Anda di halaman 1dari 6

KHUTBAH JUMAT

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA)


https://seruanmasjid.com
Versi BaSA JAWI

GAZA KIYAT,
PANGUWAOS MUSLIM INGKANG RINGKIH
KHUTBAH I
‫َأ‬ ‫ُش‬ ‫َن ُذ َّل‬ ‫َن َتْغ‬ ‫َن‬ ‫َّل َن‬ ‫ْل‬
,‫ َو ُع و ِب ال ِه ِم ْن ُر وِر ْنُف ِس َن ا‬, ‫ َو ْس ِف ُر ُه‬, ‫ َو ْس َت ِع يُنُه‬, ‫ ْح َم ُد ُه‬, ‫إَّن ا َح ْم َد ِل ِه‬
‫َّل ُه َف َال ُم َّل َل ُه َو َم ْن ُي ْض ْل َف َال َه َي َل ُه َأ ْش َه ُد َأ ْن َال‬ ‫ْه‬ ‫َي‬ ‫َو َس َئ ا َأ ْع َم ا َن اَم ْن‬
, ‫ِدا‬ ‫ِل‬ , ‫ِض‬ ‫ال‬ ‫ِد ِه‬ ‫ِل‬ ‫ِّي ِت‬
‫َن‬ ‫َأ‬ ‫َق‬ ‫َخ‬ ‫َة‬ ‫َش‬ ‫َل‬ ‫َش‬ ‫اَل‬ ‫َل َّال‬
‫ َه اَد َم ْن ُه َو ْي ٌر َّم اًم ا َو ْح َس ُن ِد ًّي ا‬، ‫ِا َه ِا ُهللا َو ْح َد ُه ِر ْي َك ُه‬.
‫َو َأ ْش َه ُد َأ َّن َس َد َن ا مَح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْو ُل ُه اُمْلَّت ُف اَمْلَك ا ِك َب اًر ا َو َص اًّي‬.
‫ِب‬ ‫ِص ِب ِر ِم‬ ‫ِّي‬
‫َا َّل ُه َّم َف َص َو َس ْم َع َل َس َن ُم َح َّم َك َن َص َق ْل َو ْع َو َك َن َر ُس ْو ًال َن ًّي َو َع َل‬
‫ ى‬،‫ِب ا‬ ‫ى ِّي ِد ا ٍد ا اِد ا ِد ا‬ ‫ِّل ِّل‬ ‫ل‬
‫َأ‬
‫ َّم ا َب ْع ُد‬،‫آ َو َص ْح اَّل ْي َن ُيْح ُن ْو َن ْس َال َم ُه ْم َو َل ْم َي ْف َع ُل ْو ا َش ْي ًئ ا َف ًّي ا‬،
‫ِر‬ ‫ِإ‬ ‫ِس‬ ‫ِب ِه ِذ‬ ‫ِل ِه‬
‫َق‬ ‫َف‬ ‫َتْق‬ ‫ُك‬ ‫ُا‬
‫ ْد اَز‬، ‫ ْو ْي ْي َنْف ْي َو َّي ا ْم َو ى‬، ‫َف َي ا ُّي َه ا ا َح ا ُر ْو َن َر َم ُم ُهللا‬
‫َف‬ ‫ُك‬ ‫ْل‬ ‫َأ‬
‫ِهللا‬ ‫ِب‬ ‫ِص ِن ِس ِإ‬ ‫ِح‬ ‫ِض‬
‫ُمْلَّت ُق ْو َن َق َل ُهللا َت َع َل‬
‫اى‬ ‫ ا‬. ‫ا‬:
‫ٰۤل‬
‫ُه َو اَّل ْي َج َع َل ُك ْم َخ َف ى اَاْل ْر ِۗض َف َم ْن َك َف َر َف َع َل ْي ُك ْف ُر ۗٗه َو اَل َي ْي ُد‬
‫ِز‬ ‫ِه‬ ‫ِٕى ِف‬ ‫ِذ‬
‫َخ‬ ‫اَّل‬ ‫ُك‬ ‫ٰك‬ ‫ْل‬ ‫اَل‬ ‫اَّل‬ ‫ُك‬ ‫ْل ٰك‬
‫ا ِف ِر ْي َن ْف ُر ُه ْم ِع ْنَد َر ِّب ِه ْم ِا َم ْق ًت ا َۚو َي ِز ْي ُد ا ِف ِر ْي َن ْف ُر ُه ْم ِا َس اًر ا‬
(QS Fatir [35]: 39).

Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa


Ta’ala
Minangka pambuka atur, sumangga kita sesarengan hangunjukaken raos
syukur wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala, awit sampun kathah
nikmat peparingipun dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pandhèrèkipun ingkang tansah setya tuhu,
mangga sareng-sareng hatur shalawat dalasan salam, kunjuk dhumateng
Rasulullah Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam, sumarambah dhumateng
para kulawarganipun, para sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in.
Minangka jangkeping rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pepémut dhumateng dhiri pribadhi kula piyambak, sumarambah
dhumateng para jamaah Jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngandelaken
iman, nambahi jejeging taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala,

1
jumbuh kaliyan dhawuhipun kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa
Sallam : ‫َأ‬
‫ َو َخ ا الَّن اَس ُخ ُل َح َس‬،‫ َو ْت الَّس َئ َة اْل َح َس َن َة َت ْم ُح َه ا‬، ‫ِا َّت َهللا َح ْي ُث َم ا ُك ْنَت‬
‫ٍن‬ ‫ِب ٍق‬ ‫ِل ِق‬ ‫ِب ِع ِّي‬ ‫ِق‬
“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana
pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal isa
hangganti kanisthan. Srawunga karo sapepadhané manungsa kanthi pakerti
kang becik.” (HR Tirmidzi).
Allah Subhanahu Wa Ta’ala‫ َأل‬ugi sampun
‫ُأ‬ paring firman makaten:
‫َو َت َز َّو ُد َف َّن َخ ْي َر َّز َّت ْق َو َو َّتُق َي ْو ْا ْل‬
.... ‫َب اِب‬ ‫ال اِد ال ى ا وِن ا ِل ي‬ ‫وا ِإ‬
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-beciking sangu iku wedi
(taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé akal, sira padha wediya marang
Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).
Allah Subhanahu Wa‫ َأ‬Ta’ala ugi paring dhawuh makaten: ‫َأ‬
‫َي ا ُّي َه ا اَّل يَن آَم ُن وْا اَّتُق وْا الّل َه َح َّق ُتَق ا َو َال َت ُم وُت َّن َّال َو نُت م ُّم ْس ُم وَن‬
‫ِل‬ ‫ِإ‬ ‫ِتِه‬ ‫ِذ‬
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya ing Allah, kelawan
sejatineng bekti, lan sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan Islam.” (QS
Ali Imran [3] : 102).
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Menawi kita madosi barometer keislaman umat Islam akhir zaman niki,
Gaza minangka jawabanipun. Gaza lan Palestina sejatosipun kiyat sanget. Boten
ringkih kados ingkang dipun aturaken déning satunggaling tokoh negeri niki.
Sumangga katingali, kadospundi sisi keimanan, kesabaran, kateguhan lan
ketegaran sedayanipun, ngadhepi penjajah ingkang kekiyatanipun sak negari.
Panci, puluhan èwu umat Islam ing Gaza gugur minangka syahid akibat
kebiadaban Zionis. Kekathahanipun kaum wanita lan anak-anak. Kapirsani,
sedayanipun boten ngetingalaken keringkihanipun sakedhik kéwala.
Sedayanipun boten nglokro. Menapa malih ngantos pasrah bongkokan
dhumateng Zionis Yahudi.
Ing pérangan sanès Hamas lan Taufan al-Aqsa-nipun kabukti sampun
sagah hanggigrigaken èntitas Yahudi Zionis Israèl. Serangan-serangan Hamas
sampun nuwuhaken dampak ingkang dahsyat sanget tumrap èksistènsi Yahudi
Zionis. Saged kabayangaken, luar biasanipun kuwawi ngadhepi tentara Zionis
kanthi peralatan super canggih ing wekdal ingkang dangu.
Kosok wangsulipun, ébo ringkihipun èntitas Yahudi Israèl. Piyambakipun
ingkang winastan gadhah kekiyatan militer paling kiyat ing Timur Tengah,
kasunyatanipun namung mitos, omong kosong.
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala

2
Lajeng, kénging manapa sak dangu niki Israèl ketingal kados-kados kiyat
sanget? Mugi kawuningan, Israèl ingkang kados ketingal kiyat, amargi karana
ringkihn lan pengecutipun para panguwaos kaum Muslim, maliginipun para
panguwaos Arab. Éwasemanten, saking babagan militer, sawetawis nagari ing
Dunia Islam, sejatosipun langkung kiyat, tinimbang Israèl.
Adhedhasar saking situs Global Firepower, Pakistan, misalipun, mapan
ing urutan kaping 7 sak donya, kanggé kekiyatan militeripun. Wonten malih,
Turki ing urutan kaping 11. Indonesia mapan ing urutan kaping 13. Mesir
ingkang mapan kaping 14. Ingkang nggumunaken, kekiyatan Israèl piyambak
namung mapan ing urutan kaping 18 saking 145 negari sak donya. Menika
maknanipun, kekiyatan militer Israèl langkung andhap, saking nagari-nagari
Muslim.
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Sak temenipun, rahasia kekiyatan satunggaling nagari mapan ing idéologi
(akidah)-ipun. Mangga kawuningani, kadospundi Daulah Islam ingkang dipun
pimpin dening Baginda Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ing Madinah,
namung satungaling nagari alit. Tebih, menawi kabandhingaken kekiyatan
negari adidaya ing wekdal semanten, kados Romawi lan Persia. Kepara kaliyan
kekiyatan militer Qurays kéwala, tebih. Hananging, pasukan kaum Muslim
wekdal semanten kuwawi ngasoraken sedaya mengsahipun kanthi kamenangan
ingkang gemilang.
Pasca Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam wafat, Khulafaur Rasyidin
kanthi Nagari Khilafahipun, ugi kuwagang hangadhepi kalih nagari adidaya
kafir, inggih menika Romawi lan Persia. Makaten ugi kamenangan umat niki
saged dipun rengkuh rikala jaman Umayah, Abasiyah lan Utsmaniyah. Malah,
Khilafah Islam kasil manguwaosi kalih pertigang duniya, dangunipun
mangabad-abad.
Pitakénanipun: kepripun kok saged? Menapa rahasia kekiyatanipun? Mugi
kawuningan, kekiyatanipun mapan ing idéologi (akidah) Islam, ingkang
linambaran kalimat: Laa Ilaaha illaalLaah, Muhammad Rasuulullaah. Allah
subhanahu wa ta’ala sampun paring firman:
‫ِا َّن ْٓي َا َن ا الّٰل ُه ٓاَل ِا ٰل َه ِا ٓاَّل َا َن ۠ا َف اْع ُب ْد ِن ْۙي َو َا ِق الَّص ٰل وَة ِل ِذ ْك ْي‬
‫ِر‬ ‫ِم‬ ‫ِن‬
Sak temené Ingsun iki Allah. Ora ana Pangéran, kajaba Ingsun. Jalaran saka
iku sira manembaha marang Ingsun, sarta nindakake sholat klawan éling
marang Ingsun. (TQS Thaha [20]: 14).
Kalimat tauhid menika ingkang kasdu hanjurung kekiyatan sedayanipun.
Kanthi tauhid menika kaum Muslim gadhah ‘izzah, kehormatan saha kamulyan,
ing sak ngajeng umat manungsa sanèsipun. Sedayanipun boten gampil dipun
kalahaken, menapa malih katindhes lan kajajah. Allah subhanahu wa ta’ala
sampun paring firman mekaten:

3
‫ َو ّٰل اْل َّز ُة َو َر ُس ْو َو ْل ُم ْؤ ْي َن َو ٰل َّن اُمْلٰن ْي َن اَل َي ْع َل ُم ْو َن‬....
‫ِف ِق‬ ‫ِك‬ ‫ِل ٖه ِل ِم ِن‬ ‫ِل ِه ِع ِل‬
....Weruhana, kamulyan lan kamenangan iku kagungané Allah lan utusané apa
déné wong mukmin. Nanging mengkono iku wong lamis padha ora weruh.
(TQS al-Munafiqun [63]: 8).
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Kanthi kekiyatan akidah Islam menika, kaum Muslim tansah siyaga pejah,
kanggé handhepani agami, bandha lan kehormatanipun. Sedaya pitados sanget
kaliyan sabda Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam menika:
‫ وَم ْن ُق َل ُد وَن‬، ‫ وَم ْن ُق َل ُد وَن ي ه فهَو َش هيٌد‬، ‫َم ْن ُق َل ُد وَن َم ا فهَو َش هيٌد‬
‫ِت‬ ‫ِد ِن‬ ‫ِت‬ ‫ِل ِه‬ ‫ِت‬
‫ وَم ْن ُق َل ُد وَن أه فهَو َش هيٌد‬، ‫َد فهَو َش هيٌد‬
‫ِل ِه‬ ‫ِت‬ ‫ِم ِه‬
Sapa waé kang pinerjaya karana hambéla bandhané, dhèwèké syahid. Sapa
waé kang pinerjaya karana hambéla agamané, dhèwèké syahid. Sapa waé kang
pinerjaya karana hambéla darahé, dhèwèké syahid. Sapa waé kang pinerjaya
karana hambéla keluargané, dhèwèké syahid. (HR at-Tirmidzi).

Menika ingkang handadosaken kaum Muslim kiyat sanget, boten ringkih


ing sak lebeting manglawan ngadhepi mengsah. Mekaten niku ingkang dipun
ketingalaken déning kaum Muslim Paléstina, maliginipun warga Gaza,
langkung malih Hamas kanthi Brigade al-Qasam-ipun. Sedayanipun paham
sanget, babagan makna penting lan wajibipun jihad fi sabilillah.
Sak dangunipun kaum Muslim taksih gadhah akidah Islam ingkang kapetri
bakoh ing nglebet jiwanipun, sak dangu niku ugi sedaya boten badhé saged
dipun jajah. Kepara malah saged hambébasaken bangsa-bangsa sanès saking
kekiyatan kufur. Makaten niku ingkang lumampah wiwit jaman Daulah Islam
ing Madinah, ingkang dipun pimpin déning Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam, tumunten dipun lajengaken déning Kekhilafahan Islam jaman Khulafaur
Rasyidin, jaman Umayah, jaman Abasiyah, saha jaman Utsmaniyah.
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Émanipun kekiyatan akidah niku sansaya ringkih wiwit Kekhilafahan
Islam ingkang pungkasan, hingih menika jaman Utsmaniyah, kasil dipun
hancuraken ing tahun 1924 déning kaum kafir penjajah Inggris, mawi
antèkipun, Mustafa Kemal Attaturk. Umat Islam kapecah belah. Dipun pimpin
déning panguwaos ingkang ringkih, ngantos manglawan Zionis alit niku
kémawon moben saged.
Awit saking menika, murih Dunia Islam wangsul kiyat malih, purun
mboten purun, kaum Muslim kedah hanjejegaken malih Khilafah Islamiyah.
Kaum Muslim lan Dunia Islam kedah manungal malih. Mugi dipun émut,

4
wontenipun negari adhidhaya global, hinggih menika Khilafah, ingkang
manunggalaken kaum Muslim sak dunia, wekdal sak menika hukumipun wajib.
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmatipun Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika.
Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah
Subhanahu Wa Ta’ala samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking
Panjenenganipun, lumantar Rasulipun, mangga kita gondhèli kanthi saèstu.
Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi
kula, mangga kita bucal ingkang tebih, lan mugi panjenengan sedaya kersa
hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntoning atur, sumangga kita pungkasi khutbah menika kanthi
ndedonga sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat
lahir batin, manfaat donya akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan,
sahéngga saged dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat Islam kanthi kaffah, tansah setya tuhu
hanuladhani kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam ngantos
puput yuswa kanthi kawontenan husnul khatimah, aamiin ya rabbal’alamiin.
[]
‫َو َل ُك ْم ْا ُق ْر ْا َع ْي َو َنَف َع َو َّي ُك ْم َم ْي َن آْل َي َو ْك‬ ‫َب اَر َك‬
‫ِّذ ِر‬ ‫ل‬‫ا‬ ‫ِت‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ا‬
‫ِب ِف ِه ِم‬ ‫ا‬ ‫ي‬
‫ِن ِإ‬ ، ‫ِن ِظ ِم‬ ‫ل‬ ‫آ‬ ‫ل‬ ‫ى‬ ‫ِف‬ ‫ي‬ ‫ِل‬ ‫هللا‬
‫َو َتَق َّبَل ُهللا َّن َو ْن ُك ْم َال َو َت ُه َو َّنُه ُه َو َّس ْيُع َع ْيُم َو َأ ُق ْو ُل َق ْو َه َذ‬ ‫اْل َح‬
‫ِل ي ا‬ ، ‫ال ِم ال ِل‬ ‫ِإ‬ ‫ِم ِم ِت‬ ‫ا‬ ‫ي‬
‫ِك ِم‬
‫ُف‬ ‫َغ‬ ‫َّنُه‬ ‫َف َتْغ‬
‫أْس ِف ُر َهللا الَع ِظ ْيَم ِإ ُه َو ال ْو ُر الَّر ِح ْي م‬

5
‫َأ ‪KHUTBAH II‬‬
‫َع لَى َت ْو ْي َو ْم َن ا ‪َ .‬و َأ ْش َه ُد ْن َال َل َه َّال ُهللا‬ ‫َاْل َح ْم ُد ِهلل َع لَى ْح َس ا َو الُّش ْك ُر َل ُه‬
‫ِا ِإ‬ ‫ِف ِق ِه ِا ِت ِنِه‬
‫َأ‬
‫ِإ ِنِه‬
‫َس َد َن ا ُم َح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْو ُل ُه الَّد اِع ى إلَى‬ ‫َل‬
‫َو ُهللا َو ْح َد ُه َال َش ْي َك ُه َو َه ُد أَّن‬
‫ْش‬
‫ِّي‬ ‫ِر‬
‫ْض َو‬
‫‪ِ.‬ر اِنِه‬
‫ًر‬ ‫ْي‬ ‫ًم‬ ‫ْي‬ ‫ْس‬ ‫ُه َّم َص َع َل َس َن ُم َح َّم َع َل َا َو َأ ْص َح َو َس ْم َت‬
‫ِل ا ِك ث ا‬ ‫اِب ِه ِّل‬ ‫ِّل ى ِّي ِد ا ٍد ِو ى ِل ِه‬ ‫الل‬
‫َأ َّم ا َب ْع ُد َف يَا َا ُّي َه ا الَّن اُس ِا َّتُق واَهللا ِف ْيَم ا َم َر َو اْن َت ُه ْو ا َع َّم ا َن َه ى َو اْع َل ُم ْو ا َّن َهللا َم َر ُك ْم‬
‫َأ‬ ‫َأ‬ ‫َأ‬
‫َأ ْم َب َد َأ ْي َنْف َو َث ـَن ى َم آل َك اُمْلَس َح ُق ْد َو َق اَل َت عَاَل ى َّن َهللا َو َم آل َك َتُه‬
‫ِئ‬ ‫ِإ‬ ‫ِّب ِة ِب ِس ِه‬ ‫ِب ِئ ِتِه‬ ‫ِب ٍر ِف ِه ِب ِس ِه‬
‫َت‬ ‫َل‬ ‫ُّل‬ ‫َّل‬ ‫َا‬ ‫ُّل‬
‫‪ُ.‬يَص ْو َن َع لَى الَّن ِب ى يآ ُّي َه ا ا ِذ ْي َن آَم ْو ا َص ْو ا َع ْي ِه َو َس ِّل ُم ْو ا ْس ِل ْي ًم ا‬
‫ُن‬
‫َل‬ ‫َا‬ ‫َل‬ ‫َل‬ ‫َّل‬ ‫َن‬ ‫َل‬
‫اللُه َّم َص ِّل َع ى َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد َص ى ُهللا َع ْي ِه َو َس ِّل ْم َو َع ى آِل َس ِّي ِد ن ُم َح َّم ٍد َو َع ى‬
‫َا ْن َك َو ُر ُس َك َو َم َك ْا ُملَق َّر ْي َن َو ْر َض ّل ُه َّم َع ْا ُخ َل َف َّر ْي َن َأ َب ْك‬
‫ِن ل اِء ال اِش ِد ِب ى ٍر‬ ‫ِب ا ال‬ ‫آلِئ ِة‬ ‫ِل‬ ‫ِب يآِئ‬
‫َل‬ ‫َت‬ ‫ْث‬
‫َو ُع َم ر َو ُع َم ان َو َع لي َو َع ْن َب ِق َّي ِة الَّص َح اَب ِة َو الَّت اِب ِع ْي َن َو اِب ِع ي الَّت اِب ِع ْي َن ُه ْم ِب ِا ْح َس ٍنا‬
‫َل ى َيْو ال ْي َو اْر َض َع َّن ا َم َع ُه ْم َر ْح َم َك َي ا َأ ْر َح َم الَّر ا ْي َن‬
‫ِح ِم‬ ‫ِب ِت‬ ‫ِا ِم ِّد ِن‬
‫ْن َو ْاَال‬ ‫َا للُه َّم اْغ ْر ْل ُم ْؤ ْي َن َو ْا ُملْؤ َن ا َو ْا ُملْس ْي َن َو ْا ُملْس َم ا َا َال ْح‬
‫يآء ِم ُه ْم ْم َو اِت‬ ‫ِل ِت‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِم ِت‬ ‫ِف ِل ِم ِن‬
‫ُمل‬ ‫ْا‬
‫ْي َو ا ُص ْر َب اَد َو ْي َن‬‫َك‬ ‫ْن‬ ‫َن‬ ‫ْش‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫اللُه َّم َأ َّز ْا ْس َال َم َو ْس ْي َو َّل ال ْر َو‬
‫َك‬ ‫َأ‬ ‫َن‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬
‫ِّح ِد‬ ‫ِع‬ ‫ِر ِك‬ ‫ِذ ِّش‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِع ِإل‬
‫َأ‬
‫َو اْن ُص ْر َم ْن َن َص َر ال ْي َن َو ا ْل َم ْن َل ْس ْي َو َد ْر ْع اَء ال ْي َو اْع‬
‫َد‬ ‫َن‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫َذ‬ ‫َخ‬ ‫ُذ‬ ‫ْخ‬
‫ِل‬ ‫ِّد ِن‬ ‫ِّم‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِّد‬
‫‪َ.‬ك َم ا َك َل ى َيْو ال ْي‬
‫ِل ِت ِإ ِم ِّد ِن‬
‫َظ‬ ‫ْا‬ ‫ْا‬ ‫َال ْا‬ ‫ْا َال ْا‬ ‫َف‬
‫اللُه َّم اْد ْع َع َّن ا لَب َء َو لَو َب اَء َو الَّز ِز َل َو ِمل َح َن َو ُس ْو َء لِف ْتَن ِة َو ِمل َح َن َم ا َه َر ِم ْن َه ا‬
‫َو َم ا َب َط َن َع ْن َب َل ِد َن ا ِا ْن ُد وِن ْي ِس َّي ا خآَّص ًة َو َس اِئ ْا لُب ْل َد ا ْا ُملْس ِل ْي َن عآَّم ًة َي ا َر َّب‬
‫ِم‬ ‫ِن‬ ‫ِر‬
‫ْا لَع ا ْي َن ‪َ .‬ر َّب َن ا آ نَا ى الُّد ْن َي ا َح َس َن ًة َو ى ْا آل َر َح َس َن ًة َو َن ا َع َذ اَب الَّن ا ‪َ .‬ر َّب َن ا َظَل ْم اَن‬
‫ِر‬ ‫ِق‬ ‫ِف ِخ ِة‬ ‫ِت ِف‬ ‫ِمَل‬
‫‪َ.‬ا ْنُف َس َن ا َو اإْن َل ْم َت ْغ ْر َل َن ا َو َت ْر َح ْم َن ا َل َن ُك ْو َن َّن َن ْا لَخ ا ْي َن‬
‫ِس ِر‬ ‫ِم‬ ‫ِف‬

‫ْا َف ْح‬ ‫َب اَد ! َّن َهللا َي ْأ ُم ُر ْا لَع ْد َو ْا ْح َس ا َو ْي تآ ي ْا لُق ْر بَى َو َي ْن َه ى َع‬
‫ل شآِء‬ ‫ِن‬ ‫ِب ِل ِإل ِن ِإ ِء ِذ‬ ‫ِع ِهللا ِإ‬
‫َو اْش ُك ُر ْو ُه‬ ‫َو ْا ُملْن َك َو ْا لَب ْغ ي َي ِع ُظ ُك ْم َل َع َّلُك ْم َت َذ َّك ُر ْو َن َو اْذ ُك ُر وا َهللا ْا لَع ِظ ْيَم َي ْذ ُك ْر ُك ْم‬
‫َأ‬ ‫ِر‬
‫ْك‬ ‫ْك‬ ‫َل‬ ‫ُك‬ ‫ْد‬
‫َع لَى ِن َع ِه َي ْم َو ِذ ُر ِهللا َب ْر‬
‫ِم ِز‬

‫‪6‬‬

Anda mungkin juga menyukai