, ingkang sak lajengipun dipun terusaken déning Khulafaur
Rasyidin saha generasi kelajenganipun.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 17


Para sedhèrèk Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika. Namung
hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل َِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 18


3. NGIDAMAKEN PEMIMPIN SEJATI

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Negari ingkang iman saha taqwa namung saget mawujud menawi negari
niku saha pendudukipun sami nindakaken syariah Allah SWT. saha dipun pimpin
déning tiyang ingkang taqwa, inggih menika pemimpin ingkang namung ajrih
dhumateng Allah SWT. Tangèh lamun satunggalipun negari saged pikantuk
limpahan rahmat Allah SWT menawi penduduk saha penguasanipun sami
mbangkang dhumateng perintah saha laranganipun Allah SWT. Jumbuh kaliyan
Firmanipun;
َ ‫ َك‬.‫ط ْى ًيا َو َه ْح ُؼ ُس ُه ًَ ْى َم ْال ِل َُ َام ِت َؤ ْك َمى‬
ٌ‫ا‬ َ ‫ِؼ ًت‬َ َ ُ َ َّ َ ‫َ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ْ ي‬
‫ومً ؤكسض كً ِذه ِس ف ِةن له م ِل‬
َ َ ََ ُ ََ َ َ َ َ ً َ ُ ْ ُ ْ َ َ َ ْ َ َْ َ َ َ ّ َ
ًَ ‫اٌ هر ِل ًَ ؤج ْخ ًَ َآًاج َىا في ِظ َُت َها َوهر ِل‬ ‫ ك‬.‫ز ِب ِلم حؼسج ِجي ؤكمى وكد هىذ ب ِصيرا‬
ُْ ْ
‫ال َُ ْى َم جي َس ى‬
Déné sing sapa mléngos saka pepéling Ingsun (kitab Qur‟an) yekti dhèwèké
bakal ndhuwèni panguripan kang rupeg. Ing bésuk dina qiyamat, wong mau
Ingsun klumpukaké, nanging mripaté wuta. Wong mau munjuk ing Allah; “ Duh
Pangé kawula, kados pundi Panjenengan nglempakaken kawula kanthi mripat
wuta, ing mangka rumiyinipun kawula punika melèk, awas mboten wuta?
Panjenengané Allah ngendika; Iya mengkono kersaningsun. Awit nalika ing
donya, sira wis ketekan ayat-ayat Ingsun nanging sira lirwakaké. Mula ing dina iki
sira uga dilalèkaké (ana ing naraka)“. (QS. Thaha [20] : 124-126)

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Kedudukan pemimpin wonten salebetipun ajaran agami Islam penting


sanget. Karana posisinipun saget nentokaken arah perjalanan umat. Manawi
salah anggènipun milih pemimpin, pramila badhé ngrisak masyarakatipun.
َ َ َّ َ ْ َ ْ َ ْ َ َ ُ َْ ْ َ ّ ُ َ
‫ِبذا و ِطد ْلامس ِبلى غي ِر ؤه ِل ِه فاهخ ِـ ِس الظاك َت‬
“ Menawa sadengah urusan dipasrahaké marang sing dudu ahliné,
pranyata amung kari nunggu wektu karusakané” (HR. Bukhari).

Sampun kawit dangu sanget Rasulullah SAW paring pepémut lumantaran


sabdanipun:
“Arep nemoni marang manungsa, tahun-tahun sing kebak apus krama. Ing
wektu iku para pendusta dibeneraké, ananging wong sing jujur malah
dicubriyani, pengkhianat padha dipercaya, anangin wong sing amanah justru

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 19


dianggap pengkhianat. Ing wektu iku Ruwaibidhah ngomong .” ana sing takon,
“Menapa ingkang dipun maksud Ruwaibidhah niku?”. Kanjeng Nabi paring
pawangsulan, “wong bodho sing melu campur tangan ngurusi masyarakat.” (HR.
Ibnu Majah)

Tartamtu kita mboten remen menawi Ruwaibidhah ingkang maketen niku


cumondok wonten ing antawisipun kita sami. Pramila awit saking menika, kita
kedah mangertosi kadospundi karakteristik pemimpin ingkang layak, pantes
ngurusi umat niki.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Syeikh Abdul Qadim Zallum ing salebeting kitab Al Afkar as Siyasiyyah


sampun nyebataken sawetawis karakteristik pemimpin publik, inggih menika:

Sepindah, kagungan kapribadèn ingkang kuat.


Rasulullah SAW. sampun paring katerangan bilih satunggaling pemimpin kedah
kuat, boten ringkih. Tiyang ingkah ringkih boten pantes dados pemimpin. Abu
Dzar ra. naté nyuwun dhumateng baginda Rasulullah SAW, amrih saged dados
pejabat, namung Rasulullah SAW. Paring dawuh (bersabda) makaten:
َّ ٌ َ ْ َُ َ ٌ َ َ َّ ّ َ َ َ َ
« ًْ ‫ ِبال َم‬،‫ َوِب َّن َها ؤ َماهت َوِب َّن َها ًَ ْى َم ال ِل َُ َام ِت ِخ ْص ٌي َوه َد َامت‬،‫ط ِلُف‬ ً‫ ِبه‬،‫ًا ؤبا ذ ٍز‬
َ َّ َ َ َ َ
‫»ؤخر َها ِب َح ِّل َها َوؤ َّدي ال ِري َكل ُْ ِه ِف َيها‬
“Abu Dzar, pribadimu iku ringkih, kamangka jabatan iku amanah. Bésuké ing
sakjroning dina pembalasan, amanah iku bisa dadi kehinaan lan penyesalan,
kajaba tumrapé wong sing ngemban amanah kasebut bisa hanjumbuhaké
lumakuné hak lan kewajiban ing sajroning kepemimpinané.” (HR Muslim).

Kuat saha lemah ingkang dipun maksud wonten ing salebeting hadits niki
inggih menika kekuatan kepribadian, inggih menika kados pundi pola pikir saha
pola sikapipun Islami menapa boten.

Kaping kalih, kagungan raos taqwa.


Satunggaling pemimpin kedah hanggadhahi sifat taqwa ing kapribadènipun, saé
menika secara pribadi, napadéné magepokan kaliyan tugas saha tanggung
jawabipun rikala hanggula wenthah urusan rakyat.
Dipun riwayataken saking Sulaiman bin Buraidah saking bapakipun, bilih
piyambakipun ngendika:
“Rasulullah SAW., rikalané ngangkat sawijining pemimpin pasukan utawa
sawijining èkspèdisi pasukan khusus, tansah paring wasiat taqwa tumrap

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 20


dhèwèkè lan tumindak becik marang kaum muslimin kang ngancani (andahané).”
(HR Muslim).

Pemimpin ingkang bertaqwa badhe tansah rumaos tansah dipun awasi


déning Allah SWT. (muraqabah) saha piyambakipun tansah ajrih dhumateng
Allah SWT. Kanhi makaten, piyambakipun badhé tansah hanebihi saking sikap
sewenang-wenang (zalim) dhumateng rakyatipun.
Khalifah Umar ra. naté ngendika, ―Umpamané ana sawijining kéwan ing
Irak kejeglong ana dalan, aku khawatir lan wedi marang Allah SWT, sing bakal
nuntut pertanggungjawabanku, généya aku ora nyawisi dalan sing apik lan
rata.”(Zallum, idem).

Kaping tiga, kagungan raos welas asih.


Niki dipun wujudaken saèstu kanthi sikap lembut saha kawicaksanan ingkang
mboten nyengsarakaken rakyatipun. Dipun riwayataken bilih istri Rasulullah
SAW, Aisyah RA naté ngendika, Aku krungu Rasulullah SAW paring sabda:
َ َ ْ َ َ َ َ َ ُ َ َّ
« ‫الل ُه َّم َم ًْ َو ِل َي ِم ًْ ؤ ْم ِس ؤ َّم ِتي ػ ِْ ًئا فؼ َّم َكل ْي ِه ْم فاػ ُل ْم َكل ُْ ِه َو َم ًْ َوَِل َي ِم ًْ ؤ ْم ِس‬
ُ َ َ َ َ ُ
‫»ؤ َّم ِتي ػ ِْ ًئا ف َسف َم ِب ِه ْم فا ْزف ْم ِب َِه‬
“Ya Allah, sinten mawon ingkang pinaringan tanggung jawab mimpin urusan
umat kula, ananging damel kasusahan dhumateng para kawulanipun, mugi
paduka ugi paring kasusahan dhumateng piyambakipun. Sak sintena ingkang
paring dawuh kanthi sikap lembut (bersahabat) dhumateng para kawulanipun,
pramila mugi paduka ugi paring kalembutan dhumateng piyambakipun” (HR
Muslim).

Kaping sekawan, jujur saha kebak ing kawigatosan.


Ma‘qil bin Yasar nuturaken bilih Rasulullah SAW. naté ngendika, “Sapa waé sing
ngendhalekné (mimpin) urusané kaum Muslim, hananing dhèwèknè mboya
tumemen anggoné ngurusi rakyaté, lan mboya wènèhi nasihat sing tulus marang
rakyaté, dhèwèké ora bakal biso ngambu (ngganda) wanginé surga.” (HR
Muslim).

Kaping gangsal, istiqamah mimpin mawi syariah.


Dipun riwayataken bilih Muadz bin Jabal, rikalanipun dipun utus dados wali/
gubernur ing Yaman, dipun tangleti déning Rasulullah SAW., “ Awewaton apa
sliramu bakal ngadili perkara?” Muadz atur pawangsulan, “kanthi hadedasar
Kitabullah.” Rasul SAW. tanglet malih, “Awewaton apa manèh yèn sliramu ora
nemu pituduhé ing sakjroning al-Quran?” Muadz atur pawangsulan, “kanthi
hadedasar Sunnah Rasululllah.” Rasul SAW. Tanglet sepindah malih, “Awewaton

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 21


apa manèh yèn sliramu ora nemu pituduhé ing sakjroning al-Quran opodéné as-
Sunnah?” Muadz atur pawangsulan, “kulo badhé ijtihad.” Salajengipun
Rasulullah SAW. paring pangandikan, “sadèngah pujian kagungané Allah
ingkang peparing dalan pituduh tumrap utusané Rasulullah, sing ndadèkné
bombong tumrap Allah lan Rasul-Lé.” (HR Ahmad, Abu Dawud lan al-Baihaqi).

Namung lumantaran kanthi pemimpin ingkang saget hanjangkepi kritéria


makaten niku, umat niki badhé dipun tuntun dhumateng ridha Allah SWT.

Para sedhèrèk Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika. Namung
hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 22


4. KEPEMIMPINAN INGKANG AWON

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Panggesangan ingkang saé tumrapipun tiyang ingkang taqwa inggih


menika panggesangan ingkang jumbuh kaliyan Sunnah Rasulullah SAW.
Panggesangan ingkang leres hambetahaken aturan ingkang leres, lan pemimpin
ingkang saé ugi. Awit wontenipun masyarakat menika kabangun saking
makempalipun tetiyang ingkang kagungan pangraos, penggalihan, saha tujuan
ingkang sami. Tangèh lamun saged karipta masyarakat ingkang saé lamun
pranatan ingkang dipun tindakaken menika pranatan/aturan ingkang rusak lan
pangesuhipun pemimpin ingkang boten saé .
Kita yakin, bilih boten wonten pranatan/aturan ingkang langkung saé,
ingkang pantes ngatur panggesangan ing alam donya mriki, saé menika
kanggénipun Muslim napa déné non Muslim, kajawi pranatan/ aturan Allah SWT,
Pangripta para manungsa. Kedahipun, aturan ingkang saé ugi hambetahaken
pemimpin ingkang saé, pemimpin ingkang amanah, pemimpin ingkang
mangertosi ajaran Islam, lan pemimpin ingkang ajrih namung dhumateng Allah
SWT.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sekawan welas abad ingkang sampun kalampahan, Rasulullah SAW.


sampun nguwatosaken kedadosan ingkang badhé nemahi umat niki.
Panjenenganipun paring sabda:
َ َ ُّ َ َ َ ًّ ْ ُ ْ َ َ ُ َ َ
«…َ‫ ِبمازة الظفه ِاء‬:‫»ؤخاف كلُىم ِطخا‬
“Aku nguwatiraké marang sira kabèh, mungguhing nenem perkara yaiku
(salah sijiné,-red.): kepemimpinané wong-wong bodho/dungu…” (HR Ahmad lan
ath-Thabarani).

Menapa niku imârah as-sufahâ? As-Sufahâ` tembung jamak saking


tembung safîh, ingkang maknanipun: tiyang bodho/dungu, kurang akal lan
keprigelan, ahlu al-hawa (biasa nuruti hawa nafsu), sembrono/gegabah sarta
awon tumindak lan pangajinipun.
Kasebat ing hadits sanèsipun, Rasul SAW paring gegambaran kanthi
gamblang sanget, menapa ingkang dipun maksud imârah as-sufahâ`.
Panjenenganipun paring sabda dhumateng Kaab bin Ujrah:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 23


َ ُ ُ ُ َ َ َ َ ُّ ُ َ َ َ َ َ َ َ ُّ َ َ ْ ُ َّ َ َ َ َ
‫ؤ َم َس ُاء ًَيىهىن َب ْل ِدي‬: ٌ‫ا‬‫ َما ِبمازة الظفه ِاء ك‬:ٌ‫ كا‬.‫ؤكاذن الله ِمً ِبماز ِة الظفه ِاء‬
َ َ َ َ َ
‫ال ًَ ْل َخ ُدون ِب َه ْد َِى َوال ٌَ ْظد ُّىىن ِب ُظ َّى ِتى‬
“Muga-muga Allah paring pengayoman marang sira saka imârah as-
sufahâ`.” Kaab atur pitakèn, “ Menapa menika imârah as-sufahâ`, wahai
Rasulullah?” Kanjeng Nabi paring sabda, “Dhèwèké iku para pemimpin
sasurutku, sing ora nuruti pituduhku lan ora nuladani sunnahku…” (HR Ahmad,
al-Hakim lan al-Baihaqi).

Awit saking menika, kepemimpinanipun para panguwaos ing pundi


kemawon — saé ingkang kagungan kelantipan (IQ) andap, menapa déné
ingkang kagungan kelantipan (IQ) inggil—ingkang mboten sami purun nyarujuki
dhumateng petunjuk lan Sunnah Nabi Muhammad SAW. kalebet péranganipun
imârah as-sufahâ`. Tegasipun, pemimpin ingkang ninggalaken petunjuk al-
Quran lan as-Sunnah, langkung remen nindakaken sistem lan perundangan sak
sanèsipun syariah Islam, lugunipun inggih niku ingkang kalebet golongan
imârah as-sufahâ`.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Lajeng kadospundi sikap kita dameteng wontenipun imâratu as-sufahâ`


niku? Rasulullah SAW nglajengaken sabdanipun ingkang sampun kacetha
wonten hadis ing nginggil:
َ َ ْ ُْ ُ ْ َ َ ّ ُ ْ َ َ َ ُ َ ْ ْ ُ َ َ ْ ُ َ َ َ َ ْ َ ْ ُ َ َّ َ ْ َ َ
‫فمً صدكهم ِبى ِر ِب ِهم وؤكانهم كلى ؿل ِم ِهم فإول ِئً لِظىا ِم ِجى ولظذ ِمنهم وال‬
ّ‫ص ّد ْك ُه ْم ب َىربه ْم َو َل ْم ٌُل ْن ُه ْم َك َلى ُؿ ْلمه ْم َف ُإ َولئ ًَ مجى‬َ ًُ ‫ًَس ُدوا َك َل َّى َح ْىض ى َو َم ًْ َل ْم‬
ِِ ِ ِِ ِ ِِ ِ ِ ِ ِ َِ
َ َ
‫َوؤها ِم ْن ُه ْم َو َطََي ِر ُدوا َكل َّى َح ْى ِض ى‬
Sapa waé pawongan kang hambeneraké kebohongané dhèwèké (para
imârah as-sufahâ`) lan paring pambiyantu marang kezalimané dhèwèké, yekti
pawongan mau dudu kalebu golonganku, aku uga dudu pérangan saka
golongané lan pawongan mau ora bakal nyedak ing telagaku (ing surga). Kasak
baliné/ sewaliké, sapa waé pawongan sing ora hambenerake kebohongane
dhèwèké lan ora paring pambiyantu marang kezalimane dhèwèké, yekti
pawongan mau kalebu golonganku, aku uga kalebu pérangan golongané lan
pawongan mau bakal nyedak ing telagaku (ing surga)...” (HR Ahmad, al-Hakim
lan al-Baihaqi).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 24


Wonten ing hadits kala wau, Rasulullah SAW paring pangertosan
dhumateng kita, supados mboten hambeneraken kebohongan imârah as-sufah‟
lan boten paring pambiyantu dhumateng kezalimanipun. Hambeneraken menika
tingkatanipun mapan sak ngandapipun menaati. Menawi hambeneraken
kebohonganipun para imârah as-sufahâ`kemawon dipun larang, menapa malih
menaati lan sabiyantu kezalimanipun; menapa malih paring justifikasi,
pembenaran utawi panyarujuk (stempel) dhumateng kezalimanipun para imârah
as-sufahâ` kala wau.
Sabdanipun Rasul SAW: “yekti pawongan mau dudu kalebu golonganku,
aku uga dudu pérangan saka golongané lan pawongan mau ora bakal nyedak
ing telagaku (ing surga)” maknanipun, ancaman ingkang kuat sanget dhumateng
sak sintena ingkang beneraken kebohongan lan paring dukungan kezaliman
para imârah as-sufahâ`. Mangga dipun raosaken, ing wekdal sedaya manungsa
sami ngajeng-ngajeng sanget dipun akèni minangka golonganipun Rasul SAW,
éwosamanten kanjeng Rasulullah berlepas diri lan nolak tetiyang ingkang sami
nyengkuyung para imârah as-sufahâ`.

Sanèsipun paring pepémut dhumateng kita amrih mboten hambeneraken


pemimpin pembohong lan sabiyantu pemimpin zalim, Rasulullah SAW ugi sanget
nguwatosaken kita saumpami ngantos dipun pimpin kaliyan para pemimpin
ingkang sesat lan nyesataken. Panjenenganipun paring sabda:
‫ن‬َ ُّ ُ ْ ُ َّ َ ْ َ ُ ُ ْ َ َ ُ َ َ َ َ َ ْ َ َّ
«َ ‫ِ»بن ؤخىف ما ؤخاف كلُىم ْلا ِئمت اْل ِظلى‬
“Satemené sing paling aku khawatirké tumrap sira kabèh yaiku para
pemimpin kang sesat/menyesatkan.” (HR Ahmad lan ad-Darimi).

Miturut dhumateng al-Munawi ing kitab At-Taysîr bi Syarh Jâmi‟ ash-


Shaghîr, para pemimpin sesat/menyesatkan (al-a‟immah al-mudhillûn) ing hadits
kasebat inggih menika para pemimpin ingkang nalisir lan nyimpang saking
bebener. Menyelisihi al-Quran lan as-Sunnah. Pramila, sedaya pemimpin ing
pundi kemawon ingkang menyimpang saking al-Quran lan as-Sunnah
kagolongaken al-a‟immah al-mudhillûn.
Taksih wonten kaitanipun perkawis menika, Ziyad bin Hudair nuturaken:
Umar bin al-Khaththab RA. naté ngendika marang aku, “Apa sliramu ngerti
perkara sing bakal hangancuraké Islam?” Aku jawab, “Boten.” Umar RA. terus
ngendika:
َ‫ين‬ ّ ُ ْ َّ َ ْ ُ ْ ُ َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ َ ْ ُ َّ َ ُ ُ ْ َ
َ ‫اب وحىم ْلا ِئم ِت اْل ِظ ِل‬
َ ِ ‫يه ِدمه شلت الل ِال ِم و ِحداٌ اْلى ِاف ِم ِبال ِىخ‬.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 25


“Sing bakal hangancuraké Islam yaiku ulama sing tergelincir (dalam
kesalahan), kaum munafik sing seneng regejegan (débat), lan para pemimpin
sesat sing hamarintah.”

Mugi-mugi kita sami dipun tebihaken saking para pemimpin ingkang dipun
cela lan ugi dipun khuwatosaken dènèng Rasulullah SAW. Sumangga kita tan
kendat tansah hambudidaya, merjuangaken mawujudipun pemimpin ingkang
paling saé ingkang kersa, sembada lan wantun hanjejegaken lumampahing
syariah Islam ing sadéngah aspèk panggesangan berbangsa saha bernegara.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 26


5. MAWUJUDAKEN NEGERI INGKANG BINERKAHAN

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Sedaya manungsa, langkung-langkung umat Islam, mesti kepéngin


hanggayuh panggesangan ingkang saé. Panggesangan ingkang dipun berkahi
déning Allah SWT. Panggesangan ingkang kalis saking sedaya rupi bencana,
rerupeg lan karumpitan.
Kanthi makaten, kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT. murih
negeri mriki saged dados baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur.
Negeri ingkang kados makaten niku sanès dedongéngan. Baldatun
thayyibatun wa rabbun ghafur naté wonten ing wekdal kino. Allah SWT.
nyariosaken kewontenan negeri kasebat lumantaran firmannipun:
ُ ْ ُُ ٌ َ َ ‫َل َل ْد َو‬
‫ان ِل َظ َب ٍة ِفي َم ْظى ِن ِه ْم َآًت َح َّى َخ ِان َك ًْ ًَ ِم ٍين َو ِػ َم ٍاٌ ولىا ِم ًْ ِزش ِق َزِّبى ْم‬
َ ٌ َ ْ َ ُ ْ َ
‫اػى ُسوا ل ُه َبل َد ٌة ػ ُِّ َبت َو َز ٌّب غ ُفى ٌَز‬ ‫و‬
Palemahan ing tanah Saba‟ kang dienggoni, ana tanda yekti kuwasaning
Allah, ing kono ana palemahan rong panggonan ana sisih tengen lan kiwa. Ing
kono padha di dhawuhi (déning Nabi terang saka Allah): “Kowé padha mangana
rizki peparénging Allah Pangéranmu, lan padha syukura ing Pangéranmu.
(Negaramu) mau negara kang becik, lan (Pangéranmu) iku Pangéran kang
ngapura dosa .” (TQS Saba‘ [34]: 15).

Imam Ibnu Katsir rahimahulLah, wonten ing tafsiriupun mratélaken:


“Saba‟minangka (sebutan) raja-raja Negeri Yaman lan pendudukipun…Rikala
semanten piyambakipun mapan ing papan ingkang kebak kanikmatan lan
kabahagiaan, ingkang tansah ngebaki negeri lan panggesanganipun, kelapangan
rezeki menapa déné tetaneman lan woh-wohan. Allah SWT lajeng paring utusan
dhumateng piyambakipun, para rasulipun. Para rasul menika ngandaraken
dhumateng para Saba‟ supados nedho rezeki ingkang Allah paringaken, sarta ugi
asung raos syukur dhumateng Allah, kanthi nauhidaken, lan ngibadah
dhumateng Allah. Kawontenanipun para Saba‟ lumampah ngantos titiwanci
ingkang Allah keparengaken. Lajeng para Saba‟sami mléngos saking andaran
kala wau. Tundanipun, para Saba‟ kapatrapan paukuman arupi banjir bandang,
sahéngga sami bubar morat-marit, tundonipun mencar mapan wonten ing pinten-
pinten negeri.” (Tafsir Ibnu Katsîr, 6/445).

Akhéripun, kejayaan lan kemakmuran negeri Saba‘ niku sampun tamat,


tancep kayon. Awit saking para Saba‘ sami mléngos saking pepémutipun Allah
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 27
SWT. Piyambakipun sami boten purun taat dhumateng Allah SWT. Lajeng Allah
nedakaken azab ingkang sakelangkung ageng, ngantos saged bosah-basehaken
kawontenanipun, ingkang sekawit tansah sami adem ayem, énak kepénak
ingkang kapiyarso.
َ ُُ َ َ ْ ْ َ ْ ََ ُ َ ْ ََ
‫طىا فإ ْز َطل َىا َكل ْي ِه ْم َط ُْ َل ال َل ِس ِم َو َب َّدل َى ُاه ْم ِب َج َّى َخ ْي ِه ْم َح َّى َخ ْي ِن ذ َواح ْي ؤو ٍل خ ْم ٍؽ‬ ‫فإكس‬
َ َ َْ
َ ٍ ‫َوؤز ٍل َوش ْي ٍء ِم ًْ ِط ْد ٍز ك ِل‬
‫ُل‬
Wong ing kono padha malengos, mulané banjur Ingsun tekani banjir gedhé.
Palemahé kang loh rong panggonan mau, Ingsun dadèkaké palemahan cengkar
kang metokaké woh-wohan pahit lan woh Atsi lan sethithik woh Sidr. [34]: 16).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Manawi kita purun mundut pangertosan saking kisah kaum Saba‘ niki,
wonten sawetawis hikmah ingkang saged kita pendet.

Sepindah, bilih kemakmuran lan kejayaan sadéngah kaum menika namung awit
saking karunia Allah SWT. Perkawis menika saget karengkuh kanthi cara
hanauhidaken Allah SWT, ngimani lan ngleluri ajaran rasulipun, sarta nindakaken
menapa ingkang dados syariahipun. Allah SWT. sampun paring firman:
َ َ ْ َ َ َّ َ َ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
ًَْ ‫ض َول ِى‬
ِ
ْ‫ْلاز‬ ‫و‬ ‫اء‬
ِ ‫م‬‫الظ‬ ً‫م‬ِ ٍ ‫ولى ؤن ؤهل اللسي آمىىا واجلىا لفخحىا كلي ِهم بس‬
‫اث‬‫و‬
َ ََ َ
‫ه َّر ُبىا فإ َخ ْر َه ُاه ْم ِب َما و ُاهىا ًَ ْى ِظ ُبى َ َن‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan
utusané Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah
saka langit lan saka bumi nanging dheweke padha nggorohake awit saka iku
Ingsun banjur nurunake siksa marga saka tumindake dhewe.” (TQS al-A‘raf [7]:
96).

Kados déné kaum Saba‘wau, kita kaum Muslim ugi dipun dhawuhi amrih
asung raos suka syukur awit saking sedaya karunia peparingipun:
ٌ‫ًد‬ َ َ َ َ َّ ْ ُ ْ َ َ ْ َ َ ْ ُ َّ َ َ َ ْ ُ ْ َ َ ْ َ
َ ‫ٍدهىم ول ِئن هفسجم ِبن كر ِابي لؼ ِد‬َ ‫ل ِئن ػىسجم أل ِش‬....
….(He wong bani Israil) Menawa sira padha syukur ing Allah, mesthi
peparing Ingsun kabungahan marang sira kang uwis, iku Ingsun tambahi manèh,
nanging menawa sira maido marang peparing Ingsun kabungahan, sira bakal
Ingsun patrapi siksa. Sumurupa, siksaningsun iku luwih déning abot (TQS
Ibrahim [14]: 7).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 28


Tentunipun muji syukur boten kandeg namung kanthi mungel alhamdulillah.
Nanging syukur ingkang hakiki inggih menika kanthi taat lan tunduk dhumateng
sedaya aturan Allah SWT. Sikap ingkang kados makaten niku badhé saged
nglestantunaken kalimpahan nikmat lan karunia ing sadéngah negeri, lan
handadosaken negeri kasebat minangka baldah thayyibah.

Kaping kalih, supados satunggaling negeri saged pikantuk status “wa rabbun
ghafur”, inggih menika kedah purun niti wangsul wongten ing marginipun Allah
SWT. kanthi tansah memetri tauhid lan ketaatan dhumateng piyambakipun.
Imam ath-Thabari rahimahulLah wonten ing tafsiripun sampun paring penjelasan
dhumateng tembung wa rabbun ghafur , kanthi wedaran: “ Pangéranira yaiku
Pangéran Kang Maha Pengampun yèn sira padha gelem taati marang
Piyambaké.” (Tafsir ath-Thabari, 6/215).

Sepindah malih, bilih negeri ingkang sinebat baldatun thayyibatun wa


rabbun ghafur namung saget mawujud kanthi ngetrapaken syariah Allah.
Nindakaken sadaya parintahipun, lan ninggalaken sadaya laranganipun.
Tentu, kémawon kita boten péngin negeri mriki, ingkang tetiyang sami
nyebat zamrut khatulistiwa, tongkat kayu saget dados tetaneman, gemah ripah
loh jinawi, dipun cabut keberkahanipun déning Allah SWT, namung jalaran
saking para pendudukipun sami ingkar dhumateng Allah SWT. Mangga sami
dipun gatosaken firmanipun:
ْ ُ َ ْ ّ َ ُ ْ َ َ ْ َ ْ ْ ُ َّ َّ َ ‫َ َ ْ َ َ ْ َ ْ َ ْ َ ْ َ ْ َ ْ ْ ْ َ ْ ن‬
....َ‫ض ما لم هم ِىً لىم‬ ِ ‫◌الم ًسوا هم ؤهلىىا ِمً كب ِل ِهم ِمً كس ٍ مىىاهم ِفي ْلاز‬
Wong kafir mau apa padha ora sumurup para wong kuna sakdurungé
dhèwèké mau kang nalika semana padha Ingsun paringi panggonan ana bumi
kang ora Ingsun paringaké marang sira… (TQS al-An‘am [6]: 6).

Awit saking menika, menawi bangsa niki gadhah pepénginan supados


negeri mriki dados baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur, boten wonten cara/
meargi sanès, kejawi namung niti wangsul dhumateng margi syariah Islam kanthi
kaffah. Mangga sami tansah hambudidaya hambangun kawontenan ingkang
sampun kebak kacintrakan menika murih saged jumbuh kaliyan tuntunan Allah
SWT, sinambi tansah nyuwun ampunan dhumateng Allah SWT menggah sedaya
dosa lan kemaksiatan kita.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 29


Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 30


6. NGADEPI JAMAN KALABENDU

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Rodaning panggesangan taksih mubeng, jaman taksih gilir gumanti. Umat


Islam ing rikala semanten naté unggul, pranyata ing wekdal samangké gentos
kasoran ing samukawis babagan panggesangan. Kaberkahan kados sampun
ngoncati kaum Muslimin. Ananging kadhang kalanipun, kaum Muslim parikedah
sakelangkung sengkut anggènipun hambudidaya kanggé nuhoni ajaran
agamanipun piyambak, sanadyan mapan wonten ing negeri ingkang sapérangan
ageng warganipun sami Muslim. Malahan ing panggénan sanèsipun, kaum
Muslim taksih kedah hambudidaya kanggé ngluwari dirinipun saking kezaliman
para panguwaos, lan ugi saking kejahatan para penjajah.
Kasunyatan makaten niki, manawi kita renungaken, persis kabar ingkang
naté dipun aturaken déning kanjeng Nabi Muhammad SAW. lumantar
sabdanipun:
ُ‫َ ُ ُن ُّ ُ َّ ُ ُ ْ َ َ َ َّ ُ َ ْ َ ُ َن ُ َّ َ ْ َ ُ َ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ َّ َ ُ ن‬
‫جيى الىبىة ِفُىم ما ػاء الله ؤن جيى زم ًسفلها ِبذا ػاء ؤن ًسفلها ز َم جيى‬
َّ َ َ َ َ ُ َ ْ َ َّ ُ َ ُ َ ْ َ ُ َّ َ َ َ ُ ُ َ َ َّ ُ ُّ
ُ‫الله‬ َ ٌَ َ
‫ِخَلفت َكلى ِم ْن َه ِاج الىبى ِة فخيىن ما ػاء الله ؤن جيىن زم ًسفلها ِبذا ػاء‬
َ‫الل ُه َؤ ْن ًَ ُيى َن ُز َّم ًَ ْس َف ُل َها ب َذا َػاء‬
َّ َ َ َ ُ ُ َ َ ًّ َ ً ْ ُ ُ ُ َ َّ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ
‫ؤن ًسفلها زم جيىن مليا كاطا فُيىن ما ػاء‬
ِ َ َّ َ َ َ ُ ُ َ َ ً َّ ْ َ ً ْ ُ ُ ُ َ َّ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ
َ‫الل ُه ؤ ْن َج ُيى َن ُز َّم ًَ ْس َف ُل َها ب َذا َػاء‬
ِ ‫ؤن ًس َفلها زم جيىن مليا حب ِرًت فخيىن ما ػاء‬
َ‫ذ‬ َ َ َّ ُ َّ ُ ُّ َ ْ َ َ ً َ َ ُ ُ َ َّ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ
َ ‫ؤن ًسفلها زم جيىن ِخَلفت كلى ِمنه ِاج الىبى ِة زم طى‬
“Ana jaman Kenabian (Nubuwwah) ing satengah ira kang tetap ana awit
saka kersaning Allah. Sabanjuré Allah mungkasi jaman iku, menawa
Panjenengané ngersakaké hamungkasi. Saterusé bakal ana jaman Khalifah kang
ngleluri jejak Kenabian lan tetep ana awit saka kersaning Allah. Sabanjuré Allah
mungkasi jaman iku, menawa Panjenengané ngersakaké hamungkasi. Saterusé
bakal ana jaman panguwasa kang bengis (mulkan „aadhan), sing tetep ana awit
saka kersaning Allah. Sabanjuré Allah mungkasi jaman iku, menawa
Panjenengané ngersakaké hamungkasi. Saterusé bakal ana jaman panguwasa
diktator, (mulk[an] jabariyah), sing tetep ana awit saka kersaning Allah.
Sabanjuré Allah mungkasi jaman iku, menawa Panjenengané ngersakaké
hamungkasi. Saterusé bakal ana Khilafah manèh, kang ngleluri jejak Kenabian.”
Sawisé iku Kanjeng Nabi Muhammad SAW kèndel. (HR Ahmad).

Jaman kenabian sampun puput. Jaman khilafah ingkang ngleluri margi


kenabian, inggih menika jaman khulafaur rasyiddin ugi sampun lingsir. Jaman
kekuasaan ingkang bengis, utawi jaman paprintahan Islam ingkang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 31


panguwaosanipun tansah kawarisaken kanthi turun temurun, ugi sampun
rampung, nalika rubuhipun kekhilafahan utsmaniyah ing tahun 1924. Giliran
salajengipun, inggih menika jaman ingkang nembé kita lampahi sameniko,
sinebat jaman mulkan jabariyatan, utawi penguasa diktator.
Syeikh Hisyam al-Badrani sampun hanjlèntrèhaken ingkang winastanan
penguasa diktator (al-mulk al-jabriy), inggih menika pemimpin ingkang
hanindakaken hukum-hukum kufur ing negeri-negeri kaum Muslim. Makaten
menika sampun gamblang sanget, kasandaraken saking dalalah (pangertosan)
nash-nash syariah ing babagan pangertosan utawi definisi al-mulk al-jabriy...‖
(Hisyam al-Badrani, An-Nizham as-Siyasi ba‘da Hadm al-Khilafah, hlm. 38).
Menapa leres bilih kita mapan ing jaman ingkang makaten kala wau?
Lajeng menapa mawon tanda-tandanipun? Jumbuh kaliyan sawetawis nash
hadits Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ing antawis ciri-cirinipun pemimpin
diktator inggih menika:

Sepindah, boten kagungan kaprigelan, kapasitas lan kapabilitas kanggé mimpin


masyarakat ageng. Kanjeng Nabi nyebat pemimpin ingkang kados makaten niku
kanthi sesebatan ruwaybidhah. Pemimpin ruwaybidhah mbebayani sanget lan
saget ngrisak umat Islam menapa déné umat manungsa umumipun. Rasul SAW
paring sabda:
َّ ‫ص َّد ُق ِف َيها ْال َي ِاذ ُب َو ٍُ َى َّر ُب ِف َيها‬
‫الص ِاد ُق‬ َ ًُ ‫اث‬ َ ‫اث َخ َّد‬
ٌ ‫اك‬ ٌ ‫الىاض َط َى َى‬ َّ ‫َط َُ ْإحي َك َلى‬
ِ ِ
َ ‫ظ ُت ِك‬ َ ْ
ُّ ‫َو ٍْ ْا َج َم ًُ ِف َيها ال َخ ِائ ًُ َو ٍَ ُخى ُن ِف َيها ْلا ِم ُين َو ٍَ ْى ِؼ ُم ِف َيها‬
َ ‫الس َو ٍْب‬
‫ َو َما‬:‫ُل‬ ِ
ْ َ َ ‫ َك‬.‫ظ ُت‬
‫الخ ِاف ُه ِفي ؤ ْم ِس ال َل َّام َِت‬
َّ ‫الس ُح ُل‬َّ :ٌ‫ا‬ َ ‫الس َو ٍْب‬.
ِ
َّ
“Arep nekani marang manungsa, tahun-tahun sing kebak apus krama. Ing
wektu iku wong kang culika padha dibeneraké, ananging wong sing jujur malah
dicubriyani, pengkhianat padha dipercaya, anangin wong sing amanah malah
dianggap pengkhianat. Ing wektu iku Ruwaibidhah ngomong:” Banjur ana sing
takon, “Menapa ingkang dipun maksud Ruwaibidhah niku?”. Kanjeng Nabi paring
pawangsulan, “wong bodho sing melu campur tangan ngurusi masyarakat.” (HR.
Ibnu Majah)

Kaping kalih, pemimpin kala wau boten ndèrèk pitedah lan Sunnah Rasulullah
SAW. Piyambakipun nglampahaken sistem sak sanèsipun Islam, kados déné
sistem démokrasi-sèkular ingkang minangka ajaran lan ―sunnah‖ kaum kafir
penjajah (Yahudi dan Nasrani) saking negari Barat utawi sanèsipun. Kanjeng
Nabi Muhammad SAW paring sesebatan pemimpin ingkang kados makaten niku
mawi tetembungan imarat as-sufaha‟ (kepemimpinan tiyang-tiyang bodho).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 32


Ing satunggaling hadits riwayat Ahmad, Kaab bin ‗Ujrah ndèrèk miterang,
pitakèn, ‖menapa imarat as-sufaha‟ menika wahai Rasulullah SAW?‖ Kanjeng
Nabi paring pawangsulan, ‖yaiku para pemimpin sing bakal teka sak surutku.
Dhèwèké iku ora padha gelem mèlu ngluri pituduhku lan ora gelem nglakoni
Sunnahku.

Kaping tiga, pemimpin ingkang tumindakipun bengis lan biadab. Pemimpin


ingkang kados makaten niki, ing sapérangan atsar Sahabat, dipun wastani
imarat ash-shibyan alias kepemimpinan bocah cilik (ala anak-anak). Abu
Hurairah ra. naté ngendika:

‫الى َاز َوِب ْن‬ ُ ‫ىه ْم َؤ ْد َخ ُل‬


َّ ‫ىه ْم‬ ُ ‫الص ْب َُان ْبن َؤ َػ‬
ُ ‫اك‬ ّ ‫ َبما َز ُة‬:‫َو ٍْ ٌل ل ْل َل َسب م ًْ َػ ّس َك ْد ْاك َت َر َب‬
ِ ِ ٍ َ ِ ِ ِ
َ
‫ط َسُبىا ؤ ْك َىاك ُه َْم‬
َ ‫ص ْى ُه ْم‬
َ ‫َك‬
”Kacilakan tumrapé wong Arab saka sawijining kejahatan kang wis nyedaki,
yaiku imarat ash-shibyan (kepemimpinan anak-anak); tegesé kepemimpinan
kang nalika rakyaté gelem taat marang dhèwèké, para pemimpin mau malah
jlamprongaké marang sajeroning neraka. Ananging yen rakyaté ora gelem taat
marang dhèwèké, para pemimpin mau arep matèni rakyaté dhéwé.” (HR Ibnu Abi
Syaibah).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Lajeng kadospundi anggèn kita ngadepi kawontenipun pemimpin ingkang


kados makaten wau? Alhamdulillah, Rasulullah SAW sampun paring tuntunan.

Sepindah, ngedohi piyambakipun.


Adhedasar hadits penuturan Hudzaifah bin al-Yaman ra: Rasulullah SAW paring
wasiat magepokan kaliyan wontenipun imam ingkang awon: “Tinggalna
kelompok-kelompok iku kabèh, sanajan sira kudu nyakot oyot wit-witan nganti
tumekan patimu, kanthi sira tetep ing kahanan kang kaya mengkono.” (HR
Muslim).

Kaping kalih, ampun dipun gatosaken lan ampun purun taat dhumateng
piyambakipun.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun ngendika:“Wajib kanggoné wong
Muslim supaya ngrungokaké lan gelem anaati (pemimpin) ing sadhéngah
perkara sing disenengi utawa digethingi , kajaba yen dhèwèké, marintah supaya
nglakoni maksiat, ngono iku dhèwèké ora oleh digatèkaké lan ora olèh di taati.”
(HR Muslim).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 33


Kaping tiga, boten nyengkuyung kebohongan lan boten sabiyantu
kezalimanipun.

Para sedhèrèk Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْال ُل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى َُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 34


7. HANGREKSA KAWULA MUDHA

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Salah satunggaling kekuatan penting kanggé satunggaling negari nun


inggih kaum mudha, utawi pemudha. Pripun kahanan lan kedadosanipun menawi
satunggaling bangsa jer para pemudhanipun sami risak? Mesti sanajan alon,
nanging dangu-dangu, bangsa niku badhé nemahi karisakan. Awonipun
kawontenan pemudha ing wekdal samenika, minangka tandha bilih badhé surem
nasib bangsa kasebat, ing tembé wingkingipun.
Awit saking menika, Nabi Muhammad SAW sampun paring pepémut
dhumateng kita, supados tansah ngreksa kawontenanipun kaum mudha kanthi
sak saé-saénipun :
َ َ َ ْ ‫اغ َخ ِى ْم َخ ْم ًظا َك ْب َل َخ‬
ْ
،ًَ ‫ َو ِص َّح َخ ًَ ك ْب َل َط َل ِم‬،ًَ ‫ ػ َب َاب ًَ ك ْب َل َه َس ِم‬:‫ع‬ٍ ‫م‬
َ َ ْ ُ َ َ َ َ َ َ َ َ
َ َ ‫ َو َح َُاج ًَ ك ْب َل َم ْى ِج‬،ً‫ َوف َساغ ًَ ك ْب َل ػغ ِل‬،‫ان ك ْب َل ف ْل ِس َن‬
ً ‫و ِغى‬
“Gunakna, utawa jaganen limang perkara sadurungé katekan limang
perkara: wektu enommu sadurungé wektu tuwamu, bagas warasmu sadurungé
laramu, sugihmu sadurungé miskinmu, longgarmu sadurungé ribetmu, sarta
wektu uripmu sadurungé katekan patimu.” (HR al-Baihaqi).

Miris sanget ngawuningani kawontenan kaum mudha wekdal samenika.


Sanajan, alhamdulillah taksih kathah pemudha ingkang ing wekdal samenika
sami purun hijrah, ananging ugi taksih kathah pemudha sanèsipun ingkang taksih
kajlomprong wonten ing alam kemaksiatan. Krisis patuladhan lan sami remen
nindakaken kekerasan.
Wonten malih ingkang langkung nyedihaken lan ugi mrihatosaken, bilih
sapérangan pemudha wau anggènipun sami wantun nindakaken kekerasan,
mboten namung dhumateng sesaminipun pemudha, ananging ugi dhumateng
tiyang sepuhipun malah ugi dhumateng gurunipun. Naudzubillahi min dzalik
Kajawi menika, perilaku pèrmisif (ngumbar pepénginan ) lan hédonis
(ngumbar kesenengan) sampun dados fenoména kewajaran. Sèks bébas,
narkoba, lan foya-foya, kados sampun dados trènd ingkang kedah dipun lampahi.
Saèstu miris sanget, bilih menika minangka krisis moralitas ingkang ngédap-
édapi.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 35


Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Èstunipun, wontenipun krisis moralitas niki boten namung saking kesalahan


para pemudha piyambak. Wonten sawetawis perangan ingkang saget katanda
minangko penyebabipun.

Sepindah, tiyang sepuh. Sedaya tiyang sepuh sami tumut andil. Sebab, tiyang
sepuh minangka pérangan kawitan lan paling baken kanggénipun
panggulawenthah utawi pendidikan dhumateng para putranipun. Badhé kados
pundi, lan badhé dados menapa para putranipun, niku tiyang sepuh ingkang
sagah nentokaken jluntrunganipun.
Boten saget dipun sélaki, bilih kathah tiyang sepuh ingkang kirang pedhuli,
utawi kirang greget anggènipun sami dunungaken babagan keimanan lan adhab-
adhab islami dhumateng para putranipun. Para tiyang sepuh langkung
nandesaken dhumateng prèstasi sekolah tinimbang pembentukan kepribadhen
Islam. Para tiyang sepuh sami léna anggènipun mulang wuruk anak ing perkawis
halal-haram lan adhab. Para tiyang sepuh tansah maringi kebébasan, ingkang
tundhanipun para putra sami kajlomprong wonten ing salebeting jurang
kemaksiatan.

Kaping kalih, negari. Lugunipun negari wajib ngawontenaken pawiyatan utawi


pendidikan adhedhasar agami (Islam). Sanès pawiyatan ingkang sèkulèr
kadidéné ing wekdal samenika. Islam dipun pisahaken saking alam pawiyatan,
ingkang tundhanipun manung ngasilaken generasi mudha ingkang tebih saking
ajaran Islam. Ingkang langkung nguwatosaken malih, remaja, pemudha ingkang
sengkut nyinau Islam kapara dipun curigai minangka generasi ingkang radhikal
lan bibit-bibit térorisme. Menapa ngaten niku boten badhé nebihaken Islam
saking alaming pawiyatan?

Kaping tiga, fénoména karusakan pemudha niki minangka hasil saking sistem
aturan sosial lan hukum ingkang lumampah. Sakedhik sanget aturan negari
ingkang saged ngreksa, utawi paring payung moral dhumateng para pemudha.
Badhé kados pundi para pemudha mboten nindakaken sèks bébas, menawi
negari boten ngawisi lan boten gadhah sanksi utawi paukuman kanggénipun
perkawis menika? Kados pundi homosèks boten ngrembaka, menawi negari
boten naté ngawisi utawi paring larangan, lan malah paring payung hukum
dhumateng para pelakunipun? Kados pundi malih murih pemudha boten
nindakaken kekerasan menawi negari boten saged ngrangkèng, menawi
pelakunipun kaanggep taksih kurang umur?

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 36


Menawi kawontenan kados ngaten niki tansah kalajeng –lajeng, kados
pundi remaja lan Muslim ing negeri mriki saged dados generasi ingkang paling
unggul?

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Awit saking menika, para tiyang sepuh kedah tansah sadhar dhumateng
kewajiban ingkang makaten niku. Tansah ngreksa diri pribadi, garwa, para
putra wayah, lan keluarga saking siksaning neraka. Allah SWT paring pepènget
lumantaran firmanipun:
َ ُ ْ ُ َّ َ ُ ُ َ ً َ ْ ُ ْ َ َ ْ ُ َ ُ ْ َ ُ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫اض َوال ِح َجا َزة َكل ْي َها‬ ‫ًا ؤيها ال َِرًً آمىىا كىا ؤهفظىم وؤه ِلُىم هازا وكىدها الى‬
َ ُ َ َّ َ ُ ْ َ َ ٌ َ ٌ َ ٌ َ َ َ
‫صىن الل َه َما ؤ َم َس ُه ْم َو ٍَ ْف َللىن َما ًُ ْا َم ُسو َ َن‬‫مَل ِئىت ِغَلؾ ِػداد ال ٌل‬
Para Mukmin! Jaganen awakiira lan para warganira aja nganti kecemplung
ing neraka, kang urub-urubé saka manungsa lan watu, kang dijaga para malaikat
gedhé dhuwur gagah pideksa, ora tahu nglirwaaké parentahé Allah, padha
nglakoni samubarang dhawuhing Allah. [QS at-Tahrîm [66]: 6]

Menggah kanggénipun negari, menawi badhé hanggayuh negeri ingkang


baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur, kerso utawi boten, tan wonten mergi
sanès kejawi nerapkan syariah Islam kanthi kaffah. Kedah yakin, bilih namung
mawi aturan saking Ingkang Maha Benar, Maha Adil, lan Maha Baik ingkang
kuwawi ngasilaken kebaikan tumrapipun sedaya manungsa.
Lan maliginipun dhumateng para pemudha, mangga sami dipun émut-émut
pesenipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:
َ ‫ َوغ َى‬،ًَ ‫ َوص َّح َخ ًَ َك ْب َل َط َلم‬،ًَ ‫ َػ َب َاب ًَ َك ْب َل َه َسم‬:‫اغ َخى ْم َخ ْم ًظا َك ْب َل َخ ْمع‬
‫ان‬
ْ
ِ ِ ِ ِ ٍ ِ
َ َ ْ ُ َ َ َ َ َ
َ َ ‫ َو َح َُاج ًَ ك ْب َل َم ْى ِج‬،ً‫ َوف َساغ ًَ ك ْب َل ػغ ِل‬،‫ك ْب َل ف ْل ِس َن‬
ً
“Gunakna, jaganen limang perkara sadurungé katekan limang perkara:
wektu enommu sadurungé wektu tuwamu, bagas warasmu sadurungé laramu,
sugihmu sadurungé miskinmu, longgarmu sadurungé ribetmu, sarta wektu
uripmu sadurungé katekan patimu.” (HR al-Baihaqi).

Sami dipun émut bilih masa mudha namung sepindah dhatengipun, saha
wekdal boten saged dipun puter wangsul. Menawi masa mudha sampun telas
kanggé ngumbar hawa nafsu, sanès wekdal mesthi badhé dumugi penyesalan
ing tembénipun. Malah, boten sekedik manungsa ingkang sampun rusak jiwa
raganipun nalika taksih mudha. Imam Hasan al-Bashri naté paring pepémut,
"Wahai kaum mudha. Kadang kalané tanduran kang isih enom iso rusak lan mati
karana kena hama sahingga dhèwèké tan bisa nganti tekan wayah panèn."
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 37
Sejatosipun, Allah badhé paring pangayoman dhumateng para pemudha
ingkang kiyat mepeg utawi nahan hawa nafsunipun, taat dhumateng Allah lan
rasulipun, ing dinten akhir bénjang. Jumbuh kaliyan sabdaipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW.:
َ َ َ ٌّ َ َ ُّ َّ َ ّ َّ ُّ ٌ
َ‫اب وؼإ ِفى ِك َب َاد ِة َزِّب ِه‬ ‫ وػ‬...: ‫َط ْب َلت ًُ ِـل ُه ُم الل ُه ِفى ِؿ ِل ِه ًَ ْى َم ال ِؿ َّل ِبال ِؿل ُه‬
“Ana putung golongan manungsa sing amèh ditudhungi déning Allah, ing
sawijinéng dina kang tan ana éyup-éyup kajaba tetudhungé Panjenengané
(Allah): nom-noman yang urip ing kahanan ibadhah (taat) marang Pangérané.”
(HR al-Bukhari).

Puntonipun, sumangga sesarengan hambudidaya hambangun


peradhaban ingkang saged hanglairaken generasi mudha saking umat niki
ingkang paling unggul. Saha tan wonten mergi sanès, kejawi kanthi hanegakaken
aturan Islam ing sadhéngah perkawis wonten ing bumi mriki

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 38


8. HANITI MARGI KAMULYAN

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Allah SWT. sampun maringaken firmanipun ing (QS. Fushshilat [41]: 33):
َ‫ين‬ ْ ُْ َ َّ َ َ َ ً َ َ َ َ َّ َ َ َ ْ َّ ً ْ َ ُ َ ْ َ ْ َ َ
َ ‫ومً ؤحظً كىال ِممً دكا ِبلى الل ِه وك ِمل ص ِالحا وكاٌ ِبه ِجي ِمً اْلظ ِل ِم‬
“Ora ana wong kang luwih becik pangucapé ngnungkuli wong kang celuk-
celuk nyembah ing Allah, sarta ngelakoni panggawé becik. Pangucapé: “Aku
éwoné wong Islam?” (QS. Fushshilat [41]: 33)

Syeikh ‗Abdurrahman bin Nashir As Sa‘di paring katerangan, bilih ayat niku
hanggadhahi werdi; tan wonten ingkang kagungan pacelathon lan margi ingkang
langkung saé, kajawi tetiyang ingkang sami nindhakaken dhakwah ilallah.
Miturut piyambakipun, ingkang kalebet nindhakaken dhakwah ilallah inggih
menika para da‘i ingkang sami paring pangertosan dhumateng tetiyang bodho,
paring pepémut dhumateng tetiyang ingkang sami supé lan nglawan, sarta
banggèl dhumateng ahlul bait.
Estunipun panggautan juru dhakwah Islam menika minangka margi (dalan)
Rasul Muhammad SAW. lan para pendhèrèkipun. Jumbuh kaliyan firman Allah
SWT:
َّ َ َ َ َ َ َ َّ َ ُ ْ َ ُ
....‫ك ْل َه ِر ِه َط ِب ُِلي ؤدكى ِبلى الل ِه كلى ب ِصير ٍة ؤها وم ًِ اجبل ِجي‬
َ َ َ َ
(Muhammad) Sira dhawuha: "Iki agamaningsun (dalaningsun)
anggoningsun ngabdi marang Allah, yaiku ingsun lan kabèh wong kang padha
manut marang ingsun....” (TQS Yusuf [12]: 108).

Dados sampun terang terwaca lan tegas, bilih handhakwahaken Islam niku
minangka aktivitas ingkang mulya, adhedhasar pratélan langsung saking Allah
Ingkang Maha Mulya. Tentunipun ingkang dipun kersakaken inggih menika
handhakwahaken Islam ingkang jangkep (kaffah); hangglimputi ing babagan
akidhah lan syariah; substansi lan formalitasipun; spiritual lan ugi politikipun.
Gemblengipun aktivitas dhakwah Islam niku kalebet seruan dhumateng
umat Islam supados ngetrapaken syariah Islam kanthi kaffah. Kados pundi Islam
hambangun pribadi ingkang islami, kadospundi warga masyarakat sesrawungan
mawi cara Islam, kalebet kepripun negari dipun atur mawi syariat Islam wonten
ing sadhéngah aspèk kehidupanipun. Rikala jaman rumiyén, kanjeng Nabi
Muhammad SAW lan para sahabat ugi sampun nindakaken sedaya perkawis
menika. Sak surutipun kanjeng Nabi, para khalifah sami nglajengaken sistem

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 39


Islam warisan kanjeng Nabi kasebat, ngantos ing wekdal dipun bubaraken
déning Yahudi laknatullah sesarengan tiyang kafir, ing tahun 1924.
Dhakwah menika hakékatipun minangka upaya riil kanggé mujudaken
keimanan lan ketakwaan penduduk ing sadhéngah negeri, ingkang minangka
prasyarat tinarbukanipun pintu-pintu keberkahan ing langit lan bumi saking Allah
SWT. Jumbuh kaliyan Firmanipun Allah SWT. ingkang mungelipun.
َ َ َ َّ َ ّ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ ْ َ َّ َ ْ ُ َ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
ْ ‫ٱأل‬
ِ ‫ولى ؤن ؤهل ٱللسي ءامىىا وٱجلىا لفخحىا كلي ِهم بسهـ ٍذ ِمً ٱلظم ِأء و‬
....َ‫ض‬‫ز‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan
utusané Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah
saka langit lan saka bumi....” (QS Al A‘raaf [7] : 96).

Kosok wangsulipun, ninggalaken dhakwah saged dados kerugian ageng


menggahipun tiyang Muslim. Awit Rasulullah Muhammad SAW. sampun paring
sabda:
ُ ُ ُ َ َّ َ ّ َ َ َ ُ ْ َّ َ َ ْ َّ ْ َ
‫ ز َّم‬،‫ ؤ ْو ل ُِ َظ ِلؼ ًَّ الل ُه َكل ُْى ْم ِػ َس َازه ْم‬،‫ َول َخ ْن َه ُىن َك ًِ اْل ْىى ِس‬،‫ل َخإ ُم ُسن ِباْل ْل ُسو ِف‬
ُ َ ُ َ َ ْ ُ َ ْ ُُ َ ُ ْ َ
‫اب لى َْم‬ ‫ًدكى ِخُازهم فَل ٌظخج‬
Sira kabèh temen-temen anggonmu ngandaraké kemakrufan lan hanyegah
kamungkaran, utawa Allah benar-benar arep paring panguwasa marang wong-
wong ala ing antaranira, sabanjure wong-wong kang becik ing antaranira padha
handedonga, ananging dongané mau ora dikabulaké déning Allah. (HR Ibnu
Hibban).

Adhedhasar hadits kasebat, bilih ninggalaken dhakwah niku jelas haram


hukumipun. Menawi ninggalaken kemawon haram, menapa malih ngalang-alangi
lan hanjégal dhakwah, tentu langkung dipun haramaken malih.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Hanjégal dhakwah Islam, maknanipun sami mawon ngalang-alangi negeri


niki lan rakyatipun luwar saking sadhéngah persoalan akibat èksploitasi lan
karusakan sistem kapitaslime.
Hanjégal dhakwah—kalebet amar makruf nahi mungkar—badhé nerusaken
ngrembakanipun kemungkaran. Niku maknanipun, hambuka pintu bencana
kanggé sedaya manungsa, kalebet tiyang-tiyang shalèh. Ing perkawis menika,
Rasulullah SAW. paring sabda ingkang mungelipun:
ْ ْ َ َ ُ َّ َّ َ َّ ُ َ َ‫ب َذا َؿ َه َسث ْاْل‬
‫اب ِمً ِكى ِد َِه‬
ٍ ِ‫ر‬ ‫ل‬ ‫ب‬ ‫ه‬‫الل‬ ‫هم‬‫م‬ ‫ك‬ ،‫ي‬‫ت‬ ‫م‬ ‫ؤ‬
ِ ِ ِ ‫ي‬ ‫ف‬ ‫ي‬ ‫اص‬‫ل‬ ِ ِ

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 40


Nalika manéka kemaksiatan ing satengahé umatku wis cetha, Allah mesthi
arep nekakake azab-é tumrap sakabèhé kanthi waradin. (HR Ahmad).

Allah SWT nyebat tiyang ingkang ngalangi para manungsa saking


marginipun, kanthi sesebatan ingkang mawarni-warni, ing antawisipun:
1. Minangka sifat lan karakter sétan, kaserat ing (QS az-Zukhruf [43]: 37);
2. Minangka perilaku tiyang-tiyang musyrik lan kafir , kaserat ing (QS al-A‘raf [7]:
45; Hud [11]: );
3. Minangka sikap tiyang ingkang angkuh ugi sombong, kaserat ing (QS al-Anfal
[8]: 47);
4. Minangka sikap tiyang-tiyang ingkang langkung remen dhumateng alam
donya tinimbang akhérat lan mapan ing kesesatan ingkang tebih, kaserat ing
(QS Ibrahim [14]: 3).
5. Miniangka tiyang munafik, kaserat ing (QS an-Nisa‘ [4]: 61).
Catetan sejarah manungsa niku wau sampun mratélakaken bilih
kemenangan èstu kagunganipun Allah SWT. Para manungsa ingkang, ngalangi
dhakwah mesthi badhé kalah. Malah ing jaman rumiyin, wonten golongan
ingkang sakelangkung kiyat lan kathah ngimpun modal, ugi sami pados margi
kanggi ngalangi lan hanjegal dhakwah, ananging sami gagal lan dipun
binasaaken Allah SWT. Awit saking menika menawi ing wekdal menika wonten
ingkang nindakaken kados mekaten, mesthi badhé manggihi kawontenan
ingkang sami. Kalah lan binasa.
Tundanipun, sumangga kita terus handhakwahaken Islam miturut
kemampuanipun piyambak-piyambak. Hanjurung, mapan wonten ing
barisanipun para penyeru kebenaran. Ampun ngantos mapan wonten ing
barisanipun para penentang dhakwah. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring
istiqamah ing marginipun dhumateng kita sedaya. Aamiin ya rabbal‘alamin.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 41


saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 42


9. HAMUNGKASI TABIYAT MUNAFIK

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Sifat Munafik menika kalebet tabiyat ingkang awon. Wonten ing ayat-
ayatipun, Allah SWT. boten naté nyebat tiyang munafik kajawi kanthi
pangertosan ingkang awon. Sapérangan saking para ulama, mérang mantha
tiyang munafik dados kalih pérangan.
Setunggal; munafik i'tiqâdi. Paraganipun kalebet tiyang kafir, nanging
ethok-ethok utawi mematut diri dados muslim saperlu kanggé ngapusi Allah
SWT. Munafik jenis menika dipun papanaken ing neraka mapan wonten ing
tingkatan paling ngandap. Jumbuh kaliyan firmanipun :
ً‫الىاز َو َل ًْ َجج َد َل ُه ْم َه ِصيرا‬ َ ْ ْ َّ
َّ ًَ ‫ْلا ْط َفل م‬ َ ‫ب َّن ْاْلُ َىافل‬
ِ ِ ِ ِ ‫ن‬
ِ ‫ز‬ ‫الد‬ ‫ي‬ ‫ف‬ ‫ين‬
ِ ِِ ِ
Satemené wong-wong kang munafiq iku panggonané ana ing neraka kang
ngisor dhéwé, lan sira (Muhammad) ora pisan-pisan pikantuk wong kang bisa
nulungi marang wong-wong mau (TQS an-Nisa‘ [4]: 145).

Angka Kalih; munafik 'amali. Pelakunipun saged ugi inggih Muslim,


ananging kagungan sifat-sifat/ciri-ciri tiyang munafik. Ing babagan menika
Rasulullah Muhammad SAW sampun paring sabda:
َ‫ان‬ َ َ ُ ْ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ َ َ َ َ َ َ َّ َ َ ٌ َ َ ُ ُ
َ ‫ وِبذا ائج ِمً خ‬،‫ وِبذا وكد ؤخلف‬،‫حدر هرب‬ َ ‫ ِبذا‬:‫َآًت اْل َى ِاف ِم زَلر‬
Tandané wong munafik iku ana telu: yèn ngomong garah, mungkir ing janji,
yèn diwèhèni amanah, khianat (HR al-Bukhari dan Muslim).

Pratanda ingkang sepindah: Wicanten garah utawi dusta, katetepaken minangka


salah satunggalipun karakter tiyang munafik. Bab menika ngandaraken bilih
garah utawi berbohong minangka dosa ageng. Rasulullah Muhammad SAW.
paring sabda:
َ ُ ْ َّ َ ُ ُ ْ َ َْ
َِ ‫ِب َّن الى ِر َب َي ْه ِدي ِبلى الفجى ِز وِبن الفجى يه ِدي ِبلى الى‬
‫از‬ َّ ْ َ ‫ز‬َ ُ
Satemené kebohongan iku nuntun marang tumindak jahat lan kejahatan iku
nuntun marang neraka (HR al-Bukhari dan Muslim).

Pratanda ingkang kaping kalih: Ingkar janji utawi mungkir ing perjanjèn minangka
ciri kaum munafik saklajengipun. Kaum munafik niku gampil maringi janji,
ananging ugi remen ngingkari janji-janjinipun.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 43


Pratanda ingkang kaping tiga: Khianat dhumateng amanah minangka ciri kaum
munafik ingkang paling boten dipun remeni kaliyan Allah SWT.
َ ْ َ َّ
َ‫ ِب َّن الل َه ال ًُ ِح ُّب الخ ِائ ِى َين‬....
....Allah ora remen marang wong-wong kang padha cidra. (TQS al-'Anfal [8]: 58).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Umpami dipun pétani, utawi dipun tlesih, kathahipun tiyang –tiyang munafik
niku awit hasil saking sèkularisme lan penerapan démokrasi. Wiwit saking
awalipun masyarakat ingkang ngetrapkaken politik démokrasi, ugi nindakaken
‗politik transaksional‘. Wonten ing ‗politik transaksional‘ niku faktor bakunipun
utawi intinipun inggih menika bab kepentingan. Awit saking menika boten anèh
menawi kathah pawongan ingkang sami ambyur wonten ing aréna demokrasi
saged éwah dados tiyang-tiyang ingkang asifat munafik.
Umpaminipun, sak sampunipun kapilih dados panguwaos, kathah ingkang
kabukti sami ingkar ing janji. Piyambakipun damel aturan, kebijakan ingkang
ngrugèkaken rakyat. Sanajan sadèrèngipun dados panguwaos, maliginipun
wekdal nedengipun kampanye, sami ngumbar janji nedya badhé
nyejahterakaken rakyat. Sadèrèngipun ugi sami maès diri minangka pambela
wong cilik lan ketingal nresnani rakyatipun.
Kajawi ingkar janji, ugi asring mengkhianti amanah. Sapérangan wujud
pengkhianatan dhumateng amanah arupi pakerti korupsi. Kathah sanget para
pejabat ingkang katangkep amargi korupsi, sanès malih ingkang dereng
katangkep. Makaten menika saged ngrembaka dumugi ing sedaya lapisan
masyarakat. Sanadyan sampun jelas bilih korupsi dipun haramaken ing ajaran
agami Islam. Karana saged minangka margi kanggé ngapusi rakyat lan
nyalahgunakaken amanah. Rasul Muhammad SAW. sampun paring sabda:
َ ْ َ َّ ٌّ ‫اث َو ُه َى َل َها َغ‬
َ‫اغ َح َّس َم الل ُه َكل ُْ ِه ال َج َّىت‬ َ ‫اط ُت ْرع َي َ ك َُّ ًت َف َم‬
ِ‫ِ ز‬
ْ ً‫َم‬
ِ
Sapa waé sing kajibah ngurusi rakyat, banjut dhèwèké mati ing kahanan
ngapusi rakyaté, Allah ngaramaké suwarga tumrap dhèwèké. (HR Abu Dawud)

Démokrasi menika sejatosipun nunggak semi saking sèkularisme.


Sèkularisme menika ingkang dados underipun utawi biangipun masalah,
tuwuhipun mawarni perilaku munafik. Awit, sèkularisme saking mulabukanipun
sami nolak campur tangan Pangéran (agama). Ing tataran Islam, sèkularisme
jelas minangka satungggaling keyakinan lan sikap nifâq. Akibatipun, sèkularisme
saged nglahiraken tiyang-tiyang munafik, khususipun ing kalangan
panguwaas/pejabat lan ugi wakil rakyat.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 44


1. Menapa boten munafik naminipun, menawi ngaku Muslim ananging boten
purun dipun atur mawi syariah Islam?
2. Menapa boten munafik naminipun, menawi ngaku hambanipun Allah SWT,
ananging sami nolak aturan-aturan Allah SWT?
3. Menapa boten munafik naminipun, menawi ndaku al-Quran minangka
pedoman gesangipun, ananging hukum-hukumipun sami dipun campakaken?
4. Menapa boten munafik naminipun, menawi ngaku Muslim, ananging sami
dukung kepemimpinan tiyang kafir?
5. Menapa boten munafik naminipun, menawi ngaku Muslim, ananging
nindakaken laku korupsi ingkang sejatosipun sampun dipun haramaken
déning aturan Islam?

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Pramila sumangga sami kita pungkasi sedaya amal kemunafikan, wiwit


wekdal samenika. Nanging sadangunipun sami taksih nglampahaken
sèkularisme ing margi démokrasi ingkang minangka salah satungaling pilaripun,
perilaku munafik, khususipun ing kalangan panguwaos/para pejabat lan wakil
rakyat, boten badhé saged susut, menapa malih ical. Perkawis menika namung
badhé saged dipun tranggulangi rikalanipun bangsa kita purun ngetrapaken
syariah Islam, minangka sistem ingkang sampurna. Jumbuh kaliyan firmannipun:
َّ َ ُ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ ْ ُ َ َ
ًُ ‫الله ُح ْى ًما ل َل ْىم‬
‫ىك ُىى َ َن‬
ِ ٍ ِ ِ ً‫ؤفحىم الج ِاه ِلُ ِت ًبغىن ومً ؤحظً ِم‬
Apa dhèwèké (wong Yahudi padha ngarepi hukum jahiliyah?, ora ana wong
kang ngukumi luwih becik ngungkuli hukumé Allah, tumrap wong kang padha
yakin? (QS al-Maidah [5]: 50).

Minangka sistem ingkang paling unggul, syariah Islam tentu wajib dipun
laksanaaken kanthi kâffah ing salebeting sistem pemerintahan ingkang unggul.
Makaten niku ingkang sinebat Khilafah „ala minhâj an-nubuwwah. Mugi-mugi
Allah SWT tansah paring istiqamah ing marginipun dhumateng kita sedaya.
Aamiin ya rabbal‘alamin.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 45


lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 46


10. MAPANAKEN TEMBUNG KAFIR

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Salah satungalipun karakter utawi sifat tiyang ingkang taqwa inggih menika
tansah purun mratélakaken samukawis ingkang leres, sanajan pahit
kawontenanipun. Perkawis ingkang leres kedah dipun aturaken sanajan wonten
sawetawis panyaruwé, utawi wonten ingkang boten remen. Makaten menika
sampun dados prinsip ingkang dipun wulang wurukaken ing agami Islam saking
kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Wonten ing satunggaling hadits ingkang radi dawa, kanjeng Nabi
Muhammad SAW paring naséhat dhumateng sahabat minulya Abu Dzarr.
ْ‫ َو َؤ َم َسوى َؤ ْن َؤ ُكى ٌَ ب ْال َح ّم َوبن‬-‫صلى هللا كلُه وطلم‬- ‫اٌ َؤ َم َسوى َخلُلى‬ َ َ َّ َ ْ َ
‫كً ؤ ِبى ذ ٍز ك‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ َ ْ َ َّ َ َ َ ْ َ َ َ َ ًّ ُ َ َ
َ َ
‫وان مسا وؤمسِوى ؤن ال ؤخاف ِفى الل ِه لىمت ال ِئ ٍ َم‬
Saka Abu Dzaar, piyambaké ngendika, “Kekasihku Rasulullah SAW.
paring dhawuh marang aku supaya ngomongaké kang bener najan pahit,
panjenengané paring dhawuh marang aku supaya ora wedi marang para
panyacat, rikalaning dakwah ing dalané Allah. ” (HR. Ahmad)

Sampun sawetawis dinten menika, kita umat Islam dipun répotaken malih
kanthi wontenipun polemik utawi udur-uduran babagan tembung utawi istilah
kafir. Sesebatan ingkang èstunipun sapun jelas, malah dados mboten jelas
malih amargi wonten ingkang nedya handamel blawur, samar. Pramila
sumangga kita papan dunungken istilah (tembung) niku kanthi wening. Supados
boten singlar saking kontèk istilahipun, inggih menika kanthi cara syar‘i .
Kawiwitan saking pitakén, sinten ta tiyang kafir menika? Wonten ing kitab
Mujam Lughah al-Fuqaha`(kaca. 268) yasanipun Prof. Rawwas Qalah Jie
sampun nyebataken makna kafir, ingkang jlèntrèhipun makaten:
ُ َ ْ ‫ َم ًْ َال ًُ ْام ًُ باهللِ َو َال ب ُم َح َّمد َز َط‬:‫َا ْل َياف ُس‬
ًَ ‫ ؤ ْو َم ًْ ًُ ْى ِى ُس َما ُه َى َم ْلل ْى ٌم ِم‬،‫هللا‬
ِ ِ ٌ‫ى‬ ِ ِ َِ ِ ِ
َ َ ّ َْ َ َ َ ْ
َ َ ْ ُ ‫ ؤ ْو ًَي َخل‬،‫الظ ُس ْو َ ة‬ َ
َّ ‫لْا ْطَلم ب‬
‫السطال َِت‬ ِ ‫هللا حلالى ؤو‬ ِ ‫ص ِمً مل ِام‬ ِ ِ‫ز‬ ِ ِ ِ
Kafir inggih menika sinten kémawon ingkang boten ngimani dhumateng
Allah lan Nabi Muhammad SAW, utawi sinten kémawon ingkang ngingkari
sedaya ajaran ingkang dipun mangertosi kanthi saestu sumberipun saking
Islam, utawi ingkang ngrèmèhaken dhumateng kedudukan Allah lan risalah
Islam.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 47


Wonten ing kamus bahasa Arab ugi dipun andaraken:
َ‫الس َط َل ِت َؤ ْو ب َث ََل َز ِتها‬
ّ ‫الى ُب َّى ِة َؤ ْو‬
ُّ ‫َا ْل َياف ُس َم ًْ َال ًُ ْام ًُ ب ْال َى ْح َداه َُّت َؤ ْو‬
ِ ِ ِ
ِ ِ ِ ِ
Wong kafir inggih menika sinten kémawon tiyang ingkang boten gimani
keesaan Allah SWT, utawi kenabian Muhammad SAW., utawi risalah Islam,
utawi tetiganipun (Kamus Al-Mujam al-Wasith, II/891).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Makna kafir kala wau tentu dipun dhudhah saking nash-nash al-Quran
menapa déné as-Sunnah. Wonten ing al-Quran jelas kathah sanget rakitan
tembung kafir kanthi makna kados ngaten niku, kanthi mawarni ragam varian,
kadidéné kafirun lan kuffar, kanggé nyebut tiyang-tiyang sak sanèsipun Islam.
Tuladha alit sampun kacetha wonten ing firman Allah SWT rikalanipun nyebat
kaum Nasrani:
ُ ‫الل َه ُه َى ْاْلَظ‬
....َ‫ُح ْاب ًُ َم ْسٍَ َم‬
َّ َّ ُ َ َ َّ َ َ َ ْ َ َ
‫للد هفس ال ِرًً كالىا ِبن‬
ِ
Yekti wis dadi kafir wong-wong kang padha ngucap, Allah iku Al-Masih
putrané Maryam.... (TQS al-Maidah [5]: 17 lan 72).
Wonten ing ayat sanès, Allah SWT. paring firman:
َ َ َ ُ َ َّ ُ َ َ َّ َ َ َ ْ َ َ
....‫ًً كالىا ِب َّن الل َه ز ِالث زَلز ٍَت‬ ‫َللد هفس ال ِر‬
Wong Nashara kang padha ngucap: “Allah iku Pangéran kang kaping telu
saka Pangéran telu iku, tetep dadi kafir.... (TQS al-Maidah [5]: 73).

Malahan , wonten ing al-Quran piyambak wonten satunggaling serat


ingkang maligi dipun wastani kanthi nami Surat al-Kafirun.
Awit saking menika, wajar umpami ing Piagam Madinah (Shahifah al-
Madinah) —ingkang kadakwa boten naté migunakaken tembung kafir—pranyata
tembung kafir ugi dipun ginakaken déning Rasulullah Muhammad SAW. ingkang
jejer minangka pangarsa Negari Islam wekdal samanten. Wonten ing Pasal
kaping 14 Piagam Madinah jelas mratélakaken makaten:
َ َ ُ َْ َ َ َ َ
٤١ :ًٍَ ‫ص ُس و ِاف ًسا َكلى ُم ْا ِم‬‫و ال ًَ ْل ُخ ُل ُم ْا ِم ًٌ ُم ْا ِم ًىا ِفى و ِاف ٍس و ال ًى‬.َ
Pasal 14: Sawijining wong Mukmin ora olèh maténi wong Mukmin liyané,
lantaran wis maténi wong kafir. Uga ora olèh wong Mukmin sabiyantu marang
wong kafir kanggo (matèni) wong Mukmin (katingali: Ibnu Hisyam, Sirah Nabi
Muhammad SAW. II/119-133).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 48


Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Mugi kawuningan, sampun sak trepipun menawi pendiri Nahdlatul Ulama


(NU), Hadhartusy Syeikh Hasyim Asy‘ari ugi nyebat kaum sak sanèsipun Islam,
kalebet ingkang wonten ing negeri mriki, kanthi sesebatan kafir. Ing antawis ipun
panjenenganipun mratélakaken makaten:
َ ْ َ َ َ ْ ُ َ َ ْ َ ُ َّ ُ ْ ْ ُ َ ْ َ ُ َّ َ ُّ َ َ َ
َ‫اق ال ِبَل ِد‬‫ بِىىم الىفاز كد ملاوا بل‬،‫و ًا ؤيها الىاض‬
" Lan para manungsa, ing antaranira ana kaum kafir sing dumunung sak
enggon-enggon ing wilayah negeri iki...” (katingalan: Irsyad as-Sari fi Jam‘i
Mushanafat asy-Syaikh Hasyim Asy‘ari, hlm. 33).

Malahan wonten ing mazhab Asy-Syafii, satunggaling tiyang Muslim


ingkang boten ngafiraken pemeluk agami sanèsipun Islam—saé menika Kristen,
Yahudi, Budha, Hindu, Majusi lan sanèsipun; utawi mamang dhumateng
kekafiran tiyang-tiyang niku wau; utawi beneraken doktrin/ajaranipun—awit
saking menika piyambakipun dihukumi minangka kafir. Imam an-Nawawi
mratélakaken makaten:
َ ‫ َؤ ْو‬،‫ َؤ ْو َػ ًَّ في َج ْىفيره ْم‬،‫ص َازي‬
َ‫ص َّحح‬ َّ ‫َم ًْ َل ْم ًُ َى ّف ْس َم ًْ َد َان ب َغ ْير ْلْا ْط ََلم َو‬
َ ‫الى‬
ِِ ِ ِ ِ ِ َِ ِ ِ
َ‫اك َخ َلد َُه‬ َ ْ َ ْ
ْ ‫ َوب ْن ؤؿ َه َس َم َم ذل ًَ لْا ْطَل َم َو‬،‫ َف ُه َى واف ٌس‬،‫َم ْر َه َب ُه ْم‬
َ
ِ ِ ِ ِ
Sak sapa waé sing ora ngafiraké wong sing ngrasuk agama saliyané Islam,
kadidéné Nasrani, utawa ora mamang aké kekafirané wong-wong mau, utawa
bener aké doktrin/ajarané, mangkané dhèwèké wis kalebu kafir, sanajan bareng
ing wektu ngono iku dhèwèké ngatonaké pribadi kang Islam lan ngantebi
keyakinané (An-Nawawi, Rawdhah ath-Thalibin, 3/444).

Istilah Muslim lan kafir menika istilah ingkang wiwit sekawit sampun dipun
ginakaken ing al-Quran. Istilah menika asli dipun ginakaken déning Allah SWT.
wonten sadhénagh firmanipun, saperlu kanggé bédakaken ing antawis ipun
kaum ingkang iman lan kaum ingkang ingkar.
Sampun ma abad-abad tembung kafir kaginakaken kanggé nyebat tiyang-
tiyang sak sanèsipun Islam, meh boten naté ngawontenaken permasalahan/
problém. Saé ing salebeting umat Islam piyambak, menapa déné ing kalangan
jaban rangkah, non-Muslim. Para ulama wiwit jaman samanten ugi sampun biasa
migunakaken istilah kafir wonten ing kitab-kitabipun kanggé nyebat tiyang-tiyang
non-Muslim.
Awit saking menika, tundhonipun mongga sami ngatos-atos, maspaosaken
dhumateng sedaya pangrékadaya ingkang katindakaken déning kalangan

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 49


ingkang kepingin ngaburaken/ nyamaraken dhumateng istilah-istilah syar‘i,
ingkang lugunipun sampun gamblang terang, jelas mitungkas.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ ُ َ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َوه َف َل ِجي َوِب ًَّاه ْم ِب َم ِاف ُْ ِه ِم‬،‫لل ِـ ُْ ِم‬
‫لْا ًَ ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 50


11. NGGEMPIL KAUTAMANIPUN WULAN RAJAB

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Wekdal tansah gilir gumantos. Sakmenika kita sampun lumebet, nglampahi


salah satunggalipun wulan suci, inggih menika wulan Rajab 1440 H. Wulan
ingkang kalebet mulya, ing antawisipun sekawan wulan sanèsipun. Jumbuh
kaliyan pangandikanipun kanjeng Nabu Muhammad SAW.
ْ ُ َّ َ َ َ َ َّ ُ َ َ َ َ ْ َ َ ْ َ َ َ َ َ ْ ْ َ َ َ َّ َّ
« ‫الظ َىت ِاز َىا‬ َ ‫ْلا ْز‬
،‫ض‬ ‫اث و‬ ِ ‫بن الصمان كد ِاطخداز ههُئ ِخ ِه ًىم خلم هللا الظمى‬
ُْ ْ ُ ْ ُ ٌ َ َ َ ُ ٌ َ َ ٌ ُ ُ ٌ َ َْ َ َْ ً ْ َ َ َ َ
،‫ َواْل َح َّس ُم‬،‫ َوذ ْو ال ِح َّج ِت‬،‫ ذ ْو ال َل ْل َد ِة‬:‫اث‬ ُ‫ زَلر مخى ِال‬،‫ ِمنها ؤزبلت حسم‬،‫كؼس ػهسا‬
َ َّ َ ُ ُ ْ َ ُ َ َ َ
َ َ ‫ظ ّس َال ِر ْي َب ْي َن ُح َم ِادي َوػ ْل َب‬
‫ان‬ ‫»وزحب ػهس م‬
“Satemené wektu iku wis kaputer, kahanané kadidéné rikala Allah SWT
angripta langit lan bumi. Setahun ana rolas sasi, sapérangané ana patang sasi
haram (suci). Teteluné ana sing sambung sinambungan, yaiku Dzulqa‟dah,
Dzulhijjah lan Muharram. Saterusé Rajab, sasi Mudharr kang ana ing antarané
Jumadi lan Sya‟ban.” (HR Muslim).

Nalika wonten ing wulan biasa, sedaya tumindak kezaliman dipun awisi,
menapa malih wonten ing wulan suci kados wekdal niki. Saé menika zalim
dhumateng diri pribadi, menapa malih zalim dhumateng pihak sanèsipun.
Imam al-Baihaqi mratélakaken bilih Allah SWT . sampun handadosaken
langkung ageng menggah bobot dosa ingkang dipun tindakaken ing wulan
kasebat, (kalebet ing wulan Rajab niki). Semanten ugi, ganjaranipun amal shalèh
(ingkang katindakaken ing wulan haram kasebat), ugi sakelangkung ageng. (Al-
Baihaqi, Syu‘ab al-Îmân, III/370).
Éwo semanten Imam asy-Syafii—rahimahulLah—sampun matikel aken
diyat (arta tebusan) kanggé paukuman perkawis klentu merjaya tiyang (qatlu al-
khatha‟) ingkang dipun tindakaken ing wulan-wulan haram, adhedhasar saking
riwayat Ibnu ‗Umar lan Ibnu ‗Abbas. Menika kala wau sawetawis kamulyanipun
wulan haram, ganjaran lan dosa sami dipun tikel matikelaken bobotipun.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Ampun gumun umpami kathah kamulyan kanggé kaum Muslim kadadosan


ing wulan Rajab ini. Umpaminipun : hijrah kawitan kaum Muslim dhumateng
Habasyah ing tahun kaping 5 kenabian; ugi Isra‘-mi‘raj Rasul SAW ing tahun
kaping 10 kenabian. Wonten ing sedaya kedadosan menika kala wau, Nabi
Muhammad SAW nampi dhawuh kewajiban shalat lan ugi dipun kukuhaken

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 51


minangka pemimpin tumrap sedaya umat manungsa. Nabi Muhammad SAW ugi
dipun dhaulat dados imam para nabi dan rasul kawitan rikalaipun ing Baitul
Maqdis.
Ing wulan menika ugi, Nabi Muhammad SAW wiwitan kepanggih kaliyan
para kaum Anshar. Awit saking pambiyantunipun kaum Anshor menika, Negari
Islam ingkang kawitan saged kabangun wonten ing Madinah. Wiwit wekdal niku
sedaya hukum syariah saged dipun tindakaken kanthi total.
Wulan Rajab ugi sampun dipun pilih kalian Allah SWT minangka momen
istiméwa, kanggé mindhah arah kiblat kaum Muslim, saking ngarah Masjidil Aqsa
gantos ngarah dhumateng Masjidil Haram (Ibnu Katsir, Al-Bidâyah wa an-
Nihâyah, III/252-253). ‗
Sarta ugi kathah panaklukan lan pambébasan awit usahanipun kaum
Muslim kedadosan wonten ing wulan Rajab niki. Kota Damaskus (Syam) dipun
bébaskaken déning kaum Muslim ingkang kapimpin panglima Abu ‗Ubaidah bin
al-Jarrah ra. lan Khalid bin al-Walid ra. ugi kaleres ing wulan Rajab tahun 14
H/635 M.
Baitul Maqdis kasil dipun rebat malih déning kaum Muslim ugi ing wulan
Rajab, kaleres ing tanggal 28 Rajab 583 H/ 2 Oktober 1187 M, ingkang dipun
pandégani Shalahuddin al-Ayyubi, sasampunipun ngasoraken tentara Salib ing
Perang Hittin. Ing wekdal niku ugi, azan saged kakumandangaken, sarta shalat
Jumat ugi saged katindakaken malih ing Masjid al-Aqsha, sak sampunipun dipun
kekahi tentara salib wetawis 88 tahun dangunipun.
Kaum Muslim rikala samanten sampun hambudidaya kanggé mulya aken
lan hanjagi kaluhuranipun wulan haram, kalebet wulan Rajab. Wonten ing wulan
menika piyambakipun sami ngaturaken pisungsung amal-amal mulia lan
spektakuler sarta ugi prestasi monumental ingkang sampun kacathet ing sejarah
mawi tinta emas kanggé kaluhuranipun Islam lan kaum Muslim.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Awit saking menika, prayoginipun kaum Muslim ing wekdal niki ugi kedah
sami purun ngluhuraken wulan-wulan haram, kalebet wulan Rajab niki, kanthi
ningkat aken amal-amal pethingan. Lajeng kanthi margi ingkang kados pundi?

Sepindah: Mungkasi anggènipun sami nalisir saking hukum Allah SWT, ingkang
saged ngundang kamurkanipun Allah SWT. Nyingkiri riba, nebihi hasad lan
dengki. Ninggalaken caci-maki, boten nglanggar hak tiyang sanès, lan
ninggalaken kezaliman.
َّ ‫ًً َؿ َل ُمىا َف َخ َم َّظ ُى ُم‬
....َ‫الى ُاز‬ َ ‫َو َال َج ْس َه ُىىا ب َلى َّالر‬
ِ ِ
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 52
Lan manéh sira wong Islam aja padha kèlu condhong marang wong kang
nganiaya.. Menawa sira mengkono, mesthi bakal kecemplung ing neraka....(TQS
Hud [11]: 113).

Kaping kalih: Nindak aken amal-amal shalih, ngestok aken sedaya kewajiban-
kewajiban Allah SWT lan ningkataken amalan-amalan sunnah. Ingkang kalebet
amal shalih inggih menika nuhoni dawuh ingkang kalebet fardhu kifayah. Boten
namung babagan ngurus jenazah, nanging ugi ngangkat pemimpin umat Islam
ingkang kersa nerapaken syariah Islam kanthi kaffah, nglimputi sedaya aspèk
panggesangan. kehidupan.
Sak lajengipun sumangga ing wulan Rajab niki kita dadosaken momentum
kanggé neguhaken tékad, ngobaraken semangat lan tumut andil kangge
mujudaken penerapan syariah Islam kanthi kaffah. Makaten menika wujud hakiki
ketakwaan kita dhumateng Allah SWT. Ketakwaan ingkang badhé mujudaken
manéka warni keberkahan saking langit lan bumi tumrap sedaya manungsa.
َ ْ َ َ َّ َ
ًْ‫ْلا ْزض َو َلى‬ َ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
ِ ِ ‫اث ِمً الظم ِاء و‬ ٍ ‫ولى ؤن ؤهل اللسي آمىىا واجلىا لفخحىا كلي ِهم بسو‬
َ‫َ َّ ُ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َ ُ َ ْ ُ ن‬
َ ‫هربىا فإخرهاهم ِبما واهىا ًى ِظبى‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan
utusané Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah
saka langit lan saka bumi, ananging dhèwèké padha nggorohaké marang Ingsun.
Awit saka iku, Ingsung banjur nurunaké siksa marga saka tumindake dhèwè”
(QS Al A‘raaf [7] : 96).

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 53


‫ْ‬ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا َ‬
‫للـ ُْ َم‪َ ،‬و َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه مً َ‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ َ ْ َ َ َ َّ َ ُ َّ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َّ ُ ُ َ َّ ْ ُ َ ْ ُ َ َ ُ ْ ُ َ ْ َ َ‬
‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‪ ،‬وؤكىٌ كى ِلي هرا‬
‫َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ َّ ُ ُ َ َ‬
‫الغ ُف ْى ُز َّ‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

‫‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com‬‬ ‫‪54‬‬


12. UMAT BETAH PEMIMPIN SEJATI

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Ing wekdal samenika, minangka tiyang Muslim, manah kita pantes sakit,
nalar kita pantes muntab, ngawuningani lan midhanget kebiadaban salah
satunggalipun tiyang kafir ingkang sampun mulasara merjaya para sedhèrèk kita
ing Selandia Baru, rikala dinten Jumat kepengker. Mangga sami kagambaraken,
rikalanipun para sedhèrèk kita wau sami badhé nindakaken ibadah Jumat kados
kita sedaya menika, lajeng piyambakipun sami dipun brondong mawi senapan
mesin. Sahingga sawetawis cacah 50 tiyang, sedhèrèk Muslim kita sami gugur.
Mugi-mugi Allah handadosaken sedaya sedhèrèk kita kala wau minangka
syahid. Aamiin.
Mangga sami dipun penggalih, ing wekdal menika kita boten kagungan
daya malih. Éba gampilipun rah umat Muslim dipun wutahaken. Dèrèng ical
saking pandulu panandangipun para sedhèrèk kita sedaya ing Suriah, Irak,
Rohingya, Khasmir, India, ugi Uighur, samenika kebiadaban sampun tumanduk
dhumateng para sedhèrèk kita ing Selandia Baru.
Mboten wonten agami ing donya mriki ingkang paring kawigatosan ingkang
inggil sanget dhumateng darah lan jiwa manungsa, kajawi Islam. Allah SWT.
sampun netepaken bilih merjaya satunggal nyawa tiyang tanpa dosa, sami
kaliyan ngicalaken nyawa sedaya umat manungsa. Makaten firmanipun:
ً َ َ َّ َ َ َ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َْ ْ َ َْ ً ْ َ َ َ َ ْ َ
....‫ض فىإهما كخل الىاض ح ِمُلا‬ ِ ‫ع ؤو فظ ٍاد ِفي ْلاز‬
ٍ ‫مً كخل هفظا ِبغي ِر هف‬....
....sing sapa matèni wong kang tanpa dosa utawa dosa gawé rusak ana ing
bumi, dosané prasasat matèni wong sajagat kabèh....(TQS al-Maidah [5]: 32).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Makaten tresnanipuun dhumateng jiwa tiyang Mukmin, Allah SWT paring


ancaman, badhé paring azab dhumateng sedaya penghuni bumi lan langit,
saumpami sami sesarengan kanggé merjaya salah satunggaling tiyang Muslim.
Rasul Muhammad SAW paring sabda:
َ ً َ ُ ُ ُ َّ َ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َ ْ َ َ ْ َ َ َ َّ َ ْ َ َّ َ ْ َ
‫ُلا َكلى‬‫ض احخملىا كلى كخ ِل مظ ِل ٍم لىبهم هللا ح ِم‬
ِ ‫ز‬ْ ‫ْلا‬ ‫لى ؤن ؤهل الظم ِاء وؤهل‬
َّ ‫ُو ُحىهه ْم في‬
َِ ‫الى‬
‫از‬ ِ ِِ
Saumpama penduduk langit lan penduduk bumi ngumpul kanggo matèni
salah sawijining wong Muslim, yekti Allah kaduga ambanting rai lan nguncalaké
dhèwèké tumuju ing sajroning neraka (HR ath-Thabrani).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 55


Makaten niku awit menapa, ambéla dhumateng kehormatan lan rah kaum
Muslim tansah dipun tindakaken saking para panguwaos Muslim selaminipun
sejarah. Kados ingkang dipun tindakaken Sultan al-Hajib al-Manshur (971-1002
M). Piyambakipun dipun kenal déning tiyang Barat minangka panguwaos Muslim
lan jénderal ing wilayah Andalusia. Piyambakipun ugi naté paring ancaman
dhumateng panguwaos Kraton Navarré, salah satunggalipun kraton ingkang
mapan ing wilayah Spanyol, ingkang tunduk dhumateng Khilafah Islam, karana
dipun pergoki nyikep tiyang Muslimah cacah tiga wonten ing salah satunggaling
gereja kagunganipun. Sultan al-Hajib al-Manshur énggal-énggal ngintun pasukan
gunggung sawetawis kathah saperlu paring paukuman dhumateng kraton
Navarré. Panguwaos Navarré ngraos kewedèn. Piyambakipuun lajeng ngintun
serat panyuwunan pangapunten, lajeng ngluwaraken Muslimah cacah tiga
kasebat.
Pitakénanipun samenika, sinten ingkang saged lan kersa paring
pangayoman dhumateng kaum Muslim? Palestina dipun jajah Israèl. Muslim
Rohingya taksih sami kalunta-lunta. Muslim Uighur dipun cuci otakipun mawi
ajaran komunis. Sarta taksih kathah malih panandanganipun kaum Muslim
ingkang tanpa winates wekdalipun.
Hanjagakaken dhumateng para panguwaos Muslim? Justru piyambakipun
malah langkung remen ngadani pasedérékan kaliyan para penguasa Barat
ingkang kafir.
Piyambakipun sampun supé dhumateng firman Allah SWT:
َّ ‫الدًً َف َل َل ُْ ُى ُم‬
ْ ‫الى‬
....َ‫ص ُس‬ َ ‫اط َد ْى‬
ّ ‫ص ُسو ُه ْم في‬ َ
ْ ‫وبن‬....
ِ ِ ِ ِِ
....Wong kang mengkono mau menawa nyuwun tulung marang sira
perkara tumindaking agama, sira kabeh wajib nulungi.... (TQS al-Anfal [8]: 72).

Piyambakipun mungkin ugi mboten migatosaken dhumateng sabda Kanjeng


Nabi Muhammad SAW.:
َ ْ َ ُْ ُ َ ُْ
َ‫ َوال ٌُ ْظ ِل ُم ُه‬،‫ ال ًَـ ِل ُم ُه‬،‫اْل ْظ ِل ُم ؤخى اْل ْظ ِل ِم‬
Wong Muslim iku seduluran tumrap Muslim liyané. Ora bakal nganiaya, lan
ora bakal masrahaké marang musuh. (HR al-Bukhari).
Menapa para panguwaos Muslim niku mboten lingsem kaliyan remaja
tanggung ingkang wantun ngrèmèhaken dhumateng sénator Australia ingkang
fasis lan gething dhumateng Islam? Kasunyatanipun malahan remaja niku wau
kalebet non-Muslim lan piyambakipun mboten gadhah kekuasaan kadidéné para
panguwaos Muslim niku?
Sanadyan Allah SWT sampun paring ketegasan lantaran firmanipun:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 56


ُ َ ْ ‫اك َخ ُدوا َك َل ُْه بم ْثل َما‬
ْ ‫اك َخ َدي َك َل ُْ ُى ْم َف‬
ْ ً‫ َف َم‬....
....َ‫اك َخ َدي َكل ُْى ْم‬ ِ ِِ ِ ِ
.... mulané sing sapa nindakaké pilara marang sira, sira iya malesa
nindakaké pilara marang wong mau, padha anggoné gawé pilara marang sira....
(TQS al-Baqarah [2]: 194).

Sumangga sami dipun sadari, bilih kaum Muslim mbetahaken pemimpin


ingkang sagah paring pangayoman lan ugi paring pambéla dhumateng kaum
Muslim Sanès pemimpin ingkang namung nonton lan bengak-bengok saking
wingking méja, ananging tanganipun boten naté kumrembyah kemlawé, saperlu
nylametaken kaum Muslim.
Kita betah pemimpin sejati, kadidéné rikala jaman Khulafaur Rasyidin.
Inggih menika khilafah ingkang dipun pimpin kaliyan satunggaling imam/khalifah,
ingkang sagah dados perisai pelindung kita sedaya. Jumbuh kaliyan Sabda Nabi
Muhammad SAW:
َ ٌ ْ
َ‫َّبه َما ِلْا َم ُام ُح َّىت ًُ َلاج ُل ِم ًْ َو َز ِائ ِه َو ٍُ َّخ َلى ِب ِه‬
Sejatiné Imam (Khalifah) iku kadidéné tamèng/ perisai; wong-wong kang
nedyo perang ing saburiné dhèwèké lan golèk pangayoman saka musuh kanthi
panguwasané iku. (HR al-Bukhari, Muslim, an-Nasa‘i, Abu Dawud dan Ahmad).

Wontenipun pemimpin umat Islam menika ingkang badhé dados tamèng


kanggénipun kaum Muslim saindenging jagad, kanggé ngadhepi kebiadaban
tiyang-tiyang kafir ingkang sami nandhang islamophobia.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 57


patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا َلي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِب َهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 58


13. NGIDAMAKEN KEPEMIMPINAN ALA NABI

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Allah SWT. sampun paring firman dhumateng kita:


َ ‫الله ُؤ ْط َى ٌة َح َظ َى ٌت ْلَ ًْ َو‬
َ‫ان ًَ ْس ُحى ا َّلل َه َو ْال َُ ْى َم ْلْا ِخ َس َو َذ َهس‬ َّ
ٌ ُ َ ْ َُ َ َ ْ ََ
ِ ِ ِ ‫للد وان لىم ِفي زطى‬
َ َّ
◌‫الل َه ه ِث ًيرا‬
Satemené sira iku dhuwé panutan becik hiya iku Rasulullah (Muhammad)
SAW, iku becik tumrap wong kang ngarep-arep ganjaraning Allah sarta wedi
siksaning dina qiyamat. Apadéné wong kang akèh élingé ing Allah. [QS al-Ahzâb
(33): 21]

Imam Ibnu Katsîr rahimahullah paring katerangan dhumateng ayat menika,


“Ayat kang luhur iki minangka pondasi/dalil kang agung ing babagan neladani
Rasûlullâh SAW. ing sadhéngah pangandikan, solah bawa, lan polaté
panjenengané. Wong-wong didhawuhi nuladhani Kanjeng Nabi Muhammad
SAW. sajroning pérang Ahzâb, kasabaran, ngupaya sabar, istiqamah,
perjuangan, lan pangrantun panjenengané marang pitulungan saka Pangérané.
Muga-muga shalawat lan salam tansah kalimpahaké tumanduk panjenengané
nganti tumeka ing dina Pembalasan”

Ing babagan kapribadèn, Rasulullah Muhammad SAW. menika piyantun


ingkang luar biasa. Panjenenganipun èstu minangka Alquran ingkang lumampah.
Kaluhuran akhlakipun tanpa tanding. Awit menika, kapribadènipun boten perlu
dipun mamangaken malih. Langkung-langkung, Rasulullah Muhammad SAW.
minangka sosok negarawan sejati, ingkang saget nglaksanaken sedaya ajaran
Islam wonten salebeting ranah mangun negari. Mangga kapenggalih, namung
ing salebeting wekdal 23 tahun, piyambakipun sampun saget ngasilaken tigang
pakaryan ageng ingkang dèrèng naté dipun damel déning sadhéngah pemimpin
saking pundi kemawon, ing saindenging dunya niki. Tigang pakaryan ageng
kalawau inggih menika:

Sepindhah, tawhidulLah (nunggalaken utawi mengesakan Allah SWT). Nabi


Muhammad SAW. sampun kasil handadosaken bangsa Arab ingkang ing sekawit
mitados dhumateng sawetawis Pangéran (polythésme) dados bangsa ingkang
nganut tauhid. Namung mitados dhumateng satunggal Pangéran, inggih menika
Allah SWT.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 59


Kalih, tawhidul-ummah (manunggalaken umat). Nabi Muhammad SAW. sampun
kasil handadosaken bangsa Arab ingkang ing sekawit pisah-amisahan, asring
memengsahan lan asring ngadani paperangan antarsuku lan antarkabilah, dados
bangsa ingkang guyup rukun, manunggal dados setunggal wonten ing ikatan
akidah Islam.

Katiga, tawhidul-hukumah (manunggalaken negari/pemerintahan). Nabi


Muhammad SAW. sampun kasil manunggalaken kepemimpinan bangsa Arab—
ingkang seaawit kapisah-pisahaken dados kathah kepemimpinan suku/kabilah
lan kerajan-kerajan alit—dhumateng setunggal pemerintahan Islam (Daulah
Islam), ingkang panguwaosipun nglimputi sedaya Jazirah Arab lan
sakupenganipun.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Suksesipun Rasulullah Muhammad SAW. minangka negarawan tentu


kemawon boten singlar saking pambudidayanipun. Miturut Imam al-Qarrafi (684
H) ingkang kacetha ing karya anggitanipu; Anwar al-Buruq fi Anwa‟i al-Furuq,
paling boten wonten tigang paraga ingkang sesarengan dipun lampahi, inggih
menika: (1) paraga minangka pangemban risalah Islam (pemimpin umat); (2)
paraga minangka kepala negara (pemimpin rakyat); (3) paraga minangka qadhi
(hakim) ing saben sengkéta ingkang kedadosan wonten samadyanipun warga
nagari.

Sepindhah: Minangka pangemban risalah Islam, Nabi Muhammad SAW.


ngadani dakwah wonten ing samadyanipun masyarakat kanthi metode wedaran
dakwah ingkang khas: (1) Kanthi hikmah (bil hikmah), inggih menika
migunakaken tetembungan ingkang tegas lan teges, ingkang saged kanggé
bédakaken ing antawisipun ingkang haq lan ingkang batil; (2) Kanthi naséhat-
naséhat ingkang saé (al-maw‟izhah al-hasanah); (3) Kanthi paring pawangsulan
dhumateng tiyang-tiyang ingkang nentang migunakaken argumentasi ingkang
langkung saé (jadilhum billati hiya ahsan). Makaten niku ingkang dipun
gambaraken déning Allah SWT. wonten ing al-Quran:
َّ‫ُا ْد ُق ا َلى َطب ُْل َزّب ًَ ب ْالح ْى َمت َو ْاْلَ ْىك َـت ْال َح َظ َىت َو َحاد ْل ُه ْم ب َّالتى ه َي َا ْح َظ ًُ بن‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
ُ ْ َ َ َ ًْ ‫َزَّب ًَ ُه َى َا ْك َل ُم ب َم‬
◌ً َ َ ًْ ‫ط َّل َك ًْ َط ِب ُْ ِل ِه َو َه َى ا ْكل ُم ِباْل ْه َخ ِد‬ ِ
(Muhammad) sira ngajaka para manungsa marang agamané Pangéranira
klawan kawicaksanan lan piweling kang becik lan sira wangsulana wong kang
ambantah ing sira klawan kang luwih becik. Satemené Pangéranira iku

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 60


Nguningani wong kang kesasar saka dalané Allah lan luwih nguningani wong
kang pikantuk pitedah bener saka pangérané. (TQS an-Nahl [16]: 125).

Kalih: Minangka kepala negara (pamerintahan), Rasulullah Muhammad SAW


ngadani pamarintahan maligi namung mawi aturan Islam; namung kanthi
nerapaken syariah Islam; utawi namung kanthi sandaran dhumateng wahyu
Allah SWT. Kanthi menika kepemimpinan Rasulullah Muhammad SAW. tebih
saking kezaliman. Awit kezaliman niku badhé saged kadadosan ing rikala tiyang,
khususipun pemimpin, boten purun ngadili migunakaken hukum saking Allah
SWT. Allah SWT sampun paring katerangan lumantaran firmanipun:
َ ُ َّ َ ُ َ َّ َْ ُ َ
◌‫ َو َم ًْ ل ْم ًَ ْحى ْم ِب َما ؤه َص ٌَ الل ُه فإول ِئ ًَ ُه ُم الـ ِاْلى َن‬....
....Lan sing ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké déning
Allah, sumurupa yèn dhèwèké iku wong kang padha nganiaya. (TQS al-Maidah
[5]: 45).

Ngesuhi masyarakat kanthi tansah nyandaraken dhumateng al-Quran,


ngaten menika salah satungalipun wujud kepemimpinan ingkang èstu-èstu
tulus/loyal, boten namung tumuju dhumateng rakyatipun, ananging ugi maligi
kagem ngersanipun Allah SWT. Kosok wangsulipun, pemimpin ingkang boten
èstu-èstu tulus/loyal mimpin rakyat inggih menika, sasinten kemawon ingkang
rikalanipun mimpin boten nyandaraken dhumateng al-Quran. Pemimpin ingkang
kados makaten niku pikantuk ancaman kantih sabdanipun Rasulullah
Muhammad SAW.:
َ ‫هللا َك َل ُْه‬
‫الج َّىت‬ ُ ‫صح ب َّال َح َّس َم‬ْ ‫هللا َزك َُّ ًت ُز َّم َل ْم ًُح ْؼ َها ب ُى‬
ُ ‫اط َت ْر َك ُاه‬
ْ ً‫َم‬
ِ ِ ٍ ِ ِ ِ ِ
“Sapa waé kang diangkat déning Allah SWT. saperlu kanggo mimpin
rakyaté, sabanjuré dhèwèké iku ora mimpin rakyaté kanthi tulus/loyal, mangka
Allah nedya ngaramaké surga kanggo dhèwèké iku” (HR al-Bukhari dan Muslim).

Katiga: Minangka qadhi (hakim), Rasulullah Muhammad SAW. tansah paring


pangadilan dhumateng sadhéngah perkawis kanthi sak adil-adilipun. Tanpa pilih-
kasih. Tanpa dèskriminasi. Kalebet dhumateng keluarganipun piyambak.
Makaten panegasanipun ingkang sampun kacetho lumantaran sabdanipun:
َ َ َ َ َ َّ َ ْ َ
‫اػ َمت َط َسك ْذ ل َلؼ ْل ُذ ًَ َد َها‬
ِ ‫لى ؤن ف‬
“Umpama Fathimah (putrin Muhammad SAW.,) nyolong jupuk, mesthi
bakal tak potong tangané.” (Syarh al-Bukhari li Ibn Bathal, 15/442).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 61


Prinsip negarawan sejati ingkang jumbuh kaliyan kanjeng Nabi Muhammad
SAW kados ngaten menika ingkang sampun ical saking samadyanipun umat
Islam. Awit saking menika, sampun titi wancinipun kita wujudaken malih
sesarengan. Insya Allah.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِ َم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 62


14. NRESNANI ISLAM KANTHI KAFFAH

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Allah SWT. paring firman ingkang kaserat ing QS. Al Baqarah, 2: 208,
ingkang mungelipun makaten :
َُ َ َّ َ ‫الظ ْلم َو َّاف ًت َوَال َج َّدب ُلىا ُخ ُؼ‬ ُ ُ ْ ُ َ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫الؼ ُْؼ ِان ِب َّه ُه لى ْم‬ ‫اث‬
ِ ‫ى‬ ِ
ّ
ِ ِ ِ ‫ًا ؤيها ال ِرًً آمىىا ادخ‬
‫ي‬ ‫ف‬ ‫ىا‬‫ل‬
َ ٌ ‫َك ُد ٌّو ُم ِب‬
‫ين‬
“Hé para wong mukmin. Sira padha mlebuwa ana ing agama Islam,
ngèstokna sabarang pernatané kabèh, lan aja manut dedalané sétan. Satemené
sétan iku tetéla dadi satrunira.” (QS. Al Baqarah, 2: 208).

Adhedhasar saking ayat menika, Allah SWT. paring dhawuh dhumateng


sedaya tiyang ingkang iman supados nglaksanaaken syariatipun kanthi totalitas
utawi gumeleng. Tanpa pilih-pilih, jumbuh kaliyan kemampuanipun piyambak-
piyambak, sarta mboten pareng ninggalaken menapa kemawon ingkang sampun
dipun contohaken déning Nabi Muhammad SAW, sanadyan namung
sapérangan alit. Remen dhumateng sedaya ajaran Islam, ugi minangka
pérangan saking gumelengipun raos tresna dhumateng Allah SWT. Awit
nresnani Allah SWT niku minangka bukti keimananipun tiyang Muslim. Allah
SWT. piyambak sampun paring dhawuh lumantaran firmanipun, makaten:
َّ َ َ َ ‫و َّالر‬....
....َ‫ًً َآم ُىىا ؤػ ُّد ُح ًّبا ِلل ِه‬ ِ
َ
....Ananging wong-wong kang padha mukmin luwih banget senengé marang
Allah.... (TQS al-Baqarah [2]: 165).

Salajengipun, tresna dhumateng Allah SWT. kedah kita buktèkaken kanthi


purun nampi, nuladha lan ngamalaken sedaya ajaran lan tuntunan Rasulipun.
Awit Allah SWT. sampun paring dhawuh lumantaran firmanipun makaten:
ُ ُُ ُ َ ْ َّ ُ َ َّ َ ُ ُ ُ
....َ‫ك ْل ِب ْن ه ْى ُخ ْم ج ِح ُّبىن الل َه ف َّاج ِب ُل ِىوي ًُ ْح ِب ْبى ُم الل ُه َو ََغ ِف ْس لى ْم ذه َىبى ْم‬
“Dhawuha (sira Muhammad); Menawa sira kabèh padha dhemen ing Allah
padha ngéstokna marang aku, Allah mesthi remen ing sira kabèh, lan
Panajenengané mesthi bakal paring pangapura marang ing sakèhing
dosanira....” (QS Ali Imran [3]: 31).

Hanesnrani Allah SWT. ugi kedah dipun sarengi kaliyan nresnani Rasulullah
Muhammad SAW., minangka kekasihipun Allah SWT. Hanesnrani dhumateng
Rasulullah Muhammad SAW. ugi minangka konsekuensi keimanan saking tiyang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 63


Muslim. Rasulullah SAW. piyambak ingkang sampun paring pangandikan
makaten:
َ‫ين‬ َ ْ َ َّ َ َ َ َ َ ْ ْ َ َّ َ َ َ ُ َ َّ َ ْ ُ ُ َ َ ُ ْ ُ َ
ِ ‫ال ًا ِمً ؤحدهم حتى ؤوىن ؤحب ِبلُ ِه ِمً و ِال ِد ِه وول ِد ِه والى‬
َ ‫اض ؤحم ِل‬
“Durung sampurna keimanan sawijining pawongan ing antaranira,
sahéngga handadèkaké aku luwih ditresnani tinimbang tresnaira tumrap wong
tuwanira, anak-anakira, lan tumrap manungsa kabèh.” (HR al-Bukhari).

Magepokan kaliyan hadis menika, Imam Ibnu Rajab rahimahulLah ing Fath
al-Bari (1/26), mratélakaken, “ Rasa tresna kang tumanduk ing Nabi SAW.
minangka pokok undering (dasaring) keimanan, lan iku kasandhingaké kalawan
rasa tresna marang Allah „Azza wa Jalla. Allah SWT. uga nyelarasaké tresna
marang Nabi-Né kalawan tresna marang Panjenengané. Allah SWT. uga paring
ancaman marang wong-wong kan luwih mentingaké nresnani marang keluarga,
bandha lan negara, tinimbang nresnani marang Allah „Azza wa Jalla lan Rasul-
Lé.”

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Salajengipun, menapa tanda-tandanipun tiyang ingkang nresnani


dhumateng agaminipun Allah SWT. menika? Hambok menawi, titikanipun saged
kapérang dados tigang perkawis.

Sepindah: Hanauhidaken Allah SWT. lan taati dhumateng sedaya aturanipun,


sarta boten ngadani wontenipun sekutu anggenipun tresna lan taat dhumateng
Panjenenganipun. Awit Allah SWT. sampun paring dhawuh lumantaran
firmanipun makaten:
َّ ّ ُ َ ْ ُ َ ُّ ُ ً َ ْ َ َّ ُ َ ‫ًً َآم ُىىا‬ َ ‫َو َّالر‬
‫اض َم ًْ ًَ َّخ ِخر ِم ًْ ُدو ِن الل ِه ؤهدادا ً ِحبىنهم هح ِب الل ِه‬
ِ
َّ ًَ ‫وم‬....
‫الى‬ ِ ِ
َّ َ َ
‫ؤػ ُّد ُح ًّبا ِلل َِه‬
Lan sawènèhing manungsa ana kang ngedegaké sesembahan saliyané
Allah. Wong-wong mau padha seneng ing sesembahan mau kaya déné senengé
marang Allah. Ananging wong-wong kang padha mukmin luwih banget senengé
marang Allah.... [2]: 165).

Imam al-Baidhawi wonten ing kitab tafsiripun, sampun paring andaran


magepokan kaliyan makna gatra “wong-wong kang ngadani lan nresnani marang
tandingan-tandingan saliyané Allah SWT.” yaiku kanthi ngegung-gungaké lan

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 64


naati tandingan-tandingan iku kadidéné dhèwèké ngegungaké lan atur taat
dhumateng Allah SWT.
Kakalih: Ngleluri risalah Nabi Muhammad SAW. kanthi gumeleng utawi totalitas.
Allah SWT. sampun paring dhawuh lumantaran firmanipun makaten:
َ َّ ُ ُ َُ َّ ُ َ َّ َ ُ ُ
‫ك ْل ِب ْن ه ْى ُخ ْم ُج ِح ُّبىن الل َه ف َّاج ِب ُل ِىوي ًُ ْح ِب ْبى ُم الل ُه َو ََ ْغ ِف ْس لى ْم ذ ُه َىبى ْم َوالل ُه غ ُفى ٌز‬
ٌَ ‫َز ِح‬
◌‫ُم‬
“Dhawuha (sira Muhammad); Menawa sira kabèh padha dhemen ing Allah
padha ngéstokna marang aku, Allah mesthi remen ing sira kabèh, lan
Panajenengané mesthi bakal paring pangapura marang ing sakèhing dosanira.
Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih.” (TQS Ali Imran [3]: 31).

Imam Ibnu Katsir sampun paring penjelasan menggah maksud saking ayat
menika, ing kitab tafsiripun, ―Ayat kang minulya iki minangka pratanda tumrap
sapa waé kang ngaku-aku dhemen dan nresnani Allah SWT. , ananging
dhèwèké ora napaki ing dalané Muhammad SAW., yektiné dhèwèké iku
pendusta, kalebu ing samubarang pengakuané lan ing perkara iki, nganti
dhèwèké gelem nuruti syariah Muhammad lan agama kenabian ing dalem
samubarang pangucap lan samubarang kahanan.” (Ibnu Katsir, Tafsir al-Qur‘an
al-‗Azhim, 2/26).

Tresna dhumateng Allah SWT. sarta dhumateng Rasulipun, tentu


nedhahaken saben tiyang Muslim kepareng tunduk dhumateng sedaya ajaran
Islam, wiwit ing babagan akidah menapa déné syariah kanthi ikhlas. Wonten ing
salebeting urusan ibadah, muamalah, pernikahan, sosial ngantos dumugi ing
babagan politik lan pamarintahan. Kados makaten niku minangka konsekuensi
keimanan lan kecintaan dhumateng Allah SWT. lan Rasulipun.
Tentu kemawon kalebet kemungkaran menawi hamisahaken raos tresna
dhumateng Allah SWT. lan Rasulipun. Menawi taksih nolak hukum-hukum Islam,
saé ing sapérangan, menapa malih ing sedayanipun. Ngawisi permainan judi,
ananging nyegurah wontenipun sistem ribawi. Purun nampi hukum zakat lan haji,
ananging nolak hukum pidana potong tangan tumrap para maling. Purun nampi
keharaman zina, ananging taksih nolak lumampahipun hukum rajam utawi
cambuk minangka paukuman dhumateng paraganipun. Sarujuk wontenipun
kepemimpinan Islam, ananging nolak sistem kepemimpinan Islam (Khilafah).
Kapara anuding Khilafah minangka ancaman, utawi Khilafah sampum usang lan
boten payu.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 65


Katiga: Ngunggulaken Allah SWT. dalasan Rasulipun wonten ing sedaya
samukawis. Adhedhasar saking QS at-Taubah [9]: 24, ingkang intinipun, tiyang-
tiyang ingkang iman boten badhé maringaken prasetyanipun, setyatuhunipun,
dhumateng tiyang-tiyang ingkang sami memengsahan dhumateng Allah SWT,
Rasulipun sarta agaminipun.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِل َُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 66


15. ISTIQAMAH ING MARGI PERJUANGAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Salah satunggalipun karakter tiyang ingkang taqwa inggih menika


istiqamah. Sufyan bin Abdullah ats-Tsaqafi naté ndèrèk tanglet dhumateng
baginda Rasul Muhammad SAW., ―Ya Rasulullah, panjenengan paring
pangandikan dhumateng kula ing perkawis Islam, satunggaling pangandikan
ingkang boten perlu kula tangletaken dhumateng asanès sasampunipun
panjenengan.‖ Baginda Rasul SAW. lajeng paring sabda:
ْ ‫» ُك ْل َآم ْى ُذ باهلل ُز َّم‬
« ‫اط َخ ِل َْم‬ ِ
Ngucapna, “Kula iman dhumateng Allah.” banjur istiqamaha! (HR Ahmad
lan Muslim).

Imam an-Nawawi wonten ing Syarh al-Arba‟în paring katerangan


dhumateng pangandikanipun Rasulullah SAW. menika makaten: Imana maligi
marang Allah, banjur istiqamaha sajroning keimanan iku, lan taatana nganti
kapundhut déning Allah. Umar bin al-Khaththab RA. ugi paring pangandikan,
“Istiqamaha sajroning ketaatan marang Allah lan aja nyimpang.”
Wonten ing pesan pangandikan niku, kanjeng Nabi Muhammad SAW.
paring dhawuh dhumateng Sufyan (lugunipun kalebet kita sedaya) supados
tansah memetri keimanan kanthi lisan sarta tansah kaènget ing salebeting
manah. Nabi Muhammad SAW paring dhawuh dhumateng Sufyan ugi kita
sedaya, amrih tansah istiqamah rakalanipun nglampahi ketaatan lan nebihi
sedaya penyimpangan. Sikap istiqamah boten badhé saged mujud menawi
kasandingaken kaliyan samukawis ingkang béngkong, karana béngkong menika
walikanipun istiqamah.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Dados, istiqamah maknanipun teguh wonten sanginggilipun mergi ingkang


lempeng. Parandéné margi ingkang lempeng, jejeg menika sejatosipun namung
Islam; ingkang ngemot akidah lan syariah. Menggah ing babagan menika, Allah
SWT sampun paring firman makaten:
َ َ ْ ُ ‫ُّ ُ َ َ َ َ َّ َق‬ ُ َّ َ َ َ ُ ُ َّ َ ً َ ْ ُ َ َ َ َّ َ َ
‫اػي مظخ ِلُما فاج ِبلىه وال جد ِبلىا الظبل فخفس ِبىم كً ط ِب ُِل ِه‬ ِ ‫وؤن هرا ِصس‬
َّ َ َّ ‫َذ ِل ُى ْم َو‬
‫ص ُاهم ِب ِه ل َلل ُى ْم َج َّخ ُلى َ َن‬
Lan satemené iki dalan Ingsung ingkang jejeg, awit saka iku, sira kabeh
padha manuta (ngambaha) dalan iku, lan aja padha manut (ngambah) dalan
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 67
liyané jalaran yèn mangkono, sira tetepwong kang nyimpang saka agamaning
(dalané) Allah. Mangkono iku dhawuhé Allah marang sira kabèh supaya padha
bekti ing Allah, ngèstokaké dhawuhé. (TQS al-An‘am [6]: 153).

Kanthi makaten menika, keistiqamahan namung badhé saged dipun


wujudaken kanthi manut (ngambah) ing Islam, ngeyakini akidahipun lan
ngamalaken syariahipun, sarta nglampahi manhaj lan sistemipun. Ayat menika
ugi ngèngetaken dhumateng kita murih ampun manut miturut saliyanipun ajaran
Islam, saé agami (kados Yahudi, Nasrani, Majusi lan paganisme) utawi
paham/ideologi ingkang sampun kita mangertosi kadidéné kapitalisme,
sosialisme, sèkulerisme, demokrasi, liberalisme, nasionalisme lan
sapanunggalanipun. Awit sedaya agama, ideologi, ajaran lan paham
sasanèsipun Islam menika kalebet sesat lan nyesataken. Sarta mesthi badhé
nimbulaken karusakan lan kamurkanipun Allah SWT. Kepripun kedadosanipun
lan menapa ingkang dipun alami kaliyan umat manungsa , kalebet umat Muslim,
ing wekdal samenika saged minangka bukti nyatanipun ing perkawis menika.
Keistiqamahan salebeting ketaatan total dhumateng Allah SWT. ingkang
badhé saged nuntun kita nuju dhumateng kaslametan, kesaénan lan kaberkahan.
Keistiqamahan mbetahaken kateguhan lan keimanan ingkang jejeg, nalikanipun
nglampahi sadhéngah ketaatan lan nebihi samubarang kemaksiatan.
Tiyang-tiyang ingkang istiqamah, piyambakipun mboten badhé condong lan
kayungyung dhumateng tiyang zalim. Ing perkawis menika Allah SWT. sampun
paring firman makaten:
َ ُ َ َّ َُ َّ ‫ًً َؿ َل ُمىا َف َخ َم َّظ ُى ُم‬
َ ‫َو َال َج ْس َه ُىىا ب َلى َّالر‬
‫الى ُاز َو َما لىم ِّمً ُدو ِن الل ِه ِم ًْ ؤ ْو ِل َُ َاء ز َّم ال‬ ِ ِ
‫ىص ُسو َ َن‬َ ‫ُج‬
Lan manèh sira wong Islam aja padha kèlu condhong marang wong kang
padha aniaya. Menawa sira ngerti mengkono, mesthi bakal kecemplung ing
neraka, lan sira ora duwé kekasih kang bisa ngentasaké sira saka ing nereka,
kajaba mung Allah piyambak kang saged ngentasaké. Wusana sira padha ora
olèh pitulungan (TQS Hud [11]: 113).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Menawi condong lan ridha dhumateng tiyang zalim kémawon dipun awisi,
lan saged ngundang dumuginipun kedadosan utawi perkawis ingkang nggegirisi,
tartamtu sansaya dipun awisi malih menawi kita suka paring panjurung
/dukungan lan pambiyantu dhumateng kezaliman tiyang zalim kalawau. Menapa
malih kanthi ngangkat tiyang zalim minangka pemimpin sahingga kezalimanipun
saged nemahi tiyang kathah, utawi malah sedaya para kawula tanpa milah-milih.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 68


Sanèsipun istiqamah rikala nglampahi ajaran Islam, Allah SWT ugi sampun
paring dhawuh dhumateng kita murih istiqamah ndakwahaken ajaran Islam. Allah
SWT. sampun paring firman makaten:
َ َّ َ َ ُ َ ْ ‫َفل َرل ًَ َف ْاد ُق َو‬
....َ‫اط َخ ِل ْم ه َما ؤ ِم ْس َث َوال جد ِب ْم ؤ ْه َى َاء ُه ْم‬ ِ ِ
(Muhammad) Awit saka iku sira ajak-ajaka manungsa ngelakoni agama
Islam, lan sira dhéwé tetep anggonira ngelakoni kaya kang wis di dhawuhaké, aja
padha ngelakoni sakarep-karepé dhéwé… (TQS asy-Syara [42]: 15).

Imam Nashiruddin al-Baydhawi (w. 691 H) nyerat wonten ing kitab Anwâr
at-Tanzîl wa Asrâru at-Ta`wîl (Tafsîr al-Baiydhâwî), lan paring katerangan
menggah makna ayat menika, ―Awit saka iku ―umumna‖ padha nganakaké
persatuan ing sanduwuré agama kang jejeg/lurus (millah hanîfiyah) utawa
nglakoni apa waé kang kaparingaké marang sira; “lan istiqamaha kadidéné kang
wis didhawuhaké marang sira”, yaiku istiqamaha ing dalan dakwah kadidéné
kang diparintahaké marang sira; “lan sira aja nuruti hawa nafsuné dhèwèké”,
yaiku kang batil.
Istiqamah ing margining dakwah menika kalebet istiqamah ngamalaken
métode lan manhaj dakwah Rasulullah SAW, sisan ninggalaken saliyanipun
metode lan manhaj dakwah panjenenganipun. Awit métode dakwah minangka
perangan saking sunnah (jalan) Rasulullah SAW. Ngleluri margi saliyanipun
margi saking Rasulullah SAW. namung badhé sansaya nebihaken kita saking
Islam lan tartamtu namung badhé nemahi kegagalan.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 69


‫ْ‬ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا َ‬
‫للـ ُْم‪َ ،‬و َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه مً َ‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ْ َ ْ َ َ َ َّ َ ُ َّ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َّ ُ ُ َ َّ ْ ُ َ ْ ُ َ َ ُ ْ ُ َ ْ َ َ‬
‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‪ ،‬وؤكىٌ كى ِلي هرا‬
‫َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ َّ ُ ُ َ َ‬
‫الغ ُف ْى ُز َّ‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

‫‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com‬‬ ‫‪70‬‬


16. PEMIMPIN INGKANG ADIL LAN AMANAH

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Allah SWT berfirman:


ْ ‫َو ُك ْل َز ّب َؤ ْدخ ْلجي ُم ْد َخ َل ص ْدق َو َؤ ْخس ْحجي ُم ْخ َس َج ص ْدق َو‬
ًَ‫اح َل ْل لي م ًْ َل ُد ْه‬
ِ ِ ٍ ِ ِ ِ ٍ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ
‫ُطلؼ ًاها ه ِص ًيرا‬
Lan sira (muhammad) nyenyuwuna: “Dhuh Pangéran kawula, mugi-mugi
Panjenengan anglebetaken kawula ing panggénan mlebet ingkang dipun ridhani,
lan mugi-mugi ngedalaken kawula ing panggénan medal ingkang dipun ridhani,
lan panjenengan mugi paring dhumateng kawula keterangan saking ngarsa
Panjenengan ingkang saged nulungi (ing nalika ngrungkebi tuwin angluhuraken
agami Panjenengan).” (TQS al-Isra‘ [17]: 80).

Ndèrèk pamanggihipun Imam Ibnu Katsir, bilih pedhotan tembung “waj‟alli


min ladunka sulthân[an] nashîrâ”, kanthi ngutip pamanggihipun Qatadah,
mratélaken makaten, “saka ayat iki cetha yèn Rasulullah SAW hanglenggana
menawa tan ana kemampuan saka panjenengané kanggo hanjejegaké agama iki
kajaba kanthi nganggo kekuasaan. Awit saka iku, panjenengané banjur nyuwun
kekuasaan marang Allah, kekuasaan kang anulungi, yaiku kanggo ngetrapaké
isiné Kitabullah, nindakaké hudûd Allah, nglaksanaake mawarna kewajiban saka
Allah lan hanjejegaké agama Allah…” (Tafsîr Ibn Katsîr, 5/111).

Saking ayat menika ugi sampun negasakan pentingipun kekuasaan kanggé


hanjejegaken Islam. Ing babagan menika, Imam al-Ghazali sampu paring
katerangan makaten:
َ ْ َ ْ َ ََ َْ َ َ ُ ْ َ َ ْ َ ُ ُْ ْ َ ُ ْ ّ َ
‫ا ِلدًً و اْللً جىؤم ِان ِمثل ؤخىٍ ًِ ولدا ِمً بؼ ًٍ و ِاح ٍَد‬
Agama lan panguwasa itu kadidéné sedulur kembar loro, kadidéné sedulur
loro kang lair saka garba kang padha. (Al-Ghazali, At-Tibr al-Masbûk fî Nashîhah
al-Mulk, 1/19).

Pitakénanipun, kekuasaan ingkang kados pundi ingkang dipun maksudaken


niku?

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 71


Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Kekuasaan ingkang anulung inggih menika kekuasaan ingkang dipun


embani déning pemimpin ingkang amanah. Pemimpin ingkang purun
anglaksanakaken amanah Allah SWT, sanès sadermi amanah saking manungsa.
َ َ َ َ َّ ُ ُ َ َ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫الس ُطى ٌَ َو َج ُخ ُىهىا ؤ َم َاه ِاج ُى ْم َوؤ ْه ُخ ْم ح ْلل ُمى َ َن‬
َّ ‫الل َه َو‬ ‫ًا ؤيها ال ِرًً آمىىا ال جخىهىا‬
Hé para wong mukmin kabèh, aja padha nyidrani Allah lan Rasulé, lan uga
aja padha nyidrani barang titipan (amanah) kang ana tanganira, ing mangka sira
kabèh wis padha ngerti. (TQS al-Anfal [8]: 27).

Manut pamanggihipun Ibnu Abbas ra, ayat kasebat ngandung pangertosan,


“ sira kabèh aja khianat (nyidrani) marang Allah kanthi ninggalaké kewajiban-
kewajibané lan aja khianat marang Rasulullah kanthi ninggalaké sunnah-sunnah
(ajaran lan tuntunan)né. (Al-Qinuji, Fath al-Bayan fî Maqâshid al-Qur‘ân, 1/162).

Menggah ingkang dipun maksudaken amanah ing ayat —ingkang haram


dikhianati—inggih menika, menapa kemawon ingkang sampun dipun
amanahaken saking Allah SWT. ingkang tumanduk dhumateng hamba-
hambanipun (katingali: Ash-Shabuni, Shafwah at-Tafâsir, 1/367).
Tentu kémawon, kekuasan minangka bagian saking amanah, malahan
salah satunggalipun amanah ingkang penting sanget, ingkang haram dipun
khianati. Keharaman ngadani pengkhianatan dhumateng amanah, sasanèsipun
kadhasaraken saking ayat ing nginggil, ugi dipun dhasaraken saking hadis
penuturan Abu Hurairah ra., bilih baginda Rasulullah SAW naté paring sabda
makaten:
َ َ َ َّ َ َ َ َ ْ َ ٌ َ ُ َ ُ َ ْ َّ ُ ْ َ ٌ َ َ
‫ ِبذا َح َدر‬:ًٌ ‫صلى َو َش َك َم ؤ َّه ُه ُم ْا ِم‬ ‫زَلر مً هً ِفُ ِه فهى مى ِافم و ِبن صام و‬
َ ُْ َ َ َْ َ َ َ َ
َ َ ‫ َو ِبذا ائج ِم ًَ خ‬،‫ َو ِبذا َو َك َد ؤخلف‬،‫هر َب‬.
‫ان‬
Ana telung perkara, sing sapa waé nindakaké telung perkara iku, dhèwèké
kagolong wong kang munafik, sanajan dhèwèké mau nindakaké shaum, shalat
lan nganggep pribadiné Muslim—yaiku: yèn ngomongan, garah; nalika janji,
ngingkari; lan nalika dipasrahi amanah, khianat . (Ibn Bathah, Al-Ibânah al-Kubrâ,
2/697).

Awit saking menika, sinten kemawon ingkang dados pemimpin wajib


amanah. Haram nindakaken pengkhianatan. Menapa malih baginda Rasulullah
SAW. sampun paring sabda makaten:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 72


ْ َ َ َّ َ َ َ ْ ُ َ ْ َ َ ً َّ َ ُ َّ ُ َ ْ َ ْ ْ َ ْ َ
َ‫ُح ٍت ِبال ل ْم ًَ ِج ْد َز ِائ َحت ال َج َّى ِت‬‫ما ِمً كب ٍد اطتركاه الله ز ِكُت فلم ًحؼها ِبى ِص‬
Tan ana sawenèhé kawula kang diamanahi déning Allah supaya ngurusi
rakyat, banjur ora nindakaké urusané iku kanthi satuhu, yekti dhèwèké ora bakal
bisa ngganda ambuné suwarga. (HR al-Bukhari).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sasanèsipun amanah, setunggalipun pemimpin ugi wajib mimpin kanthi


adil. Emanipun, sistem demokrasi sèkulèr ing wekdal samenika asring nglairaken
pemimpin ingkang boten adil, alias fasik lan zalim. Kénging menapa? Awit
sistem demokrasi sèkulèr yektosipun boten nedahaken syarat dhumateng
pemimpin utawi penguasanipun supados amarintah lelandesan hukum Allah
SWT. Nalikanipun panguwaos boten nindakaken peprintahan utawi boten
nindakaken paukuman kanthi dhasar hukum Allah SWT., jelas piyambakaipun
sampun tumindak zalim.
Allah SWT. piyambak sampun negasaken makaten:
َّ َ ُ َ َّ َ َ َ
‫و َم ًْ ل ْم ًَ ْح ُى ْم ِب َما ؤ ْه َص ٌَ الل ُه فإول ِئ ًَ ُه ُم الـ ِاْلُى َ َن‬....
....Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké
déning Allah, sumurupa yèn dhèwèké iku wong kang padha nganiaya. (TQS al-
Maidah [5]: 45).

Awit saking menika, satunggaling pemimpin, nembé saged lan layak sinebat
pemimpin ingkang adil inggih menika rikala piyambakipun nindakaken
pamarintahanipun kanthi adhedhasar Alquran lan as-Sunnah, boten kanthi
adhedhasar sanèsipun. Makaten niku pemimpin saking pamawas agami Islam:
pemimpin ingkang saged nglantaraken dhumateng kemaslahatan umat, boten
namung wonten ing dunia ananging ngantos dumugi ing akhirat.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 73


Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ َُ ُ ‫ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌَُ ك ْى ِلي َهرا‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 74


17. NINGGALAKEN TUMINDAK GARAH

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Salah satungilipun karakter tiyang ingkang takwa inggih menika tansah


ngrumaosi dipun tingali déning Allah SWT. Allah tansah migatosaken kita sedaya
sadangunipun 24 jam saben dinten, tanpa mandeg, tanpa katutupan.
Tiyang ingkang taqwa tansah kèmutan dhumateng firman Allah SWT.
ingkang mungelipun makaten:
َ ‫ص َس َو ْال ُف َا َاد ُو ُّل ُؤ َولئ ًَ َو‬
ُ‫ان َك ْىه‬ َّ ‫ع َل ًَ ب ِه ِك ْل ٌم ب َّن‬
َ ‫الظ ْم َم ََو ْال َب‬ َ ِْ ‫ف َما َل‬
ُ ََْ َ
‫وال جل‬
ِ ِ ِ
ً
َ ‫َم ْظ ُئ‬
‫ىال‬
Lan sira aja pisan-pisan manut apa waé kang durung sira sumurupi ilmuné,
jalaran satemené pangrungu, pandeleng, lan ati iku kabèh bakal diperiksa
kahanané. (TQS al-Isra‘ [17]: 36).

Mugi kawuningan bilih, Allah SWT. sampun ngutus para malaikat ingkang
tansah caket dhumateng manungsa lan, nyathet sakalir ingkang medal saking
lisanipun manungsa kala wau. Allah SWT. sampun paring pepènget lumantaran
firmanipun ingkang mungel makaten:
ٌ ‫ُب َكخ‬
َ‫ُد‬ ٌ ‫ك‬ َ ‫ه‬ًْ ‫ف م ًْ َك ْىٌ ب َّال َل َد‬ُ َْ َ
ِ ‫ز‬
ِ ِ ِ ٍ ِ ‫ما ًل ِف‬
َ
Saben manungsa mau ngucap apa waé, mesthi ditulis déning Malaikat loro
kang padha mapan ana kiwatengené. (TQS Qaf [50]: 18).

Salajengipun, menapa kita saget énda, ndelik saking pangawasanipun


Allah SWT.?
Mapan dunungipun sadhéngah kawula bénjang ing akhirat, salah
satunggalipun ugi dipun tentokaken saking kaprigelani anggènipun tansah
hanjagi lisanipun, kalebet pangandikan ingkang jujur. Magepokan kaliyan
babagan menika, kanjeng Nabi Muhammad SAW. sampun paring sabda
makaten:
َ ْ َ ْ َ َْ ْ َ َْ َ َ َْ ْ َ َ َْ َ ْ َ ْ َ ْ َ
َ‫ط َم ًْ ل ُه ال َج َّىت‬‫مً ًظمً ِلي ما بين لحُُ ِه وما بين ِزحلُ ِه ؤ‬
Sapa waé sing saguh ngreksa karana aku, saka apa waé kang mapan ing
antarané rahang sakaroné, lan saka apa waé kang mapan ing antarané wentis
sakaroné, yekti aku bakal hanjamin mlebu suwarga tumrap pawongan mau. (HR
al-Bukhari).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 75


Awit saking menika, kejujuran minangka pérangan baken wonten ing
salebeting ajaran agami Islam, boten namung nilai moral kemawon, menapa
malih namung sadermi kanggé lelamisan utawi pencitraan. Kejujuran lan
keimanan sampun dados kalih perkawis ingkang sesandingan raket. Allah SWT
paring dhawuh dhumateng kita supados tansah makempal kaliyan tiyang-tiyang
ingkang leres lan jujur (shiddiqin): jumbuh kaliyan firmanipun Allah SWT. ingkang
mungelipun makaten:
َّ ُ َّ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
َّ ‫الل َه َو ُو ُىهىا َم َم‬
َ‫الص ِاد ِك َين‬ ‫ًا ؤيها ال ِرًً آمىىا اجلىا‬
Hai para wong Mukmin kabèh, sira padha bektia ing Allah lan padha dadiya
kancané para wong mukmin kang padha temen (setya tuhu). (TQS at-Taubah [9]:
119).

Moten klintu bilih kadar keimanan sawenèh tiyang menika saged dipun titik
saking kateguhan anggènipun hanjagi lisanipun murih tansah lempeng utawi
jejeg. Kanjeng Nabi Muhammad SAW. sampun paring sabda ingkang
mungelipun makaten:
ُ َ ‫ُم َك ْل ُب ُه َح َّتى ٌَ ْظ َخل‬
َ‫ُم ِل َظاه ُه‬ ُ ‫ُم َك ْل ُب ُه َو َال ٌَ ْظ َخ ِل‬
َ ‫ان َك ْب ٍد َح ََّتى ٌَ ْظ َخل‬ ُ ‫َال ٌَ ْظ َخ ِل‬
ُ ‫ُم ب ًَم‬
ِ ِ ِ
Tan bakal jejeg iman sadhéngah kawula, kajaba wis jejeg atiné, lan ora
bakal jejeg atiné kajaba wis jejeg lisané. (HR Ahmad).

Magepokan ing babagan hanjagi lisan, Imam Syafii rahimahulLah sampun


paring pangandikan makaten, “ Menawa sawenèh pawongan arep nyelathu,
prayoga sadurungé nyelathu kudu mikir dhisik. Menawa katon jelas maslahaté,
prayoga dhèwèké nyelathu. Ananging yen dhèwèké ragu-ragu, kudune ora bakal
nyelathu nganti katon jelas maslahaté.”

Kanggé bukti jejegipun lisan, inggih menika jujur ing salebeting ngunandika.
Kejujuran niku badhé njurungaken dhumateng kesaénan lan salajengipun badhé
nglantaraken pelakunipun dhumateng suwarga. Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
sampun paring sabda ingkang mungelipun makaten:
ْ َُ ‫الس ُح َل َل‬
‫ص ُد ُق َح َّتى‬ َّ ‫ َوب َّن‬،‫ َوب َّن ْالب َّر َي ْه ِدي ب َلى ْال َج َّى ِت‬،‫الص ْد َق َي ْه ِدي ب َلى ْالب ّر‬
ّ ‫ب َّن‬
ِ ِ ِ ِ ِِ ِ ِ ِ
ً‫ًَ ُي ْى َن ص ّد ًْلا‬
ِ ِ
“Satemené kejujuran nedya nuntun tumuju marang kabecikan, lan
kabecikan nedya nuntun tumuju suwarga. Sawijiné pawongan kang tumemen
anggoné hambudidaya amrih jujur, lan tundoné pawongan mau isa dadi wong
jujur kang sejati.” (HR al-Bukhari).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 76


Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Mrihatosaken sanget menawi ing wekdal menika wonten tiyang Muslim


ingkang kagungan pamanggih bilih kebohongan utawi dusta niku minangka
perkawis ingkang rèmèh utawi sepélé. Langkung-langkung malah kaanggep
minangka péranganipun jejangkeping panggesangan. Estu, kawontenan
makaten niku sanès karakter tiyang ingkang takwa. Awit Kanjeng Nabi
Muhammad SAW. sampun paring pepémut makaten:
َ َ ُ ْ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ َ َ َ َ َ َ َّ َ َ ٌ َ َ ُْ ُ
َ ‫ وِبذا ائج ِمً خ‬،‫ وِبذا وكد ؤخلف‬،‫َآًت اْل َى ِاف ِم زَلر ِبذا حدر هرب‬
َ‫ان‬
“Tanda-tandanné wong munafik ana telu: menawa ngomongan, garah;
nalika janji, ngingkari; lan nalika dipasrahi amanah, khianat . (HR al-Bukhari).

Ing antawisipun pangandikan ingkang kalebet dusta inggih menika


nyariosaken babagan ingkang sejatosipun dèrèng utawi boten dipun mengertosi.
Maknanipun, piyambakipun namung ngéntha-éntha utawi ngarang crito lajeng
dipun biyowarakaken utawi dipun sebar dhumateng tiyang sanès. Makaten
pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.:
َ‫ِم ًْ َؤ ْف َسي ْال ِف َسي َؤ ْن ًُس َي َك ُْ َي ُْ ِه َما َل ْم َج َس‬
ِ
“Sapérangan tumindak dusta kang paling gedhé yaiku wong kang ngaku
menawa mripaté wis nonton sadhéngah perkara kang sabeneré durung diweruhi
.” (HR al-Bukhari).

Wonten salebeting alam bebrayan, tetiyang ingkang nindakaken dusta niku


saged adhedhasar kanggé kepentingan pribadi, menapa déné kanggé ngrampas
hak, sarta damel kacilakanipun tiyang sanès. Tiyang-tiyang ingkang nindakaken
korupsi, (koruptor), damel tanda bukti pembayaran utawi laporan keuangan
palsu, lan sapanunggalanipun. Wonten ugi tetiyang ingkang kepéngén
ngucemaken kehormatan asanès, lan ngrampas hak asanès, tan ajrih paring
paseksèn palsu dhumateng pengadilan, menapa déné dhumateng tiyang sanès.
Kasunyatanipun ngaturaken paseksèn palsu, menapa malih ngrampas hak
sesaminipun gesang, kalebet dosa ageng manut putungkasipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW.
Pramila sampun jumbuh menawi Islam mapanaken paseksèn palsu
minangka dosa ageng ingkang ing tembé wingkingipun benjang badhé
nglandhang paraganipun mlebet dhumateng pasiksanipun Allah SWT. Sarta
tumindak apus-apus lan mblithuk tiyang sanès, dosanipun sakelangkung awrat
malih, menawi katindakaken déning para penguwaos ingkang nyidrani
rakyatipun. Kanjeng Nabi Muhammad SAW. sampun paring sabda:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 77


َّ ٌّ ‫ َو ُه َى َغ‬،‫ىث‬
ُ ‫ىث ًَ ْى َم ًَ ُم‬ َّ
ُ ‫ ًَ ُم‬،‫الل ُه َ ك َُّ ًت‬ َْ َ َْ ْ َ
‫ ِبال َح َّس َم‬،‫اغ ِل َس ِك َُّ ِخه‬ ِ ‫ز‬ ‫ُه‬‫ك‬‫ر‬ْ
ِ ِ ‫ما ِمً كب ِد ٌظ‬
‫ت‬
َ ْ َ َ َّ َ
‫الل ُه َكل ُْ ِه ال َج َّى َت‬
Tan ana sawenèhé kawula kang diamanahi déning Allah supaya mimpin
rakyat, nganti wektu kukut umuré isih tumindak curang utawa ngapusi rakyaté,
yekti Allah bakal ngaramaké suwarga kanggo dhèwèké.” (HR Muttafaq ‗alaih).

Dhumateng panguwaos ingkang makaten niku, Kanjeng Nabi Muhammad


SAW. sampun ngémutaken makaten, “Yekti sapungkurku bakal ana pemimpin
pendusta lan zalim. Sapa waé kang nyedaki dhèwèké, banjur mbeneraké
kebohongané, utawa awèh pambiyantu kanggo kezalimané, kamangka dhèwèké
iku dudu pérangané golonganku lan aku uga dudu pérangané golongané, lan
dhèwèké ora bakal isa ngombé ing telagaku.” (HR Ahmad).

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ
‫ وؤكىٌ كى ِلي هرا‬،‫الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 78


18. MAPAG RAMADHAN KANTHI KETAQWAAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Boten karaos bilih namung kirang sawetawis dinten malih, kita badhé
pinanggih kaliyan Ramadhan. Insya Allah, pramila panyuwunan kita:
َ ‫ظ‬
َ‫ان‬ َ ‫َا ََّلل ُه َّم َبا ْن َل َىا في ََػ ْل َب‬
َ ‫ َو َب ّل ْغ َىا َز َم‬،‫ان‬
ِ ِ ‫ِز‬
Mugi-mugi Allah hamberkahi kita ing wulan Sya‟ban lan ndumugèkaken
kita ing wulan Ramadhan. Aamiin.

Kanjeng Nabi Muhammad SAW. nyebat Ramadhan minangka wulan


ingkang kebak kaberkahan (syahrun mubârakun).
َ ‫الل ُه َك َل ُْ ُى ْم ص َُا ُم ُه ف ُْه ُج ْف َخ ُح َا ْب َى‬
‫اب‬
ّ َ ََ ٌ َ َُ ٌ ْ َ َ َ ََ ُ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ
‫كد حاءهم ػهس زمظان ػهس مبازن هخب‬
ِ ِ ِ
َ َْ َ ٌَ َ َّ ‫الجح ُْم َو ُح َغ ُّل ف ُْه‬ َ ‫الج َىان َو ُح ْغ َل ُم َا ْب‬
‫اػ ْي ُن ِف ُْ ِه ل ُْلت خ ْي ٌر ِم ًْ ال ِف ػ ْه ٍس‬ ِ َُ ‫الؼ‬
ِ ِ ِ ِ
َ ‫اب‬ ُ ‫ى‬ ِ ِ
َ َ
‫خ ْي ُر َها ف َل ْد ُح ِس ََم‬ َ ‫َم ًْ ُح ِس َم‬
“Wis nekani marang sira kabèh Ramadhan,sasi kaberkahan. Allah wis
wajibaké sira kabeh shaum ing sajroning sasi iku. Ing sasi iku kori-koriné
suwarga di buka, kori-koriné neraka ditutup, lan sétan-sétan pada di krangkèng.
Ing sasi iku ana sawijining wengi yang luwih becik tinimbang sèwu sasi. Sing
sapa waé ora kaparingan kebajikan ing wengi itu, ateges diharamaké tumrap
dhèwèké sadhéngah wujud kebajikan”. (H.R. Ahmad, An-Nasa‘i, lan Al-Baihaqi,
saking Abu Hurairah).

Pramila rugi sanget, tiyang ingkang ngrèmèhaken wulan ingkang agung


niku wau, kadidéné sabdanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ingkang
mungelipun makaten:
ُ ‫ظ‬ ُ ْ َ َ َ َ َّ َ َ ّ َ ُ ْ َ َ ُ َ ْ ُ ْ ُ ُ َ ُ ْ َ َ َ
َ ‫ف َز ُحل َد َخ َل َك َل ُْه َز َم‬
‫ان‬ ِ ٍ ‫ز ِغم ؤهف زح ٍل ذ ِهسث ِكىده فلم ًص ِل كلى وز ِغم ؤه‬
َ ْ َ َ َ ْ ُ
‫ز َّم او َظل َخ ك ْب َل ؤ ْن ٌُغ َف َس ل َُه‬
“Rugi banget tumrap pawongan kang nalika asmaku disebut ing sandingé
ananging dhèwèké ora ngaturaké sholawat marang aku. Rugi banget tumrap
pawongan kang nemoni Ramadhan ananging rikala Ramadhan wis ninggalaké
dhèwèké dosa-dosané ora diampuni.” (HR Tirmidzi)

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 79


Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Pramila, wulan Ramadhan minangka kesempatan ingkang aji sanget,


ingkang tansah dipun tenggani duginipun déning tiyang-tiyang ingkang iman
dhumateng Allah SWT., lan kepéngén pikantuk ridhanipun. Sahingga kaum
Muslimin sampun satrepipun menawi parikedah nyambut tamu agung kasebat
kanthi sak saé-saénipun.
Imam Ibnu Rajab sampun nyebataken, “Mungguh kepiyé olèhé wong-wong
kang iman ora padha seneng kanthi binukané lawang-lawang suwarga?
Mungguh kepiyé olèhé ora seneng kanggoné wong-wong kang naté tumindak
dosa lan kepéngin mertobat lan bali marang Allah Ta‟ala awit karana ditutupé
lawang-lawangé neraka. Lan mungguh kepiyé olèhé wong kang duwé akal ora
padha seneng rikalané sétan-sétan padha dibelenggu?”

Awit saking menika, sampun ngantos ing kesempatan Ramadhan tahun niki
léwat kanthi sia-sia. Rengkuh kautaman Ramadhan, kanthi nampi matikel
tekukipun ganjaran amal shalèh ingkang saèstu. Mangga kasiapaken diri pribadi
sak saé-saénipun kanthi grancang jadwal kegiatanipun. Wiwit perkawis tadarus
al-Qur‘an, shalat sunnah, shadaqah, zakat, i‘tikaf, qiyamul lail, amar makruf nahi
mungkar lan aktivitas taqarrub sanès-sanèsipun.
Perlu kawuningan, bilih Allah SWT. ugi remen dhumateng para kawulanipun
ingkang purun taqarrub dhumateng Piyambakipun, langkung-langkung ing wulan
Ramadhan. Wonten satunggaling hadits Qudsi, Allah SWT. paring firman: “Lan
ora hambaKu kang taqarub marang Ingsun kanthi perkara kang luwih Ingsung
tresnani tinimbang kang wis Ingsun wajibaké tumrap dhèwèké, lan hambaKu
terus ngadani taqarrub marang Ingsun kanthi amal-amal nawafil sahingga Ingsun
nresnani dhèwèké …” (HR al-Bukhari, Ibnu Hibban lan al-Baihaqi).

Hadits niki paring kajelasan babagan taqarrub ingkang langkung dipun


remeni déning Allah SWT., inggih menika kanthi nglaksanaaken menapa ingkang
sampun dipun wajibaken lan njangkepi mawi amalan-amalan sunnah. Tentunipun
amal-amal fardhu kedah dipun lampahi langkung rumiyin utawi dipun
prioritasaken. Ibn Hajar al-‗Ashqalani mratélaken wonten ing kitab Fath al-Bârî,
sapèrangan ulama ageng ngendika bilih “Sapa waé sing ndisikaké amalan fardhu
tinimbang nafilah (amalan sunnah) pranyata dimaafaké, kosok baliné sapa sing
ndisikaké amalan nafilah tinimbang amal fardhu, pranyata dhèwèké wis
kapusan”.

Hikmah dipun wajibaken kita ngadani pasa inggih menika supados taqwa.
Syeikh Abu Bakar Jabir al-Jazairi wonten ing kitab Aysar at-Tafâsîr sampun
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 80
paring penjelasan babagan makna firman Allah SWT. ‖la‟allakum tattaqûn‖ ,
inggih menika kanthi pasa menika, Allah SWT. nyiapaken kita sedaya supados
taqwa, inggih menika ngéstokaken sedaya dhawuh lan nebihi larangan-larangan
Allah SWT. (Al-Jazairi, Aysar at-Tafâsîr, I/80).
Nindakaken dhawuh saking Allah SWT. lan nebihi laranganipun niku
katindakaken kanthi kesadaran jiwa lan akal. Pramila menika kalaksanaanipun
mbetahaken pangertosan babagan syar‘i, perkawis halal lan haram. Awit saking
menika, takwa ugi saged dipun maknani minangka kesadaran akal lan jiwa sarta
pengetahuan syar‘i. Tumrap wajibipun migunakaken batesan halal lan haram
minangka standar sedaya aktivitas, lajeng dipun laksanakaken ing tataran praktis
(‗amalî) wonten ing salebetipun panggesangan.
Pramila kedahipun sasampunipun Ramadhan, saged nglairaken tiyang-
tiyang ―énggal‖, keluarga-keluarga ―énggal‖, lan masyarakat ―énggal‖, ingkang
takwa dhumateng Allah SWT., ngamalkan ajaran Islam, nindakaken dawuhipun
saha nebihi awisanipun. Kasunyatanipun ketakwaan ingkang dipun dhawuhaken
déning Allah boten namung asifat pribadi. Menapa faédahipun ing tataran pribadi
saé, ananging gesang ing madyaning masyarakat ingkang ngingkari syariah
Allah SWT?
Tundanipun, mugi-mugi Ramadhan ing tahun menika saged dados
panjurung tumrapipun kaum Muslim kanggé wujudaken ketakwan hakiki, inggih
menika ngetrapaken syariah Islam kanthi kaffah wonten ing salebeting sedaya
aspèk panggesangan; individu, keluarga, masyarakat, lan negara. Ngaten
menika wujud keimanan dan ketakwaan ingkang sejati.
َ َ َ َ َّ َ ّ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
ً‫ض َول ِـى‬ْ‫ْلاز‬ ٍ ‫ولى ؤن ؤهل اللسي آمىىا واجلىا لفخحىا كلي ِهم بسو‬
ِ ‫اث ِمً الظم ِاء و‬
ْ َ ََ ْ َ
‫ه َّر ُبىا فإ َخ ْر َه ُاهم ِب َما و ُاهىا ًَ ْى ِظ ُبى َ َن‬
“Lan saumpama ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan
utusané Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha ingsun paringi berkah
saka langit lan saka bumi, nanging dhèwèké padha nggorohaké awit saka iku
Ingsun banjur nurunaké siksa marga saka tumindaké dhéwé”. (QS. Al-A‘raf: 96)

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 81


Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ْ َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت َو ِذه ِس‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ ُ َ ُ ‫ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌُ ك ْى ِلي َهرا‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبه َه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 82


19. NGGEMPIL KAUTAMANIPUN RAMADHAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Syukur , Alhamdulillah, kita taksih dipun panggihaken kaliyan wulan ingkang


minulya, wulan ingkang kebak rahmat lan pengampunan, inggih menika wulan
Ramadhan.
Saking mimbar mriki, wonten atur pamrayogi dhumateng kula panjenengan
sedaya, sumangga sami lelomban gegancangan ningkataken ketakwaan kita
dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Karana awit saking babagan ketakwaan
menika, kita badhé dipun memulya déning Allah SWT. wiwit wonten ing donya
lan ing akhirat. Sarta, ketakwaan menika ugi minangka hikmah anggèn kita
sedaya kadhawuhan nindakaken siyam ing wulan ramadhan.
Yektos éman sanget wekdal ramadhan menika menawi boten kita
gatosaken kanthi saèstu. Kanjeng Nabi Muhammad SAW naté paring dhawuh
ingkang mungelipun makaten:
ُ‫ان ُز َّم ْاو َظ َل َخ َك ْب َل َؤ ْن ٌُ ْغ َف َس َل َه‬
ُ ‫ظ‬ ُ َْ َ َ َ
َ ‫ف َز ُحل َد َخ َل َك َل ُْه َز َم‬ ‫وز ِغم ؤه‬
ِ ٍ
Yekti bakal rugi pawongan kang nemoni ramadhan, ananging nalika
ramadhan wis kliwat, dosa-dosané awaké durung éntuk pengampunan . (HR at-
Tirmidzi, Ahmad, Ibnu Khuzaimah dan al-Hakim).

Pangampunan saking Allah SWT boten badhé dumugi kanthi lagaran


kémawon. Nanging kedah dipun leluri kanthi perjuangan ingkang saèstu.
Pramila kita kedah nglampahi siyam kanthi sak saé-saénipun, mangertosi
pranatan fiqihipun amrih saged hanjagi saking sedaya awisan pepacuhipun.
Rasulullah SAW. paring dhawuh :
َ َ َ َ ْ َ َ َّ َ َّ َ َ َ ُ َ ْ ُ ُ َ َ َ َ َ َ َ َ َ َ ْ َ
‫ان ًَي َب ِغي ل ُه ؤ ْن ًَ َخ َح َّفف ِف ُِه ه َّف َس‬‫مً صام زمظان وكسف حدوده وجحفف ِمما و‬
َ َ َ َ َ
‫ان ك ْبل َُه‬‫ما و‬
Sing sapa waé nglakoni siyam ramadhan, mangertèni sakalir ketentuan-
ketentuané, lan isa njaga marang barang kang kudu disingkiri sak suwéné
ramadhan, yekti arep diresiki dosa-dosané kang wus kelakon. (HR Ahmad).

Sedaya tiyang ingkang ngersakaken pikantuk kautamanipun Ramadhan


mesti boten badhé nyia-nyiakaken kesempatan emas menika, nun inggih
budidaya amrih saged pikantuk kaluhuranipun Lailatul Qadar. Rasul SAW paring
sabda:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 83


َ َ َْ َ ٌَ َ ُ َ َ ْ َ َ ْ َّ َ َ َّ
‫ظ َسه ْم َو ِف ُِه ل ُْلت خ ْي ٌر ِم ًْ ؤل ِف ػ ْه ٍس َم ًْ ُح ِس َم َها ف َل ْد ُح ِس َم‬ ‫ِبن هرا الؼهس كد ح‬
َّ َ َ َّ ُ َ ْ
‫الخ ْي َر ول ُه َوال ًُ ْح َس ُم خ ْي َر َها ِبال َم ْح ُسو ٌَم‬
Satemené sasi (Ramadhan) iku wis nekani marang sira kabèh. Ing
sajroning sasi iku ana sawijining wengi kang kamulyané ngungkuli katimbang
sèwu sasi. Sing sapa waé ora isa nemoni (kabecikané), yekti dhèwèké ora bakal
éntuk kabecikan sakabèhé. Ora ana pepalang mungguhing kabecikané Lailatul
Qadar kajaba wong kang ala nasibé. (HR Ibnu Majah).

Kanthi ngregengaken malem Lailatul Qadar —kadidéné ngadani sholat


dalu/ tarawih, tadarus qur‘an—insya allah badhé saget manggihaken
kautamanipun Lailatul Qadar, menapa déné ampunan saking Allah SWT.
Rasulullah SAW. paring sabda makaten:
ْ ََ َ َ َْ َ َ ُ
‫اح ِد َظ ًابا غ ِف َس ل ُه َما ج َل َّد َم ِم ًْ ذه ِب ِه َو َم ًْ ك َام ل ُْلت ال َل ْد ِز‬
ْ ‫ان ب ًْ َم ًاها َو‬
ِ
َ ‫ظ‬
َ ‫ص َام َز َم‬
َ ًْ ‫َم‬
ْ َ ْ َ َّ َ َ َ ُ َ َ ُ ً َ ْ َ ً َ ْ
‫ِبًماها واح ِدظابا غ ِفس له ما جلدم ِمً ذه ِب ِ َه‬
Sing sapa waé gelem nglakoni siyam Ramadhan karana iman lan saderma
ngrantu ridhané Allah, yekti bakal dingapura dosa-dosané kang wis kelakon.
Sing sapa waé gelem ngregengaké Lailatul Qadar karana iman lan saderma
ngrantu ridhané Allah, yekti bakal dingapura dosa-dosané kang wis kelakon.
(HR. Muslim, Abu Dawud, Tirmidzi dan Ahmad).

Perlu kawuningan bilih supados saged pikantuk kautamanipun Ramadhan


niku wonten syarat sarananipun, inggih menika ninggalaken sedaya perkawis
ingkang haram lan mubadzir; maliginipun kedah nyingkrihi perkawis-perkawis
ingkang saged batalaken siyam sarta saged ngguguraken ganjaranipun siyam.
Kanjeng Rasul Muhammad SAW. sampun paring pènget makaten:
ٌ‫ص ِائم‬ َ ‫ َوبن ْام ُس ٌئ َك َاج َل ُه َؤ ْو َػ َاج َم ُه َف ْل َُ ُل ْل إ ّنى‬.‫الص َُ ُام ُح َّى ٌت َف ََل ًَ ْس ُف ْث َو َال ًَ ْج َه ْل‬
ّ
ِِ ِ ِ ِ
َ َ َّ َ ْ ْ َ َ ُ ُ َ
َّ ‫ َوال ِري هفس ى ب َُ ِدَه لخلىف فم‬.ْ‫َم َّرَتين‬
ُ ْ َ َّ ْ
‫الص ِائ ِم ؤػ َُ ُب ِكىد الل ِه ح َلالى ِم ًْ ِز ٍِح‬ ِ ِ
َْ َ َ َ ُ َ ّ َْ ْ ُ ِ َ َ ْ َ َ ُ َ َ َ َ ِ ُ َ َ َ ُ ُ ْ َ ِ ْ ْ
‫الصُام ِلى وؤها ؤح ِصي ِب ِه‬ ِ .‫ ًترن ػلامه وػسابه وػهىجه ِمً ؤح ِلى‬،ًِ ‫ِاْلظ‬
َ‫َو ْال َح َظ َى ُت ب َل ْؼس َؤ ْم َث ِالها‬
ِ ِ
Pasa iku tamèng utawa perisai. Awit saka iku aja nganti padha ngucap
tetembungan kang keji lan jahil. Yén ana pawongan kang ngajak padudon utawa
misuh, ngucapna,” satemené aku lagi pasa,” nganti kaping pindo. Demi jiwaku
kang mapan ing regemaNé, ganda ababé wong kang lagi pasa, mungguhing
Allah luwih arum tinimbang ganda wanginé kesturi; dhèwèké ngedohi mangan,
ngombé lan syahwaté karana Aku. Pasa itu kagungan-Ku. Aku dhéwé kang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 84


bakal awèh piwales. Piwales kabecikan (sasuwéné wulan pasa) bakal ditikeli
kaping sepuluh. (HR al-Bukhari).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Ingkang langkung penting malih, sumangga kita maksimalaken anggènipun


sami ngamal shalèh. Amargi Allah sampun ngedalaken prajanjén bilih badhé
paring ganjaran piwales ingkang matikel tekuk. Mangga dipun kathah-
kathanaken anggènipun sami tadarus al-Quran; shalat sunnah; bayar zakat lan
ningkataken peparing sedekah; iktikaf, qiyamul lail, amar makruf nahi mungkar;
lan amal-amal taqarrub sanèsipun.
Èwa semanten, amal shalèh ingkang paling baken lan utami menggahipun
Allah SWT. Inggih menika nindakaken samukawis ingkang sampun dipun
wajibaken. Wonten ing satunggaling hadis Qudsi, Allah SWT. sampun paring
firman:
َّ ‫اٌ َك ْبدي ًَ َخ َل َّس ُب ب َل َّي ب‬
َ‫الى َى ِاف ِل‬ ُ ‫ص‬ ْ ‫َما َج َل َّس َب ب َل َّي َك ْبدي بم ْثل َما ْاف َت َر‬
َ ًَ ‫ َو َما‬،‫ط ُذ َك َل ُْه‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِِ ِ ِ ُ
‫َح َّتى ؤ ِح َّب َُه‬
“Lan ora hambaKu kang taqarub marang Ingsun kanthi perkara kang luwih
Ingsung tresnani tinimbang kang wis Ingsun wajibaké tumrap dhèwèké, lan
hambaKu terus ngadani taqarrub marang Ingsun kanthi amal-amal nawafil
sahingga Ingsun nresnani dhèwèké.” (HR al-Bukhari, Ibnu Hibban dan al-
Baihaqi).

Awit saking menika, amal-amal fardhu tentu kedah dipun prioritasaken,


sadèrèngipun amal-amal sunnah. . Ibn Hajar al-‗Ashqalani mratélaken wonten ing
kitab Fath al-Bârî, sapèrangan ulama ageng ngendika bilih “Sapa waé sing
ndisikaké amalan fardhu tinimbang nafilah (amalan sunnah) pranyata dimaafaké,
kosok baliné sapa sing ndisikaké amalan nafilah tinimbang amal fardhu, pranyata
dhèwèké wis kapusan”.
Insyaallah kanthi sedaya margi lan lampah makaten kita badhé saged
mendet lan pikantuk hikmahipun pasa, inggih menika takwa. Takwa ingkang
badhé ketingal lan mawujud wonten ing tataran pribadi, masyarakat, lan negari.
Kanthi takwa ingkang makaten menika, Allah badhé kersa nurunaken lan buka
kaberkahan saking langit lan bumi.
Mugi-mugi Allah maringi pangapunten dhumateng sakathahing dosa-dosa
kita, ningkataken derajat kita, lan handadosaken dhumateng kita sedaya
mingangka hamba-hamba ingkang sukses, pikantuk kautamanipun Ramadhan.
Aamiin.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 85


Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 86


20. GESANG MINULYA SESARENGAN AL-QURAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Tan karaos kita sampun nglampahi angsal saprotigan wulan ramadhan.


Pitakénanipun, menapa ketaqwaan kita sampun tambah? Menapa raos ajrih
dhumateng Allah SWT sampun ningkat? Menapa tetangsulan kita dhumateng
aturan Allah sampun sansaya kiyat? Menawi dèrèng, kanggé napaki sisanipun
ramadhan menika mangga sami hanggelak diri kita murih kasil dados muttaqin
sejati. Kita tingkataken ketakwaan kanthi maksimal sahingga kasil napaki wulan
ramadhan niki lan bebasan saged mbrojol kadidéné jabang bayi ingkang nembé
lair.
Ramadhan minangka Syahr al-Qur‘an, wulan dipun tumurunaken al-Quran,
jumbuh kaliyan firmanipun Allah SWT. ing Quran, serat al-Baqarah [2]: 185).:
ْ
‫اث ِم ًَ ال ُه َدي‬‫ى‬َ ِّ ‫ان َّالري ُؤ ْهص ٌَ فُه ْال ُل ْس ُآن ُه ًدي ل َّلىاض َو َب‬
َ ‫ظ‬ َ ‫َػ ْه ُس َ َم‬
ٍ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ‫ز‬
َ ْ
....َ‫َوال ُف ْسك ِان‬
Sasi ramadhan iku sasi tumuruning al Qur‟an, minangka dadi pituduh
marang para manungsa lan dadi tandha yekti saka pituduh lan mbédakaké
(barang kang bener saka kang batal).... (TQS al-Baqarah [2]: 185).

Allah SWT. ugi handadosaken wengi tumurunipun al-Quran minangka


wengi ingkang kebak kaberkahan. Allah SWT. paring firman makaten:
َ ‫ب َّها َؤ ْه َ ْصل َى ُاه في َل ُْ َلت ُم َب َاز َهت ب َّها ُه َّىا ُم ْىرز‬
ًٍَ ِِ ِ ٍ ٍ ِ ِ
Ingsun nurunaké kitab al Qur‟an mau ana ing wengi kang berkah. Ingsun
ngélingaké manungsa kalawan al Qur‟an. (TQS ad-Dukhan [44]: 3).

َ َ ‫) َو َما َؤ ْد‬1( ‫ب َّها َؤ ْه َ ْصل َى ُاه في َل ُْ َلت ْال َل ْدز‬


ًْ‫) َل َُْ َل ُت ْال َل ْدز َخ ْي ٌر م‬2( ‫ان َما َل ُْ َل ُت ْال َل ْدز‬
ِ ِ ِ ‫ز‬ ِ ِ ِ ِ
َْ َْ
‫ف ػه ٍَس‬ ِ ‫ؤل‬
Sayekti Ingsun wis nurunaké Al Qur‟an ana wengi kang mulya. Sapa kang
meruhaké sira wengi kang mulya iku apa? Wengi lang mulya iku luwih becik
tinimbang 1000 sasi. QS al-Qadr [97]: 1-3).

Awit sakaing menika, kita minangka kaum Muslim kasuwun supados remen
maos al-Quran wonten ing wulan menika. Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
sampun paring sabda:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 87


َ َ ْ ُ ْ ٌ َ َ َّ َ ‫َم ًْ َك َ َسؤ َح ْس ًفا م ًْ ه‬
‫اب الل ِه فل ُه ِب ِه َح َظ َىت َوال َح َظ َىت ِب َلؼ ِس ؤ ْمث ِال َها‬‫خ‬
ِ ِ ِ
Sapa sing maca siji huruf waé saka Kitabullah, kanggo dhèwèké entuk siji
kabecikan, saka siji kabecikan iku ditikel tekuk kaping sepuluh.(HR at-Tirmidzi).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Pitakénanipun, menapa al-Quran namung cukup dipun waos utawi dipun


apalaken? Menapa menawi kita maos makaping-kaping ngantos saged
hangapalaken, otomatis kita saged pikantuk pitedahipun? Tentu kemawon
mboten, lan dèrèng.
Kita kedah mangertosi isinipun kanthi gamblang. Sejatosipun al-Quran
menika minangka margi panggesangan. Ing salebetipun momot pitedah babagan
keimanan kadidéné sifat lan zat Allah, kisah umat-umat jaman kina, malaikat, jin,
iblis, dinten akhir, surga lan neraka, lan sapanunggalanipun. Sedaya wau
minangka dados pitedah murih umat manungsa boten keplèsèt dhawah
dhumateng khurafat, tahayul, syirik lan kekufuran (kamot ing QS ash-Shaffat [37]:
149-151).
Al-Quran ugi momot pitedah samukawis pranatan utawi hukum kanggé
sedaya umat manungsa, karana manungsa hambetahaken aturan ingkang saget
mranata panggesanganipun. Ing salebeting al-Quran ugi ngemot hukum ibadah,
akhlak, sosial, ékonomi lan bisnis, pidana, politik lan pamarintahan. Al-Quran,
misalipun, ugi hangrembag perkawis kaharaman ekonomi ribawi (kamot ing, QS
al-Baqarah [2]: 278). Al-Quran ugi ngrembag babagan aturan utawi hukum
pidana kanggé paraga perampokan lan kekerasan (QS al-Maidah [5]: 33). Al-
Quran ugi sampun netepaken hukum-hukum politik lan pamarintahan (QS al-
Maidah [5]: 48).
Kanthi makaten, al-Quran minagka kitab suci ingkang jangkep lan èstu
sampun paripurna. Tan wonten setunggal mawon ingkang luput saking
pangrembaganipun. Allah SWT. paring firman:
َ ‫و َه َّ ْصل َىا َك َل ُْ ًَ ْالى َخ‬.ََ ‫ل ْل ُم ْظلم َين‬
‫اب ِج ْب َُ ًاها ِل ُي ِ ّل َش ْي ٍء َو ُه ًدي َو َز ْح َم ًت َو ُب ْؼ َسي‬ ِ ِِ ِ
....Ingsun wis anurunaké kitab Qu‟ran marang sira, nerangaké kabèh
tumindaké saréngat (pranatan) iku minangka pitedah lan rahmatingsun, apa
déné gawé bungah marang kabèh wong Islam. (TQS an-Nahl [16]: 89).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Sadangunipun 14 abad ingkang sampun kapengker, kaum Muslim gesang


sesarengan al-Quran. Piyambakipun handadosaken al-Quran minangka

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 88


sesuluhipun panggesangan. Hasilipun, kaum Muslim pikantuk kejayaan. Islam
dipun biwarakaken waradin ngantos mèh kupeng kalihprotigan donya. Kaum
Muslim ugi saget dados pemimpin dunia awit berkah anggènipun tunduk
dhumateng al-Quran. Keadilan ugi saged kasil dados kasunyatan.
Ngantos para intelèktual Barat sami ngakèni. Salah satunggalipun inggih
menika W.E. Hocking. Piyambakipun mratélakaken, “kula rumaos leres kaliyan
panegesan kula, bilih al-Quran kathah ngemot prinsip ingkang dipun
betahaken...èstu saget dipun pratélakaken bilih ngantos satengahipun Abad 13,
Islam mbeta sedaya ingkang thukul ngrembaka lan saged dipun bombongaken
kaliyan dunia Barat.” (The Spirit of World Politics, 1932, hlm. 461).

Wonten ing kawontenan krisis multidimensi menika, sampun wekdalipun


kita wangsul dhumateng al-Quran. Sami purun ngaos al-Quran, dipun pahami
isinipun, lan dipun tindakaken sedaya aturanipun wonten salebetipun sedaya
pérangan lan perkawis panggesangan. Insyaallah, lumampahipun al-Quran
badhé mbekta kejayaan. lan umat Islam badhé wangsul dados umat paling saé
ing salumahing bumi niki. Awit Allah SWT sampun paring pitungkas:
ُ‫ض َك ًْ ذ ْهسي َفة َّن َله‬
َ َ ْ َ ْ ََ َ ‫اي َف ََل ًَظ ُّل َو َال ٌَ ْؼ‬َ ‫َف َمً َّاج َب َم ُه َد‬
ِ ِ ِ ‫س‬ ‫ك‬ ‫ؤ‬ ً ‫م‬‫و‬ ) 123 ( ‫ى‬ ‫ل‬ ِ ِ
ْ َ ْ ُ ُ َ ً ْ َ ً َ
)124( ‫َم ِلِؼت طىيا َوه ْحؼ ُسه ًَ ْى َم ال ِل َُ َام ِت ؤك َمى‬
...Sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dhèwèké ora bakal kesasar lan
cilaka.Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab Qur‟an) yekti
dhèwèké bakal nduwèni panguripan kang rupeg. Ing bésuk dina qiyamat, wong
mau Ingsun kumpulaké, nanging mripaté wuta. (TQS Thaha [20]: 123-124).

Sampun terang sanget, namung aturan al-Quran kemawon ingkang saged


dados solusi (margi pepajar) tumrapipun umat manungsa ing wekdal menika.
Hangluwaraken saking sedaya karupekan, tumuju dhumateng cahaya kemuliaan
Islam.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 89


Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ُ َ ُ ‫َوذ ْهس ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌُ ك ْىَِلي‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 90


21. NGLELURI KAUTAMANIPUN LAILATUL QADAR

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Wonten ing wulan ingkang minulya menika, sepindah malih kula aturaken,
sumangga tansah kita tingkataken taqwa kita. Awit ing wekdal menika nembé
banjir ganjaran minangka piwales kanggé sedaya amal pangibadahan kita. Kita
boten mangertos menapa wulan ingkang minulya kados makaten niki saged kita
panggihi malih ing wekdal salajengipun. Pramila sumangga kita peper hawa
nafsu diri kita wonten ngarsanipun ilahi rabbi, kanggé taat dhumateng
Panjenenganipun ngantos puputing umur kita sedaya.
Tan karaos, kita sampun ngancik wonten wekdal kalih protigan ramadhan.
Ateges sekedap malih kita mlebet ing pérangan saprotigan ingkang pungkasan.
Miterat riwayat ingkang paling kiyat, nuju ing wekdal saprotigan pungkasaning
ramadhan badhé jumedul malem Lailatul Qadar. Satunggalipun wekdal malem
minulya, ingkang kamulyanipun langkung saé katimbang sèwu wulan utawi 83
tahun, 3 wulan.
Allah SWT sampun paring katerangan kacetha ing al Qur‘an ingkang
mungelipun :
ْ َ َْ ْ ٌَْ ْ َ ْ ُ ََْ ْ َ ْ ُ ََْ َ َ َ ْ َ َ َ
‫ف ػه ٍَس‬ِ ‫وما ؤدزان ما لُلت اللد ِز () لُلت اللد ِز خير ِمً ؤل‬
Sapa kang meruhaké sira, wengi kang mulya iku apa? Wengi kang mulya
iku luwih becik tinimbang 1000 sasi. (TQS al-Qadar [97]: 2-3).

Miterat Mujahid, kawontenan ngaten menika ngandut pangertosan bilih


menawi kita saged hangregengaken ing wekdal Lailatul Qadar lan nindakaken
amalan wonten salebetipun, ganjaranipun langkung saé katimbang
hangregengaken 1000 wulan ing wekdal sanèsipun.
Rasulullah SAW paring gegambaran kamulyanipun malem menika kados
makaten:
َْ َ َ ُ ْ ‫َو َم ًْ َك َام َل ُْ َلت ْال َل ْدز ب ًْ َم ًاها َو‬
َ‫اح ِد َظ ًابا غ ِف َس ل ُه َما ج َل َّد َم ِم ًْ ذه ِب ِه‬ ِِ
Sak sapa kang ngregengaké malem Lailatul Qadar kanthi kebak ing
keimanan lan ngarepaké marang Allah, yekti bakal diapura dosa-dosané kang
wis kapungkur. (HR al-Bukhari dan Muslim).

Sanget ageng keutamanipun piwales hangregengaken malem Lailatul


Qadar, Imam Syafii paring panyaruwé, “Sak sapa kang ninggalaké shalat sunnah
ing malem Lailatul Qadar, kamangka dhèwèké „kudu‟ awèh ganti kanthi
nindakaké shalat padha sasuwéné 1000 sasi, minangka qiyas mungguh

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 91


kautaman malem kasebut.” (Muhammad Uwaidhah, Fashl al-Khithâb fi az-Zuhd
wa ar-Raq‘iq wa al-Adab, 1/1007).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Kapan malem ingkang makaten niku dhateng? Allah SWT. sengaja


nyingitaken mapan dunungipun. Ananging ampun kuwatos, awit baginda Nabi
Muhammad SAW. sampun maringi pitedahipun . Pangandikanipun kanjeng
Nabi:
َ ْ ْ َْ َ ْ ْ ْ ََ َ َ
َ ‫ج َح ُّس ْوا ل ُْلت ال َل ْد ِز ِفي ال ِىج ِس ِمً اللؼ ِس ْلاو ِاخ ِس ِمً زمظ‬
َ‫ان‬ َ َ َ ْ َ
Padha upadinen malem Lailatul Qadar ing wengi-wengi kang ganjil, ing
sepuluh malem pungkasaning Ramadhan (HR al-Bukhari dan Muslim).

Pitakènanipun: kénging menapa Allah SWT. nyengaja nyingitaken mapan


dunungipun Lailatul Qadar? Miterat Imam an-Nasafi, “Allah SWT nyingitaké
mapan dunungé Lailatul Qadar supayah kaum Muslim tansah sengkut anggoné
ngibadah ing saben malem Ramadhan.”
Kita pantes hanuladha dhumateng para salafush-shalih rikalanipun sami
ngregengaken malem-malem niku. Piyambakipun sami lelomban ngibadhah
wonten malem menika, sanajan sejatosipun inggih sami sengkut ngibadhah ing
malem-malem sanèsipun.
Sumangga dipun emut, bilih kautaman ingkang kaparingaken dhumateng
kaum Muslimin boten namung Lailatul Qadar kemawon. Taksih kathah
kautaman sanèsipun ingkang kaparingaken déning Allah SWT. dhumateng para
kawulanipun. Salah satunggalipun malah langkung minulya katimbang
ngregengaken malem Lailatul Qadar. Rasulullah SAW. paring sabda wonten
salah satunggaling hadis sahih:
َْ ْ َ َ ْ َ ْ ْ َ ْ ََْ َ ْ ٌَْ
َ‫ْلا ْطى َد‬ ْ َ ‫اك ًت في‬ ُ َْ
َ ‫ف َط‬
ِ ‫س‬‫ج‬ ‫ح‬ ‫ال‬ ‫د‬ ‫ى‬‫ك‬ ‫ز‬
ِ ِ ‫د‬ ‫ل‬ ‫ال‬ ‫ت‬‫ل‬ ُ‫ل‬ ‫ام‬
ِ ِ ِ ِ ُ‫ك‬ ً‫م‬ ‫ر‬‫ي‬‫خ‬ ‫هللا‬ ‫ل‬ ُ
ِ ِ ِ ِ ‫ب‬ ‫ط‬ ‫مى ِك‬
Ngreksa kaslametan sadangunipun setunggal jam wonten ing medan jihad
fi sabilillah menika langkung saé katimbang ngregengaken malem Lailatul Qadar
ing sacelakipun Hajar Aswad (HR Ibn Hibban dan al-Baihaqi).

Ing sabda sanèsipun, kanajeng Nabi ngendika:


َ َ َّ َ َ ْ‫ض في َؤز‬ َ ‫َؤ َّال ُؤ َه ّب ُئ ُى ْم َل ُْ َل ًت َؤ ْف‬
ٌ ‫ظل ِم ًْ َل ُْ َل ِت ْال َل ْدز َحاز‬
‫ض خ ْى ٍف ل َلل ُه ؤ ْن ال‬
ِ ِ
َ ‫ض َح َس‬
ِ ِ
ْ َ َ َِ ْ َ
‫ًس ِحم ِبلى ؤه ِل َِه‬
Sapa sing ora gelem tak paringi ngerti sawijiné wengi kang luwih utama
tinimbang Lailatul Qadar? (Yaiku) pawongan kang ngeronda (berjaga-jaga)

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 92


ngreksa kaslametan ing panggonan kang medèni (médan jihad, red.) sing iso
waé dhèwèké ora bakal bali manèh marang keluwargané (karana mati minangka
syahid, red.) (HR al-Hakim).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Émanipun, ing dinten samangké kathah kaum Muslim ingkang


ngregengaken malem Lailatul Qadar, ananging boten kathah Muslim ingkang
remen dhumateng kautamanipun jihad fi sabilillah. Kasunyatanipun jihad
minangka amalan baken ingkang dipun sebat langkung rumiyin déning
Rasulullah SAW sadèrèngipun haji mabrur.
Nabi Muhammad SAW. naté dipun tangleti, ―Amalan menapa ingkang
paling utami?‖ Panjeneganipun paring pawangsulan, ―Iman tumuju marang Allah
lan Rasul-é?‖ Panjenenganipun dipun tangleti malih, ―Lajeng menapa?‖
Panjeneganipun paring pawangsulan, ―Jihad fi sabilillah?‖ Panjenenganipun
dipun tangleti malih, ―Lajeng menapa malih?‖ Panjenenganipun paring
pawangsulan, ―Haji mabrur.‖ (HR al-Bukhari dan Muslim).
Pramila boten anèh menawi kasebat ing kathah riwayat hadist, para
sahabat sanget anggènipun sengkut gumregut menawai wonten panggilan jihad
saking Rasulullah SAW. menapa malih ing wulan Ramadhan.
Pancènipun kita boten mapan ing médan paperangan. Kita cumandhok ing
wekdal lan papan ingkang damai. Awit saking menika, sak sintena kémawon
ingkang nindakaken aksi kekerasan—utawi sinebat terorisme—ing negeri
menika, boten saged sinebat minangka jihad.
Lajeng menapa taksih wonten médan jihad mungguhipun kita? Rasulullah
SAW. sampun paring sesuluh dhumateng kita satunggalipun perkawis: dakwah
lan amar makruf nahi mungkar, khususipun dhumateng penguasa zalim.
Makaten niku amalan ingkang ganjaranipun satraju kaliyan jihad. Jumbuh kaliyan
pangandikanipun kanjeng NabiMuhammad SAW.:
َ ْ ُ َ ْ َ ْ َ َّ َ َ
‫ظ َل ال ِج َه ِاد و ِل َمت َح ٍ ّم ِك ْى َد ُطلؼ ٍان َح ِائس‬‫ؤال ِبن ؤف‬
Dèn éling, satemené jihad kang paling utama yaiku ngaturaké omongan
kang bener ing sangarepé penguasa kang zalim (HR Ahmad, Abu Dawud dan
Ibnu Majah).

Wonten ing riwayat sanèsipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. paring


sabda: Tetungguling para syuhada yaiku Hamzah bin Abdul Muthallib sarta
pawongan kang ngadeg jejeg ing sangarepé penguasa zalim; dhèwèké atur
pamawas lan larangan marang penguwasa zalim kasebut, banjur penguwasa
zalim iku merjaya dhèwèké. (HR al-Hakim lan ath-Thabarani).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 93


Awit saking menika, sumangga kita rengkuh kautamaan Lailatul Qadar ing
salebetipun seprotigan malem akhir Ramadhan. Sarta ampun dipun lirwa aken
ngobaraken semangat dakwah lan amar makruf nahi mungkar, khususipun
dhumateng para panguasa zalim, supados para pemimpin kala wau sami purun
ngendegaken kezalimanipun sarta wangsul malih dhumateng Islam.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كى ِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 94


22. NGUNDUH HASILIPUN RAMADHAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Tan karaos kita sampun ngancik ing wekdal pungkasanipun Ramadhan.


Wulan ingkang minulya sampun badhé ninggalaken kita sedaya. Kita boten
mangertos, menapa saged pinanggih malih kaliyan wulan Ramadhan ing warsa
candakipun. Kalajenganipun, menapa kita sampun saged mendhet manfaat ing
wekda Ramadhan menika kanthi maksimal? Menapa ketaqwaan kita sampun
nambah awit saking anggèn kita nglampahi siyam Ramadhan ing wekdal
samenika? Awit wohipun wulan Ramadhan boten sanès namung ketaqwaan.
Jumbuh kaliyann firmanipun Allah SWT:
ْ‫ًً م ًْ َك ْب ِل ُى ْم َل َل َّل ُىم‬ َ ‫﴿ً َاؤ ُّي َها َّالر‬
ّ ‫ًً َآم ُىىا ُهخ َب َك َل ُْ ُى ُم‬
َ ‫الص َُ ُام َه َما ُهخ َب َك َلى َّالر‬ َ
ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ َ
﴾‫ج َّخ ُلىن‬
Hei wong kang padha mukmin, sira kabèh diwajibaké puasa, kaya para
umat sadurungira. Supaya sira kabèh padha taqwa marang Allah. (QS al-
Baqarah [2]: 183).

Kedahipun, sasampunipun dipun gemblèng sadangunipun kirang langkung


satunggal wulan, kita sampun saged dados kawulanipun Allah SWT ingkang
langkung taqwa. Umar bin Abdul Aziz rahimahulLâh, kados ingkang dipun petik
déning Imam as-Suyuthi kaserat ing kitab Ad-Durr al-Mantsûr, naté ngendika:
َ َ ْ َّ ّ َ َ َ َْ َ َْ
ًْ ‫ َول ِى‬،ًَ ‫والخخ ِل ُْ ِؽ ِف ُْ َما َب ْي َن ذ ِل‬ َّ ‫الله بص َُام‬
‫الن َه ِاز َوال ِب ِل َُ ِام الل ُْ ِل‬ ِ ِ ِ ِ ‫لِع جلىي‬
َّ َ َ َ ْ َ ُ َ َ َ ُ َّ َ َّ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ
ُ‫الل َه‬ ‫جلىي الل ِه جسن ما حسم الله وؤداء ما افترض‬
Taqwa marang Allah iku ora ngemungaké pasa ing wektu awan, sholat ing
wayah benginé, utawa nindakaké sakaroné. Ananging taqwa marang Allah iku
ninggalaké samubarang kang wis diharamaké Allah lan nindakaké marang apa
waé kang wis diwajibaké déning Allah.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Perlu sanget tumrap kita mangertosi menggah menapa hakékatipun taqwa


menika. Imam Ali ra sampun paring katerangan ngèngingi hakikat taqwa menika
lan prasyaratipun. Taqwa menika:

‫الخىف مً الجلُل واللمل بالخنزًل ولْاطخلداد لُىم السحُل‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 95


Ajrih dhumateng Rabb Ingkang Maha Agung. Nindakaken menapa ingkang
sampun dipun tedakaken déning Allah. Sumadya ing diri ngadepi dinten Kiamat.”

Pramila pratanda menggahipun tiyang taqwa menika:

Sepindah, piyambakipun namung ajrih dhumateng Allah. Piyambakipun yakin


bilih Allah Maha Nguningani, Allah Maha Mangertos lan Maha ing
samukawisipun. Piyambakipun yakin dhumateng perkawis ingkang ghaib,
ingkang dipun kabaraken déning Allah lantaran Rasulipun: wontenipun malaikat
ingkang tansah ngawasi sadangunipun 24 jam tanpo kèndel, ngrekam sedaya
kegiatan manungsa tanpa cicir lan katalompèn.

Kaping kalih, tiyang ingkang taqwa menika amalu bi tanzil, inggih menika
nglampahi utawi nindakaken ketaatan dhumateng Allah, ing kawontenan ikhlas
utawi longgar ing manah, menapa déné awrat utawi rupeg ing manah.
ًْ‫الل ُه َو َز ُط ُىل ُه َؤ ْم ًسا َؤ ْن ًَ ُيى َن َل ُه ُم ْالخ َي َر ُة م‬
َّ
‫ى‬ َ ‫ان ْلُ ْامً َوَال ُم ْام َىت ب َذا َك‬
‫ض‬ َ ‫َو َما َو‬
ِ ِ ِ ٍ ِ ٍِ ِ
ً‫طَلال ُمبِىا‬ً َ َ ‫ط َّل‬ َ ‫َؤ ْمسه ْم ۗ َو َم ًْ ٌَ ْلص الله ََو َز ُطىله فلد‬
ْ َ َ ُ َ َ َّ
ِ ِ ِِ
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokaké déning Allah lan
Utusané kudu ngelakoni sawijining perkara ora kena milih sakarepé dhéwé, sing
sapa wongé bangkang paréntahing Allah lan Utusané, tetela wong mahu sasar
satemené. (QS Al Ahzab, 33: 36)

Nalikanipun Allah nimbali supados sami nindakaken shalat, piyambakipun


sami gegancangan nindakaken shalat, awit piyambakipun sami nglenggana bilih
menika minangka dhawuhipun Allah. Rikalanipun Allah paring dhawuh supados
bayar zakat, piyambakipun sami nglunasi zakat kala wau. Nalika Allah dhawuh
supados ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih, piyambakipun sami
nindakaken kanthi gumbira ing manah, sami damel bombong raos manahipun
tiyang sepahipun. Lan nuju wekdal Allah paring dhawuh supados ngetrapaken
syariahipun, piyambakipun sami mapan ing barisan paling ngajeng, saperlu
nindakaken dakwah lan merjuangaken Islam.
Kosok wangsulipun, nalika Allah ngawisi riba, piyambakipun boten wantun
mendhet sanajan namung sakedik. Nalika Allah ngawisi mendhet bandanipun
asanès, piyambakipun tan wantun korupsi, ngirangi timbangan, nyolong jupuk,
lan ngapusi. Rikala Allah nglarang natoni dhumateng sesami Muslim,
piyambakipun sami sih kinasihan, tan wantun natoni, ngresahi
(mengkriminalisasi), menapa déné néror utawi medhèni. Sedaya menika
katindakaken awit tiyang ingkang taqwa tansah ngémut badhé dumiginipun

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 96


dinten Pepétangan, inggih gesang sasampunipun pejah. Makaten wau pratanda
tiyang taqwa ingkang kaping tiga.
ُ ُ ْ ْ َ ُ َ ْ َ َ َّ َّ َ َ َ َ ْ َ َ ٌ َ َ َ َّ َّ َ َ
‫وؤن الظاكت آ ِجُت ال زٍب ِفيها وؤن الله ًبلث مً ِفي اللبى َِز‬
“(Lan supaya sira sumurupa) satemené dina qiyamat iku mesthi
kaleksanan, ora mamang-mamang manèh. Lan satemené Allah iku bakal
nangèkaké sapa waé kang ana ing kubur.” (QS Al Hajj, 22: 7)

Wonten mrika kita badhé sami katimbang amalipun. Sak sintena ingkang
amal kesaénanipun langkung awrat bobotipun katraju amal awonipun,
piyambakipun badhé pikantuk balesan suwarga. Sewalikipun, menawi amal
awonipun langkung awrat, piyambakipun badhé pikantuk piwales wonten neraka.
Lajeng, menapa ing dinten-dinten pungkasanipun Ramadhan menika kita
sampun pikantuk derajat taqwa kasebat? Mangga sami mawas diri, nangleti
dhumateng dirinipun piyambak-piyambak, menapa ing wulan Ramadhan niki
kasil nandhesaken raos ajrih namung dhumateng Allah piyambak? Menapa kita
kasil nundukaken nafsu, sahingga kita legalila dhumateng sedaya dhawuh lan
awisanipun Allah? Menapa kita sampun ridha kanggé nindakaken ketaatan
tanpa dalih-dalih utawi alesan malih?
Menawi dèrèng, ing sisanipun wekdal, dinten Ramadhan niki, mangga kita
tingkataken malih amaliyah kita, kanthi kajurung raos ngresepi makna taqwa
ingkang hakiki. Wekdal ingkang taksih wonten ampun ngantos dipun lirwa aken.
Mugi-mugi rikalanipun Ramadhan lumingsir, kita sampun lukar dados manungsa
énggal. Manungsa ingkang taqwa, manungsa ingkang taat dhumateng Allah lan
dados manungsa ingkang dipun bangga aken déning Rasulullah Muhammad
SAW. Aamiin

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 97


ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
ُ َ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ََ ً‫ َوه َف َل ِجي َوِب ًَّاه ْم ِب َم ِاف ُْ ِه ِم‬،‫لل ِـ ُْ ِم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 98


23. MUJUDAKEN PANGGESANGAN ÉNGGAL

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Sak sampunipun lingsir Ramadhan, mesthinipun kita sedaya saged dados


pribadi énggal lan masyarakat énggal, ingkang kalimputan kawontenan takwa.
Awit ketakwaan minangka ancas lan hikmah paling ageng awit wontenipun
kawajiban siyam Ramadhan.
Pramila sumangga sami mawas diri, saé minangka pribadi menapa déné
minangka warga masyarakat, lan umatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Sanajan kathah piyantun ingkang saé ing pribadi-pribadinipun, ananging menapa
ugi sampun saé masyarakatipun? Menapa kaum Muslim ing sakupenging jagad
sampun mapan ing kawontenan ingkang leres tur saé?
Rikala ing wekdal sami ngumbar gumbiraning manah, awit mahargya
wontenipun diten riyadin idul fitri, sawetawis ari kapengker, para sedhèrèk kita
ing papan sanès taksih sami ketaman panandang, kapitunan, kacintrakan.
Wonten ingkang taksih dipun jajah, dipun siksa, dipun boikot, ngantos dipun
busek pangingetipun murih sami singlar saking tatanan Islam. Piyambakipun
tanpa daya, lan tanpa wonten ingkang paring pangayoman. Menapa malih ing
negari mriki ugi sami kasempyok rupeging panggesangan.
Kénging menapa kawontenan makaten niku saged dumados? Inggih awit
umat Islam sampun sami nebihi, singlar saking aturanipun Allah SWT. utawi
sami mléngos saking Al-Quran. Jumbuh kaliyan firman Allah SWT.:
َ ْ ُ َ ً َ ً َ َ ُ َ َّ َ ‫َ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ي‬
‫طىيا َوه ْحؼ ُس ُه ًَ ْى َم ال ِل َُ َام ِت ؤ ْك َمى‬ ‫ومً ؤكسض كً ِذه ِس ف ِةن له م ِلِؼت‬
﴾٤٢١﴿
“Déné sing sapa mléngos saka pepé Ingsun (Kitab Qur‟an) yekti dhèwèké
bakal nduwè penguripan kang rupeg. Ing besuk dina qiyamat, wong mau Ingsun
klumpukaké, nanging mripaté wuta. (QS Thaha, 20: 124)

Miturut Imam Ibnu Katsir, werdinipun tembung “mlengos saka pepé Ingsun”:
inggih menika nyalahi dhawuh lan pepacuhipun Allah, ingkang sampun
katedakaken dhumateng Rasulipun, nyupèkaken lan wantun mendhet pitedah
saking asanès. (Tafsir al-Quran al-‗Azhim, V/323).
Menggah werdinipun tembung penguripan kang rupeg, mboten sanès
inggih kawontenan panggesangan ingkang sami mlarat, sengsara, kebak
panandang, kajajah, kaniaya, katindes, lan sapanunggalanipun, kados ingkang
saged kita pirsani ugi kita raosaken ing dunia Islam wekdal menika .

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 99


Rasulullah Muhammad SAW. sampun paring gegambaran bilih ing saben
panyimpangan saking syariah Islam badhè nuwuhaken tumurunipun azab saking
Allah SWT.

َ‫هللا‬ ‫راب‬ َ ‫ َف َل ْد َؤ َح ُّلىا ب َإ ْه ُفظه ْم‬، ‫الصَها َوا ّلسَبا في َك ْسٍَت‬


‫ك‬ ّ ‫ب َذا َؿ َه َس‬
ِ ِ ِ ِ ِ ٍ ِ ِ ِ ِ
“Menawa laku zina lan riba sansaya ngrembaka ing sawenèhè negara
ateges penduduk ing negara iku bebasan wis nyuwun marang Allah saperlu
ngedunaké azab kanggo dhèwèké” (HR. Al-Hakim).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Awit saking menika, salingsiripun Ramadhan, mugi saged dados ancasan


utawi momentum kanggé mbuktèkaken bilih kita kalebet umat ingkang layak
sinebat umat ingkang takwa wonten ngarsanipun Allah SWT. Inggih menika, tan
sanès umat ingkang sumadya nempuh margi kanggé nindakaken perjuangan
ageng, ngantos saged mujudaken éwah-éwahanipun alam bebrayan agung.
Inggih menika, perjuangan saperlu ngéwahi kawontenan bebrayan agung
ingkang ing sakawit tebih saking aturan Islam, lingsir nuju ing kawontenan
ingkang tundhuk lan patuh dhumateng aturan Allah SWT. Makaten niku éwahan
ageng bebrayan agung nuju dhumateng cak-cakan syariah Islam kanthi kaffah,
jumbuh kaliyan ingkang dipun kersakaken déning Allah SWT. ingkang sampun
kacetho ing firmanipun:
َُ َ َّ َ ‫الظ ْلم َه َّأف ًت َو َال َج َّدب ُل ْىا ُخ ُؼ‬ ْ ُ ُ ْ ْ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫الؼ ُْؼ ِان ِب َّه ُه لى ْم‬ ‫اث‬
ِ ‫ى‬ ِ
ّ
ِ ِ ِ ‫ًا ؤيها ال ِرًً آمىىا ادخل‬
‫ي‬ ‫ف‬ ‫ىا‬
﴾٢٠٢﴿ ‫َك ُد ٌّو ُّم ِب ٌين‬
“Hé para wong mukmin. Sira padha mlebuwa ana ing agama islam,
ngéstokna sabarang pernatané kabèh, lan aja manut dedalané sétan. Satemené
sétan iku tetela dadi satrunira.” (QS. Al-Baqarah, 2: 208)

Syariah Islam kanthi kaffah namung saged mawujud nyata awit saking
wontenipun institusi ingkang purun njejegaken, inggih menika ingkang sinebat
Khilafah. Momentum lingsiripun siyam Ramadhan, insya Allah sampun kasil
nglairaken malih jutaan umat Islam ingkang sampun kagungan kadar keimanan
lan ketakwaan dhumateng Allah SWT. ingkang inggil, ageng, lan kiyat. Lan
menika minangka modal murih jumedhulipun fajar kemenangan Islam ing
salumahing bumi mriki.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 100


Makaten menika janjinipun Allah SWT.:
َ‫ْلا ْزض َهما‬ َْ ُ َّ َ ْ َ ْ َ َ َ َّ ُ َ َ ْ ُ َ ‫الل ُه َّالر‬
ُ ‫ًً َآم‬ َّ َ َ َ
ِ ‫ي‬ ‫ف‬ِ ‫م‬ ‫ه‬ ‫ن‬ ‫ف‬ ‫ل‬ ِ ‫خ‬ ‫خ‬‫ظ‬ ِ ‫ل‬ ‫اث‬
ِ ‫ح‬ ‫ال‬
ِ ‫الص‬ ‫ىا‬ ‫ل‬ ‫م‬
ِ ‫ك‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ىى‬ ‫م‬ِ ‫ىا‬‫ى‬ ِ ‫وكد‬
َ َ َ َ َّ َ َّ َ َ َ ‫ف َّالر‬ َ َْ َ ْ
ً‫ًً ِمً ك ْب ِل ِه ْم َول ُُ َم ِىن َّن ل ُه ْم ِد ًَن ُه ُم ال َِري ا ْزج َض ى ل ُه ْم َول ُُ َب ِّدل َّن ُهم ّ ِم‬ ِ ‫اطخخل‬
ُ‫َب ْل ِد َخ ْى ِفه ْم َؤ ْم ًىا ٌَ ْل ُب ُد َوهجي َال ٌُ ْؼس ُوى َن بي َػ ِْ ًئا َو َمً َه َف َس َب ْل َد َذ ِل ًَ َف ُإ ْو َل ِئ ًَ ُهم‬
ِ ِ ِ ِ
‫اط ُلى َن‬ َْ
ِ ‫الف‬
.﴾٥٥﴿
“Panjenengané Allah wis paring janji marang wong-wong mukmin saka sira
kabèh lan sarta padha nglakoni penggawé becik bakal padha dikersakaké
anggentèni para wong kafir manggon ing bumi (wong kafir padha keplayu
anggoné perang) kaya wong-wong mukmin sak durungira, anggoné nggentèni
wong kafir kang dirusak dening Allah. Sarta Allah bakal nglulusaké adeké agama
Islam agamané wong mukmin kang wis dadi keparengé Allah. Apa déné sakwisé
nandhang kuwatir sawatara, kuwatir mau bakal diganti katentreman
(Pangandikané Allah): wong mukmin mau padha manembah ing Ingsun tanpa
musyrik marang sapa-sapa. Sak wisé ana dhawuh iki, sing sapa kafir marang
peparingé Allah iku tetep wong kang durhaka.”. (QS. An-Nuur, 24: 55)

Kanthi saestu bilih fajar kemenangan Islam sampun caket. Sampu dumugi
titiwanci supados kita sesarengan mapag janji Allah niku kanthi gegandhéngan
asta hambudidaya sesarengan. Mugi-mugi Allah SWT. maringi kekiyatan
ketakwaan kita lan kepareng manggihaken kita sedaya kaliyan kejayaan Islam.
Aamiin.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 101


saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ
َْ ُ ْ ُ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 102


24. ISTIQAMAH ING SALEBETING KETAQWAAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Ramadhan sampun lingsir. Kedahipun, sasampunipun rampung nglampahi


gladèn setunggal wulan wetah ing wulan Ramadhan, saben tiyang Muslim
badhé dados ―paraga énggal‖. Kapribadèn ingkang bènèh kaliyan sadèrèngipun
Ramadhan. Pribadi ingkang sansaya sregep ngibadah, sansaya langkung kathah
sedhekah, sansaya gadhah akhlakul karimah; sansaya sregeb pados ngélmu ;
sansaya kiat ngregem syariah; sansaya sregep lan semangat nindakaken
dakwah lan amar makruf nahi mungkar; lan kasregepan sanès-sanèsipun. Kosok
wangsulipun, saben tiyang Muslim badhé sansaya nebihi tumindak dosa lan
maksiat dhumateng Allah SWT.
Baginda Rasulullah SAW naté paring sabda dhumateng Muadz bin Jabal
ra. nalika piyambakipun dipun utus dhateng ke Yaman:
ُ ُ َ
َ‫هللا َح ُْث َما ه ْى َذ‬ ‫ِا َّج ِم‬
“Taqwa-a sira marang Allah ing sadhéngah wektu/ sembarang kahanan
kang kepriyé waé…” (HR at-Tirmidzi).

Tembung haytsu saged karujuk ing tigang perkawis, inggih menika: papan
(makan), wekdal (zaman) lan kahanan (hal). Awit saking menika, sabdanipun
Baginda Rasul SAW. dhumateng Muadz ra. kasebat minangka isyarat murih
piyambakipun tansah taqwa dhumateng Allah SWT, mboten ngemungaken ing
Madinah kémawon: rikala turun wahyunipun, wekdal sesarengan kanjeng Nabi,
nanging ugi rikala caket kaliyan Masjid Nabi SAW. Ananging ugi supados
piyambakipun tansah taqwa dhumateng Allah SWT. ing papan pundi kémawon,
ing sadhéngah wekdal lan wonten ing sadhéngah kalodangan menapo kémawon
(‗Athiyah bin Muhammad Salim, Syarh al-Arba‘in an-Nawawiyyah, 42/4-8).
Kanthi makaten, kita sejatosipun ugi kedhah nindakaken taqwa mboten
namung ing wekdal Ramadhan mawon, ingkang katembèn kita lampahi,
ananging ugi nalika mapan ing sewelas wulan kelajenganipun.

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Satunggaling perkawis ingkang adaanipun angèl dipun gondhèli déning


tiyang Muslim inggih menika keistiqamahan salebeting ketaqwaan. Éba
kathahipun tiyang Muslim ingkang sadangunipun Ramadhan tansah mbudidaya
shalat ngepas wekdal, khusyuk rikala nindakaken, kapara tansah sareng jamaah
ing masjid; kathah maos, ngaos, lan ngamalaken al-Quran; nutup aurat lan

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 103


ngagem jilbab syar‘i (kanggénipun Muslimah); kathah nindakaken shalat ndalu
lan zikir; kathah sedekah; mandheg anggènipun tumindak dosa lan maksiat.
Makaten salajengipun. Ananging sasampunipun luwar saking wulan Ramadhan,
kadar keimananipun kados susut; Tingkat ketakwaanipun ketingal mandap;
Ibadah shalatipun wangsul bolong-bolong; pamaosan al-Quran arang adoh
malih; auratipun tinarbuka malih; tumindak dosa lan maksiat dipun wangsuli
malih. Makaten kémawon kalajenganipun.
Pitakènanipun: kados pundi murih kita saged ajeg istiqamah ing dalem
ketakwaan?

Sepindah: Kita pari kedah ajeg memetri amalan-amalan rutin Ramadhan.


Shaum, shalat, zikir, sedekah, maos lan ngaos al-Quran, shalat kanthi jamaah,
istighfar, wungu ndalu, nambahi amalan sunnah lan aktivitas sanèsipun ingkang
katindakaken sadèrèngipun wulan Ramadhan. Kalebet hanjagi semangat
Ramadhan. Awit saking menika, semangat kanggé meper diri saking tumindak
maksiat, keikhlasan, kasabaran, keistiqamahan, semangat jihad fi sabîlillâh lan
semangat dakwah kedah terus kakobaraken sanajan Ramadhan sampun lingsir.

Kaping kalih: Langkung ningkataken pangudi anggènipun nedya memahami


hukum-hukum Allah SWT. kanthi asring tindak dhumateng majelis ilmu. Saben
kaum Muslim ingkang kepéngin Ramadhanipun langkung manfaat, badhé terus
ningkataken pangertosan lan pemahaman ing babagan hukum-hukum Allah
SWT.

Kaping tiga: Langkung giat ngadani dakwah. Wulan Ramadhan minangka wulan
tumurunipun al-Quran, minangka pitedah tumrap sedaya umat manungsa.
Mboten mungkin petunjuk niku ngantos mboten dipun dakwahaken. Adedasar
makaten niku, pramila dakwah minangka karakter kaum Mukmin.

Kaping sekawan: Tansah mertobat, kanthi pertobatan ingkang sakleres-


leresipun (tawbatan nashûhâ). Sanajan Allah SWT. sampun paring jaminan
badhé paring pangapunten tumrapipun sadengah tiyang ingkang èstu-èstu
nindakaken siyam Ramadhan, kaum Mukmin mboten badhé léna kanthi
perkawis menika. Piyambakipun tetap mertobat minangka salah satunggalipun
karakter tiyang ingkang takwa, kadidene ingkang sampun kacetha ing firmanipun
Allah SWT:
ُُ ْ ْ َ َ ‫َ َّ َ َ َ َ ُ َ َ ً َ ْ َ َ ُ َ ْ ُ َ ُ ْ َ َ ُ و‬
‫اط َخغ َف ُسوا ِلره ِىب ِه ْم‬ ‫احؼت ؤو ؿ َلمىا ؤهفظهم ذهس ا هللا ف‬ ِ ‫وال ِرًً ِبذا فللىا ف‬
َ ُ َ َ َ ُ َّ َ ُ ُّ ُ ْ َ ْ َ َ
‫هللا َول ْم ًُ ِص ُّسوا َكلى َما ف َللىا َو ُه ْم ٌَ ْلل ُمى َ َن‬ ‫ومً ٌغ ِفس الرهىب ِبال‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 104


Lan para wong kang nalika nglakoni ala utawa nganiaya marang awakè
banjur padha gelem éling marang Allah, nuli padha nyuwun pangapura jalaran
saka dosané. Ora ana kang bisa paring pangapura kabèh dosa kajaba mung
Allah piyambak. Sarta wong-wong mau ora kabanjur-banjur tumindak kaya kang
wis dilakoni. Ing mangka dhèwèkè padha mangerti (ing dosané). (TQS Ali Imran
[3]: 135).

Kaping gangsal: Ngupadi murih tansah gesang ing satengahipun komunitas


masyarakat ingkang takwa. Sanès ing satengahipun masyarakat ingkang
kalimputan kaliyan dosa lan kemaksiatan. Wonten ing mrini niku pentingipun
ketakwaan kolèktif. Ketakwaan kados makaten niku manung saged mawujud
nalika kita tansah gesang wonten ing satengahipun masyarakat ingkang
ngetrapkan syariah Islam kanthi kaffah. Ing wekdal samenika, sapérangan
hukum Islam pancèn saged dipun laksanaaken, maliginipun ing tataran pribadi,
kados hukum-hukum Islam ing babagan sandang, pangan, unjukan, akhlak,
keluarga lan sapèrangan muamalah. Ananging taksih kathah hukum syariah
sanèsipun ingkang dèrèng katindakaken ing wekdal menika, maliginiun ingkang
magepokan kaliyan politik dalem negeri, pemerintahan, politik luar negeri,
ekonomi, tata pergaulan, pidana lan hukum-hukum syariah perkawis pranatan
masalah publik.
Awit saking menika, kanggé nyampurnaaken lan nglanggengaken
ketakwaan ingkang sampun kagemblèng sadangunipun Ramadhan,
prayoginipun saben tiyang Muslim tumut terlibat kanthi aktif wonten ing
perjuangan kanggé mujudaken penerapan syariah Islam kanthi kaffah,
pinayungan sistem Khilafah ar-Rasyidah ingkang nurut manut manhaj kenabian.
Samudayanipun menika minangka tuntutan saking keimanan kita, ngiras pantes
panyampurna pawujudan ketakwaan kita dhumateng Allah SWT.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 105


saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ
َْ ُ ْ ُ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كى ِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه َهى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 106


25. HAMUJUDAKEN KEADILAN

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Tan wonten tiyang normal ingkang gething dhumateng keadilan, menapa


malih malah remen dhumateng kezaliman. Lugunipun sedaya manungsa sami
remen dhumateng keadilan lan mboten remen dhumateng kezaliman. Makaten
menika sampun dados fitrahipun saben-saben manungsa. Sarta ugi, Islam dipun
turunaken dhumateng Rasulullah Muhammad SAW. mboten sanès ing
pangancas ugi namung kanggé mujudaken keadilan kala wau.
Utusan Khilafah Umar bin Khattab, inggih menika Rib‘i bin Amir, rikala dipun
dangu déning Rustum, (Jéndral Persia), ing babagan misi Islam, piyambakipun
paring pawangsulan makaten: ―Allah paring dhawuh marang kita kabèh kanggo
hangluwari sadéngah manungsa saka pepetengé jahiliyah tumuju marang
pepadhangé Islam, serta hambébasaké manungsa saka kezaliman agama-
agama saliyané Islam tumuju marang keadilan lan kalonggarané Islam.”

Awit saking menika, Islam sampun maringi sawetawis panduan, petunjuk


lan ugi sistem kanggé mujudaken keadilan niku wau tumrap sedaya manungsa.
Menapa ta adil menika? Adil inggih menika ndunungaken samukawis
wonten panggénan ingkang samesthinipun utawi trep. Kanthi makaten keadilan
badhé mawujud rikalanipun samukawis menika kapapanaken wonten ing
panggénan ingkang jumbuh utawi samesthinipun. Ananging, babagan makaten
menika gumantung wonten ing pathokan utawi standard ingkang dipun
ginakaken kanggé nimbang bobot perkawis pengadilan kala wau.
Miturut ing pamawas iman, kita yakin bilih Allah SWT minangka Zat
Ingkang Maha Adil, sarta ugi ingkang mangertosi keadilan hakiki. Awit saking
menika, ingkang kadadosaken standar keadilan hakiki, tartamtu tuk sumberipun
kedah saking Allah SWT. Inggih menika syariah Islam ingkang sampun dipun
tedakaken déning Allah SWT dhumateng kita sedaya. Menawi syariah mboten
kaginakaken minangka rujukan utawi sandaran, pramila namung badhé saged
ngasilaken kezaliman, sanès keadilan.
Allah SWT paring firman:
َ ُ َّ َ ُ َ َّ َ ُ َّ َ
﴾‫و َمً ل ْم ًَ ْحىم ِب َما ؤ َهص ٌَ الل ُه فإول ِئ ًَ ُه ُم الـ ِاْلىن‬....﴿
....Lan sing sapa ora gelem ngukumi kanthi barang kang wis diturunaké
déning Allah, sumurupa yèn dhèwèkè iku wong kang padha nganiaya. (TQS al-
Maidah [5]: 45).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 107


Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Sampu jelas, bilih keadilan namung saged tumapak kanthi lumampahipun


syariah Allah lan dipun putusaken kaliyan tetiyang ingkang sami ajrih dhumateng
Allah SWT. Pramila, para panguwaos, kalebet hakim pari kedah kagungan raos
adil.
Allah SWT paring firman:
َ ْ ُّ َ ُ َ ْ ُ ُ ُ ْ َ َ َّ َّ
َّ ‫ْلا َم َاهاث ب َلى َؤ ْهل َها َوب َذا َح َى ْم ُخم َب ْي َن‬
﴾ ‫اض‬
ِ ‫الى‬ ِ ِ ِ ِ ‫﴿بن الله ًإمسهم ؤن جادوا‬ ِ
ْ َ ْ ُُ ْ َ َ
....ٌَِ ‫ؤن جحىمىا ِباللد‬
Satemené Allah dhawuh marang sira kabèh supaya sira padha masrahaké
(ngulihaké) titipan marang wong kang duwé barang titipan. Lan menawa sira
padha mutusi perkaraning manungsa, supaya mutusi (ngukumi) kanthi adil….
(TQS an-Nisa‘ [4]: 58).

Nalikanipun paring keputusan dhumateng sedhéngah perkawis,


satunggaling qâdhi utawi hakim namung dipun syariataken supados mutusaken/
ngadili jumbuh menapa ingkang ketingal (al-hukmu bi azh-zhâhir), inggih menika
ingkang cocok kaliyan bukti-bukti lan kesaksian. Ing babagan menika,
kadhawuhaken dhumateng para qâdhi (hakim) supados mboten grusa-grusu,
kesusu paring keputusan, ananging kedah purun midhangetaken saking pihak
kekalih sacekapipun.
Pramila, saged ugi salah satunggalipun pihak langkung prigel wekdal
mbabar lan ngaturaken sadhéngah argumentasi. Akibatipun, qâdhi utawi hakim
paring kaputusan mimpangaken piyambakipun. Sanajan kasunyatanipun,
piyambakipun kala wau mapan ing pihak ingkang salah. Rasul SAW. sampun
paring pepémut, bilih keputusan ingkang kados makaten kala wau ampun dipun
pendhet, sabab menika saged kados potonganipun geni neraka.
Ummu Salamah ra. sampun nuturaken bilih Kanjeng Nabi Muhammad
SAW naté paring sabda: Satemené ingsun mung manungsa sawantah, ananging
pranyata sira ngaturaké perkaranira marang ingsun. Mungkin waé ing
sapéranganira ana kang luwih fasih ing babagan hujjahé. Sabanjuré ingsun
maringi kaputusan kang ngeboti dhèwèké adhedhasar apa-apa kang tak rungu
saka dhèwèké. Awit saka iku sapa waé kang ingsun paringi kaputusan kanthi
ngrampas hak kerabaté, prayogané aja diugemi.Karana iku ateges ingsun
maringi dhèwèké mau pletikané geni neraka.” (HR asy-Syafii, Muslim dan an-
Nasa‘i).

Adhedasar nas hadis kasebat, saged winastanan bilih sedaya pihak


ingkang terlibat salebeting persengkétaan kedah tansah gegondhélan
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 108
dhumateng keimananipun kanthi kenceng. Sedayanipun kedah tansah émut bilih,
sakumpami saged lolos saking peradilan dunia, sedayanipun mboten badhé
saged lolos saking peradilan Allah SWT. ing akhirat mangkenipun.
Kanjeng Rasul SAW. ugi sampun paring pepémut dhumateng para hakim:
Bilih qâdhi (hakim) menika wonten tigang golongan. Kalih golongan badhé
mapan ing neraka lan satunggalipun mapan ing surga. Sinten kemawon ingkang
mangertosi kebenaran lan paring keputusan kanthi kebenaran niku,
piyambakipun badhé mapan ing surga. Sinten kemawon ingkang mangertosi
kebenaran, ananging mboten purun paring keputuskan adhedhasar kebenaran
niku lan kepara wantun tumindak culika ing babagan hukum (putusan),
piyambakipun badhé mapan ing neraka. Sinten kemawon ingkang mboten
mangertosi kebenaran, lajeng paring keputuskan kanggé warga masyarakat
tanpa ilmu, piyambakipun ugi badhé mapan ing neraka (HR al-Baihaqi, Abu
Dawud, Ibnu Majah lan at-Tirmidzi).
Kados makaten niku ingkang kabayangaken déning Qâdhi Suraih
nedhengipun paring pangadilan rikala ngadhepi perkawisipun Khalifah Ali bin Abi
Thalib ra. kaliyan tiyang Yahudi wekdal sengkéta rebutan rasukan wesi. Hakim
paring kemenangan dhumateng si Yahudi adhedhasar kesaksian Hasan bin Ali.
Sanajan putranipun khalifah, paseksènipun dipun tolak déning hakim. Tundaniun
Khalifah Ali saged nampi putusan niku. Mangertosi kawontenan ingkang
makaten, tiyang Yahudi kala wau malah purun mlebet ngrasuk Islam.
Keadilan salebetipun paring putusan satunggaling perkawis, menapa
kemawon bentukipun sarta sinten kemawon ingkang terlibat, badhé mawujud
waton sami purun ngetrapaken syariah Islam. Amargi tuk sumberipun syariah
Islam saking Zat Ingkang Mahaadil. Rikalanipun qâdhi (hakim) paring putusan
tumrap sadhéngah perkawis mawi syariah Islam lan piyambakipun kagungan
integritas adhedhasar iman sarta raos ajrih dhumateng azab neraka ing akhirat,
mesthi piyambakipun badhé nindhakaken keputusan samukawis sengkéta kanthi
adil.
Sanèsipun menika, kanthi penerapan syariah Islam kâffah, suasana
keimanan badhé kabangun ing masyarakat. Kanthi menika sedaya tiyang
ingkang kacenthok ing satunggaling perkawis, saé ingkang nuntut, ingkang dipun
tuntut menapa déné tiyang ingkang sabiyantu kekalihipun, kalebet pengacara,
tan singlar saking suasana keimanan lan raos ajrih dhumateng Allah SWT.
Kawontenan ingkang makaten menika ingkang tansah kita rantu mujudipun
wonten ing negeri menika .

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 109


Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخ َغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 110


26. ELING PENGADILAN ING AKHIRAT

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Kathah ingkang kagungan pamanggih bilih panggesangan niki kados


namung kandeg ing donya mriki kemawon. Sahingga piyambakipun wantun
ngrekadaya pranatan dolanan hukum, wantun tumindak mboten adil. Asring kita
panggihaken, tiyang leres dados salah, lan kosok wangsulipun, tiyang salah
malah bebas, kalis saking paukuman.
Wonten ing satunggaling hadis sampun dipun jelasaken, bilih rikala ing
zaman Rasulullah Muhammad SAW. nate wonten satunggaling wanodya
kondang saking suku Makhzumi nindakaken colong jupuk. Keluarganipun nyobi
badhe nyuwun pangirangan paukuman daking Baginda Rasul SAW.
Piyambakipun nyuwun supados Baginda Rasul mboten matrapi paukuman kanthi
potong tangan. Midanget dan mangertosi sikap ingkang makaten kala wau,
Kanjeng Nabi SAW. duka sinambi paring sabda:
َ ُ ُ َ َ ُ َّ ْ َ َ َ َ ُ َ ْ ُ َّ َ ْ ُ َ ْ َ َ َّ َ َ ْ َ َ َّ َ
‫ىه َوِبذا َط َس َق‬ ‫ف ِةهما ؤهلً الىاض كبلىم ؤنهم واهىا ِبذا طسق ِف ِيهم الؼ ِسٍف ج َسو‬
َ‫ع ُم َح َّمد ب َُده َل ْى َؤ َّن َفاػ َم َت ب ْيذ‬ ُ ْ‫ُف َؤ َك ُامىا َك َل ُْه ْال َح َّد َو َّالري َهف‬
ُ َّ ْ
‫ِف ِيهم الظ ِل‬
ِ ِ ِ ِ ِ ٍ ِ ِ
ْ َّ َ
َ َّ َّ َ َّ ُ ُ َ َ َ َّ ُ َ َ َ ُ ْ َ َ َ ْ َ َ َ َّ َ ُ
ًَ ‫صلى الل ُه َكل ُْ ِه َو َطل َم ِب ِخل‬ ‫محم ٍد طسكذ للؼلذ ًدها زم ؤمس زطىٌ الل ِه‬
َ‫ْاْلَ ْ َسؤة ََف ُلؼ َل ْذ ًَ ُدها‬
ِ ِ
“Satemené wong-wong sadurungira padha rusak, ancur amarga nalika ana
wong minulya kang nindakaké colong jupuk padha di jarké waé, ananging nalika
ana wong ringkih (rakyat biasa) nindakaké colong jupuk, padha dipatrapi
paukuman. Demi Zat kang jiwané Muhammad ing Pangregemané, sanajan
umpamané Fathimah anaké Muhammad nyolong jupuk, mesthi tetep arep tak
potong tangané.” Rasulullah lajeng paring dhawuh supadhos wanodya kala wau
dipun tigas tanganipun. (HR al-Bukhari lan Muslim).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Kanthi kacetha, sabda Baginda Rasulullah SAW. ing nginggil sampun


negasaken bilih rikalanipun paukuman dipun lampahaken kanthi mboten adil-
namung njurung dhumateng ingkang kiyat lan ngarah galak dhumateng ingkang
ringkih- pramila wontenipun karusakan ing madyaning masyarakat mesthi badhé
kedadosan.
Sanadyan hadits niku wau dipun wedharaken sekinten sampun 14 abad
kapengker, bukti kasunyatanipun saged kita raosaken ing wekdal samenika. Ing

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 111


alam sèkularisme ingkang remen ngetrapaken pranatan hukum yasanipun
manungsa, kalebet ing negari mriki, keadilan karaos kados barang méwah.
Tangèh lamun, angèl, badhé saged karaosaken déning para kawula alit tur
ringkih. Keadilan kados-kados namung kagunganipun tiyang ingkang kuat lan
gadhah kekuasaan. Makaten niku kasunyatanipun pengadilan dunia ing wekdal
menika.
Kawontenan kasebat badhé bènèh sanget menawi katraju kaliyan
pengadilan mbénjang ing akhirat. Allah SWT paring firman:

َ‫اب‬‫ظ‬َ ‫الل َه َطس َُم ْالح‬


َّ َّ َ ْ َ ْ َ ْ ُ َ ْ َ َ َ َ
‫ن‬‫ب‬ ‫م‬‫ى‬ ُ‫ال‬ ‫م‬ ‫ل‬ ‫ؿ‬ ‫ال‬ ‫ذ‬ َ
‫ب‬ ‫ظ‬ ‫ه‬ ‫ا‬‫م‬‫ب‬ ‫ع‬ ْ ‫ْال َُ ْى َم ُج ْج َصي ُو ُّل َه‬
‫ف‬
ِ ِ ِ ِ ِ ٍ
Ing dina iku sarupané wong padha diwales miturut kang wis dilakoni nalika
ing donya. Ora ana wong kang kaniaya. Satemené Allah cepet panimbangé.
(TQS Ghafir [40]: 16 -17).

Ing mrikanipun mboten badhé wonten malih permainan hukum.


Piyambakipun tangèh lamun badhé saged uwal saking paukuman lan azab Allah
SWT. mBoten badhé wonten main sogok-sogokan, beking-bekingan utawi kong
kalingkong. Sedayanipun badhé tundhuk, pasrah dhumateng panguwaosan lan
keperkasaanipun Allah SWT. Ing Pengadilan akhirat sedaya pangucap lan
tindak-tanduk badhé katimbang kanthi sak adil-adilipun. Tan wonten ingkang
kacicir, katalompèn sanajan namung saagengipun isi sawi (TQS al-Zalzalah [99]:
7-8).
Ing Pengadilan akhirat mboten wonten ingkang saged paring pambiyantu.
Ing mrikanipun sedaya harta benda, anak, jabatan lan menapa kemawon ingkang
naté dipun banggakaken rikala ing donya tan wonten guna faédahipun. Namung
ati ingkang slamet (qalb[un] salîm) ingkang saget paring pitulungan.(TQS asy-
Syua‘ra‘ [26]: 88–89).
Sinten kémawon tan saged lolos saking paukuman. Piyambakipun mboten
saged cidro,culika, mungkir lan sélak. Sebab tutukipun sami dipun kunci,
sawetawis anggota badanipun (tangan, suku, talingan, mripat lan kulit) sami
dados saksi. (TQS Yasin [36]: 65).
Allah SWT. ngawontenaken penimbangan amal ing Pengadilan Akhirat
mbenjang kanthi titi premati. (QS al-Anbiya‘ [21]: 47). Sanget untung
menggahipun tiyang-tiyang ingkang awrat bobot timbanganipun, lan sanget rugi
menggahipun tiyang-tiyang ingkang ènthèng bobot timbanganipun . (QS al-A‘raf
[7]: 8-9).
Ing wekdal niku badhé kathah tiyang ingkang getun keduwung. Tan wonten
wekdal malih kanggé mertobat. Ingkang wonten namung pasrah ngadepi resiko,
ngunduh wohing pandamelan, ganjaran utawi dosa, nikmat surga utawi azab
neraka.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 112


Awit saking menika Rasulullah SAW. paring pepémut bilih mboten wonten
tiyang ingkang pejah kajawi sami getun kedlarung emut lelampahan gesangipun
ingkang sampun kapengker.
“Tan ana wong kang wis mati, kajaba dhèwèké bakal getun.” Wong-wong
padha takon, “Ya Rasulullah, menapa ingkang dipun getuni?” Panjenengané
paring jawaban, “ Tumrapé wong becik, dhèwèké getun kena apa olehé nandur
kabecikané ora luwih akèh waé. Tumrapé wong jahat, dhèwèké getun kena apa
ora gegancangan anggoné ningalaké (kejahatané)” (HR at-Tirmidzi).

Awit saking menika. Mangga sami gegancangan nindakaken amal shalih


lan ketaatan dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Hambudidaya nindakaken lan
hanjejegaken pranatan hukumipun Allah SWT. Makaten niku amalanipun tiyang-
tiyang ingkang cerdik, ingkang yakin dhumateng wontenipun panggesangan sak
sampunipun telas wekdal, umur ing donya niki. Piyambakipun sami hangrantu
piwales ingkang paling saé saking ngarsanipun Allah SWT. kanthi gegebengan
taqwa minangka piandel murih saget kalis saking raos getun kedlarung ing
akhérat.
Allah SWT. sampun paring firman:
َ ْ َ َ ُ َُ ْ ّ ُ َ َّ َ َ ُ َ ْ ْ ُ َّ َ َ َ َ ْ َ َ َّ َ َ ََْ َ
َ
‫الرهسي () ًلىٌ ًا لُخ ِجي‬ ِ ‫و ِج َيء ًىم ِئ ٍر ِبجهىم ًىم ِئ ٍر ًخرهس ِلْاوظان وؤوى له‬
َ
‫ك َّد ْم ُذ ِل َح َُ ِاحي‬
Ing dina iku neraka Jahanam ditekakaké. Ing dina iku wong bakal éling
nanging apa gunané éling iku? Dhèwèké bakal kandha: “O, mbok aku iki biyèn
duwéa ngamal kanggo uripku saiki iki”. (QS al-Fajr [89]: 23-24).

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 113


patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم َب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 114


27. HANGRANTU PEMIMPIN INGKANG ADIL

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Sedaya tiyang lugunipun remen lan képéngin sanget dhumateng


wontenipun pemimpin ingkang adil. Awit namung karana keadilanipun
satunggaling pemimpin, rakyat menika badhé pikantuk katentreman ing
panggesanganipun. Saged karipta kawontenan ingkang harmonis lan tansah
katebihaken saking raos cubriya nyubriyani saking warga setunggal dhumateng
satunggalipun.
Pemimpin ingkang saé mesthinipun dipun tresnani lan dipun dongakaken
déning sedaya kawulanipun. Makaten menika jumbuh kaliyan sabdanipun
kanjeng Nabi Muhammad SAW.:
َ َ ُّ َ ُ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُّ َ ُ َ ْ ُ َ ُّ ُ َ ْ ُ َ ُّ ُ َ َّ ُ ُ َّ َ ُ َ
«َ‫صلىن َكل ْي ِه ْم‬ ‫»خُاز ؤ ِئم ِخىم ال ِرًً ج ِحبىنهم وٍ ِحبىهىم وٍصلىن كلُىم وج‬ ِ
“Sak apik-apiké pemimpinira yaiku kang sira tresnani lan dhèwèké uga
nresnani marang sira kabèh; kang ndongakaké ing sira lan sira uga ndongakaké
marang dhèwèké.” (HR Muslim).

Mboten namung manungsa, Ingkang Murbèng Dumadi, Pangripta jagad


raya kémawon ugi nresnani dhumateng pemimpin ingkang adil kala wau.
Bénjang ing dinten kiamat, pemimpin adil kasebat badhé dados jalma ingkang
paling dipun tresnani déning Allah SWT. sarta ugi badhé gadhah palenggahan
ingkang caket kaliyan Pangéranipun. Rasulullah SAW. paring sabda:
ٌ«ٌَ‫الل ِه ًَ ْى َم ْال ِل َُ َام ِت َو َؤ ْد َه ُاه ْم ِم ْى ُه َم ْج ِل ًظا ب َم ٌام َك ِاد‬
َّ َ
‫اض ِبلى‬ َّ َّ َ َ َّ
ِ ِ ‫ِ»بن ؤحب الى‬
“Satemené manungsa kang paling ditresnani déning Allah ing dina kiamat
lan paling caket mapané saka Panjenengané (Allah), yaiku pemimpin kang adil.”
(HR at-Tirmidzi).

Pitakenanipun, kados pundi sosok pemimpin ingkang adil, ingkang dipun


tresnani déning Allah SWT. lan umat ? Mboten wonten sanès kajawi pemimpin
ingkang tansah nindakaken menapa kémawon ingkang sampun dipun
dhawuhaken Allah SWT.:
َّ َ ْ َ ْ ُ ْ َ َ َ َ َ ْ َ َ َ َ َ ْ ُّ َ ُ ْ َ ْ ُ ُ ُ ْ َ َ َّ َّ
َ ِ ‫اث ِبلى ؤه ِلها وِبذا حىمخم بين الى‬
‫اض‬ ِ ‫ِبن الله ًإمسهم ؤن جادوا ْلاماه‬
ْ َ ْ ُُ ْ َ َْ
....ٌَِ ‫ؤن جحىمىا ِباللد‬
Satemené Allah dhawuh marang sira kabèh supaya sira padha masrahaké
(ngulihaké) titipan marang wong kang duwé barang titipan. Lan menawa sira

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 115


padha mutusi perkaraning manungsa, supaya mutusi (ngukumi) kanthi adil....
(TQS an-Nisa‘ [4]: 58).

Imam ath-Thabari, wonten ing tafsiripun, kepareng nukil pangandikanipun


Ali bin Abi Thalib ra., “Kewajiban imam/panguwasa yaiku nindakaké hukum
kanthi hukum kang wis katurunaké déning Allah lan nindakaké amanah. Nalika
dhèwèké wis nglaksanaké perkara iku, sabanjuré wajib mungguhé wong-wong
iku, midanget lan miturut, uga nindakaké pandhawuhé menawa padha didhawuhi
…”

Wonten kalih sifat ingkang kasandhang ing dirinipun pemimpin ingkang adil:

Setunggal, nindakaken hukum-hukum Allah SWT. kadidéné hanjagi


tumapakipun titlaksana pangibadahan mahdhah umat (shalat gangsal wekdal,
shalat Jumat, shaum Ramadhan, zakat, lsp), ngawasi lan hanggulawenthah
muamalah amrih jumbuh kaliyan syariah Islam (kadidéné perdagangan, utang-
piutang, syirkah lan nutup dalan riba), nglaksanaken peradilan lan pidana Islam
(kadidéné had tumrapipun pezina, pendhemen khamr, maling, lsp).

Kalih, nindakaken sedaya amanah ingkang sampun dipun sandaraken tumrap


dirinipun, inggih menika hanggulawenthah urusan umat; hanjamin kacekapan
kabutuhan pokok arupi sandang, pangan, papan supados saget dipun
panggihaken déning sedaya warga kanthi gampil lan murah; nyumadiyakaken
pendidikan, keséhatan lan keamanan kanthi cuma-cuma; sarta ugi nglindungi
rakyat saking manéka warni gangguan lan ancaman.
Pramila sampun jamak lumrah menawi Allah SWT. maringi karunia
naungan tumrapipun pemimpin adil niku benjang ing akhirat. Piyambakipun
kalebet salah satunggalipun saking pitung golongan ingkang gadhah hak,
pikantuk naungan Allah SWT., jumbuh kaliyan sabdanipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW:

‫اإل َما ُم ْال َعا ِد ُل‬ ‫َسب َْع ٌة ي ُِظلُّ ُه ُم ه‬


ِ ‫َّللا ُ ِفى ِظلِّ ِه َي ْو َم الَ ِظ هل إِاله ِظلُّ ُه‬
“Ana pitung golongan kang nduwèni hak antuk pangayoman saka Allah ing
dina kang tanpo ana pangayom, kajaba pangayoma-Né : yaiku pemimpin kang
adil…” (HR Bukhari lan Muslim).

Pramila pemimpin adil, sanès pemimpin sembarangan. Sanès pemimpin


ingkang andustaaken ayat-ayat Allah. Sanès ugi ingkang mengkriminalisasi
ulama lan ajaran Islam. Ananging pemimpin ingkang wantun negakaaken hukum-
hukum Allah SWT. sarta hanggulawenthah, hanjagi amanah umat, ugi momot

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 116


kaberkahan tumrap umat ingkang dipun pimpin. Nabi Muhammad SAW. paring
sabda:

ِ ْ‫ َو َح ٌّد ُي َقا ُم ِفي األَر‬،‫ين َس َن ًة‬


‫ض‬ َ ‫ض ُل ِمنْ ُع َبادَ ِة ِس ِّت‬ َ ‫َي ْو ٌم ِمنْ إِ َم ٍام َعا ِد ٍل أَ ْف‬
‫ين َعامًا‬ َ ‫ِب َح ِّق ِه أَ ْز َكى ِفي َها ِمنْ َم َط ٍر أَرْ َب ِع‬
“Siji dina ing pangayomané pemimpin kang adil liwih utama tinimbang
ibadah 60 tahun, lan siji had kang dijejegaké ing bumi jumbuh marang haké
luwih becik tinimbang udan 40 tahun.” (HR ath-Thabarani).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Wajar ugi menawi para ulama kados Imam Fudhail bin Iyadh ndedonga
murih umat dipun karuniai pemimpin ingkang adil, “Saumpama aku dhuwé
sawijining doa mustajab (sing mesthi dikabulke), mesthi bakal tak aturké marang
penguasa, awit kabecikané sawijiné penguasa bisa momot kabecikan tumrap
negeri lan rakyat.‖ (Bidayah Wan Nihayah, 10/199).

Kita sedaya tansah nyuwun dhumateng Allah SWT. supados dipun


tebihaken saking pemimpin ingkang jahat. Inggih menika pemimpin ingkang
nyimpang saking hukum-hukum Allah, ngalalaken ingkang haram lan
ngaramaken ingkang halal, sarta asring mengkhianati amanah. Para pemimpin
ingkang kados makaten menika dipun sebat déning kanjeng Nabi Muhammad
SAW,. minangka imarah as-sufaha (para pemimpin dungu). Nabi SAW. paring
katerangan, ciri-ciri tumrap piyambakipun, lumantaran sabdanipun:
َ َ َ ْ َ َ َّ ُ َ ُّ َ ْ َ َ َ ْ َ َ ُ َ ْ َ َ َ ُ ُ ُ
‫ص َّدك ُه ْم ِبى ِر ِب ِه ْم‬ ً‫ؤ َم َس ُاء ًَيىهىن َب ْل ِدي ال ًلخدون ِبهد َِى وال ٌظدىىن ِبظى ِتى فم‬
َ َ َ َُ ُْ َ َ
‫َوؤ َك َان ُه ْم َكلى ؿل ِم ِه ْم فإول ِئ ًَ ل ِْ ُظىا ِم ِ ّجى َول ْظ ُذ ِم ْن ُه َْم‬
“Dhèwèké iku satemené pemimpin kang mapan sasurutku, sing ora
migunakaké pituduhku lan ora muruti sunahku. Sak sapa waé kang mbeneraké
pandustané dhèwèké lan paring sabiyantu marang kezalimané, dhèwèké iku
kabeh dudu golonganku lan aku uga dudu golongané dhèwèké”. (HR Ahmad).

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 117


lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي ََوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 118


28. ISLAM SOLUSI, SANÈS ANCAMAN

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Tiyang taqwa mesthinipun tansah tundhuk lan patuh dhumateng


pranatanipun Allah SWT. Nundhukaken hawa nafsu lan nyingkiraken sedaya
ingkang dados geganjelaning manahipun. Pramila anèh sanget menawi wonten
tiyang ingkang ngaku taqwa ananging lancang lan nentang pranatanipun Illahi
robbi. Rumaos sampun mangertosi hakékat awon lan saé tumrap manungsa.
Malah rumaos langkung pinter ing samubarang tinimbang Allah SWT.
Salajengipun malah wantun nyingkiraken pitedah saking Allah SWT (Islam).
Malah sami ngajak tiyang sanès supados nyingkiraken Islam saking
panggesanganipun manungsa.
Menapa mboten namung Allah SWT. kemawon ingkang asifat Yang
Mahatahu ingkang mangertosi hakékat awon lan saé tumrapipun manungsa?
Kosok wangsulipun, pamawas dan pambobotipun manungsa menapa malah
mboten asring klintu? Kadhang kala, manungsa mawas samubarang menika
saé, lajeng tuwuh raos remen, sanajan sejatosipun malah awon tumrap dirinipun.
Sewalikipun, manungsa mawas sakalir perkawis menika awon, lajeng tuwuh raos
nggething, sanajan hakékatipun malah saé tumrap dirinipun.
Allah SWT. sampun paring firman ingkang mungelipun:
َّ ُ َّ َ َ ُ َ ً ْ َ ُّ ُ َ َ َ َ ْ ُ َّ ٌ ْ َ َ ُ َ ً ْ َ ُ َ ْ َ َ َ َ َ
‫ػ ٌّس لى ْم َوالل ُه‬
َ ‫وكس ى ؤن جىسهىا ػِئا وهى خير لىم وكس ى ؤن ج ِحبىا ػِئا وهى‬
َ َ َ َ
‫ٌَ ْلل ُم َوؤ ُهخ ْم َال ح ْلل ُمى َ َن‬
….Lan kadhang kala barang kang sira gethingi iku malah becik tumrap sira.
Lan kadang kalané barang kang sira senengi ing siji perkara; malah perkara iku
ala tumrap sira kabèh. Allah iku ngudanèni, déné sira padha ora weruh. (TQS al-
Baqarah [2]: 216).

Magepokan kaliyan ayat menika, Imam Ibnu Katsir, wonten ing Tafsîr Ibni
Katsîr ugi negasaken, ―WalLâhu ya‟lamu wa antum lâ ta‟lamûn ngandung makna:
Panjenengané Allah Mahatahu marang akibat saka perkaranira kabèh.
Panjenengané uga Mahatahu marang apa waé kang momot kabecikan tumrap
sira kabèh ing donya lan akhérat. Awit saka iku, tindakana seruanNé lan
patuhana dhawuh-É supaya sira kabèh antuk pituduh.‖
Awit makaten, menapa kémawon ingkang dipun paringaken déning Allah
tumrap sedaya manungsa ing donya nriki— arupi syariahipun -- mesthi saé
tumrap manungsa lan panggesanganipun. Para manungsa kantun taat lan
mujudaken syariah menika wau ing panggesanganipun .

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 119


Ing wekdal umat Islam nembé nedhengipun semangat, sengkut gumregut
ngamalaken Islam, dumadakan wonten gagasan supados piwulangan agami ing
pawiyatan dipun ilangi. Agami kaanggep cekap dipun wulang wurukaken déning
tiyang sepahipun utawi dipun ajaraken déning guru agami ing tataran njaban
pasekolahan. Alesanipun, menawi agami dipun ajaraken ing pasekolahan, para
siswa badhé kapisah nalika wekdal pelajaran agami. Kanthi makaten sekolah
tanpa sadar kadakwa sampun ngripta perpecahan. Pelajaran agami ing
pasekolahan ugi kabobot sampun ngiyataken idèntitas agami. Miterat sang
penggagas, menawi agami dipun dadosaken idèntitas, pramila badhé ngiyataken
radikalisme. Sawetawis menika, radikalisme kadakwa dados undheripun
kahancuran negeri mriki.
Menawi kita gatosaken, substansi gagasan menika mboten sanès inggih
namung sèkularisme lan sèkularisasi, ing tlatah pendidikan. Seruan menika
minangka pambudidaya mapanaken agami namung minangka urusan pribadi
(privat lan personal). Seruan menika ugi ngajak murih agami mboten dipun
katutaken wonten ing urusan publik, kalebet kedah dipun singkiraken saking
urusan politik.
Seruan menika jelas katolak ing ajaran Islam. Awit menapa? Awit malah kita
sedaya sampun dipun dhawuhi déning Allah SWT. murih lumebet ngrasuk Islam
kanthi kaffah, secara keseluruhan, secara total. Allah SWT. sampun paring
pepémut dhumateng kita supados mboten ndhedhèrèk napaki langkah-
langkahipun sétan.
َُ َ َّ َ ‫الظ ْلم َو َّاف ًت َو َال َج َّدب ُلىا ُخ ُؼ‬ ُ ُ ْ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
‫الؼ ُْؼ ِان ِب َّه ُه لى ْم‬ ‫اث‬
ِ ‫ى‬ ِ
ّ
ِ ِ ِ ‫ًا ؤيها ال ِرًً آمىىا ادخ‬
‫ي‬ ‫ف‬ ‫ىا‬‫ل‬
َ ٌ ‫َك ُد ٌّو ُم ِب‬
‫ين‬
Hé para wong mukmin. Sira padha mlebuwa ana ing agama Islam,
ngéstokna sabarang pernatané kabeh, lan aja manut dedalané sétan. Satemené
sétan iku tetéla dadi satrunira. (TQS al-Baqarah [2]: 208).

Seruan supados ngicali pelajaran agami (Islam) saking kurikulum sekolah


terang minangka bagian saking lampah napaki langkah lan dalan sétan.
Alesanipun, menika ateges kulo panjenengan sami dipun ajak supados mboten
perlu ngrasuk Islam kanthi kaffah. Umpami seruan menika dumuginipun saking
tiyang kafir, tentu wajar. Ananging sewalikipun, tentu anèh sanget menawi
seruan kala wau dathengipun saking-lan kadukung- tiyang Muslim. Makaten
menika salah satunggaling proses déislamisasi ingkang kedah kita waspadai.
Makaten niku logat lagéyanipun tiyang-tiyang ingkang ngidhap islamophobia.
Ing wekdal menika, Islam dipun tuding minangka biang persoalan. Pemicu
radikalisme, perpecahan, intoléransi lan sapanunggalanipun. Padahal kita

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 120


sampun sami mangertos, bilih tudingan niku namung minangka tatacara pihak
jaban rangkah kanggé mojokaken Islam utawi ngalang-nglangi geliat umat Islam
lan kebangkitanipun. Piyambakipun ngajengaken kaum Muslim supados tebih
lan nebihaken ajaran Islam saking kehidupanipun. Supados pripun? Supados
Islam lan umat Islam mboten malih ngalang-ngalangi agénda liberalisme lan
penjajahan Barat. Menika persis kados jaman lami ingkang dipun tindakaken
déning penjajah Belanda dhumateng kaum Muslim ingkang sami nentang
penjajahan.
Sumangga tansah dipun inget, bilih Islam dipun turunaken déning Allah
SWT. mboten kanggé damel karusakan. Sumangga kagatosaken bilih malah
kerusakan ing negeri menika awit saking anggènipun mboten purun ngetrapaken
sistem Islam. Pripun hasilipun? Allah sampun mesthèkaken lumantaran
firmanipun:
َ ْ ُ َ ً َ ً َ َ ُ َ َّ َ ‫َ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ي‬
﴾ ‫طىيا َوه ْحؼ ُس ُه ًَ ْى َم ال ِل َُ َام ِت ؤ ْك َمى‬ ‫ِؼت‬
َ ‫﴿ ومً ؤكسض كً ِذه ِس ف ِةن له م ِل‬
Déné sing sapa mléngos saka pepéling Ingsun (Kitab Qur‟an) yekti
dhèwèké bakal nduwèni panguripan kang rupeg. Ing bésuk dina qiyamat, wong
mau Ingsun kelumpukaké, nanging mripaté wuta. (TQS Thaha [20]: 124).

Miturut Ibnu Katsir, makna, ―mléngos saka pepéling Ingsun‖ inggih menika;
nyalahi parintahé lan apa waé kang Ingsun turunaké marang Rasul-Ku,
nglalèkaké lan nganggo pituduh saka saliyané. (Ibnu Katsir, Tafsir al-Quran al-
‗Azhim, V/323).
Tundhonipun, samput wekdalipun kita sedaya sami wangsul dhumateng
Islam. Ampun ngantos ajrih dipun celathu déning tiyang-tiyang ingkang mboten
remen. Wigatosipun, bilih sétan ngantos kapan kemawon mboten badhé lila
menawi Islam menang lan berjaya.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 121


saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ
َْ ُ ْ ُ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 122


29. ISTIQAMAHING DIRI LAN DAKWAH

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.,

Kasunyatanipun ing sangajeng kita sampun gumelar manéka warni margi


panggesangan. Wonten ingkang lempeng, sarta ugi ménggok. Wonten ingkang
nganan, lan ugi wonten ingkang ngiring. Gumantung kita, badhé milih ingkang
kados pundi. Ingkang baken, saben pilihan margi niku momot résikon piyambak-
piyambak. Jumbuh kaliyan pangandikanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.:

‫مىبلها‬ ‫ؤو‬ ‫لها‬‫لخ‬ ‫فم‬ َ ‫فبائم َه‬


ُ ‫فظه‬ ٌ ‫الىاض ٌغدو؛‬
َِ ّ
‫ول‬
ِ ِ
“Saben rina kabèh manungsa ngluri marganing uripé dhéwé-dhéwé,
lelungan nyorohaké awaké. Ana sing nylametaké awaké, lan ana uga sing
nyilakani awaké!” (HR Muslim).

Salah satunggaling wekdal Abdullah bin Mas‘ud ra. nuturaken: “Rasulullah


SAW. yasa gambar garis lempeng kanggo aku saréwang, banjur ngendika, iki
pangimba dalané Allah, banjur Panjenengané yasa gambar garis-garis ing kiwa-
tengené garis mau, terus paring sabda, iki dalan-dalan kang akéh. Ing saben
dalan ana sétan kang ngajak murih padha ngliwati dalan iku. Banjur
Panjenengané maos:
ًْ‫الظ ُب َل َف َخ َف َّس َق ب ُى ْم َك‬ ُ ‫و َؤ َّن َه َرا ص َساػي ُم ْظ َخل ًُما َف َّاجب ُل‬....َ
ُّ ‫ىه َو َال َج َّدب ُلىا‬ َ ‫َطبُله‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِِ ِ
„Lan satemené iki dalan Ingsun kang lempeng, awit saka iku, sira kabèh
padha manuta (ngambaha) dalan iku, lan aja padha manut (ngambah) dalan
liyané, jalaran yèn mengkono, sira tetep wong kang nyimpang saka agamaning
(dalané) Allah....” [Al An‘am, 6 : 153]; (HR Ahmad)

Awit saking menika, margi Islam mboten kathah. Namung setunggal. Inggih
menika margi ingkang dipun tapaki déning Rasulullah SAW., para sahabat, lan
para salafus shalih.
Mboten gampil nguri-uri istiqamah nalika napaki margi ingkang leres ing
wekdal menika. Ageng sanget panggodhanipun. Panggodha duniawi bebasan
datan kendat. Malahan ingkang merjuangaken kebeneran dipun tuding minangka
pambiwara perkawis ingkang awon, ngandut masalah, ngganggu kebhinékaan,
intoléran, radikal, lan sapiturutipun. Kawontenan menika kados wangsul
dhumateng zaman jahiliyah, rikalanipun kanjeng Nabi SAW. lan para sahabat
nedhengipun ambangun pondasi Islam ing Makkah. Dipun betahaken sikap
istiqamah salebetipun ngadepi kawontenan menika. Sikap makaten niku saged
tuwuh menawi:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 123


Sepindhah: Hanggadhahi iman kanthi leres lan lempeng. Manunggal, jumbuh
ing antawisipun keyakinan, ucapan lan tindakan (kapirsani: QS Ibrahim [14]: 27).
Awit saking menika, paham lan keyakinan ingkang nyimpang saking Islam
kadidéné materialisme (atèisme) lan sèkulèrisme—ingkang misahaken keyakinan
Islam saking panggesangan—kedah kabucal satebih-tebihipun.

Kaping kalih: Hanjagi keikhlasan, namung karana Allah SWT. lan tansah
hambudidaya murih tansah rumaket dhumateng syariah (kapirsani: QS al-
Bayyinah [89]: 5). Kedah dipun émut bilih sétan mboten badhé saget hanggoda
dhumateng tetiyang ingkang tansah ikhlas. (kapirsani QS al-Hijr [15: 39-40)

Kaping tiga: Tansah ngaos, ngayati lan ngamalaken sedaya isi al-Quran
(kapirsani: QS an-Nahl [16]: 102; QS al-Furqan [25]: 32). Sebab, sawenèhipun
tiyang mboten badhé saged mlampah lempeng tanpa memahami lan
ngamalaken isinipun al-Quran.

Kaping sekawan: Réncang lan lingkungan ingkang shalih. Allah SWT


mratélakaken wonten ing al-Quran bilih salah satunggaling sebab ingkang baken
ingkang saged ngiyataken para sahabat inggih menika cumondhokipun
Rasulullah SAW. ing tengah-tengahipun para sahabat. Allah SWT. ugi paring
dhawuh supados kita tansah sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang saé.
(kapirsani: QS at-Taubah [9]: 119).

Kaping gangsal: Tansah ngaji lan ngayati kisah-kisahipun tiyang shalih ingkang
sampun kapengker, sahingga saged kadadosaken teladan salebeting nglampahi
istiqamah.

Kaping nenem: Ngathahaken doa dhumateng Allah SWT. supados dipun paringi
keistiqamahan. Allah SWT. remen ngalembana dhumateng tiyang-tiyang ingkang
iman ingkang tansah ndedonga dhumateng Panjenenganipun kanggé nyuwun
kateguhan iman rikalanipun ngadepi ujian (kapirsani: QS Ali ‗Imran [3]: 146-148;
QS al-Baqarah [2]: 250; QS Ali Imran [3]: 8). Doa ingkang paling asring dipun
panjataken déning kanjeng Nabi SAW. inggih menika, ―Ya Muqallib al-qulûb,
tsabbit qalbî „alâ dînik (Duhai Zat ingkang kasdu mbolak-balikaken manah,
mugi kateguhna manah kula dhumateng agami Panjenengan.‖ (HR at-Tirmidzi).
Kajawi kedah istiqamah ing salebeting diri, satunggalipun perkawis ingkang
mboten angsal dipun lirwakaken, inggih menika istiqamah salebeting
ndakwahaken Islam. Menawi sapérangan tiyang mastani ‗harga mati‘, pramila
dakwah harga matinipun Islam. Dakwah mboten angsal mendha utawi lerem.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 124


Dakwah kedah tansah dipun kumandhangaken sanajan kathah tiyang ingkang
nentang Islam.
Pramila dipun betahaken para pejuang lan pangemban dakwah ingkang
tansah istiqamah. Inggih menika pendakwah ingkang namung mundhut,
migunakaken lan nuruti pemikiran Islam, sinartanan mbucal pemikiran sak
sanésipun Islam. Menapa menika pemikiran perkawis syariah, sistem
pemerintahan Islam (khilafah), jihad lan sanès-sanèsipun. Sedaya menika
minangka ajaran Islam ingkang kedah dipun byawarakaken dhumateng umat.
Sewalikipun, para da‘i kedah mbucal ingkang satebih-tebihipun, pemikiran
ingkang mboten saking Islam, kados sèkularisme, démokrasi, HAM, pluralisme,
liberalisme, fèminisme, lan sapanunggalanipun.
Akhiripun, kita umat Islam wajib rumaos kaiket kaliyan sedaya ajaran Islam.
Islam lan kaum Muslimin kedah saged dados mercusuar peradaban. Awit kita
minangka umat paling unggul, khairu ummah. Ampun kesupèn bilih Rasulullah
SAW. mboten naté ngajaraken dhumateng kita supados dados manungsa
ingkang méncla-ménclé. Panjenenganipun malah majibaken dhumateng kita
murih istiqamah ing salebeting Islam.
Namung kanthi gegondhélan kanthi kenceng dhumateng al-Quran lan
Sunnah, kita badhé mapan terus ing margi ingkang leres. Mongga dipun émut
sabdaipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.:
َّ َ َ ً َ َ ْ َ ُّ َ ْ َ ْ ُ ْ َّ َ َ ْ َ ْ ُ ُ ْ َ َ
َ‫اب الل ِه َو ُط َّى ِت ْي‬‫جسهذ ِفُىم ما ِبن جمظىخم ِب ِه لً ج ِظلىا بل ِدي ؤبدا ِهخ‬
“Ingsun tinggalaké kanggo sira kabèh, sawijining perkara. Menawa sira
kabèh hanggondèli perkara kasebut kanthi kenceng, sira ora bakal kejlomprong
salawasé, déné perkara iku yaiku, Kitab Allah lan Sunnahku” (HR Imam Malik)

Mugi-mugi Allah SWT. tansah neguhaken langkah tindak kita, dados tiyang-
tiyang ingkang istiqamah wonten salebeting agami Islam lan tansah terus
ngumandangaken Islam dhumateng saindenging dunya.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 125


Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ُ َ ُ ‫َوذ ْهس ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌُ ك ْىَِلي‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِب َهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 126


30. TRESNA ISLAM, NINGGALAKÉ ISLAMOPHOBIA

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Wonten ing ayat menika, Allah SWT mungkasi firmanipun kanthi paring
pamawas bilih kasangsaran, kacintrakan, musibah, menapadéné karupekanipun
manungsa awit saking anggènipun sami goroh ing babagan keimanan lan
ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT.
Sejatosipun cecongkrahan antawisipun golongan hak lan bathil badhé
langgeng, ngantos bénjang dinten kiamat. Cecongkrahan niku badhé dumados
terus, jer panjurung kebatilan taksih wonten, inggih menika sak sintena kémawon
ingkang tansah ngombyongi pambujuk rayuan lan dalanipun Iblis.
Dipun éling bilih Iblis sampun dipun vonis kafir awit karana nolak
dhawuhipun Allah SWT. murih purun sumujud dhumateng Nabi Adam As.
Salajengipun Iblis dipun tundhung saking surga. Iblis lajeng matur: " Pangéran
kula, karana Padhuka sampun netepaken kula dados sesat, yekti kula badhé
ndadosaken para manungsa sami nguningani ketingal saé utawi leres
(pedamelan maksiatipun) ing sadhéngah panggénan ing bumi, lan mesthi badhé
kula jlomprongaken sedaya manungsa.” (TQS al-Hijir [15]: 39). Wiwit wekdal
menika, para pandhèrèkipun Iblis tansah ngadani peperangan nglawan
kebenaran, kadidéné Iblis, ngantos dinten Kiamat.
Mboten namung nglawan dhumateng kita ing jaman sakniki. Malah-malah
piyambakipun ugi nglawan dhumateng para Nabi. Mangga kagatosaken firman
Allah SWT.:
ْ َ ‫﴿و َه َرل ًَ َح َل ْل َىا ل ُي ّل َهب ّي َك ُد ًّوا َػ َُاػ‬
﴾ ًّ ِ ‫وع َوال ِج‬
ِ ِ‫لْا‬ ‫ين‬ ِ ٍ ِ ِ ِ ِ
َ
Lan kaya mangkono uga siji-sijining nabi iku padha Ingsun cawisi mungsuh
sétan manungsa lan sétan jin.... (TQS al-An‘am [6]: 112).

Menapa maknanipun? Badhé tansah wonten ingkang mboten remen


dhumateng risalah ingkang dipun asta déning saben Nabi, Kalebet risalah
ingkang dipun asta Kanjeng Nabi Muhammad SAW. badhé terus wonten
nglawan saking golongan jin lan manungsa ingkang mengsahi Islam lan kaum
Muslim.
Allah SWT. sampun paring penjelasan wonten ing sawetawis ayat, bilih
tiyang-tiyang ingkang mboten remen dhumateng Islam kaum Muslim niku kalebet
saking kalangan kaum kafir. Lan ingkang paling ageng raos memengsahanipun
dhumateng kaum Muslim inggih menika kaum Yahudi lan kaum musyrik (QS al-
Maidah [5]: 82). Allah SWT. ugi sampun paring wuninga bilih kaum Yahudi lan

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 127


Nasrani mboten badhé ridha dhumateng kaum Muslim ngantos kaum Muslim
sami purun ngombyongi millahipun (QS al-Baqarah [2]: 120).
Namung kémawon, permusuhan lan kebencianipun mboten otomatis
ketawis ing saben tiyang kafir, saé saking Ahlul Kitab menapa déné tiyang
musyrik. Ananging, permusuhan lan kebencianipun saged karaos saking
sapérangan kaum kafir saking lisan-lisanipun. Ingkang saget ketingal niku nembé
sapérangan saking kebencian ingkang sumimpen ing salebeting dhadhanipun.
Allah SWT. negaskaken:
ُ َ َْ ْ ُ ُ ُُ ْ ُ َ َ ْ َ َْ ْ ُ َ ْ َْ َ َ ْ َ
﴾ۚ ‫﴿ك َد بد ِث البغظاء ِمً ؤفى ِاه ِهم وما جخ ِفي صدوزهم ؤهبر‬
...Dhèwèké padha seneng barang kang nyusahaké sira, satemené wis
nganti kewetu saka lisané anggoné gething marang sira lan barang kang
diendhem ana ing atiné wong-wong mau luwih gedhe. (TQS al-Imran [3]: 118).

Pramila ampun nggumun, menawi wonten pérangan kathah ing antawisipun


ingkang nyinyir dhumateng sapérangan ajaran Islam kadidéné penerapan
syariah kanthi kaffah lan khilafah. Piyambakipun sami mboten remen kaliyan
manéka simbol lan syiar Islam. Hijab/jilbab dipunpersoalaken. Semanten ugi
gendéra tauhid. Kathah saking para artis lan kawula muda ingkang sami hijrah,
piyambakipun ugi mboten remen, lan sapanunggalanipun. Makaten niku ingkang
sinebat sikap islamophobia. Lan piyambakipun sami mbujung, nedya ajak-ajak
dhumateng tiyang sanès supados ngetingalaken sikap ingkang sami.
Anèhipun, wonten sapérangan kaum Muslimin ingkang saged kabujung
déning propagandanipun. Kadospundi larah-larahipun minangka satunggaling
tiyang Muslim tegel ngetingalaken kebencianipun dhumateng Islam? Kadospundi
larah-larahipun minangka satunggaling tiyang Muslim sami téga nyubriyani
dhumateng ombyakipun keislaman saking sedhèrèkipun piyambak?
Keimanan ingkang cumondok ing salebeting diri tiyang Muslim sejatosipun
kuwawi nuwuhaken raos ketaqwaan, saé kanthi tata lair menapa déné batin.
Kanthi tata lair ing antawisipun saged katingalan saking sikapipun anggénipun
ngagungaken syiar-syiar Islam. Allah SWT. paring firman:
ُُْ َ َْ َ َّ َ َ َ ْ ّ َ ُ َ َ َ
َّ ‫الله َفة‬
﴾‫ىب‬
ِ ‫ل‬ ‫ل‬ ‫ال‬ ‫ي‬‫ى‬ ‫ل‬ ‫ج‬ ً‫م‬ِ ِ ِ ‫﴿ذلً ومً ٌل ِـم ػل َِائس‬
‫ا‬‫ه‬ ‫ن‬ ِ
Satemené iya pancen mengkono. (kang kasebut saka ngedohi kabéh
kotoran lan pangucap bathal, goroh, lan printah kang diwajibaké marang
dhèwèké). Lan sing sapa ngegungaké syi‟ar-syi‟ar (upacara) agamané Allah,
satemené kang mengkono iku klebu golongané ati kang taqwa. (TQS al-Hajj [22]:
32).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 128


Sewalikipun, tiyang Muslim kedah hanebihi lan ninggalaken sikap-sikap
islamophobia, inggih menika nggethingi Islam, kadidéné ingkang dipun
tindakaken déning kaum kafir. Awit saking menika, sikap ingkang kedah
kabangun lan katindakaken déning sedaya umat Islam mboten sanès namung
nuhani dhawuhipun Allah SWT. jumbuh kaliyan firmanipun:
ُ‫الؼ ُْ َؼان ب َّهه‬
َّ ‫الظ ْلم َو َّاف ًت َوال َج َّدب ُلىا ُخ ُؼ َىاث‬
ّ ُ ُ ْ ُ َ َ َ َّ َ ُّ َ َ
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ‫﴿ًا ؤيها ال ِرًً آمىىا ادخلىا ِفي‬
ٌ ُ ٌّ ُ َ ْ َُ
﴾‫لىم كدو م ِبين‬
Hé para wong mukmin. Sira padha mlebuwa ana ing agama Islam,
ngéstokna sabarang pernatané kabèh, lan aja manut dedalané sétan. Satemené
sétan iku tetela dadi satrunira. (TQS al-Baqarah [2]: 208).

Menika dhawuh saking Allah SWT. dhumateng sedaya tiyang Mukmin


supados mendhet tuwin ngamalaken sedaya ajaran Islam lan syariahipun,
kalebet ngagungaken syiar-syiaripun. Saben tiyang Mukmin kedah purun
nresnani Islam kanthi gembleng, minangka wujud totalitas katresnanipun
dhumateng Allah SWT. Katresnanipun dhumateng Allah SWT, kedah dipun
buktikaken kanthi ndhedhèrèk dhumateng kekasihipun, inggih menika Rasulullah
SAW. Allah SWT. sampun paring firman:
ُ ُُ ُ َ ْ َّ ُ َ َّ َ ُ ُ ُ
﴾‫﴿ك ْل ِب ْن ه ْى ُخ ْم ج ِح ُّبىن الل َه ف َّاج ِب ُل ِىوي ًُ ْح ِب ْبى ُم الل ُه َو ََغ ِف ْس لى ْم ذه َىبى ْم‬
Dhawuha (sira Muhammad): “menawa sira kabèh padha dhemen ing Allah
padha ngéstokna marang aku, Allah mesthi remen ing sira kabèh lan
Panjenengané mesthi bakal paring pangapura ing sakèhing dosanira.” (TQS Ali
Imran [3]: 31).

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 129


ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كى ِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه ه َى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 130


31. HAJI, NGRAKETAKEN UMAT KANTHI KALIMAT TAUHID

Jama‟ah Jumah Rahimakumullah

Mboten dangu malih, mayutan kaum muslim saking sedaya papan panjuru
panggénan badhé makempal ing tanah suci. Ngadani pangibadhahan haji
ingkang agung, wonten ngarso Dalem Allah SWT. Ing nuju dinten samangké, tan
wonten ingkang saged kabombongaken kejawi sesebatan minangka tamu-
tamunipun Allah SWT. Nabi SAW. paring sabda:
ُ ْ ُّ َ ْ َ ‫َ ْ ُ َّ َ َّ َ َ َّ َ َ َ ٌ ْ َ ي‬
َ‫اج َواْل ْل َخ ِم ُس‬‫وفد الل ِه كص وحل زَلزت الغ ِاش والح‬
Tamu Allah iku cacah ana 3 : mujahid, haji lan jamaah umrah (HR an-
Nasa‟i).

Pelaksanaan haji momot pinten-pinten hikmah ingkang penting.

Sepindah: Haji minangka ibadah ingkang nedhahaken ketaatan lan


pangorbanan. Namung tetiyang ingkang kagungan tékat kiyat, ingkang purun
ngawontenanken pangurbanan kanggé panglaksananipun ibadhah haji. Kosok
wangsulipun, tetiyang ingkang ringkih keyakinanipun mboten badhé purun
nindakaken ibadhah haji sanajan kagungan kelapangan rezeki lan bagas waras
raganipun.

Kalih: Ibadah haji minangka simbol tauhid. Ing salebetipun nindakaken haji,
wonten ritual panegas pengesaan Allah SWT. lan penafi‘an sekuton dhumateng
Panjenenganipun. Sadangunipun nandaki ibadhah haji, para jamaah tansah
ngumandangaken kalimat talbiyah ingkang isinipun seruan tauhid. Kalimat
talbiyah ugi momot pengakuan bilih sedaya kekuasaan namung kagunganipun
Allah piyambak. Tan wonten pemilik ingkang hakiki kajawi Allah SWT. (Ibnu
Qayyim, Mukhtashar Tahzib Sunan, 2/335-339).
َ َ ّ َ َ ْ َ ْ َّ َ ْ َّ َ َ َ َ َ َ َ ْ َّ َ َ ْ َّ َ َّ ُ َّ َ ْ َّ َ
« ًَ ‫الى ْل َمت ل‬
ِ ‫ ِبن الحمد و‬،ًُ‫ لبًُ ال ػ ِسًٍ لً لب‬،ًُ‫لبًُ اللهم لب‬
َ َ َ َ َ ُْ ْ َ
َ َ ‫ًٍ ل‬
ً ‫» واْللً ال ػ ِس‬
Kula ndugèni timbalan Panjenengan, ya Allah. Tan wonten sekutu Kagem
Panjenengan. Sejatosipun sedaya pangalembana, kanikmatan lan kekuasaan
namung kagungan Panjenengan. Tan wonten sekutu Kagem Panjenengan.

Tiga : Nindakaken haji ugi minangka napak tilas jejak sejarah lan spiritual wiwit
kanjeng Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail as. ngantos Rasulullah Muhammad SAW.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 131


Kaum Muslim makempal wonten sakupengipun Ka‘bah ingkang kabangun déning
kanjeng Nabi Ibrahim lan putranipun Ismail. Para jamaah sami nyenyuwun ing
Hijr Ismail lan Maqam Ibrahim, kalajengaken nindakaken sa‘i saking Shafa
tumuju Marwa, sekalian ngunjuk ngaosaken seger lan barokahipun toya sumur
Zamzam.
Kanthi napak tilas kalawau, kedahipun saged mbangkitaken kekuatan
ruhiah kanggénipun tiyang Muslim. Nuwuhaken semangat pangibadhah,
perjuangan lan pangorbanannipun.

Sekawan: Ibadah haji ugi ngajari kaum Muslim supados saged meper raos
amarah lan memengsahan; sewalikipun, ngrembakakaken sikap ramah ugi
tulung tinulungan dhumateng sesaminipun gesang. Sanajan mapan ing
satengahipun cuaca panas, raos sayah, lan suk-sukan, para tamu Allah kedhah
saged mapanaken akhlak. Allah SWT. paring firman:
َ َ َ َ ‫َّ ْ َ َّ َ َ َ َ َ َ َ ُ ُ َق‬ َ َ َ ْ َ َ ٌ َ ُ ْ َ ٌ ُ ْ َ ُّ َ ْ
‫الحج ؤػهس مللىماث فمً فسض ِف ِيهً الحج فَل زفث وال فظى وال ِحداٌ ِفي‬
‫الخ ْل َىي َو َّاج ُلى ِن ًَا‬ َّ ْ َ َّ َ ُ َّ َ َ َ ُ َّ ُ َ ْ َ ْ َ ْ
َّ ‫الصاد‬ َُ ْ َ َ َ ّ َ ْ
ِ ‫الح ِج وما جفللىا ِمً خي ٍر ٌلل ْمه الله وجصودوا ف ِةن خي َر‬
َ َْ ْ ُ
َ ِ ‫ولي ْلالب‬
‫اب‬ َِ ‫ؤ‬
(Mongso) haji iku sasi kang wis kinaweruhan. Sing sapa nglakoni rukuné
haji ana sasi mau, ora kena ngumpuli karo wadoné, lan ora kena nerak printah
lan ora kena padudon sajroning nindakaké haji. Déné kabecikan kang padha sira
tindakaké iku Allah Nguningani. Lan sira padha cecawisa sangu, satemené
sabecik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé
akal. (TQS al-Baqarah [2]: 197).

Gangsal: Ibadah haji minangka papan saha wekdal campuhipun mayutan


Muslim saking sadhéngah penjuru dunia. Tan maèlu suku bangsa, bahasa,
warni kulit lan stratanipun. Sedayanipun makempal ing Padang Arafah, Mina,
lajeng nglaksanakaken thawaf lan sa‘i, lan sapanunggalanipun, kanthi
sesarengan. Makaten niku sapérangan kegemilangan ajaran Islam ingkang
sembada ngraketaken sedaya manungsa ing salebeting satunggal pangiket
(buhul), inggih menika aqidhah Islam.

Jama‟ah Jumah Rahimakumullah

Ingkang dados pitakénan, kénging menapa ibadah haji mboten saged


nuwuhaken persatuan ingkang hakiki lan langgeng? Menapa sababipun nikmat
persatuan niku ical sasampunipun rampung ibadah haji lan umat tetep wonten
ing kahanan kocar-kacir?

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 132


Éman sanget, ibadhah haji ingkang sampun saged makempalaken lan
nyanthuk-lawungaken mayutan manungsa ing kawontenan nunggall wekdal, lan
papan panggénan, kasunyatanipun dèreng saged nglantaraken tetiyang kala wau
nuju persatuan ingkang hakiki. Kawontenan makaten niku wongsal-wangsul,
tansah kawangsulan saben tahun. Persatuan umat salaminipun nindakaken haji
nembé saged sadermi nuwuhaken ikatan spiritual tanpa sistem (rabithah ar-
ruhiyah bi la nizham). Jèbles sami kaliyan ibadhah shalat jamaah utawi shalat
Jumat. Umat makempal sesarengan ing wekdal dan panggènan ingkang sami,
lajeng bubar malih. Tan wonten malih ikatan satunggal lan satunggalipun.
Semestinipun ibadhah haji saged minangka rapat konferensi akbar saperlu
kanggé mbangun kesadaran umat, bilih sedayanipun samenika nembé kocar-
kacir. Mboten malih dados umat inggkang manunggal kanthi tinangsulan ikatan
aqidhah Islam. Kathah permasalahan umat ingkah kedah dipun rampungaken
kanthi manunggal sesarengan.
Ikatan aqidhah ingkang saged nglahiraken ukhuwah islamiyah menika
mboten namung karipta ing Madinah, negari Islam kawitan ing alam ndonya,
ananging terus ngrembaka dhumateng saben papan panggénan
pangrembakanipun ajaran Islam, kanthi margi dakwah lan futuhat (penaklukkan).
Sadhéngah bangsa ingkah ngrasuk Islam, kelajenganipun sami nggantos
ikatanipun, ingkang sekawit ikatan kesukuan lan kebangsaan kagantos mawi
ikatan ukhuwah islamiyah. Sedayanipun sami ngrengkuh sedèrèk seiman,
sanajan bènèh-bènten suku bangsanipun, sanajan para ingkang sami neneka
niku ugi ingkang naklukaken negerinipun. Bangsa Spanyol ing Andalusia lan
Cordoba, Persia, Syams, suku Barbar ing Afrika. Sedayanipun manunggal ing
salebeting ikatan aqidhah lan ukhuwah islamiyah, sesarengan kaum Muslim
ingkang asal-muasalipun saking Jazirah Arab.
Alhasil, sumangga kita raketaken malih ikatan ukhuwah islamiyah kita. Kita
manunggalaken manah, kasingkiraken égo kebangsaan lan kelompok ingkang
sampun handadosaken kita sami kocar-kacir, ingkang nyebabkan pihak mengsah
sami saged nguwaosi kita terus-terusan.
Sumangga kita dadosaken kalimat tauhid minangka pemersatu kita. Awit
sejatosipun kita menika umat ingkang satungal. Tunggal Pangeran, Allah SWT.
tunggal hukum, Al-Quran. Kanthi manunggal pinayungan kalimat tauhid menika
Allah SWT. badhé paring pitulungan sarta paring kamulyan dhumateng kita.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 133


samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 134


32. KETAATAN TOTAL DHUMATENG ALLAH SWT.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sawetawis dinten malih, kaum Muslim saking sadhéngah papan panggénan


donya badhé makempal ing Padang Arafah saperlu nindakaken rukun Islam
ingkang kaping gangsal, inggih menika ibadah haji. Sedaya makempal wonten
ing papan panggénan ingkang sami, ngagem ageman ingkang sami, kanthi syiar
ingkang sami, kanthi syariah ingkang sami, lan pangangkah ingkang sami, inggih
menika wujudaken ketaatan dhumateng Allah Rabbul‘aalamien.
Saben wanci haji menika kita tansah dipun émutaken ing babagan kisah
keteladanan khalilullâh Ibrahim As. lan putranipun Ismail As. ingkang luar biasa.

Ingkang sepindah, babagan kepripun pambudidayanipun keluarga Nabi Ibrahim


As. anggènipun tundhuk lan taat kanthi total saperlu nuhoni dhawuhipun Allah
SWT. Tanpa raos awrat sakedhik kémawon ing diri sedayanipun. Katuran
wuninga kados pundi ketaatan Ibrahim As. dhumateng Allah SWT. ingkang
kadhawuhan ninggalaken garwa lan putra kinasihipun wonten ing satengahipun
lembah gersang tanpa tetaneman [Hr. Bukhari dari Ibn ‗Abbas]. Semanten ugi
ketaatan Ibrahim As. dhumateng Allah SWT. ingkang kadhawuhan supados
mragat putra kinasihipun, ingkang dipun dama-dama katengga sawetawis dangu.

Angka kalih, babagan sepinten ketaatan garwanipun kanjeng Nabi Ibrahim As–
Hajar, kaliyan ingkang putran, rikala dipun tilar piyambakan mapan ing padang
pasir tandus, tan wanten ingkang ngréncangi. Makaten aturipun Hajar
dhumateng garwanipun:
َ َ َ َ ٌ ْ ْ َ ْ َ ْ َّ ْ َ ْ َ َ َ ُ ُ ْ َ َ ُ َ ْ َ َ ْ َ ُ ْ َ ْ َ
‫ع َوال ش ْي ٌء ف َلال ْذ‬ ‫ًا ِببس ِاهُم ؤًً جرهب وجترهىا ِبهرا الى ِادي ال ِري لِع ِفُ ِه ِبو‬
َ َ َ َ َ َ َ َ َ ْ َّ َ َ َ َ ْ َ َ َ
.‫ و َل ْم‬:ٌ‫ا‬ ‫ ك‬،‫ آهللُ ال ِري ؤمسن ِبهرا‬:‫ ف َلال ْذ ل ُه‬.‫ل ُه ذ ِل ًَ ِم َسا ًزا َو َح َل َل ال ًَل َخ ِف ُذ ِبل ْي َها‬
َ ًُ ‫ ب َذ ْن َال‬:‫َك َال ْذ‬
‫ظ ُِّ ُل َىا‬ ِ
“ Dhuh [semahkula] Ibrahim, panjenengan badhé tindak pundi, nilar kula
kalihan Ismail wonten lembah menika, ingkang sepi tan wonten satunggaling
tiyang san menapa-menapa?” Dhèwèké (Hajar) matur ngono iku makaping-
kaping. Nabi Ibrahim ora ngglapé, ora tumoleh marang dhèwèké. Sabanjuré
Hajar matur manèh, “Menapa Allah ingkang paring dhawuh dhumateng
panjenengan?” Penjenengané (Ibrahim) mangsuli, “bener”. Dhèwèké (Hajar) nuli
matur, “ menawi menika pancèn dhawuhipun (Allah), mesthi Penjenenganipun
mboten badhé téga mubadhiraken dhumateng kita.” [Hr. Bukhari]

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 135


Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Angka tiga, babagan kados pundi ketaatan Ismail ingkang kanthi sabar lan
pasrah diri, nampi dhawuhipun sanajan dhawuh kala wahu badhé hanjalari
pisahipun sukma saking raganipun. Makaten aturipun Ismail dhumateng
bapakipun :

﴾ًَ ٍْ‫الص ِاب ِس‬ ُ ‫﴿ًأ َؤ َبذ ْاف َل ْل َما ُج ْا َم ُس َط َخج ُدو ْي ب ْن َػ َاء‬....
َّ ًَ ‫هللا م‬
ِ ِ ِ ِ ِ
“....Ismail matur : Dhuh Bapak, prayoginipun lajeng panjenengan
héstokaken dhawuhing Allah wahu (mragat kula). Menawi Allah maringaken
panjenengan badhé pirsa tatagipun manah (kesabaran) kula.” [Qs. al-Shaffat, 37:
102].

Makaten menika lugunipun ketaatan tiyang Muslim sejati dhumateng Allah


SWT. Ketaatan mutlak, ketaatan tanpa wates. Karana kita sedaya menika
sejatosipun namung mapan minangka kawula/hamba [budak]-ipun, ingkang
namung kedah tansah tundhuk sarta patuh dhumateng Panjenenganipun:
َ ْ َ َ ْ ّ َ َ ْ ُ َْ َُ
﴾‫﴿وؤ ِمسها ِليظ ِلم ِلس ِب الل ِاْلين‬....
“....Ingsun sakancaku wong Islam kabèh padha didhawuhi ngèstokaké
préntahé Allah, Pangéran ngalam kabèh.” [Q.s. al-An‘am,6: 71]

Ketaatan ingkang makaten menika ingkang badhé dipun dunungaken


déning para jamaah haji, nalika sedayanipun nembe nindakaken rangkaian
manasik haji. Sedayanipun mboten sami nyumela atur, kenging menapa lan
kados pundi kedah makaten? Sedaya rangkaian ibadah haji menika sami
katindakaken minangka bukti ketundhukan lan kepatuhan dhumateng Allah
Rabbul ‗Alamien.
Pramila, kedahipun inggih kados makaten menika, anggèn kita sami nuhoni
syariah Allah SWT. sanèsipun, wonten ing sadhéngah perkawis panggesangan.
Menawi ing babagan shalat lan zakat kita sami saged taat dhumateng Allah
SWT, lugunipun makaten ugi rikala kita nindakaken dedagangan lan mu‘amalah.
Menawi nedhengipun siyam lan haji kita saged taat dhumateng Allah,
mesthinipun makaten ugi nalika ngadani aktivitas politik lan nggulawenthah
negari.
Minangka tiyang Muslim kedah yakin bilih hikmah saking ketaatan
dhumateng sedaya dhawuh lan syariahipun Allah SWT. mesthi badhé
nuwuhaken kesaénan. Allah SWT mboten badhé nglirwakaken, utawi daksia
dhumateng hambanipun ingkang taat nindakaken dhawuhipun. Jumbuh kalian
aturipun Siti Hajar, garwanipun Nabi Ibrahim As.:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 136


ُ ‫ظ ُّ ُل َىا‬
َ‫هللا‬ َ ًُ ‫ب َذ ْن َال‬
ِ ِ
“Menawi makaten, mesthi Allah mboten badhé téga mubadhiraken
dhumateng kita.” [Hr. Bukhari]
Allah SWT ugi sampin maringaken firmanipun ing hadits Qudsi:
َ َّ ُ ْ ُ ْ ُ ْ ّ ُ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َ ُ ْ َ َ َ ُ ْ َ ُ ْ ُ َ ْ ّ َ َّ ُ ْ َ ْ َ
‫ ف َِةذا ز ِطِذ بازهذ والبرهت ِم ِجي جد ِزن ْلامت‬،‫بلد ْلام ِت [وِب ِوي ِبذا ؤ ِػلذ ز ِطِذ‬
‫[زواه ابً ؤبي حاجم‬
“Lan satemené Ingsun (Allah), menawa Ingsung ditaati mesthi Ingsun bakal
rido. Menawa Ingsun wis rido, mesthi Ingsung bakal maringi kaberkahan. Lan
kaberkahaningsun iku uga bakal kasandang déning umat sawisé umat liyané.”
[Hr. Ibn Abi Hatim]

Menawi Allah SWT paring kamulyan dhumateng tiyang ingkang taat,


pramila kosok wangsulipun, Panjenenganipun badhé paring kasangsaran
dhumateng tiyang ingkang sami maksiat lan zhalim.
ُْ َ ‫و َك ْد َخ‬....
‫اب َم ًْ َح َم َل ؿل ًما‬ َ
“....Lan yekti kapitunan wong-wong kang padha mikul dosa (bésuk dina
qiyamat) [Qs. Thaha, 20:111]

Awit saking menika, sedaya kacintrakan, krisis multi dimensi lan manéka
karupekan ingkang kasandang déning umat Islam awit karana umat niku wahu
sami mboten purun taat dhumateng Allah SWT. kanthi total. Musibah lan krisis
ingkang tumanduk dhumateng negeri menika, lan ugi negeri-negeri kaum
Muslimin inggih karana mléngosipun kaum Muslimin saking pangaturan
hukumipun Allah SWT. Allah SWT. sampun maringaken Firmanipun:
ُ ُ ْ َ ْ ُ َ ْ ُّ ْ َ ُ ُ ْ ُ َ َّ ّ ْ َ ْ َ ْ َّ َ َ ْ َ
َ‫ع ذه ْى ِب ِه ْم‬
.... ِ ‫ف ِةن جىلىا فاكلم ؤهما ً ِسٍد هللا ؤن ً ِصُبهم ِببل‬....
“...Sira sumurupa, satemené Allah kagungan kersa bakal nyiksa wong
yahudi mau merga sawenèh dosané....” [Qs. al-Maidah, 5: 49]

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 137


lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 138


33. MUJUDAKEN KAMARDIKAN SEJATI

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Islam dipun tedhakaken kaliyan Allah SWT. dhumateng Rasulullah SAW.


kanthi ngemban misi utami inggih menika, badhé mujudaken pengabdian tulus
namung dhumateng Allah SWT sawantah. Makaten niku ingkang sinebat
kamardikan ingkang sejati. Wonten ing pamawas agami Islam, kamardikan
makaten menika badhé mawujud nalika manungsa sampun saget kalis saking
mawarni pengabdian menapa déné perbudakan saking sesamining manungsa.
Tembung sanèsipun, bilih Islam kagungan pangangkah supados para manungsa
èstu-èstu mardika saking sedaya anasir penjajahan, eksploitasi, penindasan,
kezaliman, perbudakan lan penghambaan saking sesamining gesang .
Rasulullah SAW naté kintun nawala dhumateng warga/kaluwa Najran. Ing
antawis suraosipin mungel makaten:
َ َ ُ َ ْ ّ َ ُ َ ّ َ َ
«... ‫ؤ ّما َب ْل ُد ف ِةوي ؤ ْد ُكىه ْم بلى ِك َب َاد ِة الل ِه ِم ًْ ِك َب َاد ِة ال ِل َب ِاد َوؤ ْد ُكىه ْم بلى ِوال ًَ ِت‬
ْ َ ّ
َ ِ ‫ الل ِه ِم ًْ ِوال ًَ ِت ال ِل ََب‬...»
‫اد‬
...Amma ba‟du. Ingsung paring dhawuh (ngajak ) marang siro kabèh,
supaya ngabekti ing ngarsaning Allah SWT., lan uga ninggalaké ngawula
marang sak pepadhané kawula (manungsa). Ingsun uga paring dhawuh marang
sira kabèh, supaya padha tansah jejeg ing sak jroning wewengkon
panguwasané Allah SWT., lan ngluwari pribadi nira saka penguwasané
sapepadhané kawula (manungsa)… (Al-Hafizh Ibnu Katsir, Al-Bidâyah wa an-
Nihâyah, v/553).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Misi (ancas tujuanipun) syariat Islam badhé mujudaken kamardikan sejati


kanggé sedaya umat manungsa, saget karunut, wonten ing wawan sabdanipun
Jénderal Rustum saking Persia, kaliyan Mughirah bin Syu‘bah minangka duta
saraya/utusanipun Panglima Saad bin Abi Waqash ra. Pratélan baku syaréat
Islam kala wau kaambalan malih ing wawan sabdanipun Jenderal Rustum kalian
Rab‘i bin ‗Amir, minangka duta pangarsa Panglima Saad bin Abi Waqash ra.
Piyambakipun kautus sasampunipun Mughirah bin Syu‘bah, rikala Perang
Qadisiyah ingkang ancasipun kanggé mbébasaken Pèrsia.
Jénderal Rustum miterang dhumateng Rab‘i bin ‗Amir, “ apa sing mbok
gawa? Rab‘i bin ‗Amir paring wangsulan, “Allah wis paring dawuh marang ingsun.
Demi Allah, Allah wis ngutus marang ingsun supaya ingsun ngluwari marang
sapa waé sing gelem, saka angawulo ing sak pepadhané kawula (manungsa),
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 139
ganti mingset ngawulo maring Allah SWT.; saka rupeg ruweting urip tumuju
marang jembaré panguripan; sarta saka pangrusaké (kezaliman) agama-agama
(saliyané Islam) tumuju ing keadilan Islam…” (Ath-Thabari, Târîkh al-Umam wa
al-Mulûk, II/401).

Allah SWT ugi sampun paring pangandikan ingkang kaserat ing kitab suci
Al Qur‘an, ingkang ungel lan maknanipun:
َّ َ َ ُ َ
َ‫ِا َّجخروا ؤ ْح َبا َز ُه ْم َو ُز ْه َب َان ُه ْم ؤ ْزَب ًابا ّ ِمً ُدو ِن الل ِه‬
Para wong Yahudi lan Nasrani padha ngangep pendhétané, katetepaké
dadi Pangérané … (TQS at-Taubah [9]: 31).

Nalikanipun ayat menika dipun waosaken kaliyan Rasulullah SAW, Adi bin
Hatim matur, bilih anak turunipun Israil, utawi sinebat Bani Israil (Yahudi lan
Nasrani) mboten nyembah para pendhéta menapa déné para rahibipun. Ing
wekdal samanten, Rasul SAW paring sabda, “ éwo semana, ing rikalaning para
rahib lan pendhétané Bani Israil ngalalaké sadhéngah perkara, umaté mau pada
nuhoni, manut miturut, lan ing rikalaning para rahib lan pendhétané Bani Israil
ngaramaké sadhéngah perkara, umaté mau pada nuhoni, manut miturut, (Iku
kabèh cukup minangka wujud panyembahan marang para rahib lan pendhétané,
red.) (HR at-Tirmidzi).

Salajengipun, Islam dipun turunaken kanggé ngluwari sedaya manungsa


saking samukawis pangawula/pangabdian dhumateng sesamining kawula
(manungsa), sarta ugi mujudaken pangawula/pengabdian ingkang tunggal, maligi
dhumateng ngersa dalem Allah SWT. Islam dhateng kanggé ngluwari sedaya
manungsa saking rupegipun alam ndonya, awit saking pakartinipun para
manungsa (ingkang adhedhasar aturan rancangan, rekadayanipun manungsa
sawantah), nuju dhumateng jembaring panggesangan alam donya (rahmatan lil
alamin). Islam katurunaken kanggé ngluwari manungsa saking karusakan
(kezaliman) agami-agami menapa déné sistem-sistem sak sanèsipun Islam,
kagantos mawi keadilan Islam.
Sedaya wau saged dados kasunyatan, jer para manungsa purun
mangsulaken sedaya paugeran gesangipun, kanthi lelandasan dhumateng
aturan/hukum saking Allah SWT., lan Rasul SAW. Inggih kanthi sepakat
nindakaken sedaya aturan panggesangan adhedhasar syariah Islam kanthi
komplit (Islam kaaffah), gembleng tan kacicir. Tanpa lelampahan ingkang kados
maketen, tangèh lamun saget mujudaken kamardikan sejati, ngrengkuh
katentreman donya lan keadilan Islam. Sami dipun émut, bilih aturan
penggesangan ingkang karipta mawi akal rékadayanipun manungsa ingkang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 140


kathah cicir cèwètipun, tangèh lamun saged ngasilaken sampurnaning
panggesangan.
Allah SWT sampun paring pepémut ing babagan menika, ingkang kacetha
ing Al Qur‘an:
َ ْ ُ َ ً َ ً َ َ ُ َ َّ َ ‫َ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ي‬
﴾‫طىيا َوه ْحؼ ُس ُه ًَ ْى َم ال ِل َُ َام ِت ؤ ْك َمى‬ ‫﴿ومً ؤكسض كً ِذه ِس ف ِةن له م ِلِؼت‬
Lan sing sapa mléngos saka pepéling Ingsun (Kitab Qur‟an) yekti dhèwèké
bakal nduwèni panguripan kang rupeg. Lan ing besuk dino qiyamat, wong mau
Ingsun klumpulaké, nanging mripaté nangdang wuta. (TQS Thaha [20]: 124).

Lelandasan ayat menika, Allah SWT. paring dhawuh dhumateng kita


sedaya supados ngetrapaken syariah Islam wonten ing sadhéngah paugeran
panggesangan. Lumampahing hukum syariah Islam saget minangka tanda jejeg
lan sampurna anggènipun sami ngrungkepi keyakinan sarta pangawula kula
panjenengan sami, dhumateng Allah SWT.
Nyarengi ing babagan menika, Allah SWT nedhahaken para pangarsa,
manggalaning nagari supados hanggulowenthah pamarintahan kanthi
linambaran aturan hukum-hukum syariah. Katandhesaken malih bilih Allah
SWT., nintingi/ hanggolongaken para pangarso/ panguwaos ingkang mboten
kersa ngagem kendhali hukum-hukum syariah kanthi sesebatan; kafir (QS al-
Maidah [5]: 44), fasik (QS al-Maidah [5]: 47) utawi zalim (QS al-Maidah [5]: 45).
Kamardikan satuhu, namung badhé saget mawujud, namung kanthi
lumampahing sistem Islam, ingkang dipun pandhégani para pangarso ingkang
amanah, ingkang ngregem pusaraning adil kanthi lelandasan syariah Islam
kemawon. Namung kanthi margi makaten ancasing kamardikan sejati saged
mawujud, inggih menika panggesangan ingkang adil, makmur, sejahtera, aman
lan tenteram, pinayungan ridha Allah SWT.
Islam minangka agami lan sistem ingkang tuk sumberipun saking Allah
Ingkang Maha Bijak sampun dipun rancang, badhé sembada nglantarken tumuju
dhumateng panggesangan ingkang padang njinglang utawi ―terang-benderang‖
kanggénipun umat manungsa. Awit Allah SWT. sampun mratélaken bilih Islam
dipun turunaken supados Rasulullah Muhammad SAW., sembada ngedalaken
umat manungsa saking pepeteng nuju dhumateng pepadhang. Jumbuh kaliyan
firmanipun Allah SWT.:
َ ْ َّ ْ ُّ َ َ ُ ُّ َ َ َّ َ ْ ُ َ ْ َ ُ َ ْ َ َ ٌ َ
َ‫اث ِبلى الىى َِز ِب ِةذ ِن ِزب ِهم ِبلى‬
َ ِ ‫ً ِلخخ ِسج الىاض ِمً الـلم‬
َ ُ‫هخاب ؤهصلىاه ِبل‬.‫﴿الس‬ِ
َْ َْ
﴾‫ُد‬ َ ِ ‫ِص َس‬
ِ ‫اغ الل ِص ٍِص الح ِم‬
Alif, laam raa, (mung Allah pribadi kang priksa tegesé). (Muhammad)
Qur‟an ini kitab kang Ingsun turunaké marang sira, supaya sira anggo ngetokaké
manungsa saka pepetenging kafir marang pepadhanging iman, utawa marang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 141


dalaning Pangéran kang Maha Mulya tur Maha Pinuji, kang mengkono iku dhasar
printahé Pangéran. (TQS Ibrahim [14]: 1).

Mugi kawuningan, bilih mujudaken panggesangan lan tembé wingking


ingkang padhang njingglang menapa déné hambébasaken manungsa saking
sedaya rupi penjajahan, kuncinipun inggih menika kanthi purun ngetrapaken
Islam lan syariatipun kanthi kaffah; kanthi totalitas. Perkawis menika sampun
dados tanggel jawab lan kewajiban kita sedaya minangka hambanipun Allah lan
tanggel jawab kita dhumateng umat manungsa. Mugi kita sedayo saged
hamenangi kawontenan ingkang makaten kala wau. Syukur binagé saged dados
péranganipun tetiyang ingkang tansah ngupados, mbudidaya, ngrékadaya
tumapaking kamardikan sejati.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْ َه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 142


34. HIJRAH MUJUDAKEN KHAYRU UMMAH

Jama‟ah Jumah Rahimakumullah

Mboten antawis dangu malih, kita badhé napaki wulan suci Muharram.
Ingkang maknanipun, 1441 tahun qomariyah ingkang sampun kapengker,
Rasulullah SAW. nindakaken hijrah saking Makkah nuju Madinah. Awit saking
menika kaliyan Khalifah Umar bin Khaththab, hijrah menika katetepaken
minangka wiwitanipun tahun/kalender /penanggalan Islam. Inggih menika tahun
hijriyah.
Ing saben wekdal gantos tahun, sikap paling saé ingkang kedah kita
tindakaken inggih menika muhasabah diri, introspeksi diri. Makaten menika
minangka momentum perubahan, momentum hijrah. Umar bin al-Khaththab ra.
naté paring pangandikan, “Hisabpen diri nira kabèh sadurungira kabèh dén hisab
(ing akhirat, red).‖
Mangga katlesih, ing pundi mapan kita, antawisipun dosa tuwin pahala,
utawi antawisipun kemaksiatan tuwin ketataan, antawisipun neraka lan surga?
Ing panggénan pundi mapan kita, saking Islam lan syariahipun, ugi ing
antawisipun umat Islam? Dumugi pundi anggèn kita sami nebihi manéka
awisanipun Allah SWT.? Sarta sampun dumugi pundi anggènipun sami
nindakaken dhawuh-dhawuhipun?
Sasampunipun muhasabah utawi mawas diri, lajeng menapa ingkang kedah
kita lampahi? Ingkang sepindhah inggih menika ninggalaken sadhéngah
perkawis ingkang kedah dipun tinggalaken, inggih menika, menapa kemawon
ingkang dipun awisi déning Allah SWT. Makaten niku hijrah ingkang saged dipun
tindakaken ing sadhéngah wekdal. Jumbuh kaliyan sabdanipun Rasulullah
Muhammad SAW.:
َّ َ
« ‫اح ُس َم ًْ َه َج َس َما ه َهى الل ُه َك ْى َُه‬‫ه‬َ ُ‫ْاْلُ ْظ ِل ُم َم ًْ َط ِل َم ْاْلُ ْظ ِل ُم ْى َن ِم ًْ ِل َظا ِه ِه َو ٍَ ِد ِه َو ْاْل‬
ِ
»
Wong Muslim yaiku pawongan kang hanjalari wong Muslim liyanéslamet
saka lisan lan tangané. Wong kang hijrah yaiku pawongan kang ninggalaké apa
waé kang wis Allah larang mungguhé awaké. (HR al-Bukhari, Abu Dawud, an-
Nasai, Ahmad, Ibnu Hibban lan al-Humaidi).

Ninggalaken menapa kemawon ingkang sampun Allah awisi mboten


mbetahaken kemampuan. Perkawis niki bènèh kaliyan nglaksanakaken menapa
ingkang sampun Allah dhawuhaken, ingkang nedhahaken syarat, kemampuan
maksimal. Rasulullah Muhammad SAW sampun paring sabda:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 143


ْ َ َّ ُ ُ َ َ ُ ُ َ ْ َ ْ َّ ُ َ َ
«... ‫ َوِبذا ؤ َم ْسجى ْم ِبالص ْي ِء فائ ُخىا ِم ْى ُه َما‬،‫ىه‬ ‫ف ِةذا َن َه ُْ ُخى ْم َك ًِ الص ي ِء فاحخ ِيب‬
َ ْ
‫»اط َخؼ ْل ُخ َْم‬
…menawa aku nglarang sira kabèh ing sadhéngah perkara, banjur padha
tinggalna, lan menawa aku dhawuh ing sadhéngah perkara, banjur tindakna kang
jumbuh marang kekuwatanira. (HR Ahmad, al-Bukhari dan Muslim).

Sasanèsipun katindakaken adhedhasar kemampuan kanthi maksimal,


sedaya dhawuhipun Allah SWT., ugi kedah énggal-énggal katindakaken. Allah
SWT sampun maringaken firmanipun:
َ ُ َ ّ َّ َ َ
﴾‫﴿ف ِف ُّسوا ِبلى الل ِه ِب ِوي لىم ّ ِم ْى ُه ه ِر ًٌس ُّم ِب ٌين‬
Mulané padha gelis (agé-agé) ngistokaké dhawuhing Allah, Ingsun iki
ngélingaké kelawan cetha terang saka Allah. (TQS adz-Dzariyat [51]: 50).

Abu Ishaq ats-Tsa‘labi wonten ing tafsiripun, Al-Kasyfu wa al-Bayân „an


Tafsîr al-Qur‟ân, paring penjelasan, frasa “Fafirrû ilâlLâh” ngandut
pangertosan : Mlajar saking azab Allah nuju dhumateng ganjaranipun kanthi
iman, lan nebihi kemaksiatan. Ibnu Abbas ngendika : ―gegancangana nuju
marang Allah lan ngamala kanthi taat marang Panjenengané.”

Jama‟ah Jumah Rahimakumullah

Kanthi makaten, sadhéngah tiyang Muslim parikedah gegancangan


mandheg lan ninggalaken saking samukawis ingkang dipun awisi déning Allah,
sarta ugi cékat-cèket nindakaken ketaatan dhumateng Panjenenganipun. Kanthi
kalih spirit menika, saben Muslim badhé saged dados sosok ingkang sansaya
taat. Ketaatanipun ugi sansaya total, gumeleng lan kâffah.
Tiyang ingkang ―hijrah‖ menika mboten badhé remen dhumateng menapa
kémawon ingkang nalisir saking Islam lan syariahipun. Malahan piyambakipun
sansaya remen dhumateng Islam lan syariahipun. Piyambakipun ugi sansaya
ngrantu, kapang, kaliyan panggesangan Islami; panggesangan ingkang tansah
dipun atur kajumbuhaken kaliyan Islam lan syariahipun.
Ing tataran pribadi utawi individual, tiyang Muslim mboten angsal mandheg
anggènipun ―hijrah‖. Mboten pareng kèndel nuju dhumateng kiblat ingkang
langkung saé, lan jumbuh kaliyan tuntutan syariah, nuju totalitas Islam lan
nglaksanaken syariahipun kanthi kâffah.
Ing tataran bebrayan ageng (keumatan), kita perlu nindakaken muhasabah/
interospèksi menggah kawontenanipun umat Islam ing dinten menika lan kados
pundi kedahipun kawontenan ingkang jumbuh kaliyan pikajenganipun Islam.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 144


Allah SWT. sampun paring sesebatan/sifat umat Islam minangka khayru
ummah (umat paling unggul), kadidéné firmanipun:
َ‫َ َ ْ َ ْ َن َ ْ ُ َ َ ُ ْ ُ ن‬ ُ ْ َ ْ َ ُ ُ ْ َ َّ ْ َ ْ ُ َّ ُ َ ْ َ ْ ُ ُ
‫اض جإمسون ِباْللسو ِف وجنهى ك ًِ اْلىى ِس وجا ِمىى‬ِ ‫﴿هىخم خير ؤم ٍت ؤخ ِسحذ ِللى‬
َّ
﴾‫ِبالل ِه‬
Sira kabèh dadi becik-beciking umat kang didadèkaké tumrap manungsa.
Sira padha printaha nindakaké penggawé becik lan padha nyegaha saka tindak
ala, lan padha percaya ing Allah. (TQS Ali Imran [3]: 110).

Lajeng menapa sesebatan/sifat kala wau sampun kedadosan? Imam ath-


Thabari paring penjelasan karakteristik umat unggul (khayru ummah) ing
tafsiripun, Jâmi‟u al-Bayân: Firman Allah “ta`murûna bi al-ma‟rûf‖ iku
ndhuwèni pangertèn: sira kabèh mrintahaké manungsa supaya ngimani Allah lan
Rasul-é sarta ngamalaké syariahé. Sabanjuré “wa tanhawna „an al-munkar”
tegesé: sira kabèh nglarang marang manungsa anggoné nyekutokaké marang
Allah, ndustakaké Rasul-é lan ngamalakéapa kang Panjenengané larang.”
Raosipun, sifat makaten niku taksih tebih. Kemungkaran taksih dumados
ing pundi-pundi panggènan. Malah kemungkaran paling ageng kedadosan
wonten ing sangajeng kita, inggih menika mboten kalaksananipun hukum Allah
SWT. kanthi kaffah.
Awit saking menika, wonten ing momen hijrah niki, sumangga kita
wujudaken malih khayru ummah, umat paling unggul. Kanthi lampah
merjuangaken tegakipun syariah Allah SWT ing sadhéngah perkawis tataran
panggesangan
Allah SWT, sampun paring firman:
ْ ُ َ َ ُ ّ َ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ّ َ ُ َ َ َّ َّ
....﴾‫﴿بن الله ال ٌغ ِير ما ِبلى ٍم حتى ٌغ ِيروا ما ِبإهف ِظ ِهم‬....
ِ
....Allah iku ora kersa ngowahi peparingé kabegjan utawa kebungahan
marang para manungsa, kajaba menawa manungsa mau ngowahi kelakuwané
dhéwé..... (TQS ar-Ra‘du [13]: 11).

Sadhéngah perubahan mapan ing kekiyatan tangan kita. Mangga kita


kobaraken terus, dakwah nuju dhumateng izzul Islam wal Muslimin. Mugi-mugi
Allah SWT. maringi kekiyatan dhumateng langkah lan perjuangan kita sedaya.
Aamiin.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 145


Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 146


35. HIJRAH NINGGALAKEN SISTÉM JAHILIAH

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Ngepasi wekdal sumusupipun sang bagaskara mbénjang, ateges kita


sampun napak malebet ing warsa énggal hijrah, inggih menika tahun 1441 H.
Menika momentum ingkang penting ing sawetawis 1441 tahun kapengker, rikala
kanjeng Nabi Muhammad SAW hijrah saking Makkah nuju dhateng Madinah. Lan
ing wekdal hijrah menika dados prastawa paling baken tumrap jejegipun Islam
minangka satunggaling idéologi lan sistém ing salebeting intitusi negari wekdal
semanten, inggih menika Daulah Islamiyah.
Sadèrèngipun, Nabi Muhammad SAW hambangun Daulah Islamiyah ing
Madinah, masyarakat Arab minangka masyarakat Jahiliah. Sedayanipun sami
ambyur ing dalem kemusyrikan. Ing Wekdal semanten, sapérangan ageng tiyang
Arab sami pitados bilih Allah menika minangka Pangripta ing samudayanipun,
ananging wonten ing tataran pakarti, piyambakipun sami ngawontenaken
manéka warni wasilah utawi perantara kanggé manembah dhumateng Allah.
Wonten ingkang nyembah malaikat lan ganggep para malaikat niku yoga
putrinipun Allah. Wonten ingkang nyembah jin lan ruh. Wonten ugi ingkang
nyembah kewan, lan brahala. ‗Amr bin Lubayyi, panguwaos Ka‘bah ing wekdal
samanten, yasa brahala saking watu akik, ingkang kondang sinebat ―Hubbal‖.
Sareng wekdal samanten ugi, kebobrokan moral kadadosan sanget
nggegirisi. Sedayanipun sami remen ngunjuk arak, ngwuru. Pelacuran lan
perzinaan ing Jazirah Arab sampun dados perkawis ingkang biasa. Maling,
mbegal, lan ngrampok ugi kadadosan ing sadhengah panggénan. Kekejaman
lan kebiadaban bangsa Arab ing wekdal semanten sampun nrajang wates raos
kamanungsan. Para putri ingkang nembé lahir sami dipun pendhem urip-uripan.
Sedayanipun ugi nindakaken riba. Malahan utang-piutang kanthi margi riba
ingkang matikel-tikel (riba fadl) sampun dados tradisi, ngantos mboten wonten
ingkang ngingkari.
Sarta, ing babagan politik, bangsa Arab wekdal semanten dados bangsa
ingkang dipun rèmèhaken déning bangsa-bangsa sanèsipun. Negari adidaya ing
wekdal semanten, Persia lan Kristen Byzantium, babar pindah mboten ngrèken
bangsa Arab minangka kekuatan politik.
Menapa kedadosanipun sasampunipun hijrah? Perubahan total. Negari
Islam ingkang kabangun Baginda Nabi Muhammad SAW. ing Madinah kasil
mbangun masyarakat Islam, saking masyarakat Jahiliah sadèrèngipun. Kanthi
éndah sanget Rasulullah SAW paring gegambaran menggahipun Madinah al-
Munawwarah ing wekdal semanten, kanthi sabdanipun, ”Madinah iku kadidéné

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 147


pandhé (tukang besi) kang bisa ngresiki lebu-lebu kang reget lan nggawé
mencorong kabèh kabecikané.” (HR al-Bukhari).

Masyarakatipun èstu-èstu sampun bènten karakteripun kaliyan masyarakat


Arab Jahiliah sadèrèngipun Hijrah.

Sepindhah: Ing tataran aqidhah. Sapérangan ageng nganut aqidhah Islam.


Malahan aqidhah Islam minangka asas tunggalipun negari lan masyarakat. Awit
saking menika, sanajan ing wekdal semanten ugi wonten kaum Yahudi lan
Nasrani, aturan ingkang kadadosaken paugeraning masyarakat inggih menika
aturan (syariah) Islam.

Kakalih: Ing tataran sosial. Panggesangan sosial masyarakat ing wekdal


semanten tansah damai lan ayem tentrem, tebih saking maneka warni
kemaksiatan. Perjudian, perzinaan sarta sedaya rupi kemaksiyatan dipun basmi,
mawi lampah penegakan hukum Islam ingkang tegas.

Katiga: Ing tataran ékonomi. Wekdal semanten, ékonomi ingkang adhedhasar


riba, èstu-èstu dipun besem. Penipuan lan manéka warni kecurangan dipun
brasta. Sewalikipun, manéka margi ingkang cocok kaliyan syariah, kanggé
ngupadi kabetahan kadonyan dipun buka kanthi bébas.

Kasekawan: Ing tataran politik. Malah ing wekdal sasampunipun/Pasca Hijrah


sejatosipun Islam lan kaum Muslim èstu-èstu wiwit dipun rèken, dados
kawigatosan déning bangsa-bangsa sanès. Daulah Islamiyah ingkang kabangun
Baginda Nabi Muhammad SAW. èstu-èstu dipun segani kaliyan musuh Islam lan
kaum Muslim.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Menawi kita tingali, ing masyarakat samangké kahananipun mirip kaliyan


kawontenan jaman jahiliyah sadèrèngipun Rasulullah SAW. hijrah dhateng
Madinah. Wajar mejawi sapérangan ulama mastani kawontenan samenika
minangka ‖Jahiliah Modern‖. Menapa ingkang kadadosan ing wekdal semanten,
ugi kedadosan ing wekdal samenika, malah kepara langkung nggegirisi.
Awit saking menika, ing wekdal saniki kaum Muslim, menapa déné dunia,
mbetahaken tatanan énggal, inggih menika pranatan ingkang kabangun kanthi
lelandhasan idéologi lan sistém Islam. Alhasil, penting tumrapipun kaum Muslim
ing wekdal menika supados wujudaken malih spirit hijrah. Sapérangan spirit
hijrah ingkang paling penting inggih menika spirit penerapan syariah Islam kanthi

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 148


kaffah. Spirit hijrah ingkang kados makaten menika sejatinipun njurung
dhumateng kita murih énggal-énggal ninggalaken sistém lan hukum jahiliah,
lajeng ngetrapaken sistém lan hukum Islam.
َ َّ َ ُ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ ْ ُ َ َ
ُ ‫الله ُح ْى ًما ل َل ْىم‬
َ‫ىك ُىىن‬ ً
ِ ٍ ِ ِ ً‫ؤفحىم الج ِاه ِلُ ِت ًبغىن ومً ؤحظً ِم‬
“Apa dhèwèké (wong Yahudi) padha ngarepi hukum Jahiliyah, ora ana
wong kang ngukumi luwih becik ngungkuli hukumé Allah, tumrap wong kang
padha yakin.” (TQS. Al Maidah, 5: 50).

Jelas, hukum Allah ingkang langkung saé. Boten mungkin hukum Allah
langkung awon kabanding hukum yasanipun manungsa, karana hukum niku
dumugi saking Dzat Ingkang Maha Adil.
Pramila, kanggé wujudaken malih spirit hijrah niku, sistém lan hukum
jahiliah ingkang wonten ing wekdal menika kedah daya-daya kita tinggalaken.
Kita kedah gegancangan nindakaken hijrah nuju sistém ingkang énggal. Inggih
menika sistém lan hukum Islam. Lampahipun kanthi ngetrapaken syariah Islam
kanthi kâffah ing sadhéngah tataran panggesangan, kadidéné ingkang naté
dipun tindakaken kaliyan Baginda Nabi Muhammad SAW. lan kalajengaken
kaliyan para Khulafaur Rasyidin lan khalifah penerusipun.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 149


‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا َ‬
‫للـ ُْ َم‪َ ،‬و َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه مً َ‬
‫لْاً ِت‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ ْ ْ َ ْ َ َ َ َّ َ ُ َّ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َّ ُ ُ َ َّ ْ ُ َ ْ ُ َ َ ُ ْ ُ َْ‬
‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‪ ،‬وؤكىٌ كىَِلي‬
‫َ َ َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ َّ ُ ُ َ َ‬
‫الغ ُف ْى ُز َّ‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

‫‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com‬‬ ‫‪150‬‬


36. HARAMIPUN PERPECAHAN

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Ing wekdal samenika, perpecahan utawi disintegrasi Indonesia sanès


kandheg ing pamawas lan gagasan ngayawara kemawon. Menika sampun dados
satunggaling kasunyatan ingkang kedah dipun sikapi lan dipun antisipasi. Kaum
kafir penjajah badhé terus hambudidaya kanggé ngrisak, hambubrah
kesatuanipun satunggaling negari. Salah satunggalipun inggih menika kanthi
margi pecah belah (disintegrasi).
Sadèrèngipun disintegrasi kedadosan, adat ingkang sampun, kaum kafir
penjajah remen nyusupaken pemahaman énggal kanthi pangangkah kanggé
brain washing (ngracun pemikiran utawi cuci otak) dhumateng tatanan nilai-nilai
ingkang sampun ngrembaka ing satengahipun masyarakat. Pemikiran-pemikiran
ingkang kondhang moncèr ing perkawis menika kadidéné nasionalisme,
patriotisme, kedaérahan, lan kesukuan. Penyusupan pemikiran ngaten niku,
sampun wonten contonipun; dhumateng masyarakat Papua, dipun doktrinaken
bilih badhé langkung saé menawi saged madeg mandiri, awit karana ing
babagan fisik lan sejarah bènèh sanget kaliyan sedèrèk-sedèrèkipun ingkang
mapan ing wilayah sanès ing Indonesia.
Dhumateng rakyat Timor Timur rikala semanten, dipun susupaken
semangat mardika utawi mbébasaken diri lan pemahaman bilih integrasi Timor
Timur kaliyan Indonesia namung saking rekayasaipun Indonesia piyambak.
Lajeng dhumateng rakyat Indonesia dipun doktrinaken pemikiran ingkang njurung
pentingipun Timor Timur luwar saking Indonesia, awit namung dados 'eri
mungguhing daging' lan ngebot-boti Indonesia, karana Timor Timur propinsi
ingkang miskin.
Salajengipun, ing sudut politik Barat badhé ngawontenaken intervènsi.
Nalika Organisasi Papua Merdeka (OPM) terus nglancaraken serangan, sanajan
namung kanthi sporadis, lampah mbrantas pemberontakan kasebat terus dipun
sorot kaliyan Barat lan dipun anggep nglanggar HAM. Akhiripun konflik mboten
énggal- énggal karampungan.
Kasilipun kafir penjajah mecah-belah Indonesia ingkang paling cetha inggih
menika rikala uculipun Timor Timur . Sasampunipun Timor Timur mardika,
wilayah niku lajeng dipun tampani Australia, satelit pengawasipun AS ing
kawasan Asia Pasifik. Mboten dangu malih, saged ugi kawontenan ingkang sami
badhé kedadosan ing tlatah Papua.
Karana saking menika, jelas bilih disintegrasi minangka salah satunggaling
margi ingkang saget mujudaken kafir penjajah nguwaosi kita. Perkawis makaten
niku hukumipun haram, menawi kajumbuhaken dhumateng firman Allah SWT:

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 151


ً ُْ َ َ َ ْ ُ َ َ ْ َ ْ َ َ
َ‫ًٍ َكلى اْل ْا ِم ِى َين َط ِبَُل‬‫ولً ًجلل هللا ِللي ِاف ِس‬....
....Allah iku ora pisan-pisan maringi marang wong-wong kafir alesan kanggo
ngalahaké wong-wong mukmin. (QS an-Nisa [4]: 141).

Hadirin Jamah Jumat Rahimakumullah

Kedahipun sedaya komponen bangsa, khususipun umat Islam ing negeri


mriki, tansah waspada dhumateng makaripun pihak asing ingkang kepéngin
mecah-belah negeri kita. Prayoginipun kita manungal kanggé ngadhepi makar
sedayanipun, lan ugi berjuang kanggé ngekahi kesatuan negeri kita. Kita kedah
sadhar, disintegrasi manung badhé sansaya ngringkihaken negeri Muslim
ingkang paling ageng niki. Kawontenan ringkih ngaten menika ingkang dipun
kersaaken déning kafir penjajah.
Awit saking menika para elit politik, maliginipun dhumateng para jénderal
lan prajurit Muslim sarta para polisi Muslim, prayogi bangkit kanthi kekiyatan
ingkang wonten murih mboten gamang anggènipun hanjagi saben jengkal negeri
supados mboten ucul saking panguwaosan kita. Ampun ngantos negeri menika
dipun pasrahaken dhumateng musuh-musuh, inggih menika konspirasi kafir
internasional lan antèk-antèkipun, ingkang sampun kabukti jelas badhé
misahaken sapérangan negeri kita saking kesatuan wilayah negeri kita.
Ampun malih memecah-belah, lugunipun negeri-negeri Muslim kedah dipun
manunggalaken. Awit saking menika, kita tansah hambudidaya sekuat tenaga
kanggé ndepani tlatah wewatesing negeri kita kanthi niatan ingkang ikhlas
karena Allah, mugi-mugi kita saged unggul, kadidéné pepajaripun Allah SWT
lumantaran firmanipun:
َ ُ ُ َّ َ َّ ُ
َ‫ص ِاب ُسوا َو َز ِابؼىا َو َّاج ُلىا الل َه ل َللى ْم ج ْف ِل ُحىن‬ َ ‫ًَا ََؤ ُّي َها َّالر‬
ْ ‫ًً َآم ُىىا‬
َ ‫اصب ُروا َو‬
ِ ِ
Para mukmin kabèh, sira padha sabara lan padha nyabarna wangkoting
wong kafir, lan padha siyaga ing perang, lan padha bekti ing Allah, supaya sira
kabèh padha pikantuk kabegjan. (TQS Ali Imran [3]: 200).

Prayoginipun sedaya komponen kaum Muslim, èstu menika sipil menapa


malih militèr, ampun ngantos nyorohaken kalodangan dhumateng panguwaos
kados jaman riyén, ingkang sampun nglepasaken Timor Timur saking negeri
kita. Mangga dipun émut, bilih samukawis keputusan lan sikap lampah kita ing
wekdal menika badhé nuwuhaken dampak ing wekdal ingkang badhé dhateng,
ing donya menapa déné ing akhirat bénjang. Sampun ngégla ing pandulu kita,
tangan-tangan asing lan pecahbelahipun umat. Sedaya menika akibat saking

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 152


kita mboten sami purun gegondhélan kanthi teguh dhumateng talinipun Allah
SWT ingkang bakoh, inggih menika Islam.
Ampun ngantos kita ngejaraken lan négakaken diri kita rojah rajèh. Sami-
sami kajagi keutuhan kita. Pertahankan kesatuan ingkang taksih wonten, terus
berjuang kanggé manunggalaken sedaya negeri-negeri kaum Muslim! Allahu
akbar!

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ُ َ ُ ‫َوذ ْهس ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌُ ك ْىَِلي‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 153


37. ZINA HARAM, TETEP HARAM

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sawetawis dinten kepengker, kaum Muslim ing Indonesia dipun kagètaken


kaliyan pemikiran satunggaling calon doktor ing universitas Islam, ingkang
mbebayani. Piyambakipun mratélakaken bilih hubungan intim utawi saresmi,
dipun parengaken menawi dipun lambari raos sami-sami remen, lila lan ing
panggénan ingkang katutup. Innalillahi wa inna ilahihi raajiun.
Mugi-mugi Allah SWT. mboten ngeblegaken azabipun dhumateng kita, awit
saking wontenipun makhluk ciptaanipun ingkang kanthi lancang kepéngin
ngrubah, ngowahi aturanipun Allah SWT kala wau.
Mangga sami kawuningan, bilih hubungan intim tanpa tali pernikahan
menika kalebet zina. Islam sampun ngandaraken bilih zina minangka tindak
kejahatan (jarimah). Jumbuh kaliyan Allah SWT :
ً ً َ َ َ َ ُ َّ َ ّ ُ‫َو َال َج ْل َس‬
َ‫احؼت َو َط َاء َط ِبَُل‬
ِ ‫الصها ِبهه وان ف‬
ِ ‫ىا‬‫ب‬
Lan sira kabèh aja pisan-pisan nyeraki laku zina. Satemené zina iku jember
lan dalan kang luwih ala. (TQS al-Isra‘ [17]: 32).

Zina niku ugi minangka dosa ageng sasampunipun dosa syirik. Kanjeng
Nabi SAW paring sabda:
َ َ ‫ؤك َـ ُم ك ْى َد هللا م ًْ ُه ْؼ َفت َو‬
‫ط َل َها َز ُح ٌل ِفي َز ِح ٍم ال ًَ ِح ُّل‬
ّ َ ْ َ َْ ْ َ
ْ ‫الؼ ْسن‬
ٍ ِ ِ ِ ِ ِ ‫ما ِمً ذه ٍب بلد‬
َ
‫ل َُه‬
Tan ana dosa kang luwih gedhé mungguhing Allah sawisé syirik, kajaba
dosané wong lanang kang nyuntak spermané ing rahimé wanita kang ora halal
tumrap dhèwèké. (HR Ibnu Abi ad-Dunya‘).

Bilih keharaman zina sampun dados kesepakatan para ulama adhedhasar


dalil-dalil ingkang qath‘i (tegas). Tan wonten khilafiyah ing salebetipun.
Sinten ingkang wantun ngowahi aturanipun Allah menika? Tan wonten
sanès inggih namung kaum sèkuler-liberal. Mangga kapirsani, sinten ingkang
dados rujukanipun: inggih namung Muhammad Syahrur, tokoh liberal saking
Suriah.
Kaum liberal sami masang dalih, bilih Islam mboten njlèntrèhaken kanthi
rinci perkawis zina. Kajawi saking menika, kaum liberal sami kagungan
pamanggih bilih hubungan intim tanpa nikah wonten payung hukum ingkang

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 154


ngalalaken, ingih menika hubungan intim antawisipun majikan lan budak/sahaya
wadonipun (milkul yamin).
Menawi ing wekdal ingkang sampun kapengker, statusipun wanodya
sanèsipun sémah (istri) inggih menika minangka hamba sahaya. Menawi ing
kontèks jaman samangké „milkul yamin‟ niku nedya saged dipun terapaken
dhumateng pasangan seksual tanpa nikah, kadidéné, pasangan kencan, PSK,
pasangan kumpul kebo lan sinten kémawon ingkang dipun dadosaken mitra
hubungan seksual tanpa nikah. Syaratipun: mboten wonten unsur paksaan,
tanpa penipuan, dédé pasanganipun tiyang sanès, sarta dipun tindakaken ing
papan ingkang tertutup.
Menika jelas dhusta ageng, menawi dipun sebat bilih syariah Islam mboten
paring penjelasan ingkang terang ing babagan pengertosan zina. Sanajan ing al-
Quran mboten njlèntrèhaken makna zina, para ulama sampun paring panjelasan
makna zina kanthi detil. Mazhab Syafii, misalipun, sampun ngaturaken
pangertosan zina kados makaten:
َ ْ ُ َ ً ْ َ ً َ ْ ُ ْ َ َّ َ ُ ْ َ َ ْ َ َْ َ َ َ َُ
‫ِبًَلج حؼف ٍت ؤو كد ِزها ِفي فس ٍج محسٍم ِللُ ِى ِه مؼخهى ػبلا ِب ََل ػبه ٍ َت‬
Lumebuné pucuking planangan (kemaluan wong lanang), sanajan amung
sapérangan ing sajeroning wadoné (kemaluan wong wadon) kang haram, ing
kahanan syahwat kang alami tanpa syubhat (Lihat: Hasyiah al-Jamal, kitab ―Az-
Zina‖, 21/80, Maktabah Syamilah).

Awit saking menika, sesat sarta ugi nyesataken menawi dipun


ngendikakaken bilih hubungan sèks ingkang dipun tindakaken adhedhasar
karélaan lan sanès ing papan panggénan ingkang tinarbuka mboten kalebet
perzinaan. Lan ing babagan pamanggih, bilih status milkul yamin wonten ing
konteks kekinian dados perwujudan mitra hubungan sèksual, menika minangka
penipuan ingkang licik lan jember sanget. Fakta milkul yamin ingkang sahih
kadidéné penjelasan saking para fuqaha mboten makaten niku. Milkul yamin
niku minangka hamba sahaya ingkang dipun kuwasani majikanipun lan mapan
dados tanggung jawabipun sahingga wajib supados dipun lindungi lan dipun
nafkahi layakipun keluarga. Kanjeng Nabi Muhammad SAW. sampun paring
sabda:
ُ‫ُم‬ ُ َ َ َ َ ْ َ ُ َّ َ ُ َ َ ْ َْ ُ ُ َ ْ َ ُ ُ َ َ ُ ْ
‫و‬ ُ
َ ‫ىن ػلامه و ِهظىجه َِباْللس ِف وال ًيلف ِمً اللم ِل ما ال ً ِؼ‬ ِ ‫ِلل َم ْمل‬
Hamba sahaya iku nduwèni hak tumrap sandang pangan kanthi makruf
sarta ora dibebani pegawéyan kang ora sanggup ditandangi (HR al-Baihaqi).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 155


Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

Dados milkul yamin sanès pasangan kumpul kebo, menapa malih dipun
samikaken kaliyan pelacur. Rikala Islam dumugi, perbudakan sampun wonten,
kalebet dhumateng wadon sahaya ingkang kasebat milkul yamin. Islam dugi
supados mernata hukum perbudakan sahingga dados langkung beradab. Kajawi
dipun izinaken hanggauli wadon sahayaipun, syariah Islam ugi mawajibaken para
majikan supados nanggung nafkah hamba sahayaipun. Allah SWT. paring
firman:
َ َ ََ َ َ َ َّ َ ُ َ ‫َو َّالر‬
‫ًً ُه ْم ِل ُف ُسو ِح ِه ْم َح ِافـىن () ِبال َكلى ؤ ْش َو ِاح ِه ْم ؤ ْو َما َملى ْذ ؤ ًْ َم ُان ُه ْم ف ِة َّن ُه ْم‬ ِ
ُ َ ‫َغ ْي ُر‬
َ َ ‫ىم‬
‫ين‬ ِ ‫ل‬ ‫م‬
Lan kang padha rumeksa kehormatané (ora dienggo nglakoni kang ora
dililani déning syara‟/zina). Kajaba mung marang bojoné dhéwé utawa amat
(wong wadon karo kawula tukon kang diduwèni déning tangan tengené) darbèké
dhéwé. Dhèwèké iku ora padha dicacad. (TQS al-Mu‘minun [23]: 5-6).

Pramila dhumateng tiyang ingkang ngawur ngaten niku, kedah dipun sawat
kanthi hadits kanjeng Nabi Muhammad SAW:
َّ ًَ ‫اٌ فى ْال ُل ْسآن ب َغ ْير ك ْلم َف ْل َُ َد َب َّى ْؤ َم ْل َل َد ُه م‬
َ‫الى ِاز‬ َ َ ْ َ
‫ك‬ ً‫م‬
ِ ٍ ِ ِ ِ ِ ِ
Sapa waé kang nyelathu ing babagan al-Quran tanpa ilmu, mulané siapna
palungguhané ing neraka (HR at-Tirmidzi).
َ َ ْ َ ْ َ َ َ َ َ َ ْ َ َّ َ َ َّ َ َّ َ ‫َم ًْ َك‬
َ ‫اٌ فى ه‬
‫اب الل ِه كص وحل ِبسؤ ًِ ِه َفإصاب فلد ؤخؼ َإ‬
ِ ‫خ‬ ِ ِ
Sapa waé kang nyelathu ing babagan al-Quran amung cukup karo akalé,
banjur mbereni bener, ngono iku dhèwèké tetep salah (HR Abu Dawud).

Awit saking menika, mangga sami ngatos-atos kaliyan pamikiranipun kaum


liberal ingkang sansaya dipun byawarakaken lan dipun legalisasi kanthi pawadan
karya ilmiah. Piyambakipun nyobi nafsirakenn Al Quran kanthi lelandhesan
filsasat Barat, adhedhasar akal kemawon sarta hawa nafsunipun. Tujuan
piyambakipun jelas, nedya ngrusak Islam. Pramila sumangga kita regem kanthi
teguh ajaran Islam niki. Insyaallah, Allah badhé paring kamulyan dhumateng kita.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 156


samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 157


38. AMPUN NISTAKAKEN AJARAN ISLAM !

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Allah SWT. sampun paring firman ingkang sinerat ing QS Ash-Shaff, 37


ayat 8 :
َ‫ڪس َه ۡٱل َىـف ُسو َن‬ َّ َ ۡ َ ۡ َ َّ َ ُ ْ ُٔ ۡ ُ َ ُ ُ
َ ‫ٱلل ُه ُمخ ُّم ُهىزهۦ َو َل ۡى‬
ِ ِ ِِ ِ َ ‫ً ِسٍدون ِلُؼ ِفـىا هىز‬
‫ٱلل ِه ِبإفى ِٲه ِهم و‬
“Karepé wong kafir mau kudu matèni cahyaning Allah sarana pangucapé,
nanging Allah nyampurnakaké cahyane, sanadyan wong kafir padha gething.
(QS Ash-Shaff, 61: 8).

Ayat niki negasaken pambudidaya ingkang tanpa kendhat saking kalangan


kafir lan wadya balanipun kanggé nyirep ngredupaken cahyanipun agama Allah.
Piyambakipun sami nyerang ajaran Islam kanthi margi nyebaraken kebohongan
lan bantahan dhumateng ajaran Islam. Piyambakipun sami wantun nisthakaken
ajaran Islam.
Awonipun sikap phobia niku ugi kasandhang déning kaum Muslim sekuler.
Ngaku Muslim nanging gething sanget lan malah sami tumut nentang ajaran
Islam. Piyambakipun, sami nyaruwé utawi mersoalaken Perda-perda syariah
kanthi pawadan saged ngancem kebhinékaan.
Ingkang paling énggal, khilafah minangka péranganipun ajaran Islam, ugi
dipun persoalaken. Malahan piyambakipun sami nuduh bilih khilafah minangka
paham ingkang dipun awisi utawi terlarang. Lan ugi, jihad minangka salah
satunggalipun pucuking amalan Islam, badhé dipun bucal utawi dipun icalaken
saking momotan pawiyatan Sejarah Kebudayaan Islam (SKI). Alasan
piyambakipun, murih Islam mboten dipun katut-katutaken malih wonten ing
babagan peperangan, supados para putra didik gadhah toléransi ingkang inggil
dhumateng pemeluk agami sanésipun.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sejatosipun Islam minangka agama ingkang luhur, mulya. Makaten ugi


syariahipun lan sedaya ajaranipun. Keluhuran utawi kemulyanipun Islam ing
antawisipun saget katingali saking firmanipun Allah SWT.:
َ ْ َّ
َ‫ًً ِك ْى َد الل ِه ِلْا ْطَل ُم‬ ّ ‫ب َّن‬
َ ‫الد‬
ِ ِ
Satemené agama (kang bener) mungguhing Allah iku mung agama Islam
(TQS Ali Imran [3]: 19).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 158


Allah SWT. malahan mboten ngakeni utawi nampi dhumateng agami
sanèsipun Islam, kadidéné ingkang sampun dipun firmanaken:
َ ‫َو َم ًْ ًَ ْب َخغ َغ ْي َر ْلْا ْط ََلم د ًًىا َف َل ًْ ًُ ْل َب َل م ْى ُه َو ُه َى في ْلْاخ َسة م ًَ ْال َخاطس‬
ًٍَ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
Déné sapa kang ngarepi agama saliyané Islam, dhèwèké ora bakal ditampa
déning Allah, lan , dhèwèké ana ing akhérat klebu golongané wong kang padha
kapitunan. (TQS Ali Imran [3]: 85).
Kamuliyanipun Islam ugi saged katingalan saking sabdanipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW.:
َ َ ُ َ َ
‫ِلْا ْطَل ُم ٌَ ْلل ْى َو ال ٌُ ْللى‬
Islam iku unggul, lan tan ana kang bisa ngungkuli saka Islam. (HR ad-
Daruquthni).

Islam jinejer saking pérangan wangunan akidah lan syariah. Ngamalaken


syariah malahan dados konsekuènsi saking keimanan (akidah Islam). Awit
saking menika Allah SWT. maringi peparap dhumateng sinten kémawon ingkang
mboten purun taat dhumateng hukum syariahipun kanthi sebutan kafir, zalim
utawi fasik (kapirsani ing: QS al-Maidah [5]: 44, 45, 47).Pramila awit saking
menika tan wonten pilihan tumrapipun saben tiyang Muslim kajawi ngraketaken
dhumateng syariahipun. (QS al-Ahzab [33]: 36).

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Kathah tiyang ingkang mboten mangertosi, lajeng kagungan panganggep,


bilih khilafah minangka ajaran énggal. Sanajan, sejatosipun ngadekaken
kepemimpinan Islam (Khilafah) minangka kewajiban saking syariah. Kewajiban
ngaten menika sampun kathah dipun aturaken déning para ulama.
Imam Ibnu Hajar al-Haitami, misalipun, mratélakaken, ―Satemené para
Sahabat, —mugi Allah paring ridha dhumateng sedayanipun—wis sepakat
menawa ngangkat imam (khalifah) sawisé zaman kenabian rampung, iku wajib.
Malahan, panjenengané kabèh nganggep menawa pangupaya ngangkat
imam/khalifah iku minangka kewajiban kang paling penting. Kasunyatané,
panjenengané kabèh luwih gegancangan nindakaké kewajiban iku, lan malah
ngunduraké (sedéla) ing babagan kewajiban nguburaké jenazah Rasulullah
SAW.” (Al-Haitami, Ash-Shawâ‘iq al-Muhriqah, hlm. 7).

Kesepakatan utawi Ijmak Sahabat niku, kados ingkang dipun tegasaken


déning Imam al-Ghazali, mboten saged dipun naskh (dibusak/ dibatalaken) (Al-
Ghazali, Al-Mustashfâ, 1/14). Awit saking menika, Ijmak Sahabat ing babagan

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 159


kewajiban ngangkat khalifah utawi njejegaken Khilafah mboten saged dipun
batalaken déning kesepakatanipun tiyang-tiyang sasampunipun, kalebet
kesepakatan tetiyang ing jaman samangké, umpami leres wonten kesepakatan
kasebat.
Makaten ugi babagan jihad. Pancèn maknanipun saking kawruh bahasa,
tembung jihad menika tememen, tenanan. Nanging, secara syar‘i, jumbuh
pamanggihipun para ulama mu‘tabar, jihad ngandhung pangertosan perang
wonten ing marginipun Allah.
Ing salebeting al-Quran, tembung jihad (ingkang kanthi pangertosan
perang) kasebataken kaping 24. Jihad hukumipun wajib, lan, kewajiban jihad
(perang) menika sampun dipun tetepaken déning Allah SWT. ing salebeting al-
Quran kanthi kathah ayat.
Awit saking menika ing Kitab Al-Mabsûth dipun pratélakaken:
َْ ُ ُّ
‫ع الثغى ِز اػت َر َن‬ ْ ‫اط َخ ْى َلى ْال ُى َّف ُاز َك َلى َب‬
‫ل‬ ْ ‫َوب َذا َك َل َد ْال ُي ُّل َك ًْ ْالج َهاد َح َّتى‬
ِ ِ ِ ِ
ًَ َ َ َْ ْ َ‫ْ ُ ْ ُ ن‬
َ ‫اْلظ ِلمى ِفي اْلإز ِم ِبر ِل‬
Menawa kabèh kaum Muslim meneng waé/ora gelem nglakoni jihad,
sahingga kaum kafir nguwasani sapérangan wilayah kaum Muslim, dhèwèké
kabèh mau padha katut dosa. (Al-Mabsuth, 34/119).

Sanèsipun wajib, jihad kalebet amalan ingkang utami utawi baken. Makaten
niku sampun dipun pratélakaken wonten ing al-Quran menapa déné as-Sunnah.
Allah SWT, misalnya, sampun paring firman:
ٌ ‫ص‬
َ‫ىص‬ ٌ َُ ‫ص ًّفا َه َإ َّن ُه ْم ُب ْي‬
ُ ‫ان َم ْس‬ َ ‫ًً ًُ َلاج ُلى َن في َطبُله‬
َ ‫الل َه ًُح ُّب َّالر‬
َّ َّ
‫ِبن‬
ِِ ِ ِ ِ ِ ِ
Satemené Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang
nglakoni dalaning Allah, tataning barisan sap-sapan kaya pager bata kang
santosa. (TQS ash-Shaf [61]: 4).

Rasulullah SAW . ugi sampun paring sabda:


َّ َ ْ ْ َّ ُ َ َ ُ َ َ
َ‫َم ًْ كاج َل ِل َخيىن و ِل َمت الل ِه ِه َي ال ُلل َُا ف ُه َى ِفي َط ِب ُِل الل ِه َك َّص َو َح َّل‬
Sak sapa sing nglakoni perang kanthi pangangkah murih kalimat Allah dadi
dhuwur, pranyata dhèwèké mapan ing sajroning dalané Allah „Azza wa Jalla (HR
al-Bukhari).

Saking dasar sejarah, Rasulullah SAW. nate ngirim pasukan mboten kirang
saking kaping 62 ambalan perang. Malahan kaping 27 paprangan ing
antawisipun dipun pimpin langsung déning Rasulullah SAW. ingkang minangka
kepala negari ing wekdal samanten. Ugi mapan ing negeri mriki, bangsa kita naté

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 160


nundhung penjajah sekutu ing jaman kapengker, salah satunggalipun ugi dipun
dombani kanthi ‗Resolusi Jihad‘ ingkang dipun andaraken ing Surabaya nuju
tahun 1945 déning pendiri NU, Hadhratusy Syaikh Hasyim Asy'ari, wekdal
samanten.
Awit saking menika, sumangga sami waspada saking tipu daya musuh-
musuh Islam. Ampun supé, bilih kita namung badhé saged minulya kanthi margi
gegondhélan bakoh dhumateng Islam. Kosok wangsulipun, kita badhé saged
kesrakat gesang ing dunia lan akhirat menawi kita wantun nglawan ajaran
Rasulullah SAW.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 161


39. MAWUJUDAKEN KONSEKUÈNSI TAUHID

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah,

Tiyang ingkang iman gadhah karakter ingkang khas, rikala pikantik timbalan
saking Allah SWT.. Jumbuh kaliyan firmanipun ingkang kacetha ing Al Qur‘an:
ُ ُ َ ْ َ ْ َُْ َ َ ُ ْ َ َّ َ َ ُْ َ َ َ َ َّ
‫ان ك ْى ٌَ اْل ْا ِم ِى َين ِبذا ُد ُكىا ِبلى الل ِه َو َز ُط ِىل ِه ِلُحىم بُنهم ؤن ًلىلىا‬ ‫ِبهما و‬
ْ َ ُ َ َ
‫َط ِم ْل َىا َوؤػ ْل َىا ۚ َوؤول ِئ ًَ ُه ُم اْلُ ْف ِل ُحى َ َن‬
Saktemené para wong mukmin iku menawa ditimbali marang ngersané:
“kita sami sendika nampi pengadilané Allah tuwin Rasul”. Déné wong-wong
mukmin iku wong kang pikantuk kabegjan . (QS An Nuur [24] : 51).

Tan wonten pilihan malih tumrapipun tiyang gadhah iman kajawi taat lan
patuh dhumateng syariah Allah SWT.. Awit menapa? Awit Allah SWT. sampun
ngawisi tumindak mangawula lan mangabdi dhumateng sanèsipun Allah SWT..
Cara tembungan sanèsipun, bilih Allah SWT. ngawisi dhumateng manungsa,
supados boten tunduk lan patuh dhumateng aturan utawi hukum ingkang
congkrah, mboten nyocoki kaliyan syariahipun.
Ketundukan lan kepatuhan dhumateng saliyanipun syariah, dipun wawas
minangka wujud penghambaan (ibadah) dhumateng sanèsipun Allah SWT.. Allah
SWT. sampun maringaken firmanipun:
َّ ُ ْ ً َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ ُ َ ْ ُ َ َ ْ َ ُ َ َّ
....‫اجخروا ؤحبازهم وزهبانهم ؤزبابا ِمً دو ِن الل ِ َه‬
Para wong Yahudi lan Nashara padha ngedegaké pendhétané, ditetepaké
dadi Pangérané (QS at-Taubah [9] : 31).

Wekdal midhanget ayat ing nginggil, Adi bin Hatim kagungan atur; “Duhai
Rasulullah, tetiyang niku mboten nyembah dhumateng pendéta lan rahibipun.”

Lajeng kanjeng Nabi Muhammad SAW paring penjelasan:


َ َ َ ْ ُ ْ ُ َّ َ َ َ َ ْ ْ ُ َ ْ ُّ َ َ َ َ َ َ ْ ْ ْ َ َ ْ ُ َّ َ ْ ُ َّ َ َ
« ً‫ فر ِل‬،‫ فاج ِبلىهم‬،‫ وؤحلىا لهم الحسام‬،ٌ‫ ِبنهم حسمىا كلي ِهم الحَل‬،‫بلى‬
‫»ك َب َاد ُت ُه ْم ِب ًَ ُاه َْم‬
ِ
Benar (wong-wong iku nyembah para pendéta lan para rahibé). Satemené
para pendéta lan para rahib iku wis ngaramaké kang halal tumrap dhèwèké lan
ngalalaké kang haram tumrap dhèwèké. Banjur wong-wong iku padha nuruti para
pendéta lan para rahib iku mau. Iku minangka pangibadahan (pengabdian) saka

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 162


wong-wong iku mau marang para pendéta lan para rahibé. (HR Ahmad dan
Tirmidzi).

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah,

Tauhid sejatosipun badhé nglahiraken ketaatan mutlak ingkang maligi


namung dhumateng Allah SWT. lan Rasulipun. Ketaatan ingkang maligi namung
dhumateng Allah SWT. tentu kedah nyingkiraken pihak sanès ingkang kedhah
dipun taati. Tauhid ugi mboten badhé nyélaki, bilih pandamel hukum ingkang
wajib dipun taati namung Allah SWT. kémawon. Panjenenganipun minangka
pethinganipun Pandamel aturan tumrapipun manungsa. Nalika satunggaling
manungsa mboten purun nuhani hukum dhumateng hukum Allah lan Rasulipun,
tartamtu tauhidipun sampun reget/cacat. Allah SWT. sampun maringaken
firmanipun:
ْ‫ىن ِف َُما َش َج َس َب ُْ َن ُه ْم ُز َّم َال ًَج ُدوا في َؤ ْه ُفظهم‬
َ ‫َف ََل َو َز ّب ًَ َال ًُ ْام ُىى َن َح َّتى ًُ َح ّى ُم‬
ِِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ّ ُ َ ْ َ َ
‫َح َس ًحا ِم َّما كظِذ َوَ َظ ِل ُمىا ح ْظ ِل ًُما‬
Demi Pangéranira, wong kang padha rumangsa percaya marang Qur‟an
mau durung tetep mukminé, kajaba yèn banjur nyuwun bebeneran marang sira
Muhammad, tumrap perkara kang dadi pasulayan antarané wong mau (sawisé
sira ngukumi). Atiné ora pisan-pisan seseg marang bebenerira, anané mung
pasrah marang putusanira, tumeka ing atiné.(TQS an-Nisa‘ [4]: 65).
Imam Ibnu Abi al-Izz al-Hanafi ing Syarh ‗Aqidah Thahawiyah (2/267)
ngendikakaken: “ Satemené menawa sawijiné pawongan ngeyakini/percaya
menawa hukum kang Allah turunaké iku ora wajib, olèh dipilih, utawa dhèwèké
iku malah ngrèmèhaké, kasunyatané dhèwèké mau ngeyakini iku minangka
hukum Allah, satemené iku minangka kekufuran kang gedhé.”

Dados salah satunggalipun wiji prenthuling tauhid ingkang penting inggih


menika purun nyandhang lan ngetrapaken syariahipun Allah SWT., ing
salebeting panggesangan kanthi kaffah, totalitas lan waradin. Babagan menika
ugi ngiras pantes dados pangrampung utawi solusi wontenipun manéko warni
masalah lan karusakan ingkang tumapak kasandhang déning sadhéngah tiyang
ing negari mriki.
Menapa dèrèng cekap karusakan ingkang dumados ing mriki, kanggé
nyadharaken kita murih purun wangsul dhumateng aturan hukumipun Allah
SWT.? Sampun cetha maléla, akibat pranatan lan hukum-hukum yasanipun para
manungsa, keadilan ambyar, kasejahteraan sirna, sumber daya alam negeri
sami dipun jarah déning asing, lan ingkang kuat tansah sami nindhes dhumateng
ingkang ringkih. Ingkang langkung nggegirisi malih, agami Islam gampil sanget

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 163


dipun nisthakaken déning musuh-musuh Islam tanpa wonten ingkang saget
paring pangayoman. Pancen leres firmanipun Allah SWT..:
َ َ ْ َ ْ َ ُ ُ ُ ْ َ َ ً َ ً َ َ ُ َ َّ َ ْ َ َ َ ْ َ ْ َ َ
‫﴿ومً ؤكسض كً ِذه ِسي ف ِةن له م ِلِؼت طىيا وهحؼسه ًىم ال ِلُام ِت‬
َ ْ َ
﴾‫ؤكمى‬
Déné sing sapa mléngos saka pepéling Ingsun (Kitab Qur‟an) yekti
dhèwèké bakal nduwèni panguripan kang rupeg. Ing bésuk dina qiamat, wong
mau bakal Ingsun kelumpukaké, nanging mripaté wuta. (TQS Thaha [20]: 124).

Karana menika, tan wonten ingkang pantes kita perjuangaken ing


salebeting panggesangan kita minangka Mukmin, kajawi namung mbudidaya
njejegaken syariah Allah ing salumahing bumi mriki. Makaten niku minangka
konsekuènsi tauhid kita, penghambaan diri kita dhumateng ngarsanipun Allah
SWT.. Kewajiban kita minangka umat Rasulullah Muhammad SAW.
Allah SWT. sampun naté janji Allah:
َ َ ْ َ َ َّ َ َ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ َّ َ ُ َ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ ْ َ َ
ًْ ‫ض َول ِى‬
ِ
ْ‫ْلاز‬ ‫و‬ ‫اء‬
ِ ‫م‬‫الظ‬ ً‫م‬ِ ٍ ‫ولى ؤن ؤهل اللسي آمىىا واجلىا لفخحىا كلي ِهم بس‬
‫اث‬‫و‬
َ ََ َ
‫ه َّر ُبىا فإ َخ ْر َه ُاه ْم ِب َما و ُاهىا ًَ ْى ِظ ُبى َ َن‬
Lan saumpama ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan
utusané Allah, sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi berkah
saka langit lan saka Bumi, nanging dhèwèké padha nggorohaké awit saka iku
Ingsun banjur nurunaké siksa marga saka tumindaké dhéwé. (QS Al-A‘raf [7]:
96).
Mugi-mugi Allah SWT.. kepareng ngiyataken ketauhidan kita lan
handadosaken kita minangka hamba-hambanipun ingkang purun paring
pitulungan dhumateng agaminipun. Aamiin.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 164


saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ
َْ ُ ْ ُ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 165


40. ISLAM MEMETRI KEBERSAMAAN LAN KEBERAGAMAN

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Saking ayat 13, QS al-Hujurat [49] ing nginggil nedahaken dhumateng kita
kados pundi Islam mapanaken drajat kamulyanipun manungsa. Sanès awit
saking éloking bangsanipun, sukunipun, warni kulitipun, sarta ugi sanès awit
saking jabatan dan kalenggahanipun.
Makaten menika ugi rikala Islam ing sakawit dipun asta déning kaum
Muslim saking Jazirah Arab, mboten naté ngumukaken kesukuanipun. Islam
malah mbeta semangat pasedérékan lan sapepadan. Awit menapa? Karana
Islam ngakeni wontenipun karagaman suku-bangsa. Islam mapanaken
kamulyanipun manungsa sanès mapan wonten ing suku-bangsa, tiyang neneka
utawi warga asli, warni kulitipun; ananging mapan namung wonten ing
ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT.
Nabi Muhammad SAW naté paring sabda dhumateng Abu Dzarr ra:
َ ْ َ ُ َ ُ ْ َ ْ َ َّ َ َ ْ َ َ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ َ ْ َ َ َّ َ ْ ُ ْ
َ‫اهـس ف ِةهً لِع ِبخي ٍر ِمً ؤحمس وال ؤطىد ِبال ؤن جفظله ِبخلىي‬
“Deloken, awakmu ora luwih becik tinimbang wong kang kulité abang utawa
ireng, kajaba awakmu ngungguli dhèwèké kanthi taqwa.” (HR Ahmad).

Pramila, kaum Muslim kanthi manéka ragam suku-bangsa saged gesang


rukun lan damai sawetawis kirang langkung 14 abad laminipun, minangka umat
matunggal. Wilayah panguwaosipun Khilafah Islam gumelar saking Afrika dumugi
Asia, ugi kasil ngraketaken persatuan lan kerukunan antarumat manungsa.
Persatuan lan kerukunan niku kawiwitan kanthi persatuan lan kerukunan kaum
Muhajirin lan Anshar ing Madinah. Salajengipun ing negeri-negeri sanèsipun,
Islam kasil nglebur bènèh-bènèhipun suku-bangsa, warni kulit lan bahasa wonten
ing salebeting satunggal ikatan aqidah Islam. Ing pérangan iring sanèsipun,
warga non-Muslim ugi dipun ayomi jiwa lan kahormatanipun ing salebeting
payung syariah Islam.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Welasan abad ingkang sampun kapengker, Islam sampun mbucal lan


ngaramaken dhumateng pakarti ing sadhéngah tiyang ingkang remen
ngumukaken asal-usul keluarganipun lan suku bangsanipun. Ubai bin Kaab ra.
naté midhanget sawenèhipun tiyang jaler ingkang nyelathu, "Hai keluarga fulan!"
Lajeng Ubay micanten dhumateng tiyang wau, "Cakoten planangané
(kemaluané) bapakmu!" Ubay pancèn mada (mencela) tiyang kala wau kanthi

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 166


gamblang tanpa migunakaken bahasa sanépan (kiasan). Tiyang kala wau lajeng
micanten dhumateng Ubay, "Wahai Abul Mundzir (Abu Ubay), sliramu dudu
pawongan kang seneng micara jorok (keji)." Ubay paring pawangsulan,
“Satemené aku midhanget Rasulullah SAW. naté paring sabda,„Sapa waé kang
seneng umuk-umukan nganggo slogan-slogan Jahiliah, yekti préntahen dhèwèké
mau nyakot planangané (kemaluané) bapaké..." (HR Ahmad).

Lan saumpami kita nguningani kanthi jujur ugi, kanthi menapa mawarni
pangrasuk agami ing negeri mriki saget kajagi matahun-tahun dangunipun.
Jawabanipun awit karana mayoritas warga ing negeri mriki tiyang Muslim
ingkang sampun mangertos kewajibanipun supados purun nindakaken kabecikan
dhumateng sesamining umat manungsa, tanpa mawas suku, bangsa, kalebet
agaminipun.

Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Kita sampun dipun gladhi déning Islam, kepripun murih saénipun gesang
ing kawontenan keberagaman. Allah sampun ngawisi dhumateng kita, supados
mboten damel sakit, menapa malih merjaya dhumateng manungsa sanèsipun.
Awit makaten niku minangka dosa ingkang ageng.
Allah SWT. sampun paring firman:
ً َ َ َّ َ َ َ َ َّ َ َ َ ْ َ َ َ َْ ْ َ َْ ً ْ َ َ َ َ ْ َ
....‫ض فىإهما كخل الىاض ح ِمُلا‬ ِ ‫ع ؤو فظ ٍاد ِفي ْلاز‬
ٍ ‫مً كخل هفظا ِبغي ِر هف‬....
.... Sing sapa matèni wong kang tanpa dosa, utawa gawé rusak ana ing
bumi, dosané prsasasat matèni wong sajagad kabèh... (TQS al-Maidah [5]: 32).

Muhammad SAW. ugi sampun paring sabda:


َ َ ً َ ُ ُ َ َّ َ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َ ْ ْ َ َ ْ َ َ َ َّ َ ْ َ َّ َ ْ َ
‫ض احخملىا كلى كخ ِل مظ ِل ٍم لىبهم هللا ح ِمُلا كلى‬
ِ ‫لى ؤن ؤهل الظم ِاء وؤهل ْلاز‬
َّ ‫ُو ُحىهه ْم في‬
َِ ‫الى‬
‫از‬ ِ ِِ
Umpama penduduk langit lan bumi padha ngumpul, merjaya sewijinéng
wong Muslim, yekti Allah bakal njrumusaké marang penduduk kabèh mau kanthi
rai kejlomprong ing sajroning neraka (HR ath-Thabarani).

Awisan merjaya warga tanpa alesan ingkang haq, ugi lumampah tumrap
lingkunganipun tiyang non-Muslim. Nabi Muhammad SAW. ugi paring ancaman
dhumateng sinten kémawon ingkang merjaya dhumateng tiyang non-Muslim
tanpa alasan ingkang haq:
َ ُ ْ َ َ َ
‫َم ًْ ك َخ َل ُم َل َاه ًدا ل ْم ًَ َس ْح َز ِائ َحت ال َج َّى ِت َوِب َّن ِزٍْ َح َها ج ْى َح ُد ِم ًْ َم ِظ ْي َر ِة ؤ ْزَب ِل ْي َن َك ًاما‬
DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 167
Sapa waé sing merjaya pawongan sing murtad (wong kafir kang kaiket
prajanjèn marang negari Islam) tan arep hangganda ambuné surga. Satemené
ambuné surga iku bisa kaganda saka jarak mlaku suwéné 40 tahun (HR al-
Bukhari).

Hukum Islam yang agung ini sanggup memelihara kehidupan umat manusia
sehingga kerukunan tercipta.

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,

Menawi ing pinten-pinten dinten menika kita midhanget, ngawuningani


wonten prastawa bilih sawetawis pendatang ing Papua wonten ingkang dipun
perjaya, pramila pantes menawi kedah dipun rampungaken saking oyot
persoalanipun. Caranipun kanthi handadosaken syariat Islam minangka suh
pangiket tumrap sedaya kaum Muslim lan ngrajut malih supados sedayanipun
sami pasedhérékan ing salebeting ikatan ukhuwah islamiyah. Kanthi menika
sedayanipun badhé sami paring pangayoman dhumateng bandha donya, darah
lan kehormatan antawis satunggal lan setunggalipun.
Lugunipun, namung syariah Islam ingkang badhé saged maringi raos rasa
keadilan tumrap sadhéngah tiyang bagi, mboten namung dhumateng Muslim
kémawon. Syariah Islam ugi badhé hanjamin kesejahteraan panggesangan
saben warganipun, saé Muslim menapa déné non-Muslim.
Makaten menika caranipun Islam ngripta lan ngrawat kebersamaan
sawetawis abad dangunipun, sarta ugi ngripta peradaban ingkang unggul lan
mapanaken kamulyanipun umat manungsa.
Lak inggih kawontenan ingkang makaten ingkang tansah kita idam-
idamaken? Mugi-mugi Allah SWT. énggal-énggal nedhakaken pitulunganipun
kanthi tegakipun syariah Islam, waradin ing salumahing Bumi. Aamiin ya
rabbal‘alamiin.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 168


Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ُ َ ُ ‫َوذ ْهس ْال َحى ُْم َو َج َل َّب َل‬
َّ ‫هللا م َّىا َوم ْى ُى ْم ِج ََل َو َج ُه َوب َّه ُه ُه َى‬
‫ َوؤك ْى ٌُ ك ْىَِلي‬،‫الل ِل ُْ ُم‬
َ ‫الظم ُْ ُم‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬ َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 169


41. MENDET HIKMAHING MUSIBAH

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sampun sami nguningani bilih wonten wekdal sak menika ing negari kita
katemben katrajang kadadosan musibah ingkah gilir gumantos. Bumi geter, lindu
ageng ing tlatah Lombok (NTB), salah satunggaling musibah éngkang katemben
kémawon, nyebabaken atusan kurban jiwa, raja kaya, pejah, sakit, nandang
kacintrakan menapa déné raja brana, griya papan panggénan sami risak,
waradin ing siti. Tundonipun kathah para warga ingkang sami ngungsi
dhumateng papan pangungsèn.
Éba alit lan ringkihipun manungsa sawantah, menawi katraju kaliyan alam
lan kekiyatanipun. Mekaten menika menapa inggih taksih pantes menawi kita
rumaos unggul diri, langkung malih dhumateng ngarsanipun Pangéran. Ewo
samanten, taksih wonten kemawon sapérangan titah ingkang tansah
mbegugung, rumaos adigang, adigung, adiguno, saénggo songar wantun
nrajang wewaleripun Allah SWT. Kados makaten menika kasunyatan ingkang
tansah kita adepi. Musibah memenapa kemawon, kalebet lindu, bumi geter,
minangka péranganipun ketetapan utawi pepesthen (qadhâ‘) Allah SWT.
Makaten menika lugunipun keyakinan utawi keimanan kita sedaya.
َ ُ ْ َّ ْ َ َّ َ َ َ َ َّ َ َّ َّ ُ
َ‫كل لً ًُ ِص َِب َىا ِبال َما ه َخ َب الل ُه ل َىا ُه َى َم ْىالها َو َكلى الل ِه فل َُ َخ َىو ِل اْل ْا ِم ُىىن‬
(Muhammad) sira dhawuha marang wong kang padha bungah, yén sira
nemu kasusahan,” Menawa ingsun nemahi kesusahan, iku ora jalaran saka
penggawéyané sapa-sapa, pancèn wis tinulis déning Allah ana ing kitab. Allah
iku Pangayomku awit saka iku para wong kang mukmin kuduné padha tawakal
(suméndhé) marang Panjenengané. (TQS at-Taubah [9]: 51).

Awit saking menika, kita kedah ngagengaken kesabaran, karana Allah


SWT., badhé tansah paring pacoben, kanggé nodhi sepinten kiyat lan agengipun
kesabaran para kawulanipun. Lan ing tembénipun tetiyang ingkang sabar menika
badhé pikantuk bebungah saking ngarsa dalem Allah SWT.
َ َّ ُ َ ٌ
‫ص َاب ْت ُه ْم ُم ِص َِبت كالىا ِب َّها ِلل ِه َوِب َّها ِبل ُْ ِه‬َ ‫ًً ب َذا َؤ‬
َ ‫) َّالر‬155( ًٍ َ ‫الصابس‬
َّ ‫س‬ ‫ؼ‬
ّ ََ
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ‫وب‬
ْ َ ُ َ ‫) ُؤ َولئ ًَ َك َل ْيه ْم‬156( ‫َزاح ُلى َن‬
ٌ ‫ص َل َى‬
‫اث ِم ًْ َ ِزّب ِه ْم َو َز ْح َم ٌت َوؤول ِئ ًَ ُه ُم اْلُ ْه َخ ُدو َ َن‬ ِ ِ ِ
...Lan sira mbebungaha marang wong-wong kang padha sabar (155). Yaiku
wong-wong kang menawa ketaman bebaya padha ngucap; satemené kita kabèh
iku kagunganing Allah lan kita kabèh bakal padha bali sowan marang Pangérané
(“Inna lilLâhi wa innâ ilayhi râji‟ûn.” )(156). Wong kang mangkono iku padha

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 170


pinaringan selawat (pangapura) lan rahmat saka Pangérané, lan wong kang
mangkono iku padha pikantuk pituduh (157). (TQS al-Baqarah [2] : 155-157).

Kesabaran ingkah kedah kabangun, tartamtu sanès kesabaran ingkang


asifat pasrah, pasif, meneng, mboten wonten sanès kajawi kesabaran ingkang
asifat aktif, makarti, mobah, mosik. Inggih menika kesabaran ingkang linambaran
perenungan, penggalihan saha pamanah ingkang lebet, amrih saget pikantuk
pepajar, kawicaksanan (hikmah), patuladhan saking samukawis musibah lan
kadadosan menapa kemawon. Pangertosan lan kawicakcanan ingkang saged
karengkuh tundonipun saged dados landesan anggèn kita makarya, makarti
wonten ing wekdal salajengipun murih langkung saé. Maliginipun rikala
anggulowentah ngadepi musibah ingkang tumapak.
Sak lajengipun, kita kasuwun supados ikhlas/ridlo, pasrah suméndhé
hangaturaken wangsul sedaya perkawis dhumateng ngarsa dalem Allah SWT.,
Dzat Ingkang Maha Kuwaos. Kajumbuhaken pangandikanipun janma piniji
Rasulullah Muhammad SAW.:
ْ َّ َ َ َّ َ ٌ ُ
« ‫َما ِم ًْ َك ْب ٍَد ج ِص ُِب ُه ُم ِص َِبت ف َُ ُلى ٌُ ِب َّها ِلل ِه َوِب َّها ِبل ُْ ِه َز ِاح ُلىن الل ُه َّم ؤ ُح ْسِوى ِفى‬
َ َ َ َْ َ َّ َ َّ َ ْ ْ َ
‫» ُم ِص َِب ِتى َوؤخ ِلف ِلى خ ْي ًرا ِم ْن َها ِبال ؤ َح َس ُه الل ُه ِفى ُم ِص َِب ِخ ِه َوؤخلف ل ُه خ ْي ًرا ِم ْن َها‬
Tan sawijinéng kawula ing rikalané nemu reribet banjur dhèwèké nyelathu
“Inna lilLâhi wa innâ ilayhi râji‟ûn (satemené kita kabèh iku kagunganing Allah
lan kita kabèh bakal padha bali sowan marang Pangéran), “ya Allah, padhuko
paringi ganjaran dhumateng kula awit reribet menika, sahao padhuka paringi
lelintu ingkang sakelangkung saé, awit saking musibah menika”, sayekti Allah
paring ganjaran marang dhèwèké ing sajroning nemu reribet, lan bakal paring
lelintu sing luwih becik kanggoné dhèwèké mau. (HR Muslim, Ahmad lan Ibn
Majah).

Mugi tansah dipun emut bilih sadhéngah musibah utawi reribet menika
tansah mengku hikmah, kawicaksanan utawi pitutur luhur.

Sepindah, musibah saged ngresiki dosa. Kados ingkang sampun dipun


ngendikaaken kaliyan Rasulullah Muhammad SAW:
َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ ً َ َ َ َ ُ َّ ُ َ َ َ َّ َ َ ْ َ َ َ ٌ َ ْ َ َ ْ ُ ْ ُ ُ َ
« ‫ما ً ِصِب اْلا ِمً ػ َىهت فما فىكها ِبال زفله الله ِبها دزحت ؤو حؽ كىه ِبها‬
ًَ َ
‫» خ ِؼُئ َت‬
Tan sawijining wong mukmin sing kecocok eri, utawa sak luwihé manèh,
kajobo karana iku Allah ngunggahaké wong mau sak derajat, utawa Allah
ngilangi sawijiné dosa saka dhèwèké. (HR Muslim, at-Tirmidzi dan Ahmad).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 171


Kapingkalih, kanthi musibah/bencana, Allah SWT. kasedu nedahaken
panguwaosipun dhumateng para manungsa. Allah SWT., ugi paring pepémut
dhumateng para manungsa awit sedaya manungsa niku ringkih, penggalihan lan
panggraitanipun winates, dados tansah hambetahaken pambiyantunipun Allah
SWT.
Sedaya niku mujudaken kesadaran spiritual, ingkang kaprabawan saking
anggènipun sami mapag ngadepi musibah. Minangka kekiyatan spiritual
pangawulo dhumateng Allah SWT., ingkang kedah dipun urup mobalaken.
Pambangkit kekiyatan murih pangibadahan, ketaatan sarta ketakwaan kita
saget sakelangkung kiyat, saé, lan pener. Mawujud wonten ing samukawis
perkawis aturan, lampah penggesangan ingkang tansah katundukaken, utawi
kajumbuhaken mawi paugeran syaréat saking Allah SWT., inggih menika syaréat
Islam.
Karana makaten, musibah ingkang tumempuh kedah saged ngrembakaken
kekiyatan, kesadaran, kekendelan kanggé ndandosi, ngleresaken samukawis
ingkang risak (fasad) lan salah. Kekendelan ingkang saged mungkasi karisakan
idéologi rékadayanipun manungsa, kados sistem sèkularisme-kapitalisme.
Ingkang tundonipun saged wangsul napaki idéologi lan sistem panggesangan
ingkang leres, ingkang sampun dipun turunaken saking Allah SWT. Mboten
wonten sanès kajawi idéologi akidah lan syariah Islam ingkang kedah dipun
jejegaken wonten ing tataran ékonomi, sosial, politik, pamarintahan, hukum,
peradilan, lsp. Kados makaten menika patuladhan tuntunan panggesangan
saking baginda Rasulullah Muhammad SAW.

Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun


Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 172


‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا َ‬
‫للـ ُْم‪َ ،‬و َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه مً َ‬
‫لْاً ِت‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ ْ ْ َ ْ َ َ َ َّ َ ُ َّ َ ْ ُ ْ َ َ َ ُ َ َّ ُ ُ َ َّ ْ ُ َ ْ ُ َ َ ُ ْ ُ َْ‬
‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‪ ،‬وؤكىٌ كىَِلي‬
‫َ َ َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ َّ ُ ُ َ َ‬
‫الغ ُف ْى ُز َّ‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

‫‪DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com‬‬ ‫‪173‬‬


42. ASUNG WERDI HIJRAH NABI MUHAMMAD SAW.

Jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun Allah SWT.

Sakedap malih kita pangrasuk agami Islam ngancik warso énggal, inggih
menika 1441 hijriyah. Ing ateges sampun 1441 tahun kapengker baginda Nabi
Muhammad SAW nilaraken kitho Mekkah, pindah tindak tumuju dhateng kitho
Madinah. Menapa perlunipun? Mboten sanès saperlu kanggé njejegaken sedaya
syariah ingkang sampun dipun tedak-turunaken saking Allah SWT.
Awit ageng sanget wigatosipin menggah wekdal hijrah menika, ngantos
Khalifah Umar bin Khattab netepaken minangka pétangan wiwitan pétangan
tanggal tahun Islam. Boten katetepaken saking dinten wiosanipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW, menapa déné dinten wiwitan tumurunipun wahyu Al Qu‘ran.
Menapa wigatosanipun hijrah menika?
Sampun jamak lumrah tumrap kita sedaya, bilih hijrah asring namung dipun
maknani minangka lèngsèripun pribadi saking kahanan jahiliyah, dura durjana
tumuju dhumateng kawontenan Islami. Pindah saking kapribadèn ingkang
urakan, songar tan mawas halal-haram, gantos dados pribadi ingkang caket
dhumateng Allah SWT. Saking nindakaken panggautan ribawi, gantos netepi
muamalah ingkang halal. Saking muslimah ingkang taksih remen ngumbar aurat,
gantos dados muslimah ingkang ngagem hijab. Mekaten sedaya niku wau
mboten lepat. Ananging menawi kajumbuhaken kaliyan pamanggihipun Ibnu
Hajar al-Asqalani ing kitab Fath al-Bâri bi Syarh Shahîh al-Bukhârî, hijrah
menika wonten kalih werni, inggih menika hijrah zhâhirah (lahir) lan hijrah bâ
thinah (batin).
Hijrah batin menika minggalaken sadéngah ingkang dipun remeni déning
hawa nafsu, ingkang tansah ngobaraken perkawis ingkang awon (nafsu al-
ammârah bi as-sû‘) lan pambujukipun setan.
Kados makaten niku jumbuh kaliyan kateranganipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW naliko piyambakipun dipun tangleti, ― Duh kanjeng Rasulullah,
sinten sejatosipun tiyang ingkang nindakaken hijrah (muhâjir) menika?‖
Piyambakipun paring pawangsulan :
َّ َ
َ‫َم ًْ َه َج َس َما ه َهى الل ُه َك ْى ُه‬
Yaiku sadhéngah pawongan sing ninggalaké urusan sing wis dilarang
déning Allah tumrap dhèwèké (HR Ahmad).

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 174


Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Hijrah batin ingkang ugi winastanan mungkuraken kemaksiatan nuju


dhumateng ketaatan, menika dados perkawis ingkang wajib tumrapipun
sadhéngah tiyang Islam (Muslim). Awit Allah SWT. sampun paring dhawuh
pangandikan:
َ‫ين‬ َّ ُ ْ ْ َّ ُ ُ ْ َ ْ َ ُ َ َ َّ َ ُ ْ َ َّ َ َ ْ ُ ّ َ ْ َ ْ َ َ ُ َ َ
َ ‫وطا ِزكىا ِبلى مغ ِفس ٍة ِمً زِبىم وحى ٍت كسطها الظماواث وْلازض ؤ ِكدث ِللمخ ِل‬
Lan sira padha gegancangano nyuwun pangapuro marang Pangéraniro lan
suwargo kang jembaré madhani ambané langit lan bumi, dicawisaké marang
wong kang bekti ing Allah. (TQS Ali Imran [3]: 133).

Salajengipun, hijrah zhâhirah (batin), inggih menika gegancangan


milujengaken agami saking fitnah (al-firâr bi ad-dîn min al-fitan). Mekaten
menika jumbuh kaliyan katerangan al-Jurjani ing At-Ta‘rifât, bilih hijrah menika
mungkuraken negeri kaum kafir pindah nuju dhumateng Dâr al-Islâm.
Wedharan hijrah kanthi ingkang tegas wonten ing as-Sunnah dipun paringi
pangertosan: mungkuraken negeri syirik (kufur) tumuju Dâr al-Islâm. Pramilo
undering hijrah menika ngungkuraken sadéngah perkawis ingkang sampun
dipun awisi déning Allah SWT, arupi kemaksiatan, kalebet mungkuraken negeri
syirik, lajeng mapan cumondhok ing negeri Islâm (Dâr al-Islâm.).
Menapa to negeri Islam utawi Dâr al-Islâm menika? Inggih menika negeri
ingkang njejegaken utawi nerapaken syariah Islam kanthi gembleng kepleng
(total) ing sadéngah anasir panggesangan lan kendali keamananipun wonten ing
panguwaosanipun kaum Muslim. Makaten werdinipun hijrah ingkang kapendet
saking bukti kasunyatan (fakta) hijrah Nabi SAW. Inggih hijrah lahir makaten wau
ingkang minangka kedadosan ageng ing sejarah umat Islam.
Madinah saged dados pusering pamarintahan kaum Muslim ingkang
kawitan. Wonten ing mriku Rasulullah Muhammad SAW menapa déné ingkang
kalajengaken Khulafa ar-Rasyidin mranata urusan umat Muslim, saé menika
kanggé mernata urusan salebeting negeri soho sak njawinipun negeri. Nabi
Muhammad SAW ngintun utusan dhumateng sapérangan negeri kadidéné
dhateng Mesir, Persia lan Romawi kanggé mbujuk supados purun mlebet
ngrasuk agami Islam sarto tundhuk tumungkul dhumateng panguwaosipun
baginda Nabi. Kanjeng Nabi ugi ngadani utusan pasukan perang dhumateng
sadhéngah papan paperangan, saé menika dipun pimpin piyambak langsung,
menapa déné dipun pasrahaken dhumateng para sahabat.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 175


Jamaah Jum‟ah rahimakumullah

Mewani kita migatosaken pangertosan hijrah kasebat, ing babagan hijrah


lahir menika ingkang dèrèng saged dipun wujudaken, malah kepara kita
lirwakaken. Kathah ing antawisipun kulo panjenengan sami, kandheg rumaos
cekap menawi sampun saged memangun diri memaès pribadi, ningkataken ing
perkawis pangibadahan mahdhah kémawon. Nanging dèrèng wonten
pambudidoyo utawi ikhtiar kanggé nylametaken agami menika saking fitnah.
Mangga sami langkung dipun gatosaken, pripun jlèntrèhipun pandakwo
menapa déné tudingan radikalisme, anti-kebhinékaan, pemecah persatuan
negeri, lan sak panunggalanipun, ingkang tansah katujokaken dhumateng kaum
Muslim lan para pengemban dakwah. Sarta ugi manéka tindakan persekusi
kapatrapaken dhumateng para mubalig lan para ulama, karana piyambakipun
bethèkipun badhé nylametaken negeri mawi pitedah agaminipun Allah SWT.
Panjurung rekadaya kanggé njejegaken syariah Islam menapa déné ajaran
Khilafah Islam malah dipun anggep minangka ajaran ingkang saged ngrusak
negeri menika. Kosok wangsulipun, sistém politik démokrasi ingkang sampun
kathah nyingkur saking ajaran Islam lan mboten wonten dasar paugeranipun
saking para ulama Ahlus Sunnah malah dipun subyo-subyo. Kados-kados
demokrasi saged minangka pangluwaring reruwet tumrap bangsa menika.
Makaten kawontenan pepeteng ingkang nembé anglimputi kita sami ing
wekdal samenika. Kawontenan ingkang mèh sami kadidéné kawontenan
rikalanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW dalasan para sahabat taksih
cumondok ing Mekkah. Kawontenan jahiliah waradin ing sadhéngah anasir
panggesangan, ngantos tundonipun Allah SWT purun paring pitulungan kanthi
jejegipun daulah Islam ing Madinah. Allah SWT ngentasaken sadhéngah
manungso saking pedut peteng nuju dhumateng kahanan padhang.
Awit saking menika, sumonggo kita dadosaken momentum warso énggal
hijrah samangké minangka lampah wiwitan pambukaning sarono njejegaken
saha ngetrapaken syariah Islam kanthi golong gilig (kaaffah). Syariat Islam
ingkang tansah kita ginakaken minangka aturan penggesangan pribadi,
masyarakat ugi negari. Menawi kita taksih rumaos dados umatipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW, sumonggo sesarengan ngungkuraken pranatan
panggesangan ingkang rusak, jahiliyah, kadidéné ingkang taksih lumampah ing
wekdal menika.

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 176


Para sedherek Muslimin, jamaah Jum‟ah ingkang pinaringan rahmatipun
Allah SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum‘ah menika.


Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT.
samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan
Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang
lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak
tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa
sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir
batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga
saged dados péranganipun ahli dakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu dhumateng
patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal‘alamiin.[]
َ ‫َبا َز َن هللا لي َو َل ُى ْم فى ْا ُلل ْسآن ْا‬
َ ً‫ َو َه َف َلجي َوب ًَّ ُاه ْم ب َماف ُْه م‬،‫للـ ُْم‬
‫لْاً ِت‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
َْ ُ ْ ُ َ َ ُ ْ َ ُ ْ َّ َ ُ ُ َّ َ ُ َ َ َ ْ ُ ْ َ َّ ُ َ َّ َ َ َ ْ َ ْ ْ َ
‫ وؤكىٌ كىَِلي‬،‫و ِذه ِس الح ِىُ ِم وجلبل هللا ِمىا و ِمىىم ِجَلوجه وِبهه هى الظ ِمُم الل ِلُم‬
َ َ ُ ُ َّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ
َّ ‫الغ ُف ْى ُز‬
‫الس ِح ُْم‬ ‫هرا فإطخغ ِفس هللا الل ِـُم ِبهه هى‬

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com 177

Anda mungkin juga menyukai