Petunjuk Pengerjaan :
a. Saben kelompok maos cerkak ing ngandhap menika
Kelompok 1 : https://tinyurl.com/CERKAK1
Kelompok 2 : https://tinyurl.com/CERKAK2
Kelompok 3 : https://tinyurl.com/CERKAK3
Kelompok 4 : https://tinyurl.com/CERKAK4
Kelompok 5 : https://tinyurl.com/CERKAK5
Kelompok 6 : https://tinyurl.com/CERKAK6
Kelompok 7 : https://tinyurl.com/CERKAK07
2 Penokohan A. Arimbi
● “Kowe ngerti ora, Sat, ibu ana ning endi? Kok aku
rumangsa kuwatir,” blakane Arimbi.
B. Satriya
● “Lho... takkira sing ning pawon iku mau Ibu. Jebule dudu,
ta? Hm... aku ya ora ngerti Ibu lunga ning endi. Menawa
aku ngerti, wus bakal takwangsuli pitakonmu iku mau,”
jlentrehane Satriya kanthi cetha.
C. Ibu
E. Pratiwi
F. Tukang kebon
G. Pak guru
H. Bapak
Crita iki diwiwiti nalika Arimbi lan Satriya sing ora weruh
Ibu ing wayah esuk. Wektu arep budhal sekolah,
dheweke kabeh diwenehi ngerti dening Pakdhe Karta
menawa Ibu lunga menyang pasar lan ora kober pamitan
amarga isih padha turu angler. Ibu ora tegel nggugah.
Sakwise mulih sekolah, Arimbi lan Satriya entuk kabar
dening Pakdhe Karta menawa Ibu kacilakan. Arimbi,
Satriya, lan Pakdhe Karta banjur lunga menyang rumah
sakit. Untunge, ibu ora apa-apa. Sawise telung dina, ibu
wis entuk bali menyang omah
4 Latar a. Latar panggonan :
2. Pawon
Arimbi nyiapake sarapan ing pawon kanggo sangu ning
sekolah
3. Latar Omah
“Sat....Sat.. coba mrene sedhela!” swarane Arimbi karo
ngawe-awe Satriya kang lagi nyapu ing latar omah.
4. Lawang omah.
“Ana apa, Mbak? Esuk-esuk kok wis katon surem
praupane,” pitakone karo nyelehake sapu ing ngisor
meja kang mapan ana ing sisihe lawang ngarep omah.
Jam pitu kurang seprapat, mbakyu lan adhi loro mau
metu saka lawang omah.
5. Njero kelas
Ing njero kelas, Arimbi ana rasa ora kaya biyasane.
6. Parkiran
Arimbi lan Satriya njupuk motor kang ana ing parker
banjur tumuju marang papan kang dianggep swarga
donya.
7. Pasar
“Ora Rim, tekaku mrene mung arep ngandharakake
pesen saka ibumu. Mau esuk-esuk ibumu lunga menyang
pasar.
8. Brang wetan
Saka kadohan ing brang wetan, Pakdhe Karta mlayu
kesusu.
b. Latar wektu
1. Esuk
3. Jam ngaso
4. Bakda duhur,
jenenge disebut.
5. Sore
2. Kuwatir
Arimbi, Satriya, lan Pakdhe Karta banjur lunga menyang
papan ibune bocah ambu kencur iku mau. Ing sapiturute
dalan, rasa kuwatir ngebaki pikirane Arimbi lan Satriya.
Kuwatir menawa ana apa-apa marang ibune, amarga sing
diduweni saiki ya ibu. Bapak wus ninggalke donya wiwit
Arimbi lan Satriya isih lungguh bangku SD amarga
ketabrak motor kang playune banter
3. Njumbul
“Anu... ibumu kecelakaan ning prapatan dalan gedhe
cedhak pasar kae. Saiki digawa ning rumah sakit sing
biyen tau dinggoni bapakmu nalika lara kae,” blakane
Pakdhe Karta cetha. Makdheg, maktratap. Jantung
makarya ora karuwan. Kaget rikala keprungu andharane
Pakdhe Karta.
4. Mangkel
“Ana apa, Pakdhe? Menawa ora gelem matur mbok ya
ora usah matur, katimbang ndadekake wong penasaran!”
unine Satriya kanthi mangkel.
“Alah, Dhe. Pakdhe. Mbok ya, aja dolanan, mundhak dadi
tenan lho. Dongane panjenengan kok elek tenan,” ature
Satriya kang ora percaya maring ukara iku mau.
5. Trenyuh
Pakdhe Karta kang nyawang kahanan iku dadi trenyuh
ing ati. Jaman saiki, isih ana bocah-bocah kang ora isin
gemati marang wong tuwa.
Amanat
Awake dhewe dadi bocah-bocah kudu tansah gemati lan tresna marang wong tuwa.
Amarga tanpa dheweke kabeh, awake dhewe dudu sapa-sapa. Wiwit cilik, wong tuwa
sing nggedhekke lan nyoba nindakake kabeh supaya kabutuhan awake dhewe
kepenuhi. Wektu awake dhewe lara, wong tuwa bakal tansah ngrawat sakebak ati.
Nalika awake dhewe luwe, wong tuwa bakal nindakake apa wae kanggo entuk
panganan. Lan wektu awake dhewe njajal nggayuh cita-cita, wong tuwa bakal tansah
nyengkuyung lan kerja keras supaya ngimpi awake dhewe bisa kawujud. Mula, ayo
padha tresna lan bekti marang wong tuwa!
“Kowe ngerti ora, Sat, Ibu ana ning endi? Awit aku tangi turu nganti saiki aku durung
nemoni praupane Ibu,” swarane Arimbi karo Satryiya sing lagi nyapu ing latar omah
“Hm … Aku ya ora ngerti. Ibu ora nitip pesen ?” pitakone Satriya kanthi cetha
“Ora, Sat.
Jam pitu kurang seprapat, Arimbi lan Satriya metu saka lawang omah lan arep mangkat
sekolah. Dumadakan, Pakdhe Karta mandheg ing ngarep omah. Jebule, Pakdhe Karta
ngandharakke pesen saka Ibu. Pesen kuwi muni menawa Ibu lunga menyang pasar lan
ora kober pamitan amarga Arimbi lan Satriya padha turu angler. Ibu ora tegel nggugah
Ing njero kelas, Arimbi ana rasa ora kaya biyasane. Pratiwi, salah sawijinine kanca
cedhake Arimbi ngerti menawa Arimbi ketok surem. Nalika ditakoni karo Pratiwi enek
apa, Arimbi mung mangsuli yen dheweke kepikiran marang Ibuke.
Nalika jam ngaso, Arimbi mbukak sangu sega saka omah. Apese, tangan tengenne
Arimbi nyampluk lopak-lopak. Prang! Arimbi kaget. Perasaane saya ora tentrem.
Sakbanjure sekolah, Arimbi lan Satriya banjur mulih nang omah. Saka adoh, Pakdhe
Kerta mlayu kesusu lan mandheg ing ngarep omah. Pakdhe Karta ngandharakke
menawa Ibu kecelakaan ning prapatan dalan gedhe cedhak pasar. Ibu saiki digawa
ning rumah sakit sing biyen tau dinggoni bapak nalika lara.
Arimbi, Satriya, lan Pakdhe Karta banjur lunga menyang rumah sakit. Ing sapiturute
dalan, rasa kuwatir ngebaki pikirane Arimbi lan Satriya. Kuwatir menawa ana apa-apa
marang ibune, amarga sing diduweni saiki ya ibu. Bapak wus ninggalke donya wiwit
Arimbi lan Satriya isih lungguh bangku SD amarga ketabrak motor kang playune banter.
Untunge, Ibu ora apa-apa. Nanging bokonge Ibu pancen lara sithik. Arimbi lan Satriya
banjur nunggoni ibune. Ibu dirumat kanthi welas asih lan tulus. tulus. Pakdhe Karta
kang nyawang kahanan iku dadi trenyuh ing ati. Jaman saiki, isih ana bocah-bocah kang
ora isin gemati marang wong tuwa. Sawise telung dina, Ibu wis entuk bali menyang
omah.
c. Asiling diskusi awujud Infografis ingkang saged dipundamel mawi Canva utawi
sanesipun
d. Presentasikna migunakake basamu dhewe ing sangajenging kanca-kanca ing kelas