Kelas : XII- A2 / 33
Babak 1
Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga
ingkang gesangipun rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono
kagungan putra naminipun Prima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika,
ananging amargi srawung kaliyan bocah ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima
sampun benten.
Kunto : Prima
.!
Prima : (mlayu mekdal saking griya) Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.
Rita : Yo,,cepet yo brow!
Kunto : Yo, beres.
Babak 2
Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi
motoripun badhe dingge mancing.
Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibuipun.
Babak 3
Prima lajeng mancing kaliyan kanca-kancanipun. Saking penakke mancing prima
ngantos kesupen wekdal.
Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak,
dompetipun kecer. Ananging Prima mboten mangertos amargi kesesa.
Babak 4
Saksampunipun Prima lunga, wonten Nilam ingkang lewat dalan menika saking
tumbas bumbu masak.
Nilam : (Mendhet dompetipun Prima) Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go mulih wae.
Nilam : (sinambi ningali foto wonten dompet) Sopo yo iki? Ganteng tenan. (mesam-
mesem)
Babak 5
Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima tanglet kaleh
keluarganipun.
Ibu : Sampeyan ki ngopo to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?
Prima : Emboh Bu! Dompetku ilang.
Ibu : Loh lha adate le deleh neng ngendi?
Prima : Yo neng sak, tapi mau tak tilekki wes ora eneng.
Ibu : Coba takono mbakyumu.
Prima : Mbak, ngerti dompetku ora?
Zulfah : Dompet opo to? Wong yo duwe dompet dewe-dewe kok yo rebut.
Ibu : Oalah, mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak
eneng gek jupuk dompetmu.
Mifta : (Liwat sakngarepe Prima)
Prima : Dek..dek
Mifta : Ono opo Mas?
Prima : Neng ngendi dompetku?
Mifta : Dompet opo to Mas? Au ulak leti.
Prima : (Bentak Mifta) Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?
Ibu : Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo
adhine mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki
. (ngelus dada)
Prima : Aargh
mboh. (Mbanting kursi lajeng lunga)
Zulfah : Sabar nggeh Bu.
Bapak : (Lenggahan wonten kursi) Ono opo iki?
Mifta : Pak Bapak, mau mas Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.
Zulfah : Dompetipun Prima ilang Pak, lajeng muring-muring.
Bapak : Yo wes rak popo. Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.
Zulfah : Pak, menawi Prima dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak : Loh loh loh kok dadi matematika kepriye to?
Zulfah : Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku
tiyang ingkang ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-
ungguh. Pripun Pak?
Ibu : Aku setuju kuwi.
Bapak : Yo wes nek ngono. Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!
Zulfah : Nggeh Pak.
Babak 6
Prima dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. Ananging Prima dereng mangertos
badhe dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.
Prima : Arep nang ndi iki Mbak?
Zulfah : Ora nang ndi-nang ndi. Wes to sampeyan manud wae.
Nilam banjur mlebet nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Zulfah lan
Prima.
Babak 7
Nalikanipun Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun, Prima nyritakaken
kedadean menika.
Babak 8
Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin. Dinten ingkang
dipuntunggu Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten
dalemipun Bu Nisah.
Nilam : Prima,,.
Prima : Eh, Nilam, ono opo?
Nilam : Aku arep takon.
Prima : Yo.
Nilam : (Nduduhaken dompet) Iki dompetmu duduk Prima?
Prima : (Gumun) Iyo bener. Kok iso eneng neng gonmu?
Nilam : Aku nemukake neng dalan cedak kali.
Prima : Ow iyo..aku lagi kelingan nek aku dek emben mancing.
Nilam : (Maringke dompetipun marang Prima) Maaf geh, wingi aku urung sempet
menehke dompet kuwi.
Prima : Orak popo kok. Nuwun nggeh.
Nilam : Nggeh.