Anda di halaman 1dari 4

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

ِ َ‫ّلِل َحَنم ُده ونَستَعِينُه ونَستَ حغ ِفره ونَعوذُ ِِبهللِ ِمن ُشروِر أَنح ُف ِسنَا و ِمن سيِئ‬ َِِّ ‫اْلم َد‬
‫ات‬ َ ‫َ ح‬ ُ ‫ح‬ ُ َ ُُ ‫َ ُ َ ح ُ َ ح‬ ‫إِ َّن حَ ح‬
َّ‫ َوأَ حش َه ُد أَ حن الَ إِلَهَ إِال‬, ُ‫ى لَه‬ ِ ‫ضلِل فَالَ ه‬
‫اد‬ ‫ح‬ ‫ي‬ ‫ن‬ ‫م‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫ل‬
َ ‫ل‬
َّ ‫ض‬ِ ‫اّلِل فَالَ م‬ َّ ِ ‫أَعمالِنا من ي ه‬
‫د‬
َ َ ‫ُ ََ ح ُ ح‬ ُ ُ ‫ح َ َ َ ح َح‬
‫ص ِل َعلَى نَبِيِنَا ُُمَ َّم ٍد‬ َّ ‫ك لَهُ َوأَ حش َه ُد أ‬
َ ‫الل ُه َّم‬, ُ‫َن ُُمَ َّم ًدا َعحب ُدهُ َوَر ُسولُه‬ َ ‫اّلِلُ َو حح َدهُ الَ َش ِريح‬ َّ
َّ ‫ين َآمنُوا اتَّ ُقوا‬
‫اّلِلَ َح َّق‬ ‫ذ‬ ِ ‫ان إِ ََل ي وِم‬
ِ َّ‫َي أَيُّها ال‬, ‫الدي ِن‬ ٍ ‫وعلَى آلِِه ومن تَبِعهم ِبِِحس‬
َ َ َ ‫َح ح‬ َ ‫ََ ح َُ ح ح‬ ََ
‫تُ َقاتِِه َوَال ََتُوتُ َّن إَِّال َوأَنحتُ حم ُم حسلِ ُمو َن‬
Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah, ajrih lan taat dhumateng

Panjenenganipun Allah, nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya

awisanipun. Mugi kanthi taqwa kita sedaya pikantuk kabegjan lan kamulyan wonten

dunya ngantos akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kita sedaya wajib bersyukur awit sampun kaparingan kanikmatan ingkang agung inggih

punika nikmat islam. Islam punika agami ingkang sampurna lan komplit. Sedaya

perkawis ingkang sae ugi mbekta manfaat ing dunya lan akhirat sampun

kateranganken kanthi cetha. Mekaten ugi sedaya perkawis ingkang awon ugi mbekta

kacilakan wonten dunya lan akhirat sampun katerangaken kanthi cetha ugi. Salah

setunggal perkawis ingkang dipun dhawuhaken islam kanthi cetha wonten ing

madyaning pasrawungan inggih menika gotong- royong utawi ta’awun. Tiyang mukmin

punika tiyang ingkang remen gotong- royong lan caos pitulungan dumateng sinten

kemawon. Kanthi gotong- royong gesang ing tengah masyarakat badhe keraos ayem

tentrem. Ngendika Allah ing surah Al Maidah: 2:

Materikhutbah.com

1
ِ‫وتَعاونُوا علَى الحِ ِب والتَّ حق ٰو ۖى وَال تَعاونُوا علَى ح‬
‫اال حِْث َوالحعُ حد َو ِان َۖواتَّ ُقوا ٰاّلِلَ ۗاِ َّن ٰاّلِلَ َش ِديح ُد‬ َ ‫َ ََ ح‬ َ َ ‫َ ََ ح‬
ِ ‫الحعِ َق‬
‫اب‬
“Lan pada tulung-tinulunga sira ana ing laku kabecikan lan taqwa. Ananging aja pada

tulung- tinulung ana ing laku dosa lan memungsuhan. Lan pada taqwaa sira marang Allah

satemene Allah iku abot panyiksane.( Al Maidah: 2).

Ibnul Qayyim rahimahullah ngendika: “ayat kang minulya iku njelasake tanda becike iman,

yaiku bisa kabuktekake kanthi srawung ing masyarakat, kanthi seneng tulung tinulung lan

seneng nyambung paseduluran. Pasrawungan lan tulung- tinulungan iku wajib katindakake

dening saben mukmin kanthi tujuan ngarep- arep ridlane Allah Ta’ala. Menawa ing tengah-

tengah masyarakat bisa kasembadan perkara kang mengkono iku mula bakal nuwuhake

katentreman lan kabahagiaan.” (Ar-Risâlah at-Tabûkiyyah :30).

Al-Mawardi rahimahullah ngendika: “Allah Ta’ala ngajak umat manungsa tulung-

tinulungan ing kabecikan bebarengan tulung- tinulungan ing ketaqwaan, sebab ketaqwaan

iku dadi sebab ridlane Allah. Lan tulung- tinulungan iku dadi sebab bungahe manungsa,

Mula menawa bungahe manungsa iku bebarengan ridlane Allah temen bakal dadi

kabahagiaan lan kanikmatan kang sampurna.” (Al-Jâmi’ li Ahkâmil-Qur`ân: 45)

Abdurrahman bin Nashir As-Sa’di ngendika: “Wong alim wajib tetulung utawa paring

pambiyantu kanthi ilmune, wong sugih wajib tetulung kanthi bandhane. Lan wajib tumrap

wong- wong muslim paring pambiyantu marang muslim liyane.” (Taisîrul Karîmir

Rahmân:182).

Ngendika Rasulullah SAW:

‫ب يَ حوِم الح ِقيَ َام ِة‬


ِ ‫اّلِل َعحنهُ ُكربةً ِمن ُكر‬
َ ‫حَ ح‬ َّ
ُ َ َ ‫س‬ َّ
‫ف‬ ‫ن‬
َ ‫ا‬ ‫ي‬ ‫ُّن‬
‫ح‬ ‫الد‬ ‫ب‬ِ ‫من نَ َّفس َعن م حؤِم ٍن ُكربةً ِمن ُكر‬
َ ‫حَ ح‬ ُ ‫َح َ ح‬
َُّ ُ‫اآلخَرةِ َوَم حن َس ََت ُم حسلِ ًما َس ََته‬
‫اّلِل‬ ِ ‫اّلِل علَي ِه ِف الدُّنحيا و‬
َ َ ‫ح‬ َ َّ ‫ر‬ ‫س‬
َّ ‫ي‬ ٍ
‫ر‬ ِ ‫ومن ي َّسر علَى مع‬
‫س‬
ُ َ َ ‫ََ ح َ َ َ ُ ح‬
ِ ‫اّلِل ِف عو ِن الحعب ِد ما َكا َن الحعب ُد ِف عو ِن أ‬
‫َخ ِيه‬ ِ
َ‫ح‬ ‫َح‬ َ ‫ِف الدُّنحيَا َواآلخَرةِ َو َُّ َ ح َح‬

Materikhutbah.com

2
“Sapa wonge aweh pitulungan kalawan susahe wong mukmin ana ing dunya mula Allah

bakal paring pitulungan kalawan kasusahane ing dina kiyamat. Lan sapa wonge aweh

pambiyantu kalawan karepotan wong mukmin ana ing dunya mula Allah bakal paring

pambiyantu kalawan karepotane ana ing dunya lan akhirat. Lan sapa wonge nutupi cacate

wong muslim mula Allah bakal nutupi cacate deweke ing dunya lan akhirat. Lan Allah bakal

paring pitulungan marang sawijine wong, menawa wong iku gelem aweh pitulungan marang

sedulure.”(HR.Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Estu katah sanget kautaman saking gotong- royong lan remen tulung tinulungan ing

madyaning pasrawungan ingkang sampun kababar saking ayat, hadits lan ugi

pangandikan para ulama. Gotong- royong punika pinangka sebab panggesangan saget

guyup rukun ayem lan tentrem. Gotong- royong punika saget nuwuhaken raos

katresnan ing antawisipun warga masyarakat. Gotong- royong punika pinangka sebab

masyarakat bade majeng lan sejahtera panggesanganipun. Gotong- royong ugi

pinangka sebab Allah nurunaken rahmat lan kabahagiaan ing tengah- tengah

masyarakat.

Mila sampun sakmestinipun kita sedaya kaum muslimin tansah nindakaken piwucal

ingkang minulya punika. Sumangga kita sesarengan caos tuladha dhumateng

masyarakat menggah gesang gotong- royong lan tulung tinulungan. Mugi Allah SWT

tansah maringi kita pitedah sahingga kita saget istiqamah nindakaken ajaran- ajaran

islam ingkang minulya. Aamiin.

‫العلِحي ُم‬ ‫ع‬‫ي‬‫م‬ِ ‫أَقُو ُل قَوِل ه َذا واستَ حغ ِفر للا ِل ولَ ُكم ولِسائِِر املسلِ ِمي إِنَّه هو الس‬
َ ُ ‫ح ح َ َ ح ُ َ َ ح َ َ ُ ح حَ ُ َُ َ ح‬
Khutbah Kaping Kalih

‫ي نَبِيِنَا ُُمَ َّم ٍد‬ ِ ‫اف األَنحبِي ِاء و‬


ِ ‫السالَم علَى أَ حشر‬ ِ‫ب العامل‬
ِ ِ‫اْلم ُد هلل‬
‫املر َسل َح‬
‫َ َ ح‬ َ َ ُ َ َّ ‫و‬ ‫ة‬
ُ ‫ال‬
َ ‫الص‬
َّ ‫و‬ ‫ي‬ ‫ح‬
ََ َ َ ‫ر‬ ‫َح‬
‫ي‬ ِ ‫وعلَى آلِِه وصحبِ ِه أ ح‬
‫َْجَع َح‬ ‫ََح‬ ََ

Materikhutbah.com

3
‫ك لَهُ َوأَ حش َه ُد أَ َّن ُُمَ َّم ًدا َعحب ُدهُ َوَر ُسولُهُ‬ ‫اّلِلُ َو حح َدهُ الَ َش ِريح َ‬ ‫َوأَ حش َه ُد أَ حن الَ إِلَهَ إِالَّ َّ‬
‫اعلَحي ِه َو َسلِ ُم حوا تَ حسلِحي ًما‬ ‫اِ َّن للا ومالَئِ َكته يصلُّو َن على النَِّب َيَ يُّهاالَّ ِ‬
‫اصلُّ حو َ‬ ‫و‬ ‫ُ‬‫ن‬ ‫آم‬ ‫ن‬ ‫ي‬ ‫ذ‬
‫َ ََ َُ ُ َ ح َ َ ح َ َ َ َ ح َ‬
‫ح‬
‫آل إِبح َر ِاهحي َم‪،‬‬‫ت َعلَى إِب ر ِاهيم و َعلَى ِ‬
‫َ ََ‬ ‫ح‬ ‫ح‬ ‫َ‬ ‫ي‬
‫ح‬‫َّ‬
‫ل‬ ‫ص‬
‫َ‬ ‫ا‬‫م‬‫َ‬ ‫ك‬
‫َ‬ ‫د‬‫آل ُُم َّم ٍ‬
‫َ‬ ‫اَللَّه َّم ص ِل َعلَى ُُمَ َّم ٍد و َعلَى ِ‬
‫َ‬ ‫ُ َ‬
‫ت َعلَى إِبح َر ِاهحي َم َو َعلَى‬ ‫َحيد ََِميد ‪.‬وِب ِرحك علَى ُُم َّم ٍد وعلَى ِ ٍ‬
‫آل ُُمَ َّمد َك َما َِب َرحك َ‬ ‫ك َ ح ح ََ َ َ َ َ‬
‫إِنَّ َ ِ‬
‫َححيد ََِمحيد‬
‫ك َِ‬ ‫ِ ِ‬
‫آل إِبح َراهحي َم‪ ،‬إِنَّ َ‬
‫ات إِنَّ َ‬
‫ك‬ ‫ات األَحي ِاء ِمحن هم واألَمو ِ‬ ‫املؤِمنَ ِ‬ ‫ي َو ح‬ ‫ات و ح ِ ِ‬ ‫الله َّم ا حغ ِفر لِحلمسلِ ِمي واملسلِم ِ‬
‫ح َ ُ ح َ َح‬ ‫املؤمن ح َ‬ ‫ُ ح ُ ح حَ َ ح َ َ‬
‫س‬ ‫ِةو حعدَّال ب ي ِيم ببَِِر عي ِ‬
‫م‬
‫ُح ُ ح ح َ‬ ‫َ‬
‫اف َوالغِ َن‬ ‫الع َف َ‬ ‫ك اهلَُدى َوالتُّ َقى َو َ‬ ‫اللَّ ُه َّم إِ ََّن نَ حسأَلُ َ‬
‫ي إِ َم ًاما‬ ‫ِ ِ‬ ‫ب لَنَا ِم حن أ حَزو ِاجنَا وذُ ِرََّيتِنَا قَُّرةَ أ حَع ُ ٍ‬
‫اج َع حلنَا ل حل ُمتَّق َ‬
‫ي َو ح‬ ‫َ َ‬ ‫َربَّنَا َه ح‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َربَّنَا آتنَا ِف الدُّنحيَا َح َسنَةً َوِف حاآلخَرةِ َح َسنَةً َوقنَا َع َذ َ‬
‫اب النَّا ِر‬

‫‪Materikhutbah.com‬‬

‫‪4‬‬

Anda mungkin juga menyukai