Anda di halaman 1dari 5

KHUTBAH IEDUL FITRI

‫×) ُهللا َاْك َبْر ُك َّلَم ا َهَّل ِهَالٌل َو َاْبَد َر ُهللا َاْك َبْر ُك َّلمَا َص اَم‬3( ‫×) ُهللا َاكَبْر‬3( ‫×) ُهللا َاْك َبْر‬3( ‫ُهللا َاْك َبْر‬
‫َص اِئٌم َو َاْفَطْر ُهللا َاْك َبْر ُك َّلمَا َتَر اَك َم َسَح اٌب َو َاْم َطْر َو ُك َّلمَا َنَبَت َنَباٌت َو َاْز َهْر َو ُك َّلَم ا َاْطَع َم َقاِنُع‬
‫ْالُم ْعَتر‬.

‫ َاْلَحْم ُد ِهلل اَّلِذ ى َجَعَل‬. ‫ُهللا َاْك َبْر ُهللا َاْك َبْر ُهللا َاْك َبْر َال ِاَلَه ِاَّال ُهللا َو ُهللا َاْك َبْر ُهللا َاْك َبْر َو ِهلل ْالَحْم ُد‬
‫×) َاْش َهُد َاْن‬3( ‫ ُهللا َاْك َبْر‬.‫ِلْلُم ْس ِلِم ْيَن ِع ْيَد ْالِفْطِر َبْع َد ِص يَاِم َر َم َض اَن َو ْع يَد ْاَالْض َح ى َبْع َد َيْو ِم َع َر َفَة‬
‫َال ِاَلَه ِاَّال ُهللا َو ْح َد ُه َال َش ِر ْيَك َلُه َلُه ْالَم ِلُك ْالَعِظ ْيُم ْاَالْك َبْر َو َاْش َهٌد َاَّن َس ِّيَدنَا ُمَحَّم ًدا َع ْبُد ُه َو َر ُسْو ُلُه‬
‫ اللُهَّم َص ِّل َعلَى َس ِّيِد َنا ُم َحَّمٍد‬. ‫الَّش اِفُع ِفى ْالَم ْح َشْر َنِبَّي َقْد َغ َفَر ُهللا َلُه َم ا َتَقَّد َم ِم ْن َذْنِبِه َو َم ا َتَأَّخ َر‬
‫َو َع َلى َاِلِه َو َاْص َح اِبِه اَّلِذ ْيَن َاْذ َهَب َع ْنُهُم الِّر ْج َس َو َطَّهر‬

‫ َفَيا ِعَباَد ِهللا ِاَّتُقواَهللا َح َّق ُتَقاِتِه َو َال َتُم ْو ُتَّن ِاَّال َو َاْنُتْم ُم ْس ِلُم ْو َن‬. ‫ َاَّم ا َبْعُد‬. ‫ُهللا َاْك َبْر‬

Kaum muslimin-muslimat Jama’ah Sholat Ied ingkang dipun mulyakaken Allah.

Alhamdulillah kita saget kepanggih wonten ing enjang ingkang kebak berkah menika, lan
dipun kebaki rahos pasederekan ugi kekhusyukan.

Kita saget sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken lan nyukuri nikmat
saking Allah SWT.

Pramila, mangga, wonten wekdal ingkang bahagia menika kita sami-sami ningkatakaten anggen kita
taqwa dateng Allah SWT kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun senahoso sak menika kita boten
wonten ing dalem wulan Romadlon.

Ugi kita tingkataken ketaatan nglampahi perintahperintahipun Allah kanthi rahosipun manah
ingkang ikhlas.

Pakulinan sholat berjama’ah lan makmuraken masjid kanti pangibadatan wonten ingdalem
wulan Romadlon mangga kita lajengaken, kita dadosaken pakulinan ingkang sahe.

Mugi-mugi Allah tansah paring kekiatan lan keistiqamahan lahir batin dumateng kita sedoyo.
Aamiin Allahumma aamiin.

‫×) َو ِهلل ْالَح ْم ُد‬3( ‫ُهللا َاْك َب ْر‬

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Dinten riyoyo Idul fitri merupakan setunggal dinten ingkang penuh berkah ugi hikmah lan
mafaat ingkang saget dipun petik kagem ningkataken kualitas pagesangan kulo lan
panjenengan sedoyo.
Salah setunggaling riwayat ingkang magayutan kalian kautaman riyoyo idul fitri inggeh
meniko riwayat saking panjenenganipun sahabat Ibnu Mas’ud ra, saking kanjeng rasul
Muhammad Shallallahu ‘Alaihi wa Sallam paring dawuh mekaten:

‫ َيا َم َالِئَك ِتى ُك ُّل َعاِمٍل َيْطُلُب ُاْج َر ُه َاِّنى َقْد‬: ‫ِاَذ ا َص اُم ْو ا َشْهَر َر َم َض اَن َو َخ َر ُجْو ا ِالَى ِع ْيِد ُك ْم َيُقْو ُل ُهللا َتَع الَى‬
‫ َيا‬:‫ َيا ُاَّم َة ُمَح َّمٍد ِاْر ِج ُعْو اِاَلى َم َناِز ِلُك ْم َقْد َبَد ْلُت َس ِّيَئاِتُك ْم َح َس َناٍت َفَيُقْو ُل ُهللا َتَع اَلى‬: ‫َغ َفْر ُت َلُهْم َفُيَناِد ى ُم َناٌد‬
‫ِعَباِد ى ُص ْم ُتْم ِلى َو َاْفَطْر ُتْم ِلى َفُقْو ُم ْو ا َم ْغُفْو ًرا َلُك ْم‬
Artosipun: “Nalikane umat nabi nglaksanakke poso romadhon nuli banjur metu kanggo
sholat riyoyo, mongko Allah ta’ala paring dawuh, “Duh malaikatku, kabeh wong sing wes
rampung kerjo nduweni hak nompo upah. Lan kawula-kawulaKu kang wus rampungan poso
romadhon lan metu seko omah kanggo ngibadah sholat ied sakperlu nggolek ganjaran,
mongko seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapuro maring kawula-kawulaKu
mau. Nuli ana suwara kang undang-undang: “Duh umate kanjeng nabi Muhammad, balio
maring omah siro kabeh. Temen wus den ganti kealanan siro kabeh kelawan kabecikan.
Maka Allah ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, siro poso lan buko kerono Ingsun.
Mongko podongadeko siro kabeh kanthi nggowo maghfiroh soko Ingsun.”

‫×) َو ِهلل ْالَح ْم ُد‬3( ‫ُهللا َاْك َب ْر‬

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang minulyo

Allah azza wa jalla sampun maringi kekhususan utawi keistimewaan dumateng sedoyo umat
kanjeng rasul Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam kelawan wulan ramadhan utawi
wulan kesabaran.

Setengah saking kekhususanipun injih meniko Allah badhe paring pangapuro dumaten tiang
ingkang purun nindakaken siyam ramadhan kanthi ikhlas lillahi ta’ala.

Allah njanjekaken badhe ngumbah sedoyo dosa kulo lan panjenengan sedoyo kanthi toyo
maghfiroh.

Nuli Allah paring rizki awujud resikipun manah lan kanthi ngedalaken raos bungah wonten
ing dinten riyoyo idul fitri.

Wonten ing kitab al-Ittihaf dipun jelasaken bilih setuhune dino idul fitri iku dino kumpule
kawulane Allah ingkang podo iman.

Lan iku dadi isyarah maring akehe kawulane Allah kang podo oleh maghfirah.

Dipun jelasaken ugi bilih dinten riyadin dipun wastani idul fitri keranten wonten ing dinten
meniko Allah sampun maringi fadhol dumateng sedoyo kawulo mukmin kelawan kautamaan
ingkang sampurno.

Keranten meniko monggo sesarengan, sedoyo nikmat ingkang sampun kito tampi wonten
dinten riyadin meniko, monggo tansah kito syukuri kanthi ngathahaken takbir lan tahmid.
Kados dawuhipun kanjeng rasul (Zayyinu A’yadakum bit Takbiir). “Podo paesono riyoyo
idul fitrimu kanthi ngekehake takbir, ngegungake Allah ta’ala.”
‫×) َو ِهلل ْالَحْم ُد‬3( ‫ُهللا َاْك َبْر‬

Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Maghfiroh ingkang sampun kito tampi dereng saget sampurno menawi kito dereng paring
pangapunten dumateng sesami kito.

Sebab, maghfiroh saking Allah merupakan pembelajaran dateng tiyang mukmin supados ugi
paring pangapunten dumateng mukmin lintunipun.

Menawi Allah meniko Dzat ingkang moho paring pangapunten, sampun sak mestinipun
menawi kito ugi saget paring pangapunten dateng sederek sederek kito sesami ummat
Muslim.

Paring pangapunten berarti ugi paring kalonggaran utawi kalodhangan dateng sinten
kemawon ingkang mbetahaken bantuan saking kito.

Kanthi paring pambiyantu dateng tiyang sanes ingkang mbetahaken bantuan, berarti ugi kito
paring bantuan dateng badan kito piyambak.

Kados ingkang sampun dipun ngendikaaken dening Rasulullah SAW:

‫ ومن يّسر على‬، ‫ نفس هللا عنه كربة من كرب يوم القيامة‬، ‫من نفس عن مؤمن كربة من كرب الدنيا‬
‫ يّسر هللا عليه في الدنيا واآلخرة‬، ‫معسر‬

Sopo wonge paring bantuan marang wong mukmin ngentasake kesusahane ing ngalam
dunyo, mongko Allah bakal ngentaske deweke seko kangelane wong mau ing dino kiyamat.

Lan sopo wonge ngenthengake kerupekane wong liyo, mongko Alloh ugo bakal
ngenthengake urusane deweke ing dunyo lan akhirat.

Dhawuhipun Rasululloh menika negesaken dateng kito sedoyo, bilih sampun sak mestinipun
antawisipun sesami tiyang Islam kedah saling dukung mendukung, lan saling bantu
membantu ingdalem babakan kesahenan.

Sahe meniko masalah ingkang magayutan kalian urusan dunyo ugi ingkang magayutan
kaliyan urusan akhirat.

Sebab, mbenjang wonten ing dinten kiyamat gusti Alloh bade paring batuan namung dateng
kawulanipun ingkang purun naati perintahipun selami gesang wonten ing donya lan purun
paring kesaenan dumateng sesami.

Saling paring pangapunten ugi saling tulung tinulung meniko sifat aslinipun manungso, sebab
manungso puniko makhluk sosial.

Ananging keranten syetan lan nafsu ingkang dadosaken sifat dasar manungso kolowahu
sering boten saget dipun lampahi.

‫×) َو ِهلل ْالَحْم ُد‬3( ‫اُهلل َاْك َبْر‬


Poro Jamaah shalat idul fitri ingkang dipun mulyakaken Allah

Menawi kito sampun paring pangapunten, tentu badhe krahos bangunan kekiatan umat Islam
ingkang kiat.

Menawi kito sampun paring pangapunten dateng sederek kito setunggal kemawon, badhe
thukul raos welas asih.

Mekatenlah printahipun Allah SWT dateng umat Islam. Yakni sayogyanipun umat Islam
meniko saget dados setunggaling bangunan ingkang kokoh kiat.

Pasederekanipun sesami umat Islam meniko lir kados badan setunggal, menawi
setunggalipun anggota badan wonten ingkang sakit, sedoyo badhe nderek ngrahosaken sakit.

Selajengipun, Allah lan Rasulipun ugi merintahaken dateng kito, supados kito nutupi aibipun
utawi kekiranganipun sederek-sederek kito.

Menawi kito nutupi dateng awonipun utawi aibipun sesami, benjang wonten ing dinten
kiyamat Allah badhe nutupi aib kito ateges gusti Allah bade paring pangapunten.

‫ وهللا في عون العبد ما كان العبد في عون أخيه‬،‫ومن ستر مسلمًا ستره هللا في الدنيا واآلخرة‬

Sopo wonge nutupi aibe utawa cacate kancane muslim, mongko Alloh bakal
nutupi aibipun wong mau ing dunyo lan akhirot.

Saktemene Alloh bakal nglindungi kawulane, selami kawula kolowahu ing


dalem lindunganipun sederekipun.

Mugi-mugi Alloh azza wa jalla tansah ndadosaken kito umat ingkang


BERJAYA ing dunyo ugi ing akhirot.

Mugi-mugi Alloh manggihaken dateng kito benjang wonten akhirot ing dalem
suasono ingkang kebak pasederekan ingkang ngremenaken lan mugi kito
kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang bekjo pikantuk rohmat lan
nikmatipun Allah SWT.

Akhiripun, Sugeng Riyadin Idul Fitri, 1 syawal 1443 H, Taqabbalallahu minna


wa minkum shiyamana wa shiyamakum, kullu ‘amin wa antum bi khair,
ja’alanallahu wa iyyakum
minal ‘aidin wal faizin. Aamiin ya rabbal ‘alamin.

‫ وأستغفر هللا العظيم‬،‫ ونفعني وإياكم بما فيه من اآليات والذكر الحكيم‬،‫بارك هللا لي ولكم في القرآن العظيم‬
‫ فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم‬،‫الجليل لي ولكم ولسائر المسلمين من كل ذنب‬.
‫‪KHUTBAH KAPING KALIH‬‬

‫ُهللا َأْك َبُر‪ُ ،‬هللا َأْك َبُر‪ُ ،‬هللا َأْك َبُر‪ُ ،‬هللا َأْك َبُر‪ُ ،‬هللا َأْك َبُر‪ُ ،‬هللا َأْك َبُر‪ُ ،‬هللا َأْك َبُر ‪ُ .‬هللا َأْك َبُر َك ِبْيًرا َو اْلَح ْم ُدِ ِهلل َك ِثْيًرا‪،‬‬
‫‪َ.‬و ُسْبَح اَن ِهللا ُبْك َر ًة َو َأِص ْيًال‪ ،‬آل ِإٰل َه ِإَّال ُهللا َو ُهللا َأْك َبُر‬
‫اْلَحْم ُدِ ِهلل اَّلِذ ى َجَعَل ْاَألْع َياَد ِباَألْفَر اِح َو الُّسُرْو ِر َو َض اَعَف ِلْلُم َّتِقْيَن َج ِز ْيَل ْاُألُجْو ِر ‪َ ،‬فُسْبَح اَن َم ْن َح َّر َم َص ْو َم ُه‬
‫‪َ.‬و َأْو َج َب ِفْطَر ُه َو َح َّذ َر ِفْيِه ِم َن اْلُغ ُرْو ِر ‪َ ،‬أْح َم ُد ُه ُسْبَح اَنُه َو َتَع اَلى َفُهَو َأَح ُّق َم ْح ُم ْو ٍد َو َأَج ُّل َم ْشُك ْو ِر‬

‫َأْش َهُد َأَّن آل ِإٰل َه ِإَّال ُهللا َو ْح َد ُه َالَش ِرْيَك َلُه َش َهاَد ًة َيْش َر ُح ُهللا َلَها َلَنا الُّص ُد ْو َر ‪َ ،‬و َأْش َهُد َأَّن َس ِّيَدَنا َو َنِبَّيَنا ُمَح َّم ًدا َع ْبُد ُه‬
‫‪َ.‬و َر ُسْو ُلُه اَّلِذ ْى َأَقاَم َم َناَر ْاِإل ْس َالِم َبْع َد الُّد ُثْو ِر‬
‫ّٰل‬
‫ال ُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَح َّمٍد َو َع َلى ٰأ ِلِه َو َص ْح ِبِه َص َالًة َو َس َالًم ا َداِئَم ْيِن ُم َتَالِز َم ْيِن ِإَلى َيْو ِم اْلَبْع ِث‬
‫َو الُّنُش ْو ِر ‪َ .‬أَّم اَبْعُد ‪َ :‬فَيا َأُّيَها الَّناُس اَّتُقوا َهللا َتَع اَلى َو اْع َلُم ْو ا َأَّن َيْو َم ُك ْم ٰهَذ ا َيْو ٌم َع ِظ ْيٌم ‪َ .‬فَأْك ِثُرْو ا ِم َن الَّص َالِة َع َلى‬
‫الَّنِبِّى اْلَك ِر ْيِم ‪َ .‬و َقاَل َتَع اَلى ِفى ِكَتاِبِه اْلَك ِر ْيِم ؛ ِإَّن َهللا َو َم آلِئَكَتُه ُيَص ُّلْو َن َع َلى الَّنِبِّى َيآَأُّيَها اَّلِذ ْيَن ٰأ َم ُنْو ا َص ُّلْو ا َع َلْيِه‬
‫‪َ.‬و َس ِّلُم ْو ا تْس ِلْيًم ا‬
‫ّٰل‬
‫ال ُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَح َّمٍد َس ِّيِد اْلُم ْر َسِلْيَن َو َع َلى ٰأ ِلِه َو َأْص َح اِبِه َو الَّتاِبِع ْيَن َو َتاِبِع ى الَّتاِبِع ْيَن َو َتاِبِع ْيِهْم‬
‫‪ِ.‬بِإْح َس اٍن ِإَلى َيْو ِم الِّدْيِن ‪َ .‬و اْر َحْم َنا َم َع ُهْم ِبَر ْح َم ِتَك َياَأْر َح َم الَّراِحِم ْيَن‬

‫الّٰل ُهَّم اْغ ِفْر ِلْلُم ْس ِلِم ْيَن َو اْلُم ْس ِلَم اِت َو اْلُم ْؤ ِمِنْيَن َو اْلُم ْؤ ِم َناِت ْاَألْح َياِء ِم ْنُهْم َو اْألَ ْم َو اِت‪ِ ،‬إَّنَك َسِم ْيٌع َقِر ْيٌب ُمِج ْيُب‬
‫الَّد َع َو اِت‪ .‬الّٰل ُهَّم اْنُصْر َم ْن َنَص َر الِّدْيَن َو اْخ ُذ ْل َم ْن َخ َذ َل اْلُم ْس ِلِم ْيَن َو َد ِّم ْر َأْع َداَء َنا َأْع َداَء الِّدْيِن َو َأْهِلِك اْلَكَفَر َة‬
‫‪َ.‬و اْلُم ْبَتِد َع َة َو اْلَم ْش ِر ِكْيَن ‪َ ،‬و َأْع ِل َك ِلَم اِتَك ِإَلى َيْو ِم الِّدْيِن‬
‫ّٰل‬
‫ال ُهَّم اْك ِفَنا َشَّر الَّظاِلِم ْيَن َو اْك ِفَنا َشَّر اْلَح اِس ِد ْيَن ‪َ .‬و اْك ِفَنا َشَّر َم ْن ُيْؤ ِذ ْيَنا َو َأْهِلْك َم ْن َأَر اَدَنا ِبالُّسْو ِء َياَأْر َح َم‬
‫الَّراِحِم ْيَن ‪َ .‬ر َّبَنا اْغ ِفْر َلَنا َِو ِِإل ْخ َو اِنَنا اَّلِذ ْيَن َسَبُقْو َنا ِبْاِإل ْيَم اِن َو َالَتْج َع ْل ِفى ُقُلْو ِبَنا ِغ ًّال ِلَّلِذ ْيَن آَم ُنْو ا َر َّبَنا ِإَّنَك‬
‫‪َ.‬ر ُءْو ٌف َّر ِح ْيٌم‬
‫ْأ‬
‫ُهللا َأْك َبُر‪ِ ،‬عَباَد ِهللا‪ِ ،‬إَّن َهللا َي ُم ُر ِباْلَع ْد ِل َو ْاِإل ْح َس اِن َو ِإْيَتاِء ِذ ى اْلُقْر َبى َو َيْنَهى َع ِن اْلَفْخ َش اِء َو اْلُم ْنَك ِر َو اْلَبْغ ِي‬
‫َيِع ُظُك ْم َلَع َّلُك ْم َتَذَّك ُرْو َن ‪َ .‬فاْذ ُك ُرْو ا َهللا اْلَعِظ ْيَم َيْذ ُك ْر ُك ْم ‪َ ،‬و اْشُك ُرْو ُه َع َلى ِنَعِمِه َيِزْد ُك ْم َو اْس َأُلْو ُه ِم ْن َفْض ِلِه ُيْع ِط ُك ْم‬
‫َو َلِذ ْك ُر ِهللا َأْك َبُر‬

Anda mungkin juga menyukai