Anda di halaman 1dari 2

‘KADO ULANG TAHUN SAKING IBU’

Wis dadi kebiasaan keluargane Mira nek ana sing ulang tahun bakalan dirayakna secara
sederhana. Keluargane Mira bakal maem bareng nang umah makan utawi sekedar tuku martabak
terus dimaem bareng-bareng disambi nonton tv. Selain kue Bapak Ibune Mira bakalan aweh
arto kanggo Mira lan adike yakui Dito. Duite bisa nggo tumbas sesuai kepenginane Mira karo
Dito.

Mira wis mbayangna nek Mira ulang tahun bakalan diwei arto. Mira kepengin banget
tumbas tas cantik sing gambare unicorn ben pada karo kanca-kancane. Tapi … ulang taun Mira
sing ke 10 beda.

Balik sekolah Mira lagi nonton tv bareng Dito. Terus krungu suara motore ibu wangsul saking
kantor. Mira karo Dito langsung cepet-cepet nyambut ibune terus mbektoaken barang sing
dicepeng ibu.

“Assalamu’alaikum,” Ibu nyapa Mira karo Dito

“Wa’alaikumsalam,” Jawabe Mira karo Dito

“Ibu mbekto nopo?” Dito penasaran

“Ayuh ayuh…ibu ditolongi riyin, mangke dibukak bareng-bareng” Jawabe ibu maring Dito

Mira karo Dito semangat banget mbekto barang-barang bawaane ibu. Sebubare ibu bersih-
bersih karo ganti ageman, ibu ngajak Mira karo Dito mbukak barang-barang sing digawa ibu.

“Asyiikkk … ibu mbekto duku kesukaane adik” Seru Dito sing mbukak tas plastik isi buah
duku sekilo

“Iya dik. Wau ibu mriksani kathah sing sadean duku dados ibu tumbas kangge dimaem
bareng-bareng. Ingat mboten pareng kathah-katah maem dukueh nggih mbok padarane sakit”.
Sanjange ibu

“Nggih buu adik dahare sitik mawon” jawabe Dito

Sabubare mbukak plastic sing isine duku, banjur ibu aweh bngkusan kertas cantik kanggo
hadiah Mira sing ulang tahun ke 10.

“Nahh niki khusus kangge Kakak Mira, Selamat ulang taun kakak Mira” sanjang ibu kalih
Mira sambi nyium keninge Mira

Mira ngerasa deg degan banget sebab Mira ora nyangka bakalan diwei kado saking ibu. Kue
berarti ibu ora bakalan aweh duit sebab ibu uwis aweh kado kanggo Mira.

“Maturnuwun ibu” ucape Mira ming ibune

Alon-alon Mira mbukak kado saking ibu. Ternyata isine jam weker gambar unicorn. Sambi
nyekel karo ndeleng jam weker, Mira ngerasa sedih terus mlayu maring kamar. Mira ngrasa
kecewa maring ibu sebab Mira kepengine tas gambar unicorn.

Terus ibu nyusul Mira maring kamar.

“Mira mboten seneng kalih kadone ibu nggih?” pitakone ibu maring mira

“Mboten seneng buu … kok ibu mboten maringi arto mawon kalih Mira kaya ulang
tahunku kala wingi bu?” jawabe Mira sambi nangis mingseg mingseg

“ Mira kan sampun ageng, sedela malih kelas 6, tapi Mira saben esuk kedah ditangikake
kalih ibu lan bapak. kadose Mira sampun mulai tanggungjawab kalih awake dewek”
“Mira ngertos buah salak?kulite bersisik namung sapa sangka ternyata buahe saged
manis lan enak. Jam weker niki semoga dados kaya salak, senajan elek tapi saged mbantu Mira
Latihan disiplin tangi bubu lewih gasik”

Akhire Mira ngangguk angguk alon senajan esih kecewa.

Wengine, kanggo ngrayakna ulang taune Mira, Ayah karo Ibu ngajak Mira karo Dito maring
warung makan sate sapi langganane. Ayah, Ibu karo Dito ngucapna doa karo selamat ulang
tahun kanggo Mira.

Bali saking warung sate lanjut Mira karo Dito bubu nang kamare dewek-dewek. Ibu
ngatur jam weker supaya jam 5.30 moni terus didelah samping meja kamare Mira. Mira
berusaha tangi gasik ora digugah nang Bapak karo ibu. Bener bae pas jam 5.30 jam weker moni,
banjur Mira tangi terus langsung njagong nyambi ngucek-ngucek matane banjur menyat saking
Kasur.

Siki Mira sadar arti ucapane ibu tentang buah salak. Senajan jam weker sing diwei ibu
elek tapi kenyataane sangat berguna kanggo Mira.

Dhondong opo salak, duku cilik-cilik

Ngandhong opo mbecak, mlaku timik-timik

Adek nderek ibu tindhak menyang pasar

Ora pareng rewel ora pareng nakal

Mengko ibu mesti mundhut oleh-oleh

Kacang karo roti adek diparingi

Anda mungkin juga menyukai