Anda di halaman 1dari 6

KHUTBAH JUMAT

DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA)


https://seruanmasjid.com
Versi Basa JAWI

100 TAHUN TANPA KHILAFAH: UMAT


MANANDHANG SENGSARA !
KHUTBAH I
‫َأ‬ ‫ُش‬ ‫َن ُذ َّل‬ ‫َن َتْغ‬ ‫َن‬ ‫َّل َن‬ ‫ْل‬
,‫ َو ُع و ِب ال ِه ِم ْن ُر وِر ْنُف ِس َن ا‬, ‫ َو ْس ِف ُر ُه‬, ‫ َو ْس َت ِع يُنُه‬, ‫ ْح َم ُد ُه‬, ‫إَّن ا َح ْم َد ِل ِه‬
‫َّل ُه َف َال ُم َّل َل ُه َو َم ْن ُي ْض ْل َف َال َه َي َل ُه َأ ْش َه ُد َأ ْن َال‬ ‫ْه‬ ‫َي‬ ‫َو َس َئ ا َأ ْع َم ا َن اَم ْن‬
, ‫ِدا‬ ‫ِل‬ , ‫ِض‬ ‫ال‬ ‫ِد ِه‬ ‫ِل‬ ‫ِّي ِت‬
‫َن‬ ‫َأ‬ ‫َخ َق‬ ‫َة‬ ‫َش‬ ‫َل‬ ‫َش‬ ‫اَل‬ ‫َل َّال‬
‫ َه اَد َم ْن ُه َو ْي ٌر َّم اًم ا َو ْح َس ُن ِد ًّي ا‬، ‫ِا َه ِا ُهللا َو ْح َد ُه ِر ْي َك ُه‬.
‫ُل ُمْل ُف َمْلَك‬ ‫َن‬ ‫َأ ْش َأ‬
‫َو َه ُد َّن َس ِّي َد ا مَح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْو ُه ا َّت ِص ِب ا اِر ِم ِك َب اًر ا َو َص ِب ًّي ا‬.
‫َل‬ ‫ًال َن‬ ‫َك‬ ‫ْل‬ ‫َك‬ ‫َن‬ ‫َل‬ ‫َا َّل َف‬
‫ َو َع ى‬،‫ل ُه َّم َص ِّل َو َس ِّل ْم َع ى َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد اَن َص اِد َق ا َو ْع ِد َو اَن َر ُس ْو ِب ًّي ا‬
‫ َأ َّم ا َب ْع ُد‬،‫آ َو َص ْح اَّل ْي َن ُيْح ُن ْو َن ْس َال َم ُه ْم َو َل ْم َي ْف َع ُل ْو ا َش ْي ًئ ا َف ًّي ا‬،
‫ِر‬ ‫ِإ‬ ‫ِس‬ ‫ِب ِه ِذ‬ ‫ِل ِه‬
‫َف‬ ‫َف‬ ‫ُك‬ ‫ُا‬
‫ َق ْد اَز‬، ‫ ْو ْي ْي َنْف ْي َو َّي ا ْم َتْق َو ى‬، ‫َف َي ا ُّي َه ا ا َح ا ُر ْو َن َر َم ُم ُهللا‬ ‫ُك‬ ‫ْل‬ ‫َأ‬
‫ِهللا‬ ‫ِب‬ ‫ِص ِن ِس ِإ‬ ‫ِح‬ ‫ِض‬
‫ُمْلَّت ُق ْو َن َق َل ُهللا َت َع َل‬
‫اى‬ ‫ ا‬. ‫ا‬:
‫َو َم ٓا َا ْر َس ْل ٰنَك اَّل َر ْح َم ًة ْل ٰع َل ْي َن‬
‫ِّل ِم‬ ‫ِا‬
(QS al-Anbiya’ [21]: 107).
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Minangka pambuka atur, sumangga kita sesarengan hangunjukaken raos
syukur wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala, awit sampun kathah
nikmat peparingipun dhumateng kula dalasan panjenengan sedaya.
Sak lajengipun, minangka pandhèrèkipun ingkang tansah setya tuhu,
mangga sareng-sareng hatur shalawat dalasan salam, kunjuk dhumateng
Rasulullah Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam, sumarambah dhumateng
para kulawarganipun, para sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in.
Minangka jangkeping rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pepémut dhumateng dhiri pribadhi kula piyambak, sumarambah
dhumateng para jamaah Jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngandelaken
iman, nambahi jejeging taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala,
jumbuh kaliyan dhawuhipun kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa
Sallam :

1
‫ َو َخ ا الَّن اَس ُخ ُل َح َس‬،‫ َو َأ ْت الَّس َئ َة اْل َح َس َن َة َت ْم ُح َه ا‬، ‫ِا َّت َهللا َح ْي ُث َم ا ُك ْنَت‬
‫ٍن‬ ‫ِب ٍق‬ ‫ِل ِق‬ ‫ِب ِع ِّي‬ ‫ِق‬
“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana
pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal isa
hangganti kanisthan. Srawunga karo sapepadhané manungsa kanthi pakerti
kang becik.” (HR Tirmidzi).
Allah Subhanahu Wa Ta’ala‫ َأل‬ugi sampun
‫ُأ‬ paring firman makaten:
‫َو َت َز َّو ُد َف َّن َخ ْي َر َّز َّت ْق َو َو َّتُق َي ْو ْا ْل‬
.... ‫َب اِب‬ ‫ال اِد ال ى ا وِن ا ِل ي‬ ‫وا ِإ‬
“....Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-beciking sangu iku wedi
(taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé akal, sira padha wediya marang
Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).
Allah Subhanahu Wa‫ َأ‬Ta’ala ugi paring dhawuh makaten: ‫َأ‬
‫َي ا ُّي َه ا اَّل يَن آَم ُن وْا اَّتُق وْا الّل َه َح َّق ُتَق ا َو َال َت ُم وُت َّن َّال َو نُت م ُّم ْس ُم وَن‬
‫ِل‬ ‫ِإ‬ ‫ِتِه‬ ‫ِذ‬
Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya ing Allah, kelawan
sejatineng bekti, lan sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan Islam.” (QS
Ali Imran [3] : 102).
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Wulan niki genep 100 tahun kaum Muslim ing sak ngalam donya gesang
tanpa kaayoman déning Khilafah. Tanpa pemimpin ingkang manunggalaken
umat. Kaleres ing tanggal 3 Maret 1924 / 28 Rajab 1342 H Inggris kanthi
anthèkipun, Mustafa Kamal At-Taturk, kasil hambilut sapérangan rakyat saha
tokoh ing Turki supados mungkasi, saha mangubur khilafah saking sak
lumahing bumi.
Éwosemanten, adhedhasar saking ijma shahabat, umat Islam boten angsal
suwung saking imamah/khalifah langkung saking tigang dinten dangunipun.
Wekdal sak menika sampun ngancik 100 tahun. Cobi dipun étang sampun
pinten dinten gunggungipun?
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Hambok menawi wonten sapérangan hadirin ingkang hambantah, kanthi
pawadan bilih kita sampun gadhah pemimpin piyambak-piyambak.
Pitakénanipun;
 Menapa pemimpin ingkang kados mekaten ingkang dipun garisaken déning
Islam?
 Menapa kita dipun wuruki déning Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam
supados montho-montho utawi mecah belah kados sak menika?
 Menapa Rasul paring dahwuh dhumateng kita murih manut, nurut sistém
démokrasi temonipun Aristoteles, Plato, lan Machiaveli saking Yunani?
Jawabanipun, boten. Sepisan malih, boten. Rasulullah shallallahu ‘alaihi
wa sallam mulang muruki kita murih manunggal, nyawiji. Rasul maringi

2
tuladha dhumateng kita, kepripun anggènipun manglampahaken negari
lelandhesan sistém Islam. Sahabat Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, tiyang-
tiyang ingkang dipun jamin déning Allah mlebet suwarga, ugi handhedhèrèk
lampahipun Nabi. Sedayanipun saged manunggalaken kathah bangsa, suku, ras,
lan warni kulit, ing sak ngandhaping payung Islam.
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmating Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Mugi dipun sadhari, bilih perpecahan ing wekdal sak menika handamel
umat niki dados ringkih, saha dados mangsanipun para penjajah. Sumangga
kapenggalih, kadospundi nalaripun kaum Muslim ingkang gunggung 1,7 miliar
langkung, boten saged nundhukaken Zionis Israèl ingkang hanyaplok tanah
Palèstina? Sanajan gunggungipun penduduk Israèl namung 7 yutan manungsa.
Kadospundi jlèntrèhipun Muslim Rohingya saged kalunta-lunta, dipun
aniaya déning rezim Myanmar, tan wonten ingkang paring pitulungan.
Éwosemanten, para panguwaos Arab lelomban ngodhal adhul ngamburaken
artanipun kanggé numbas klub bal-balan.
Saèstu bilih kaum Muslim nglampahi kemerosotan ing babagan pemikiran
Islam. Kawuri, kantun ing sadhéngah sendi panggesangan.
Hadirin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Mugi kawuningan, imam utawi khalifah dipun sebat déning Nabi
shallallahu ‘alaihi wa sallam minangka perisai utawi tamèng ingkang
mangayomi umat. Sabda saking panjenenganipun mekaten :
‫َو ُي َّت َق‬ ‫َّن َم ا ْا َم اُم ُج َّن ٌة ُي َق َت ْن َو‬
‫ى ِب ِه‬ ‫ا ُل ِم َر اِئِه‬ ‫ِإ ِإل‬
Saktemené Imam/Khalifah iku minangka tamèng/ perisai; wong-wong pada
ngadani peperangan ing sak pemburiné, sarta golè pangayom marang dhèwèké.
(HR Muslim).

Imam al-Mawardi ing nglebet kitabipun, Al-Ahkaam As-Sulthaaniyyah,


manyebataken bilih Imamah mapan minangka penggantos kenabian ing
perkawis hanjagi agami lan urusan dunia. Nalika Khilafah Islamiyah ical, ical
ugi perisai ingkang mangayomi umat. Karana menika, pembubaran Khilafah
Islamiyah minangka bencana ageng tumrapipun Dunia Islam. Tanpa Khilafah,
manéka warni krisis hanempuh, manyempyok tanpa saged dipun kèndelaken.
Umat kècalan pangayom saha pambélanipun. Tanpa Khilafah, kahormatan,
bandha saha rah umat dipun wutahaken kanthi gampil, déning Barat. Umat niki
dipun jajah ing pundi-pundi negari, saha kekayaan alamipun dipun rampok.
Kathah generasi umat niki dipun murtadaken. Pikiranipun dipun risak mawi
paham sèkularisme, liberalisme, pluralisme, sinkretisme. Nabi kita dipun
nistakaken. Sedayanipun lumampah kanthi gangsar gampil.
Hadirin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah

3
Ingkang langkung mrihatosaken malih, sak sampunipun kécalan Khilafah
Islamiyah, umat kapara malah maringaken loyalitasipun dhumateng Barat
ingkang sampun cetha mangrisak pangayomanipun. Bebasan kados laré-laré
ingkang kécalan sosok ibunipun minangka pelindhung, karana kaperjaya,
ananging sak lajengipun ingkang merjaya malah dipun subya, saha dipun
pitados minangka panulung.
Sumangga sami kawuningan, kadospundi umat niki mitados sanget kaliyan
solusi ingkang dipun bekta déning negari-negari Barat kados AS, Inggris,
Prancis. Sedaya sami pitados, bilih lembaga internasional yasanipun Barat
kados PBB, IMF, World Bank, minangka pihak ingkang tulus badhé mitulungi
umat ini. Éwosemanten, mugi kawuningan, negari-negari Barat saha manéka
warni lembaga damelanipun kepara sansaya manyèrèt umat ing malebet ing
kawontenan kasungsang-sungsang.
Hadirin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Mugi sami pitados, namung Allah subhanahu wa ta’ala ingkang badhé
mangangkat umat tumuju ing kamulyan. Sanès Barat, sanès tiyang-tiyang kafir
niku. Allah subhanahu wa ta’ala sampun paring pepémut makaten:
‫َّط‬ ‫َك ْٓو َا ۤا ُؤ‬
‫َف ُر ا ْو ِل َي ُه ُم ال ا‬ ‫َا لّٰل ُه َو ُّي اَّل ْي َن ٰا َم ُن ْو ا ُي ْخ ُج ُه ْم َن الُّظُل ٰم َل ى الُّن ْو ِۗر َو اَّل ْي َن‬
‫ِذ‬ ‫ِت ِا‬ ‫ِّم‬ ‫ِر‬ ‫ِل ِذ‬
‫ُه ْم ْيَه ا ٰخ ُد ْو َن‬ ‫َا‬ ‫ٰۤل‬ ‫ُا‬ ‫ُّظُل‬ ‫َل‬
‫ُغ ْو ُت ُي ْخ ُج ْو َن ُه ْم ِّم َن الُّن ْو ِا ى ال ٰم ِۗت و ِٕى َك ْص ٰح ُب الَّن اِۚر‬
‫ِف ِل‬ ‫ِر‬ ‫ِر‬
Allah pangayomé para wong kang pada mukmin. Panjenengan ngetokaké
wong-wong mau saka pepeteng marang pepadhang. Déné wong kang padha
kafir iku kang dadi pengayomé iya iku berhala, kang ngetokaké dhèwèké saka
pepadhang marang pepeteng. Wong-wong kang mengkono iku padha ana ing
neraka tur padha langgeng. (TQS al-Baqarah [2]: 257).

Karana menika, duhai kaum Muslim, tan wonten margi malih tumrap kita
kajawi hanjejegaken wangsul khilafah kanggé mangetrapaken hukum-hukum
Allah kanthi kaffah. Tentu boten kanthi margi kekerasan. Kita kedah nélas,
nuruti marginipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam. Margi dakwah.
Al-Qadhi Al-’Alim Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani rahimahulLaah
ngendika bilih, kèndelan, magrok saking ikhtiyar mangadegaken Khilafah
minangka salah satunggaling kemaksiatan paling ageng. Sebabipun, suwung
komplangipun Khilafah saged nyebabaken hukum-hukum Islam kalirwakaken,
kados ing babagan muamalah, pidana, jihad, politik saha kenegaraan. Sumangga
dipun émut, sabdanipun kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam menika:
‫ُع ُن‬ ‫َم ْن َخ َل َع َي ًد ا ْن َط اَع َل َى الَّل َه َيْو َم اْل َي اَم َال ُح َّج َة َل ُه َو َم ْن َم اَت َو َل ْي‬
‫َس ِف ى ِق ِه‬ ‫ِق ِة‬ ‫ٍة ِق‬ ‫ِم‬
‫َبْيَع ٌة َم َت َت ًة َج َّي ًة‬
‫ا ِم ي اِه ِل‬
Sing sapa waé kang nguculi gondhèlan tangané saka ketaatan (marang Imam/
Khalifah), dhèwèké menawa pinanggih kalawan Allah ing dina Kiamat besuké,

4
bakal ora duwé pawadan kanggo bela dhiriné. Sapa waé kang nemoni pati ing
kahanan tanpa kekalung baiat, dhèwèké mau kalebu séda ing kahanan
jahiliyah. (HR Muslim).

Ing babagan menika urgensi kita berjuang mangsulaken malih syariah


Islam kanthi kaffah ing sak ngandhap pepayungipun khilafah.
Jamaah Jum’at ingkang pikantuk rahmatipun Allah Subhanahu Wa
Ta’ala
Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika.
Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah
Subhanahu Wa Ta’ala samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking
Panjenenganipun, lumantar Rasulipun, mangga kita gondhèli kanthi saèstu.
Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi
kula, mangga kita bucal ingkang tebih, lan mugi panjenengan sedaya kersa
hanglubèraken samudra pangaksami.
Pepuntoning atur, sumangga kita pungkasi khutbah menika kanthi
ndedonga sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat
lahir batin, manfaat donya akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan,
sahéngga saged dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut
ngrembakakaken jejegipun syariat Islam kanthi kaffah, tansah setya tuhu
hanuladhani kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wa Sallam ngantos
puput yuswa kanthi kawontenan husnul khatimah, aamiin ya rabbal’alamiin.

‫َو َل ُك ْم ْا ُق ْر ْا َع ْي َو َنَف][َع َو َّي ُك ْم َم ْي َن آْل َي َو ْك‬


‫ِن ي ِإ ا ِب اِف ِه ِم َأ ا اِت الِّذ ِر‬ ، ‫ِف ى ل آِن ل ِظ ِم‬ ‫َب اَر َك هللا ِل ي‬
‫َذ‬ ‫ُق َق‬ ‫ُك َال َت‬ ‫َتَق‬ ‫ْل‬
‫ َو ْو ُل ْو ِل ي َه ا‬، ‫ا َح ِك يِم َو َّبَل ُهللا ِم َّن ا َو ِم ْن ْم ِت َو ُه َو ِإ َّنُه ُه َو الَّس ِم ْيُع الَع ِل ْيُم‬
‫َغ‬ ‫َف َتْغ‬
‫أْس ِف ُر َهللا الَع ِظ ْيَم ِإ َّنُه ُه َو ال ُف ْو ُر الَّر ِح ْي م‬
KHUTBAH II

‫ َو َأ ْش َه ُد َأ ْن َال َل َه َّال ُهللا‬. ‫َع لَى َت ْو ْي َو ْم َن ا‬ ‫َاْل َح ْم ُد ِهلل َع لَى ْح َس ا َو الُّش ْك ُر َل ُه‬
‫ِا ِإ‬ ‫ِف ِق ِه ِا ِت ِنِه‬
‫َأ‬
‫ِإ ِنِه‬
‫َس َد َن ا ُم َح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْو ُل ُه الَّد اِع ى إلَى‬ ‫َل‬
‫َو ُهللا َو ْح َد ُه َال َش ْي َك ُه َو َه ُد أَّن‬
‫ْش‬
‫ِّي‬ ‫ِر‬
‫ْض َو‬
‫ِر اِنِه‬.
‫َت‬ ‫َل َا َأ‬ ‫َن‬ ‫َل‬
‫اللُه َّم َص ِّل َع ى َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد ِو َع ى ِل ِه َو ْص َح اِب ِه َو َس ِّل ْم ْس ِل ْي ًم ا ِك ثْي ًر ا‬

5
‫َأ َّم ا َب ْع ُد َف يَا َا ُّي َه ا الَّن اُس ِا َّتُق واَهللا ِف ْيَم ا َأ َم َر َو اْن َت ُه ْو ا َع َّم ا َن َه ى َو اْع َل ُم ْو ا َأ َّن َهللا َأ َم َر ُك ْم‬
‫َأ ْم َب َد َأ ْي َنْف َو َث ـَن ى َم آل َك اُمْلَس َح ُق ْد َو َق اَل َت عَاَل ى َّن َهللا َو َم آل َك َتُه‬
‫ِئ‬ ‫ِإ‬ ‫ِّب ِة ِب ِس ِه‬ ‫ِب ِئ ِتِه‬ ‫ِب ٍر ِف ِه ِب ِس ِه‬
‫َت‬ ‫َل‬ ‫ُّل‬ ‫َّل‬ ‫َا‬ ‫ُّل‬
‫‪ُ.‬يَص ْو َن َع لَى الَّن ِب ى يآ ُّي َه ا ا ِذ ْي َن آَم ُن ْو ا َص ْو ا َع ْي ِه َو َس ِّل ُم ْو ا ْس ِل ْي ًم ا‬
‫َل‬ ‫َا‬ ‫َل‬ ‫َل‬ ‫َّل‬ ‫َن‬ ‫َل‬
‫اللُه َّم َص ِّل َع ى َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد َص ى ُهللا َع ْي ِه َو َس ِّل ْم َو َع ى آِل َس ِّي ِد ن ُم َح َّم ٍد َو َع ى‬
‫َا ْن َك َو ُر ُس َك َو َم َك ْا ُملَق َّر ْي َن َو ْر َض ّل ُه َّم َع ْا ُخ َل َف َّر ْي َن َأ َب ْك‬
‫ِن ل اِء ال اِش ِد ِب ى ٍر‬ ‫ِب ا ال‬ ‫آلِئ ِة‬ ‫ِل‬ ‫ِب يآِئ‬
‫َل‬ ‫َت‬ ‫ْث‬
‫َو ُع َم ر َو ُع َم ان َو َع لي َو َع ْن َب ِق َّي ِة الَّص َح اَب ِة َو الَّت اِب ِع ْي َن َو اِب ِع ي الَّت اِب ِع ْي َن ُه ْم ِب ِا ْح َس ٍنا‬
‫َل ى َيْو ال ْي َو اْر َض َع َّن ا َم َع ُه ْم َر ْح َم َك َي ا َأ ْر َح َم الَّر ا ْي َن‬
‫ِح ِم‬ ‫ِب ِت‬ ‫ِا ِم ِّد ِن‬
‫ْن َو ْاَال‬ ‫َا للُه َّم اْغ ْر ْل ُم ْؤ ْي َن َو ْا ُملْؤ َن ا َو ْا ُملْس ْي َن َو ْا ُملْس َم ا َا َال ْح‬
‫يآء ِم ُه ْم ْم َو اِت‬ ‫ِل ِت‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِم ِت‬ ‫ِف ِل ِم ِن‬
‫ُمل‬ ‫ْا‬
‫ْي َو ا ُص ْر َب اَد َو ْي َن‬‫َك‬ ‫ْن‬ ‫َن‬ ‫ْش‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬ ‫اللُه َّم َأ َّز ْا ْس َال َم َو ْس ْي َو َّل ال ْر َو‬
‫َك‬ ‫َأ‬ ‫َن‬ ‫ُمل‬ ‫ْا‬
‫ِّح ِد‬ ‫ِع‬ ‫ِر ِك‬ ‫ِذ ِّش‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِع ِإل‬
‫َأ‬ ‫ُمل‬
‫َو اْن ُص ْر َم ْن َن َص َر ال ْي َن َو ا ْل َم ْن َل ْس ْي َو َد ْر ْع اَء ال ْي َو اْع‬
‫َد‬ ‫َن‬ ‫ْا‬ ‫َذ‬ ‫َخ‬ ‫ُذ‬ ‫ْخ‬
‫ِل‬ ‫ِّد ِن‬ ‫ِّم‬ ‫ِل ِم‬ ‫ِّد‬
‫‪َ.‬ك َم ا َك َل ى َيْو ال ْي‬
‫ِل ِت ِإ ِم ِّد ِن‬
‫َظ‬ ‫ْا‬ ‫ْا‬ ‫َال ْا‬ ‫ْا َال ْا‬ ‫َف‬
‫اللُه َّم اْد ْع َع َّن ا لَب َء َو لَو َب اَء َو الَّز ِز َل َو ِمل َح َن َو ُس ْو َء لِف ْتَن ِة َو ِمل َح َن َم ا َه َر ِم ْن َه ا‬
‫َو َم ا َب َط َن َع ْن َب َل ِد َن ا ِا ْن ُد وِن ْي ِس َّي ا خآَّص ًة َو َس اِئ ْا لُب ْل َد ا ْا ُملْس ِل ْي َن عآَّم ًة َي ا َر َّب‬
‫ِم‬ ‫ِن‬ ‫ِر‬
‫ْا لَع ا ْي َن ‪َ .‬ر َّب َن ا آ نَا ى الُّد ْن َي ا َح َس َن ًة َو ى ْا آل َر َح َس َن ًة َو َن ا َع َذ اَب الَّن ا ‪َ .‬ر َّب َن ا َظَل ْم اَن‬
‫ِر‬ ‫ِق‬ ‫ِف ِخ ِة‬ ‫ِت ِف‬ ‫ِمَل‬
‫‪َ.‬ا ْنُف َس َن ا َو اإْن َل ْم َت ْغ ْر َل َن ا َو َت ْر َح ْم َن ا َل َن ُك ْو َن َّن َن ْا لَخ ا ْي َن‬
‫ِس ِر‬ ‫ِم‬ ‫ِف‬
‫َف‬ ‫ْا ُق ْر َى َو َي ْن َه َع ْا‬ ‫َّن َهللا َي ْأ ُم ُر ْا َع ْد َو ْا‬
‫ى ِن ل شآِء‬
‫ْح‬ ‫ِب ل ِل ِإل اِن ِإ تآِء ِذ ي ل ب‬ ‫ْي‬ ‫َو‬ ‫َس‬ ‫ْح‬ ‫ِع َب اَد ِهللا ِإ!‬
‫َو ْا ُملْن َك َو ْا لَب ْغ ي َي ُظ ُك ْم َل َع َّلُك ْم َت َذ َّك ُر ْو َن َو اْذ ُك ُر وا َهللا ْا لَع ْيَم َي ْذ ُك ْر ُك ْم َو اْش ُك ُر ْو ُه‬
‫ِظ‬ ‫ِع‬ ‫ِر‬
‫ْك‬ ‫َأ‬ ‫ْك‬
‫َع لَى ِن َع ِه َي ْد ْم َو ِذ ُر ِهللا َب ْر‬ ‫َل‬ ‫ُك‬
‫ِم ِز‬

‫‪6‬‬

Anda mungkin juga menyukai