Anda di halaman 1dari 4

I’TIBAR QURBAN MINANGKA PAWIYATAN BEBUDHEN LUHUR

َُ‫ق‬ َ َ َ ًْ ََ ً َ ْ ‫ه‬ َ َ ‫َ ه ََْه َ ه ََْه َ ًْ َ ْ َ ْ ه‬


َ
ُ ‫للاُ َوحد ُهُصد‬
َ ‫ه‬ َ ْ ُ‫ُ ُلُ ِال َُهُ ِا ُل ه‬.ُ‫ل‬ ُ ‫للاُبكر ُةُوأ ِصي‬ ُِ ُ‫ان‬ ُ َ ‫لِل ك ِث ْي ًراُ َو هس ْب َح‬ُِ ِ ُ‫للُأكب ُرُك ِبيرُاُوالحم ُد‬ ُ ‫ُا‬٩×ُ‫للُأكب ُر‬ ُ ‫ا‬
ْ َ َ ‫َ َ ه َ ه َْه َ ه َْه‬ َ َ َ َ َ ْ َ َ ‫َو ْع َد هُهُ َو َن‬
‫لِلُال َح ْم هُد‬ ُِ ‫للُأكب ُرُ ِو‬ ُ ‫ُا‬,‫للا أكبر‬ ُ ‫للاُو‬ ُ ُ‫ابُ َو ْح َد هُهُ ُلُ ِال ُهُ ِا ُل‬ ُ َ ‫الُ ْح َز‬ ُ ُ‫ص َُرُ َع ْب َد هُهُ َوا َع َُزُ هج ْن َد هُه َو َه َز َُم‬
ً َ ْ َ َ ْ ْ ‫ْه‬ ْ ‫هه‬ َ َ َ َ َ ْ َ َ ًَ َ َ ْ َْ َ ََ َ َ َ َ ‫ْ َ ْ ه‬
ُ‫بُ ُاْلس ِل ِمي ُنُ ُبهج ُة‬ ُ ِ ‫ادُ ُ ِضياف ُةُ ُ ِل ِعبا ِد ُِهُ ُالص ِال ِحي ُن وجع ُلُ ُ ِف ُىُ ُقلو‬ ُِ ‫امُ ُالعي‬ ُ ‫لِل جع ُلُ ُأي‬ ُِ ِ ُ ُ‫الحم ُد‬
َ َ ‫ه‬ ً َ ْ َ َ َ َ َ َ َ َ ْ َ
ُ‫ص ِل ُى‬ َ ُ ‫ ُالل هه َُم‬،‫دا ُ َع ْب هد هُه ُ َو َر هسول هه‬ ُ ‫ ُ َوأش َه هُد أ َ ُن ُ هم َح َم‬،‫يك ُل هه‬ ُ َ ‫للا ُ َو ْح َد هُه ُ ُل ُش ِر‬ ُ‫أش َه هدأ ْ ُن ُ ُل ُ ِإل َُه ُ ِإ ُل ُ ه‬. ‫َو هس هر ْو ًرا‬
ُ‫َُ َأم ُا‬.‫الد ْي ِن‬ ُ ُ ُ
‫م‬ ‫و‬ ْ َ ُ ُ‫انُ ُ ِا َل ُى‬
‫ي‬ ُ َ
‫س‬ ‫ح‬ ْ ‫ن َتب َع هُهُ ُب ِا‬ ُ ْ ‫ص ْحب ُهُ ُ َو َم‬ َ ‫و‬َ ُ ُ‫كُ ُ َع َل ُىُ ُ َسيد َناُ ُ هم َح َُمدُُ ُ َو َع َل ُىُ ُآل ُه‬ ُ ْ ‫َو َس ِل ُْم َو َبا ِر‬
ِ ِ ِ ِ ِِ ِِ ِِ
َ َ َ َ ‫َ ه َ َ َ ُّ َ َ ه َ ه ْ ه‬
‫اع ِت ُِهُل َع َل هك ُْمُ هت ْف ِل هح ْو َ ُن‬ ‫للا وط‬ ُِ ُ‫ى‬ ُ ‫اىُ ِب َت ْق َو‬
َُ ‫صيك ُْمُ َوِا َي‬ ‫ُفأ ِو‬,‫فياأيهاالناس‬: ‫عد‬ ُ ‫ب‬
Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dhateng Ngarsa
Dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung
langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya,
mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi
wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi
sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah
lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking
ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dhawuhipun Allah :
َ َ َ َ
ُ َ ‫ينُ َات َق ْواُ َوال ُِذ‬
ُ‫ينُ هه ُْمُ هم ْح ِس هنون‬ َُ ُ‫ِإ َ ُن‬
ُ َ ‫َللاُ َم َُعُال ِذ‬
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe
becik” . (QS. An Nahl :128).
Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah
Wonten ing wulan Dzul Hijah Dzulhijjah, sedaya jamaah haji sami kempal ing bumi Mina,
kempal jutaan kaum muslimin muslimat, jaler estri, enem sepuh, ageng alit, saking pundi-pundi
nagari, wonten ingkang mlampah suku, wonten ingkang nitih kendaraan, wonten ingkang
nyabrang seganten lan wonten ingkang miber ngambah nggegana, wonten ingkang bidal sak
keluarganipun lan wonten ingkang badan sepata, lan nilaraken keluarganipun, sarana rekaos lan
awrat saget dumugi ing tanah suci Makkah, wusananipun sedaya makempal manunggal dados
setunggal ing bumi suci Makkah, tanpa mbentenaken ras lan warnining pakulitan, suku bangsa
tuwin basa, pejabat utawi rakyat. Sedayanipun sami drajadipun wonten ngarsanipun Allah,
minangka kawula, sedaya kedah angrasuk busana sarwa seta. Kalimat talbiyah “Labaikallohumma
labaik” menggema ing bumi tanah suci tumrap tiang haji. Sedaya sami siaga nuhoni timbalan
Dalem Allah Ta’ala. Punika sedaya mertandani, bilih sedaya manungsa anggadahi hak ingkang
sami, sedaya minangka kawula, pundi ingkang langkung taqwa punika ingkang langkung mulya
menggahipun Allah Ta’ala.
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Mekaten ugi kita sedaya ing enjang punika, sami bidalan nilaraken dalem papan dunung
kita, sami kempal ing papan punika, semanten katahipun, kanti mboten sarana dipun kerahaken,
mboten dipun ongkosi, lan mboten wonten seja kerana pados kauntungan dunya. Namung nuhoni
timbalan saha murih ridlanipun Allah Ta’ala. Minangka nglahiraken tanda syukur kita, awit sedaya
nikmat kanugerahan saha rahmat peparingipun Allah dateng kita sedaya. Jalaran Allah sampun
paring dawuh dateng kita :
ََ َ َ ‫اكُ ْال َك ْو َثر*ُُ َف‬ َ َ
ُ َ ‫كُ َو ْان َح ُْرُ* ِإ َ ُنُشا ِن َئ‬
ُ *ُ ُ‫كُ هه َ ُوُال ْبت هُر‬ ُ َ ‫ص ِ ُلُ ِل َرِب‬ ُ َ ‫ِإ َناُأ ْعط ْي َن‬
“Temen sejatine Ingsun Allah wis paring marang sira, nikmat kebecikan kang akeh, mula sira
nindakna shalat kerana Pangeranira, lan sira nyembeliha qurban, saktemene wong kang gething
ing sira iku wong kang cures”. (Al Kautsar: 1-3)
Nikmat kanugerahannipun Allah dateng kita punika mila kathah sanget, temtu kita mboten
bade sanggup ngetang nikmat peparing wau, mila sampun sak mestinipun kita Syukur dumateng
Allah kanthi nindakaken dhawuh lan perintahipun, kados nindakaken shalat lan ngleksanaaken
ibadah Qurban, kados ingkang katuladhanaken dening Bapa kita Nabiyullah Ibrahim Alaihis
salam.
Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing
Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados
dhasar syari’at ibadah Qurban, saha tuladha tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun
pinaringan pacoben dening Allah, supados mragat putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam,
dhawuh kasebat katampi kanthi sabar lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan
saking ngarsa dalem Allah.
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Mangga sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi IsmailAlaihis
salam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladhan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para
putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putra ingkang salih lan bektos dhateng
tiyang sepuh. Kanthi sabar lan ridla nampi qadla lan qadar-ipun Allah, sahingga saged ikhlas lila
legawa berqurban nyembadani dhawuhipun ingkang rama, sinaosa nyawa ingkang kedah dipun
qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanthi tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang
rama:
َ ْ ََ َ َ َ
ُ َ ‫الص ِاب ِر‬
‫ين‬ َ ُ‫ن‬ َُ ‫تُاف َع ُْلُ َماُ هت ْؤ َم هُرُ َس َت ِج هد ِنيُ ِإ ْ ُنُش‬
ُ‫اءُ ه‬
ُ ْ ‫للاُ ِم‬ ُ ِ ‫الُي ُاُأب‬
ُ ‫ُق‬
“Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang
kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet
golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar” (Ash Shaffat: 102)
Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas
lan ridla labuh labet dhateng agami, nadyan kedah ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang
kawastanan putra ingkang sholih, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putra
ingkang mekaten kedah kadamel tulada tumrap para putra remaja lan pemuda, minangka putra lan
generasi ingkang sholih lan sholihat. Lajeng wonten pitakenan tumrap kito sedoyo inggih puniko
Punopo ketulusan lan ketaatanipun Nabi Ismail Alaihissalam netepi perintah Agami lan
tiyang sepuh sampun kapraktekkaken tumrap para pemuda ing zaman puniko?? Inggih Alloh lan
diri pribadi kito ingkang langkung mangertosi.
Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah
Mbok bilih inggih namung kanti pangorbanan ingkang ageng, kabahagayaning gesang
punika bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku hikmah:
ْ َ ‫َْ َ ْ ه‬
‫نُ هتنا َُلُال ِع َز ُةُ ِإ ُلُ ِب هم هر ْو ُِرُال َب ِل َي ُِة‬
ُ‫ل‬
“ora baka kagayuh kamulyan, kejaba kanthi ngliwati sengsaraning pangurbanan”
Ananging pangurbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan i’tikad ingkang kiyat,
jalaran pangurbanan ingkang tanpa kadasaraken dhateng keimanan temtu namung bade siya-

‫اءُه‬ َ ْ ‫ه‬ َ َ َ ْ ‫َ َ َ ْ َ ه ه ْ َ َ ْ ه ه ْ َ ه َ ه ه ْ ْ َ َ هْ َ َ َ ْ َ َ َ َ َ َ ً َ ه‬
siya muspra tanpa tanja. Allah sampun paring dawuh :
َ
ُ ‫كُله ُمُجز‬ ُ ‫حاُفأول ِئ‬
ُ ‫نُوع ِم ُلُص ِال‬
ُ ‫نُآم‬
ُ ‫وماُأموالك ُمُو ُلُأولدك ُمُ ِبال ِتيُتق ِربك ُمُ ِعندناُ ُزلف ُىُ ِإ ُلُم‬
َ‫ه ن‬ َ‫ْ َ َ ه َه ْ ْ هه‬
ُ ‫اتُ ِآمنو‬
ُ ِ ‫فُ ِبماُع ِملواُوه ُمُ ِف ُيُالغرف‬ُ ِ ‫الضع‬
ِ
“Dudu banda banda lan anak anak ira kabeh kang bisa nyaketake sira marang Ingsun senajan
sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih, iya wong wong kang kaya mengkono iku
kang bakal merkoleh piwale skang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan
wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur” (As Saba’: 37).
Wusananipun kanti riyaya ing dinten punika, mangga kita sageta mendet i’tibar
lan tuladha saking riyaya Idul Adha punika, khususipun ingkang sesambetan kaliyan kesalihan
sosial (kebecikan ingkang sesambetan kaliyan tiang ngasanes). Minangka bangsa Indonesia
ingkang nembe lumebet ing tahun politik, Idul Qurban kedah saged dipun manfangataken kagem
ngiyataken simpul-simpul solidaritas antawasipun sesami. Kita kedah ambudidaya kesadharan
bilih saklebeting alam donya utawi alam pasrawungan katah bab-bab ingkang sarwi benten.
Namum ewa semonten probenten sampun dadosaken perkawis kepara kanthi wontenipun menika
ndadosaken saya rumaket lan ndados kekiyatan ingkang ngedab-edabi.
Kita keda emut wontenipun sesanti crah agawe bubrah, rukun agawe santoso. Bangsa kita
menika, bangsa ingkang nggadahi budaya, tradisi, agama, suku bangsa, ingkang mboten sak werni,
ananging kanthi mekaten kepara malah dados bangsa ingkang sugih lan kiyat, kantun sakmangkih
dados kewajiban kita minangka warga negari anggenipun ngrekso supados bangsa kita sampun
lebur amargi gampil dipun pecah belah.
Dening pihak-pihak ingkang kepingin negri kita bubrah cara ingkang trep inggih punika
kita kedah saget nindakaken raos tepo slira mat kinormatan aji ing ngajenan,lung tinulung,golong
َٰٓ warga. Satemah saget cinepto suasana ingkang ayem tentrem.
َ َ ْ ‫َ َ َ ه ه ۟ َ َ َ َ َ َ ه ۟ َ ْ َ َ ه ۟ ۢ َ ْ َ َ ٓ َ ه ه ْ َ ََٰ ه َ ه ۟ َ َ َ ه‬
gilig dhumateng sesami kadang
ٌ‫يم‬ َ ٌ
ُ ‫ولُتكونواُكٱل ِذينُتفرقواُوٱختلفوا ُِمنُبع ِدُماُجاءهمُٱلب ِينتُوأول ِئكُلهمُعذابُع ِظ‬
“Aja sira dadi kaya dene wong-wong kang dadi kelompok-kelompok lan banjur pada
cecongkrahan, saka sakwise tekane bukti-bukti kang pertela. Wong mengkono mau kang bakal
oleh siksa kanga gung.”ُ (Ali Imran:3)
Pramila makna Idul Qurban minangka sarana kangge ngraketaken pasedherekan punika
kedah kita penggalihaken kanthi wening lan dipun wujudaken wonten ing madyaning pagesangan
sehingga riyaya Idul Qurban mboten namung mragat kewan iwen, kaya ta sapi, kebo, utawa menda
(wedus) kewawon.

Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah


Mragat kewan ternak punika satunggaling simbol supados manungsa kersa bucal sifat
hayawaniyah. Kéwan punika satunggaling makhluk ingkang mboten kagungan lan namung nuruti
naluri. Kewan punika gesang tanpa tuntunan, mbotek kuwawi ngginaaken nalar, asring rebutan
daerah kekuasaan, tetedhan lan pasangan. Nyawa dipun taruhaken kangge nggayuh
kekajenganipun.
Manungsa temtu kewamon kedah benten kalihan kewan, anggenipun tumindak temtu
kedah kanthi nalar, amargi nalar makaten saged amurbamisesa dhateng kawontenan. Kanthi nalar
manungsa saged milah kaputusan sae lan awon, lan saged ngetrapaken samubarang ingkang sae
ing salebetipun gesang saben dintenipun.
Manungsa ingkang boten ngginaaken nalaripun, bakal mandhap drajatipun dados “homo
homini lupus” (manungsa kados dene asu ajag tumrap sesaminipun). Menawi manungsa sampun
kecalan karakter lan budi pekerti ingkang sae, tata pagesangan ing bebrayan morat-marit,
masyarakat tanpa tatanan utawi awur-awuran, amargi manungsa sampun boten nggatosaken pundi
ingkang sae lan awon, pundi ingkang khalal lan kharam.
Sumangga kita tansah nyembelih sifat-sifat hewan ingkang tumanduk wonten ing manah
kita. Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan, Sifat hewan ingkeng mekaten menika
kedah disembelih, kita icali saking manah kita. Bilih kita gesang menika mboten saget sak
kajengipun piyambak kados hewan, ananging kedah mawi tuntunan inggih al Qur’an lan sunnah.

َ َ َ َ ‫َ َ َ ْ َ ََْ َ َ َ َ َ ً َ ْ َ ْ َ ه ه‬
ُ َ ‫وبُ ُلُ َي ْف َق ههو ُنُ ِب َه ُاُ َول هه ُْم ُأ ْع هي ٌ ُنُ ُلُ هي ْب ِص هر‬
ُ‫ون ُ ِب َه ُاُ َول هه ُْم‬ ُ ٌ ‫سُل هه ُْم ُقل‬
ُ ِ ‫ن ُال ِج ِ ُنُواإلن‬ ُ ‫ولق ُد ُذرأنا ُ ِلجهن ُم ُك ِث ُيرُاُ ِم‬
‫ْ ه‬ َ ‫ه‬ َ ْ َ َ َ ‫َ ٌ َ ْ َ ه َن َ ه‬
‫كُ هه هُمُال َغا ِفلو َ ُن‬ ُ َ ‫ض ُُّلُأول ِئ‬
َ ‫امُ َب ُْلُ هه ُْمُأ‬
ُ ِ ‫كُكالن َع‬
ُ ‫انُ ُلُيسمعو ُُ ِبهاُأول ِئ‬ ُ ‫آذ‬
“Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akeh-akkehe saka jin lan
manungsa. Dheweke nduweni ati, ananging ora kanggo ngrasakake. Dheweke nduweni mripat
ananging ora kanggo ndeleng. Dhewekke nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake.
Dhewekke iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor. Dhewekke iku klebu wong-wong kang
pada katalumpen. (QS. Al-A'raaf : 179 – 187)
Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah
Kejawi punika, Idul Qurban paring tuladha ing babagan bebrayan ing masyarakat. Saben
tiyang inggih punika sifat welas asih hanresnani marang sesami. Sak sampunipun kewan dipun
pragat lajeng dipun bagi tangga tepalih. Punika nedahaken bilih, nalika kasinungan begja lan
kabungahan punika tansah emut, agengipun raos asung syukur dhumateng kang Peparing. Awit
emut yen tumindak kados makaten kejawi saged nghicali watak watak jubriya ugi nuwuhaken raos
yen wong dilahirake ing donya iku sejatine mung dadi lelantaran melu urun-urun, tetulung marang
sapadha-padha ning titah, mbengkas kasangsaran, munggahe nggayuh hayuning jagad.
Ananging, raos asih katresnan dhateng ngasanes, prayoginpun mboten naming nalika Idul
Qurban kemawon. Wonten ing kalodhangan sanesipun ugi kedah dipun lampahi. Menawi sedaya
masyarakat nglampahi lan saged mendhet inti sarinipun mila dados masyarakat ingkang kiat,
sehingga bangsa Indonesia bakal dados bangsa ingkang baldatun thayyinatun wa rabbun ghafur.

Anda mungkin juga menyukai