Anda di halaman 1dari 21

0

GUGUR GUNUNG
BEBARENGAN
Karya: Tim Sosial 8c

PAMBUKA
Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun
paring rahmat, saged ngrampungaken tugas basa daerah, inggih menika
kumpulan cerkak saking kelompok kita kanthi irah-irahan “GUGUR
GUNUNG”. Wonten ing cerkak menika wonten saperangan karya saking
kelompok tema sosial, antawisipun irah-irahan “Kanca sing seneng
tetulung, Kerja bakti, Laras asih, Gotong royong arek arek 6A, Wabah ing
desaku, Lindu ing desa melati, Pohon kawis ajaib, lan Macan lan Ula
podo padu, akhire rukun maneh."

Tujuan kita damel cerkak inggih menika kangge ngrampungaken tugas


basa daerah ingkang dipunbimbing dening Bapak Ahmad Emir Selby
Nasrullah S.Pd. Kita uga matur nuwun marang anggota grup tema sosial
sing mbantu damel cerkak lan nyumbang tenaga sajrone nggawe buku
iki. Kawulo ugi ngaturaken agunging panuwun dumateng Bapak Ahmad
Emir Selby Nasrullah S.Pd ingkang sampun tabah lan sabar anggenipun
nuntun kita sedaya lan ndadosaken buku menika. Amargi tuntunane
beliau lan kerjasama saking kanca-kanca kelompok tema sosial, buku
menika saged rampung kanthi sae. Mugi-mugi cerkak ingkang sampun
kadamel kanthi irah-irahan “GUGUR GUNUNG” saged migunani saha
nglipur para pamaos. Nyuwun pangapunten menawi wonten kalepatan
anggenipun nyerat cerkak ingkang kadamel.

10 Desember 2023.

Kelompok Cerkak Tema Sosial.


1
Daftar Isi
Elementalis…………………………………..……….……..3
Kanca Sing Seneng Tetulung……………..……………..5
Kerja Bakti……………………………….…………………..7
Laras Asih……………………………………..…….………8
Gotong Royong Arek Arek 6A………………….………..9
Wabah Ing Desaku…………………………………………10
Lindu Ing Desa Melati……………………………………..13
Pohon Kawis Ajaib…………………………………….......15
Macan lan Ula podo padu, akhire rukun maneh……...16
Biografi………………………………………………………17

2
Karya : Almira Anggita Dwi Cahyani / 3

Elementalis
Elemen kuwi bagian dasar sing mendasari sesuatu. Elemen bumi Kalebu
kayu, api, tanah, dan air. Setiap elemen iki dikendalikake dening 1 wong sing
bisa kita panggil elementalist.

Ing sawiji dino bocah bocah sing bisa nguasai elemen dunia iki dikumpulake
dadi siji. Bocah bocah kuwi dilatih ngendalikake kuasa e.

"Woi, iki aku penguasa geni sing paling bahaya" omong e Prasetyo bocah 12
taun sing bisa ngendalikake geni.

"Duh, geni cemen. Geni bisa mati amerga banyu" wales Heru penguasa
banyu.

"Geni sing paling kuat"


"Ora, banyu sing paling kuat"
"Wis wis meneng, kabeh kuasane apik yen digawe kanggo kabecikan" saut ayu
penguasa wit witan.

Setiap elemen nduweni kalebihan dan kelemahan e masing-masing. Kaya


geni lemah nglawan banyu, logam lan wit witan lemah ngelawan geni, nanging
tanah lan banyu urung diweruhi kalemahan e apa, amerga kuwi banyu merasa
paling kuat lan ora bisa dikalahkake.

3 sasi mereka latihan bareng nanging bukane tambah akrab mereka tambah
musuhan, terlebih maneh geni lan banyu, mereka berlomba lomba gawe
ngintukna jabatan sing terkuat.

Saiki waktunya istirahat, rata rata e pada bali menyang ananging ayu milih
meneng ing taman lan ngrumati wit witan sing meh mati. Ayu seneng banget
karo sekar sing jenenge Melati amarga wangi lan warnane. Ora suwi maneh
salindri teka lan ngancani Ayu ngrumat tetanduran.

"Kok urung bali" pitakon Salindri


"Males" jawab Ayu karo ngobati tetanduran sing meh mati.

Saka kadohan kerungan suara suara sing ganggu. Ayu lan Salindri cepet
cepet metu menyang asal suara kuwi. Ayu lan Salindri kaget banget ndelok apa
sing ing ngarep e. Monster gedhe dhuwur sing nyerang sekitar e.

"Medeni banget moster e" jare Ayu


3
Siji siji bocah bocah liya pada metu kanggo ngeliat ana apa, reaksi e kabeh
pada kaget. Heru lan prasetyo langsung nyerang monster kuwi tanpa ragu,
nanging ora kena monster kuwi, kaya nduweni perisai.

"Ora kena blas" sambat e Prasetyo.

Rehan berusaha sebisane, arek e nguncali watu watu geni lan


sapanunggalane nangging ora ana sing bisa ngalahake monster kuwi. Pada
akhire bocah bocah kuwi mlebu maneh kanggo gawe rencana.

"Piye iki, monster e kebal" jare Heru "wis tak serang nganggo berbagai cara
ora ana sing bisa"

"Kali ini aku setuju karo Heru" jare Prasetyo.

"Angel yen koyo ngene" jare Ayu "kita kudu duwe rencana, moster e ora bisa
diserang asal asalan"

"Ora bisa ditusuk tah" saut Salindri.

"Hah, ditusuk piye karepmu"

"Ya ditusuk, jleb, ngunu" jawab salindri "selama iki kan mek diserang dewe
dewe, aku lan Ayu urung sempat nyerang."

"Maksudmu"

"Piye yen mengko nyoba ditusuk nganggo tanah kering sing tajem, monster e
dijebak ngunu gawe tanduran mrambat. Kowe arek loro mbiyantu Ayu"

"Sek sek, dadi maksudmu kerja sama ngunu, gak gak, aku ora gelem kerjasama
karo Heru" wales e Prasetyo.

"Terima wae, kerjasama sesekali ora papa" jawab Ayu

"Yowis" jawab Prasetyo lan Heru berbarengan.

Mereka nyerang monster kuwi bebarengan lan akhir e monster kuwi kalah
amarga kerjasama lan usaha mereka. Heru lan Prasetyo sadar yen ora ana sing
paling kuat diantara mereka nanging kabeh kuat lan bisa tambah kuat yen
kerjasama. Mulai dina iki kabeh latihan kerjasama lan individu terus ora ana
musuhan maneh. Ibarat sapu ijuk, yen dewe an gampang putul nanging yen
bareng bareng kuat lan bisa digunakake kanggo nyapu

__________PUNGKASAN__________
4
Karya : Asfa Zahra Salsabil / 06

Kanca Sing Seneng Tetulung


Ing sawijining dina, Cava pelajar kelas 3 ing SMP Nusantara lagi Omong-
omongan karo kancane yaiku Kaanya, Aldo, lan Arshaka ing ngarep kelas.
Cava, Kaanya, lan Aldo lagi ngenteni kancane yaiku Biru.

"Endi ya Biru, biasane Biru teka sekolah sadurunge bel mlebet" jare Aldo.

"Iyla, mari iki bel mlebet" tambah Cava.

Bel akhire muni Cava, Kaanya, Arshaka, lan Aldo mlebet ing kelas.

Sampun sak jam pelajaran, lawang kelas dibuka lan nampilake Biru sing tas
teka.

"Kula nyuwun pangapunten amarga telat bu" jare Biru.

"Telat sampe sak jam pelajaran?" Takon guru seni sing lagi ngajar.

"Kula sampun izin lan kula mboten telat tasehnipun bu"

"Ya wis, cepet lenggah"


Biru langsung lenggah ing sebelah Aldo.

"Biasane ora telat Biru" jare Aldo.

"Kula ana urusan" jawab Biru.


Mulai pembelajaran, istirahat, sampe persiapan moleh Cava ngerasa yen Biru
mboten kaya biasane. Biru mboten akeh ngomong. Sawise mulih, ing ngarep
kelas Cava ngomong karo Kaanya, Arshaka, lan Aldo.

"Biru ora kaya biasane" jare Cava

"Iya, biru menapa ya" jawab Kaanya

"Mau iku Biru ngomong telat amarga ngaterake adi-adine, biasane kan sing
ngeterkake adine iku ibune" jare Cava.

"Awak dewe kudu ngomong kari Biru, kula yakin Biru ana masalah" jare Aldo.

Yen piket Biru wis rampung Cava, Aldo, Arshaka, lan Kaanya nekani Biru.

"Biru kula ngerti sampean lagi ana masalah" jare Cava.

5
"Awak dewe iki kancamu, wes tugas e mbiyantu kanca sing lagi susah"
tirosipun Aldo.

"Cava, Aldo, Arshaka lan Kaanya ngerti ya" tirosipun Biru.


"Awak dewe ngerti sifat sampeyan kaya apa" tambah Aldo.

"Ibu kula lagi sakit lan bapak kula lagi tindhak saget kuta liya amarga omah
makan keluarga kula kebakaran, kula ora saget ngurus omah dewe" tambah
Biru.

"Nderek prihatos amarga omah makan keluarga sampeyan kebakaran"


tirosipun Kaanya.
"Biru kudune sampeyan cerita yen ana masalah" Cava nambahake.

"Kula ora gelem Cava, Aldo, lan Kaanya dadi susah" tambah Biru.
"Awak dewe iki kancamu Biru, pasti awak dewe bisa mbiyantu yen sampean
lagi ana masalah" tirosipun Cava.

"Yen sampean ora bisa ngurusi omah, awak dewe saget mbiyantu saiki Biru"
tambah Cava.
"Maturnuwun ya, kula seneng nduweni kanca kang seneng tetulung" tambah
Biru

__________PUNGKASAN__________

6
Karya : Brilly Abiyyu Sulaiman / 10

Kerja bakti
Adzan subuh wis muni, aku langsung tangi banjur sholat subuh. Mau bengi
ning desoku udan deres, mulane isuk iki hawane adem banget. Pitik podo
kluruk gawe atiku soyo bunga. Aku lan konco-koncoku arep mlayu-mlayu
mubeng deso.

Amarga dino iki dino Minggu, ing desoku ana rutinitas kerja bakti. Rutinitas
iki nduwe tujuan kanggo melestarikan alam. Sakwise mlayu mlayu aku lan
konco koncoku melu ngewangi bapak bapak kang podo semangat kerja bakti.
Ibu-ibu nyiapke panganan kanggo wong kerja bakti. Aku bagian ngresiki
sampah sing nyumbat ing selokan. Selokan iki sampah e akeh banget kaya ana
wong sing buwang sampah sembarang.

"Sopo sing biasane buwang sampah ing selokan?" kandha pak RT.
"Iku sampah deso sebelah pak" saut e bapak bapak seng kerja bakti.
"Yowes tak ngomong pak lurah, deso sebelah yen ana sing buak sampah ing
selokan maneh banjur dikei sanksi tegas!" kandha e pak RT.

Sak liyane ngresiki selokan kerja bakti iki nandur wit wit supoyo ora kedadean
banjir. Sakwise kerja bakti bapak bapak lan wong wong sing melu podo mangan

bebarengan. Lan mari mangan berbarengan aku lan konco mulih nang omah.

__________PUNGKASAN__________

7
Karya : Kayla Rahma Mutiarani / 17

Laras Asih
Ing desa kecil ing pedesaan, wonten dheweke dhewe-dhewe wong sing
padha-golong. Ana kang gedhe mriki kabutuhane luwih, ana kang ora bener-
bener njajah, lan ana wong kang nggoleki dhuwit marang mergane dhewe.

Salah siji wong kang mriki kekurangan sing paling parah yaiku Mbah Jono.
Mbah Jono iku wong tuwa sing durung geni sejatine. Wong-wong ing desane
ora kepingin ngrasakake bebeneranipun. Sajroning waktu, ana salah siji wong
kang mriki niat kang tulus, kang arep nglakoni aksi sosial.

Wong kang iki yaiku Mbak Wulan, wong sing mriki hawa ati kang gedhe lan
lagu benderang. Mbak Wulan durung ngenteni wulan kawit. Ana saben dina,
sawijine, dheweke bakal nyambutake ransacking dene menehi manganan kang
adhedhasar ing kebutuhan wong-wong sing paling duwekno. Dheweke ora
padha-padhane, wong kang wani padha manjingake manganan kang Dheweke
dhewe iku kanthi wajar.

Kanthi sabar, Mbak Wulan menehi manganan lan nanging ora padha
ngungguli wong-wong ing desane. Dheweke takon dadi wong-wong ing desane,
"Apa sing kowe duwe? Apa sing kowe kepingin?"

Ana sing mriki kayata Mbah Jono sing nyambut manganan saka Mbak Wulan.
Mbah Jono senyum lan ucap matur nuwun. Wonten rasa kang lega lan
kebahagian sing kacetha dhateng wong-wong ing desa.

Dene, suatu dina, dheweke sadar yen dheweke ora cukup kanggo kabeh.
Dheweke ngumpulake wong-wong ing desane kang mriki harta melimpah lan
kang arep nggoleki pitulungan.

Mbak Wulan lan wong-wong ing desa iki lali sampek desa padha karo kang
rasa kurang. Kanthi gotong-royong, dheweke menehi semangat kanggo nulung
dheweke kang lagi kesulitan. Dene, dheweke nemahi yen nglampahi
permasalahan sosial bisa digawe kanggo kabeh wong, salametan utawi mung
kang padha-padhane.

__________PUNGKASAN__________

8
Karya : Latifah Zahra Ardhaninggar/ 20

Gotong Royong Arek-arek 6A


Dina iki ing sekolahku ana kegiatan yaiku lomba kebersihan lan ngehias
kelas. Aku lan kanca-kancaku dina iki pada nggowo alat-alat kebersihan lan
perlengkapan kanggo ngehias kelas. Jam pitu isuk aku kudu wis ana ing
sekolah "Bagus sapu korek aja lali digowo yo" jare ibu "nggeh buk" jawab
Bagus.

Sak durunge lomba dimulai, aku ana apel isuk ing lapangan sekolah, banjur
apel aku lan kanca-kancaku siap-siap gawe lomba.

"Rek ayo pada ngresiki kelas yo, ana sing nyapu, ngepel, nata meja, nyapu
ngarep kelas, lan lap-lap kaca" perintah Melody ketua kelas 6A.

"Siap bu ketua!" jawab arek-arek kelas 6A.

Kabeh arek-arek 6A pada resik-resik kelas. Laras, Fanny, Sinta, lan Aldo
bagian nyapu. Joko lan Andre bagian lap-lap kaca, Caca karo Melody tugase
ngepel. Bagus karo Fadil bagiane nata meja, Farhan lan Nita ngresiki ngarep
kelas. Arek-arek sing liyane pada nyiapake peralatan kanggo ngehias kelas.
Sing liyane pada ngresiki kelas, Aldi lan sing liyane tugase ngehias
kelas. Ana sing wis mulai nggawe kembang, pohon, kupu-kupu, liya-liyane.

Annisa, Febri, lan Kevin bagian ngehias pintu kelas, arek telu kuwi kate
nggawe pohon keluarga cemara, isine yaiku foto-foto arek-arek kelas 6A lan
fotone wali kelas 6A yaiku Bu Rini. Nadya, Ridho, lan Kiki nggawe kupu-kupu
kanggo ngehias jendela. Rani, Lani, lan Toni nggawe struktur kelas 6A.

Saiki wis jam 10.15, arek-arek kelas 6A wis mari ngresiki lan ngehias
kelas. Saiki wayahe penilaian, juri e wis kate teko ing kelas 6A. Gilirane kelas
6A di nilai jam 13.00, mari e sholat lan istirahat bakal ana pengumuman
pemenang lomba.

Warga sekolah, saiki wis pada ngumpul ing lapangan sekolah kanggo
ngenteni pengumuman lomba. Saiki wayahe pengumuman lomba kebersihan
lan ngehias kelas.

"Juara siji lomba kebersihan lan ngehias kelas diraih oleh kelas…. 6A" jare Pak
Soni.
"HOREEEEE!!!" sorak arek-arek 6A.
Arek-arek 6A seneng seneng banget amarga bisa juara 1 lomba kebersihan
lan ngehias kelas, kabeh iki berkat kerjasama arek-arek 6A.

__________PUNGKASAN__________
9
Karya : Mahadicka Akkila Oetama / 21

Wabah ing Desaku


Dina Minggu, 15 Juli 2022, ing Desa Wikanabong katon sepi banget amarga
desa kasebut diserang wabah virus Comid-25. Virus kasebut nyebabake akeh
korban ing njero Desa Wikanabong. Mangkane iku warga ing desa kasebut
padha ngurangi aktivitas e ing njaba omah lan ora metu saka omah yen ora
perlu. Virus Comid-25 gampang nularake wong ing sekitare, mula warga ing
Desa Wikanabong wedi karo virus kasebut.

Ing Desa Wikanabong ana omah, ing njero omah kasebut bocah wedok sing
jenenge Rika lan Bapake. Wong loro kuwi lagi ngomong babagan wabah virus
Comid-25 sing kedadean ing desa kasebut.
“Pak, kenapa wabah virus Comid-25 iki kelakon?” pitakone Rika.

“Ora ngerti, nanging miturut kula, virus iki kedadeyan amarga desa kita rusuh
lan ora kerep diresiki utawa gotong royong lan para warga ora tau njaga
karesikan lingkungan lan awake dewe” ujar e Bapake Rika. “Oh, apa gejala ne
kena infeksi virus Comid-25?” pitakone Rika.
“Gejalane iku demam, flu, sesak nafas, ora sadar lan kejang-kejang nganti iso
ngancem nyawa” ujare Ayah Rika.
“Medeni pisan yo, nanging nalika pisanan wabah Comid-25 mbiyen, mung sitik
sing kena wabah e, kok saiki tambah akeh sing kena wabah kasebut?” pitakone
Rika.
“Amarga warga ning kene ora tau manut karo protokol Kesehatan sing
diterapake” ujare Bapake Rika.

“Apa iku protokol kesehatan pak?” pitakone Rika.

“Protokol kesehatan yaiku aturan utawa ketentuan kang kudu ditindakake


dening kabeh pihak supaya bisa nindakake aktivitas nganti aman. Contone, 5M
yaiku, nganggo masker, njaga jarak, nyuci tangan, ngindhari keramaian, lan
ngurangi perjalanan.” Ujare Bapake Rika. Ora suwe ana sing nuthuk lawang
omahe Rika, banjur Rika mbukak lawang kasebut.
Sawise mbukak lawang, pranyata Pak RT sing teka nang omah e Rika.

“Rika, ngendi Bapakmu” ujare Pak RT. Sawise iku Rika nyelok Bapake.
“Pak RT kok sowan wonten nang omah?” pitakone Bapake Rika. “Aku arep
menehi undangan yen sesuk ana rapat ing balai desa” ujare Pak RT.
“Dalam rangka apa Pak RT?” pitakone Bapake Rika.
10
“Dalam rangka kanggo medhot rantai penyebaran virus Comid-25 ing desa ne
awake.” Ujare Pak RT.

“Iki sek pandemi, yen sesuk rapat dadi penyebaran virus Comid-25 tambah
akeh lan cepet nyebar pak” ujar Bapake Rika.

“Yen kabeh warga manut karo protokol kesehatan lan nganggo masker, virus
Comid-25 ora nyebar lan ora gampang kena infeksi” ujare Pak RT.
“Nggih pak, sesok kula rawuh” ujare Bapake Rika.

Sesuk e, Bapake Rika lan Rika menyang balai desa arep rapat. Tekan balai
desa, Bapake Rika lan Rika menyang kursi sing wis disediakno sinambi
ngenteni rapat diwiwiti lan manut protokol kesehatan sing berlaku ing
masyarakat. Nalika rapat diwiwiti Pak RT ngaturaken sambutan luwih dhisik
marang warga, banjur Pak RT ngaturaken Inti tekan rapat kasebut yaiku carane
medhot rantai penyebaran virus Comid-25 kanthi manut karo protokol
Kesehatan. Sawise Pak RT ngaturaken pokok - pokok tekan rapat e, para warga
padha komentar.
“Saiki kita wes manuti protokol kesehatan, nanging kenapa isih ana wabah
virus Comid-25 kasebut?” pitakone para warga. Pak RT bingung amarga krungu
pitakon tekan para warga kasebut. Sawise iku Rika ngadeg lan mangsuli
pitakon tekan para warga.
“Pancen kita kabeh wis manuti protokol kesehatan, nanging lingkungan ing
desa kita isih rusuh lan kumuh, mulane wabah virus Comid-25 isih ana” ujare
Rika. Sawise iku Bapake Rika melu ngadeg lan nyampekake pendapat e.
“Bener kandhanane Rika, lingkungan ing desa kita iki rusuh lan kumuh. Mula
ayo padha njaga karesikan desa kita!” ujare Bapake Rika.
“Pancen bener, wabah Comid-25 kasebut muncul nalika desa awake rusuh. Yen
desa kita resik, wabah virus Comid-25 mesthi ora muncul” ujare para warga.

Sakwise krungu hal kasebut, Pak RT ngrencanakake yen sesuk ana acara kerja
bakti ngresiki Desa Wikanabong.

“Wes kula temtokake, sesuk bakal ana kerja bakti kanggo ngresiki desa kita iki,
sadurunge miwiti kerja bakti kabeh warga kudu kumpul dhisik ing balai desa.
Setuju a kabeh..” ujare Pak RT.

“Setuju..” ujare kabeh warga kanthi semangat. Sawise iku para warga padha
mbalik nang omah e dewe-dewe.

Sesuk dinane, kabeh warga padha kumpul ing balai desa. Sawise iku Pak RT
mbagi tugas saben warga lan ngandhani ning ndi ae sing kudu diresiki.

11
“Panggonan sing kudu diresiki yaiku ing selokan, lapangan, saben omah, lan
sakiwa tengene balai desa. Amarga ing sakiwa tengene balai desa sering rusuh
lan akeh sing mbuwang sampah ing pinggiran e balai desa” ujare Pak RT.

Banjur Rika menehi saran supaya sampah anorganik didaur ulang, ora malah
dibuak.

“Kula arep ngusulno sesuatu” ujarane Rika.


“Mangga Rika” ujarane Pak RT.

“Luwih becik yen sampah anorganik sing ditemokake kabeh, dikumpulno lan
diolah dadi barang sing luwih apik lan berguna, ora malah diguak” ujare Rika.
“Saran sing apik Rika, mengko sapa wae sing nemokake sampah anorganik
dikumpulake lan diolah dadi barang sing luwih apik lan berguna, nglakoni!”
ujare Pak RT.

“Siap pak” ujare warga.

Krungu ucapane Pak RT, kabeh warga padha banjur njupuk piranti reresik lan
miwiti gotong royong. Kabeh warga padha sregep ngresiki desane, uga Rika
lan Bapake. Rika tansah ngapresiasi kabeh warga supaya padha sregep
ngresiki desane dewe lan supaya wabah virus Comid-25 ilang.

Sawise 1 wulan, warga ing Desa Wikanabong seneng banget amarga wabah
virus Comid-25 wis ilang. Rika lan Bapake pun melu seneng amarga bisa
nindakake aktivitase kaya sakdurunge utawa semulane, lan ing desane ayem
lan tentrem. Sakteruse Desa Wikanabong bakal rame, tentrem lan ora ana
penyakit utawa wabah sing nyerang desa kasebut.

__________PUNGKASAN__________

12
Karya : Nadhifa Aqilah Hadi / 23

Lindhu ing Desa Melati


Dina iki menika dani angsal keparing informasi bilih wonten peristiwa seng
mboten enak yaiku bencana lindhu ing dusun Melati, warga dusun Melati podo
ngungsi ing kampung Dani. kathah tiyang podo ngekek i rencangan, kanggo
nulung uwong-uwong seng kenek bencana. kathah wargi kampung podo riwa-
riwi kanggo delok kawontenan para wargi dusun Melati. akeh wong-wong sing
kelangan kados contoh e papan manggeni, barang-barang, lan ana uwong seng
luka-luka amarga ketiban atap e omah. arek cilik-cilik podo mesak dhateng kuwi
ra iso sekolah dhisik lan dolan karo kanca-kanca.

Dani lan kanca-kanca nduweni ide kanggo ngewangi warga dusun Melati.

"Far mangga ngadakno rencangan gawe korban lindhu ing dhusun melati" ajak
Dani
"Mangga dan kula purun melu, kala-wingi kula ning papan pengungsian lan
ndelok korban lindhu ing dhusun melati podo ora enak awak opo maneh akeh
arek alit e seng ws ra kraos ndek kono” jawab Fardi

"Kados pundi menawi kula lan panjenengan nedha nyuwun rencangan kaliyan
cara mbagikaken brosur kangge ngrencangi dusun melati" usul Ayu

"Kados pundi menawi kula lan panjenengan nyebaraken brosuripun kejalan-


jalan ugi kangge nedha rencangan" tambah Amel

"Bener pisan ide sampeyan yu , mel” sumaur Dani

“Nggih sampun tengga punapa malih mangga”

"kula lan panjenengan damel brosur langkung-langkung rumiyin kula lan


panjenengan cithak" sumaur Fardi

pungkasanipun piyambakipun sedaya sareng-sareng ndamel brosur semenarik


munkin sasampunipun puniku piyambakipun sedaya nyithak brosur kasebat
lan enggal berpencar dhateng panggenan-panggenan sanes kangge
mbagikaken brosur.

"pampun kesupen ugi tempel wonten wit lan wonten papan papan ingkang
saged dipuntingali kathah tiyang" timpal Dani

13
Pungkasanipun sasampunipun semanten setunggaling piyambakipun sedaya
sampun mbagikaken brosur puniku pungkasanipun piyambakipun sedaya tilar
ngentosi. sasampunipun pinten-pinten tabuh kepripun terkejutipun
piyambakipun sedaya sumerep sampun kathah sanget dana ingkang kekempal
kangge ngrencangi dusun Melati.

"Wahh mboten sia-sia perjuangan


kula lan panjenengan" sumaur Fardi
"Alhamdulillah" sumaur Dani

Nggih sampun langsung mawon kula lan panjenengan paringaken dhateng


dusun Melati sumaur ajeng sasampunipun puniku piyambakipun sedaya
langsung tumuju papan pengungsian.

"Matur nuwun nggih adik-adik sampun ngrencangi wargi kita" sumaur pak
Dimas dados rt saking kampung melati

"Sami-sami pak, mugi-mugi puniki membatu lan manfaat kangge dhusun


melati" wangsuli Amel puniki

"Sampun ngrencangi sanget lan badhe kita manfaatkan adik-adik, sapisan


malih matur nuwun" tambah pak Dimas

"Aami – sami pak menawi kados puniku kita nyuwun amit nggih" sumaur Dani

Pungkasanipun piyambakipun sedaya saged ngrencangi dusun melati kalih


remen.

__________PUNGKASAN__________

14
Karya: Niko Fakhri Nugroho / 25

Pohon Kawis Ajaib


Wong ngguyu karo wong liyo sing kaya dina. Wonten sebatang pohon kawis
sing ayu banget mung digawe dadi kayu bali. Pohon iki wis dilirik dening wong-
wong sing pengin nggawe tandur kanggo ngasilake uang saka kayune.

Salah siji wong sing duwe gagrag ana ing pikirane nembe nggoleki dalang
kang bisa nganggo kayu kawis iki. Mula-mula, iku wong duwe gagrag ora
percaya bisa, nanging nalika dianugerahi kabeh carane, iku wong mulai
nggoleki dalang.

Saliyan soko sekretaris, iku wong nganggep guru kang pinter banget kanggo
ngajari wong-wong cara nggawe tandur saka kayu kawis iki. Saka sadayana,
wong sing duwe gagrag nggoleki dalang saka pohon kawis, lan akhire pohon
iki dirojoake, nanging ora kabeh pohon iki bisa dijadike tandur.

Kang akhir, wong sing duwe gagrag ora percaya bisa lan guru sing kanggo
ngajari wong-wong iki ora bisa digawe tandur kanggo milihaken pohon kawis
sing ayu iki. Iku wong duwe gagrag ora percaya wis rampung lan uga ora bisa
nggoleki dalang, nanging guru iki nyinaoni yen sebet pohon kawis iki ora usum
nggawe tandur.

Kronik iki njaluk kang ngetokake yen, ing ora kabeh situasi, percaya lan
pengetahuan ora cukup. Nanging ora nduweni gagrag ora percaya bisa banget
nggoleki dalang kang bisa nggawe tandur saka pohon kawis sing ayu. Iya, wong
sing percaya bisa lan tetep semangat ora entuk tandur saka pohon kawis iki,
lan akhire sukses lan kaya raya."

__________PUNGKASAN__________

15
Karya : Syifa Qanita Ilahiyah / 32

Macan lan Ula podo padu, akhire rukun


maneh
Dateng wana wonten macan, kancil, tikus, badak, ula lan sakpanunggalipun.
Sawijining dino, macan lan ula mlampah-mlampah dateng wana, lajeng
kepanggih tikus.
"Kulo luwe" Tirosipun macan. "Kulo ugi" Tirosipun ula kaliyan bisik-bisik.
"Tikus dospundi kabare?” Tirosipun macan lan ula. Tikus njawab kaliyan ajrih
"Sa-sae sae kemawon, menopo kulo bade njenengan sarapan?" "Pasti iku, aku
lagi luwe" Tirosipun macan lan ula.

Sekedap, sakderengipun njenengan sekalian mangsa kula, kula bade sarapan


ing mburi wit ageng iku. "Inggih" Tirosipun macan lan ula.

Sakmantunipun sarapan, tikus mlajeng. Macan lajeng pengin ningali tikus


sarapan nanging tikus mboten wonten. "Hahh!?!! Tikus sampun mlajeng-
mlajeng, tirosipun macan. "Meniko gara-gara njenengan macan" Tirosipun Ula
kaliyan nesu. Ula kaliyan macan podo nyalahaken. Maringono meniko kura-kura
lewat lan tangled "Kok sami nesu, wonten nopo?", "Tikus mlajeng gara-gara
macan" Tirosipun ula. "Ula ingkang salah" Tirosipun macan njawab balik.

"Sampun sampun ojo padu, njenengan seduluran dadi kedah ngapunten, ora
oleh sakenake dewe" Tirosipun kura-kura. "Nyuwun pangapuro ingkang kathah
inggih
macan" Tirosipun Ula, "Kulo uga nyuwun pangapuro nggih ula" Tirosipun
Macan.

__________PUNGKASAN__________

16
Biografi

Mahadicka Akkila Oetama


Tumindak minangka : Damel cover

Kula lahir ing Kota Malang tanggal 14 januari 2010. Sekolah


ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamatku ing Jl. Tlogo Indah
gang 2, Rt 2/RW 1 kecamatan lowokwaru kota Malang. Kula
nulis crita kanthi irah-irahan “Wabah ing desaku”.

Alamat email: kikimbois66@gmail.com

Syifa Qanita Ilahiyah


Tumindak minangka : Damel sinopsis

Kula lahir ing Kutha Malang tanggal 28 Maret 2011. Sekolah


ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamat kula ing Jl. Raya
Sitirejo, RT.08 RW.05 kecamatan Wagir kutha Malang. Kula
nulis crita kanthi irah-irahan “Macan lan Ula Podo padu,
Akhire Rukun Maneh”.

Alamat email: syifaqanitaillahiyah@gmail.com

Niko Fakhri Nugroho


Tumindak minangka : Damel biografi

Kula lahir ing Kota Malang tanggal 29 mei 2010. Sekolah


ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamatku ing Jl. Sigura - gura
no 26 kecamatan lowokwaru kota Malang. Kula nulis
crita “pohon kawis ajaib “

Alamat email: fahriniko43@gmail.com

17
Brilly Abiyyu Sulaiman
Tumindak minangka : Mriksa buku

Kula lahir ing Kota Malang tanggal 11 April 2010. Sekolah


ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamatku ing Jl. Bunga
kumis kucing no 18, Rt 6/RW 2 kecamatan lowokwaru kota
Malang. Kula nulis crita kanthi irah-irahan “Kerja Bakti”.

Alamat email: brillyabiyyusbrilly@gmail.com

Almira Anggita Dwi Cahyani


Tumindak minangka : Damel sinopsis

Kula lahir ing Kota Malang tanggal 25 November 2009.


Kula sekolah ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamatku ing
Jl. Mertojoyo Selatan blok c1 no 3 Rt 3/RW 1 kecamatan
lowokwaru, kota Malang. Kula nulis crita kanthi irah-irahan
“Elementalist”

Alamat email: almiraanggitadc@gmail.com

Nadhifa Aqilah Hadi

Tumindak minangka : Damel biografi


Kula lahir tanggal 2 Januari 2010 ing kota Malang. Sekolah
ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamat omah ku ing Jl. Ciajur
No 1/52 Kecamatan Klojen. Kula nulis crita "Lindhu Ing
Desa Melati"

Alamat Email: nadhifaqilah590@gmail.com

18
Asfa Zahra Salsabil
Tumindak minangka : Damel sinopsis

Kula lahir ing Kota Malang


25 Oktober 2009. Kula sekolah ing SMPN 4 Malang
wonten kelas 8C absen 6. Alamat kula ana ing Jl.
Gunung Agung Selatan no. 43,Kec. Sukun, kota
Malang. Kula nulis crita kanthi irah-irahan “Kanca Sing
Seneng Tetulung ”.

Alamat email : asfa.zahra.salsabil@gmail.com

Latifah Zahra Ardhaninggar


Tumindak minangka : Nata halaman lan damel
Pembuka

Kula lahir ing Kota Malang tanggal 8 Maret 2010.


Sekolah ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Kula tinggal ing
Perum Joyo Grand blok C1 no 2, Kecamatan
Lowokwaru, Kuta Malang. Kula nulis crita kanthi irah-
irahan “Gotong Royong Kelas 6A”.

Alamat email: linggarjantirachma@gmail.com

Kayla Rahma Mutiarani

Tumindak minangka : Mriksa buku

Kula lahir ing Kota Malang tanggal 9 Juli 2009.


Sekolah ing SMPN 4 Malang kelas 8C. Alamatku ing
Jl. Joyo Utomo No. 464 RT 3 RW 4 Kecamatan
Lowokwaru, Kota Malang. Kula nulis crita kanthi irah-
irahan “Laras Asih".

Alamat email: thissskeyy@gmail.com

19
20

Anda mungkin juga menyukai