Anda di halaman 1dari 16

BASA JAWA

TEMBANG GAMBUH
KELOMPOK 7

1. Benetasha Putri K. (08/MIPA 8.4)


2. Desty Tri A. (12/MIPA 8.4)
3. Dhiva Azzahra W. (15/MIPA 8.4)
4. Nadya Putri W. (27/MIPA 8.4)
TEMBANG GAMBUH PADA 31

Ing batin tan keliru,


kedhap kilap liniling ing kalbu,
kang minangka colok celaking Hyang Widi,
widadaning budi sadu,
pandak panduking liru nggon.
ARTI TEMBANG GAMBUH PADA 31

Ning batin ora keliru

Kabeh cahya kang endah dingerteni ning ati,

Sing dadi panunjuk mahami hakekat Gusti,

Selamet amarga bebuden kang jujur,

Supaya bisa ngaleh panggonan.


ISI TEMBANG GAMBUH PADA 31

Sing dadi panunjuk urip ing donya iki yaiku Gusti, manungsa kudu
nglakoake berbuden sing apik lan utamane mesti jujur marang kabeh
wong.
PITUTUR TEMBANG GAMBUH PADA 31

Kita kudu berbuden sing apik lan ojo berbuden sing ala supaya uripe
bisa selamet.
RELEVANSI TEMBANG GAMBUH PADA 35

Jaman saiki akeh wong sing nglakoake berbuden kang ala, mula kita
kudu ati-ati lan donga marang Gusti supaya bisa nglakoake berbuden
kang apik ing sakabehing dina.
TEMBANG GAMBUH PADA 32

Nggonira mrih tulus,


kalaksitaning reh kang rinuruh,
ngayanira mrih wikal warananing gaib,
paranta lamun tan weruh,
sasmita jatining endhog.
ARTI TEMBANG GAMBUH PADA 32

Supaya gaweanmu kasil,


Bisa nemu apa sing digoleki,
Upayamu supaya bisa mbusak watesan gaib,
Yen kowe ora ngerti banjur ndelok,
Babagan kedadeyane endhog.
TEMBANG GAMBUH PADA 33

Putih lan kuningpun,


lamun arsa titah teka mangsul,
dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud,
kadadeyane ing kono.
TEMBANG GAMBUH PADA 34

Istingarah tan metu,


lawan istingarah tan lumebu,
dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang tuwajuh,
aja kongsi kabasturon.
TEMBANG GAMBUH PADA 35

Karana yen kebanjur,


kajantaka tumekeng ersua,
tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,
dadi wong ina tan wruh,
dheweke den anggep dhayoh.
ARTI TEMBANG GAMBUH PADA 35

Sebab yen wis kasep,

Ora bakal tenang pas urip

Ora ana gunane sesuk yen mati

Dadi wong hina sing bodo

Awake dhewe malah dianggep tamu.


ISI TEMBANG GAMBUH PADA 35

Opo sing kasep ora bisa dibaleni, yen wis kasep marai ora bisa tenang
pas urip lan ora ana gunane pas wis mati.
PITUTUR TEMBANG GAMBUH PADA 35

Kita kudu ati-ati nglakoni urip amarga urip ora bisa dibaleni, aja ngasi
menyesal yen wis mati.
RELEVANSI TEMBANG GAMBUH PADA 35

Jaman saiki akeh wong sing nglakoni urip sakkarepe dhewe, mula kita
kudu ngati-ati nglakoni urip dhewe-dhewe.

Anda mungkin juga menyukai